Category Archives: 27 Dhanièl

Dhanièl 1

1:1 Nalika Yoyakim enggoné jumeneng raja Yéhuda nyandhak taun kateluné, Nebukadnésar, raja ing Babil nyerang kutha Yérusalèm, banjur dikepung.
1:2 Raja Yoyakim diulungaké déning Pangéran ing tangané Raja Nebukadnésar, semono uga praboté Pedalemané Allah sebagéan. Sakonduré menyang Babil Raja Nebukadnésar mbekta wong tawanan sawetara ing kuil brahalané. Déné prabot Pedalemané Allah disimpen ana ing gudhangé kuil mau.
1:3 Raja Nebukadnésar ndhawuhi Aspenas, penggedhéné para pegawé, supaya milih saka ing antarané wong Israèl sing ditawan mau nonoman sawetara sing kagolong turuné ratu lan tedhaking wong luhur.
1:4 Yakuwi nonoman sing bagus rupané, wasis, trampil, gampang nampani piwulang, lan awaké tanpa cacad, supaya mbésuk bisa ngladèni apa mesthiné ana ing kraton. Aspenas kudu mulang nonoman mau maca lan nulis basa Babil.
1:5 Sang Raja iya dhawuh supaya para nonoman mau saben dina diparingi pangan lan anggur kaya sing kasaosaké marang para wargané kraton. Sawisé dilatih telung taun para nonoman mau kudu disowanaké ing ngarsané Sang Raja.
1:6 Ing antarané nonoman sing kapilih mau ana sing jenengé Dhanièl, Hananya, Misaèl lan Azarya.
1:7 Penggedhéné kraton paring jeneng anyar marang para nonoman mau. Dhanièl dijenengaké Bèltsazar, Hananya dijenengaké Sadrakh, Misaèl dijenengaké Mésakh lan Azarya dijenengaké Abèdnégo.
1:8 Dhanièl niyaté ora bakal najisaké awak nganggo pangan lan ombèn-ombèn saka kedhaton. Mulané banjur njaluk pitulungané Aspenas,
1:9 lan Pangéran ngosikaké atiné Aspenas supaya becik srawungé karo Dhanièl.
1:10 Nanging Aspenas wedi karo Sang Raja, mulané kandha karo Dhanièl, “Sang Prabu sampun nemtokaken bab menapa ingkang kedah panjenengan dhahar lan unjuk. Menawi sarira panjenengan ketingal mboten seger kados para nènèman sanès-sanèsipun, kula mesthi badhé dipun pejahi.”
1:11 Dhanièl banjur nemoni wong jaga sing diangkat déning Aspenas dadi pengawasé Dhanièl, Hananya, Misaèl lan Azarya, aturé,
1:12 “Kula sakanca mugi panjenengan cobi; selaminipun sedasa dinten mugi kaparingana nedha sayuran lan ngombé toya pethak kémawon.
1:13 Lajeng kula aturi nandhing kawontenan kula sakanca kaliyan para nènèman ingkang sami nedha dhaharan saking kedhaton. Menawi sampun, panjenengan lajeng netepna adhedhasar kawontenan kula tiyang sekawan menika.”
1:14 Panyuwuné mau dijurungi déning wong sing jaga, banjur padha dicoba suwéné sepuluh dina.
1:15 Bareng wis kliwat sepuluh dina, kaanané Dhanièl sakanca nyata luwih seger lan rosa tinimbang karo para nonoman sing padha mangan dhaharané Sang Prabu.
1:16 Sabanjuré wong jaga mau nerusaké enggoné mènèhi sayuran lan ora dhaharan saka kedhaton.
1:17 Nonoman papat mau padha diparingi kawruh lan kapinteran bab kasusastran lan filsafat déning Pangéran. Malah Dhanièl kaparingan kawicaksanan nerangaké maknané wahyu lan impèn.
1:18 Bareng wektu telung taun sing katetepaké déning Sang Prabu wis kliwat, Aspenas banjur nyowanaké para nonoman mau marang ngarsané Sang Prabu Nebukadnésar.
1:19 Kabèh padha diajak ngandikan karo Sang Prabu. Sang Prabu kepranan déné ing antarané para nonoman kabèh ora ana sing madhani Dhanièl, Hananya, Misaèl lan Azarya. Mulané kabèh banjur padha diangkat dadi pegawé kraton.
1:20 Pandanguné Sang Prabu bab apa waé utawa prekara sing angèl-angèl, nonoman papat mau bisa ngaturi wangsulan, lan kawruhé ngungkuli tikel sepuluhé para peramal lan juru nujum sanegara kabèh.
1:21 Dhanièl manggon ana ing kedhaton kono nganti Babil katelukaké déning Sang Prabu Korèsy ing Pèrsia.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl

Dhanièl 2

2:1 Nalika Nebukadnésar, raja ing Babil, enggoné dadi raja nyandhak taun kapindho, panjenengané supena, mula penggalihé ora jenjem nganti ora bisa saré.
2:2 Sang Prabu banjur utusan nimbali para abdiné tukang ngramal, ahli nujum lan ahli sihir kadhawuhan nerangaké supenané mau. Bareng wis padha sowan ing ngarsané,
2:3 Sang Prabu nuli ngandika, “Atiku ora kepénak, merga ngimpi lan kepéngin ngerti apa maknané impèn mau.”
2:4 Sing padha marek mau banjur munjuk nganggo basa Aram, “Dhuh Sang Prabu, mugi langgenga kasugengan panjenengan! Mugi kersa paring sumerep menggah ing supena menika, lajeng kawula sami badhé nyaosi pirsa maknanipun.”
2:5 Pangandikané Sang Prabu, “Aku wis netepaké yèn kowé sing kudu nyaosi pirsa marang aku apa impènku mau lan nerangaké apa maknané. Yèn ora bisa, kowé mesthi bakal dikethok-kethok sarta omahmu bakal padha didadèkaké jugrugan.
2:6 Nanging yèn kowé bisa nyaosi pirsa apa impènku mau lan nerangaké maknané, kowé bakal dakparingi ganjaran lan kaurmatan gedhé. Saiki critakna impènku lan terangna maknané!”
2:7 Unjuké wong-wong mau, “Dhuh Sang Prabu, mugi kersa ngandikakaken supena panjenengan, mangké kawula sami badhé ngunjukaken uninga maknanipun.”
2:8 Mireng unjuké wong-wong mau, Sang Prabu ngandika, “Aku wis ngira yèn kowé padha arep ngulur wektu; kowé wis padha krungu putusanku.
2:9 Kowé kabèh bakal nampa paukuman kaya mengkono yèn ora bisa ngunjukaké uninga apa sing dakimpèkaké. Kowé wis padha nganakaké sarujukan ing antaramu arep ngapusi aku, kanthi pengarep-arep putusanku bakal béda. Matura waé aku ngimpi apa lan apa tegesé!”
2:10 Unjuk wangsulané para abdi mau, “Mboten wonten tiyang setunggal kémawon ing salumahing bumi, ingkang saged ngunjuki uninga bab pamundhutipun Sang Prabu. Mboten wonten ratu, senajan ingkang agung piyambak pangwaosipun mundhut ingkang kados mekaten menika dhateng para abdinipun tukang ngramal, ahli nujum tuwin ahli sihir.
2:11 Pamundhutipun Sang Prabu menika saklangkung awrat ngantos mboten badhé wonten tiyang ingkang saged minangkani, kejawi para déwa, mangka menika mboten dedalem ing satengahing manungsa.”
2:12 Mireng unjuké wong-wong mau Sang Prabu duka banget lan dhawuh matèni para penaséhaté kraton Babil kabèh.
2:13 Sarèhné dhawuh mau katujokaké marang sakèhé para penaséhat kraton, dadi iya klebu Dhanièl lan kanca-kancané.
2:14 Dhanièl banjur nemoni Ariokh, penggedhéné pengawalé kraton, sing kadhawuhan nindakaké putusané Sang Prabu. Kalawan ngati-ati Dhanièl nyuwun pirsa,
2:15 yagéné Sang Prabu paring dhawuh sing semono kerasé. Mulané Ariokh banjur nyritakaké marang Dhanièl sebab musababé kedadéan mau.
2:16 Sanalika Dhanièl nyuwun palilah séba ing ngarsané Sang Prabu lan iya diparingi wektu longgar supaya bisa ngaturi pirsa apa tegesé impèné Sang Prabu mau.
2:17 Dhanièl banjur mulih lan ngandhakaké bab mau kabèh karo kanca-kancané, yakuwi Hananya, Misaèl lan Azarya.
2:18 Padha dikon nyenyuwun sih-piwelas marang Allah ing swarga supaya kersa paring ketrangan bab impèné Sang Prabu, supaya padha ora dipatèni bareng karo para penaséhaté kraton ing Babil.
2:19 Benginé Dhanièl diparingi weruh déning Allah bab tegesé wewadi mau ana ing sajroning tetingalan. Mulané Dhanièl banjur memuji marang Allah ing swarga mengkéné,
2:20 “Allah kuwi Mahawicaksana lan Mahakwasa! Kaluhurna asmané ing selawasé.
2:21 Panjenengané ngwaosi sakèhé wektu lan mangsa; Panjenengané sing njumenengaké lan nglèngsèr para ratu; Panjenengané uga sing paring kawicaksanan, lan paring pangertèn.
2:22 Panjenengané sing ngudhari prekara-prekara sing jero lan winadi; Panjenengané sing pirsa prekara-prekara sing ketutupan déning pepeteng, merga Panjenengané piyambak kuwi pepadhang.
2:23 Dhuh Allahipun para leluhur kawula, Paduka kawula luhuraken lan kawula puji, awit Paduka sampun paring kawicaksanan lan karosan dhateng kawula; inggih sampun miyarsakaken dhateng pandonga kawula, mila kawula badhé sami saged ngaturaken wangsulan dhateng Sang Prabu.”
2:24 Dhanièl banjur nemoni Ariokh, sing kapasrahan matèni para penaséhaté kraton kabèh. Aturé Dhanièl marang Ariokh, “Para penaséhat menika sampun ngantos panjenengan pejahi. Panjenengan kula aturi nyowanaken kula ing ngarsanipun Sang Prabu, mangké kula badhé ngaturi ketrangan bab tegesipun impèn menika.”
2:25 Dhanièl banjur disowanaké Sang Prabu Nebukadnésar karo matur mengkéné, “Kula manggih tiyang ing antawisipun para tiyang bucalan saking tanah Yahudi, ingkang saged ngaturaken supenanipun Sang Prabu lan menapa tegesipun supena wau.”
2:26 Pangandikané Sang Prabu marang Dhanièl (sing iya karan Bèltsazar), “Apa bener kowé bisa ngaturi uninga marang aku apa sing dakdeleng ing impènku lan nerangaké apa tegesé?”
2:27 Atur wangsulané Dhanièl, “Dhuh Sang Prabu, mboten wonten ahli ngèlmu, dhukun, tukang ngramal lan ahli nujum ingkang saged ngaturi uninga dhateng Panjenenganipun Sang Prabu bab prekawis menika.
2:28 Nanging wonten Allah ing swarga ingkang mbikak prekawis-prekawis ingkang winados. Inggih Allah menika ingkang paring pirsa dhateng Panjenenganipun Sang Prabu bab menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Samenika keparenga kula ngaturi pirsa supena ingkang Panjenengan pirsani ing salebetipun saré.
2:29 Nalika saré Sang Prabu supena bab menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Pangéran ingkang mbikak prekawis-prekawis ingkang winados kersa paring uninga dhateng Panjenengan.
2:30 Prekawis ingkang winados wau sampun kawedharaken dhateng kula, mboten margi kula langkung wicaksana tinimbang tiyang-tiyang sanèsipun, nanging supados Sang Prabu pirsa tegesipun supena menika, sarta prekawis-prekawis ingkang tuwuh wonten ing penggalihipun Sang Prabu.
2:31 Dhuh Sang Prabu, wonten ing supena menika Sang Prabu jumeneng ing sangajengipun reca ingkang ageng sanget, rupinipun mencorong ngédab-édabi.
2:32 Reca wau sirahipun kadamel saking emas murni; dhadha lan lengenipun saking slaka, weteng lan lambungipun saking tembaga;
2:33 pupunipun saking tosan, lan sukunipun sapérangan saking tosan lan sapérangan saking lempung.
2:34 Nalika Sang Prabu taksih jumeneng mirsani reca wau, wonten séla ageng tanpa kagepok déning tanganing tiyang, mlesat ndhawahi sukunipun reca wau, suku wau ngantos remuk.
2:35 Sanalika tosan, lempung, tembaga, slaka lan emas ing reca wau ajur-mumur kados awu ingkang wonten ing papan patuton ing mangsa bentèr. Tumunten kabur ing angin, ngantos tilas-tilasipun mboten ketingal malih. Nanging séla ingkang ngremuk reca wau saya dangu saya mindhak ageng ngantos dados redi ngebaki salumahing bumi.
2:36 Kados mekaten supena menika. Samenika keparenga kula ngunjukaken ketrangan menapa tegesipun.
2:37 Dhuh Sang Prabu, paduka menika ratu ingkang agung piyambak ing antawisipun para ratu. Allah ing swarga sampun paring dhateng panjenengan pangwaos ageng, kasantosan lan kaurmatan.
2:38 Panjenengan ngerèh para manungsa ingkang manggèn ing salumahing bumi, mekaten ugi ngerèh sakathahing kéwan lan peksi. Inggih Panjenengan menika ingkang kaibarataken sirah emas ing reca menika.
2:39 Sapengker Panjenengan badhé madeg kraton malih, ingkang mboten ageng kados kraton Panjenengan, sesampunipun menika badhé madeg kraton ingkang kaping tiga, kraton ingkang kaibarataken tembaga, ingkang ngratoni salumahing bumi ugi.
2:40 Sesampunipun menika lajeng badhé wonten kraton ingkang kaping sekawan, ingkang rosanipun kados tosan, ingkang ngremuk samukawis menika, kraton wau badhé ngremuk lan nggiles kraton-kraton ingkang madeg sadèrèngipun.
2:41 Panjenengan inggih pirsa, bilih pupu lan sukunipun reca menika sapérangan saking tosan lan sapérangan saking lempung. Menika ateges nglebetipun pecah. Saking njawi ketingalipun sentosa kados tosan, margi ing nglebet pancèn wonten tosanipun ingkang kacampur kaliyan lempung.
2:42 Drijinipun suku sapérangan wonten ingkang saking tosan, sapérangan malih saking lempung, menika tegesipun kraton wau sapérangan kiyat, nanging sapérangan malih ringkih.
2:43 Panjenengan inggih pirsa, bilih tosan menika kacampur kaliyan lempung. Menika tegesipun, bilih para raja ing kraton wau sami nyobi nyatunggilaken para kulawarganipun srana sesémahan, nanging gagal, kados déné tosan lan lempung mboten saged kacampur dados setunggal.
2:44 Ing jamanipun para ratu wau Allah ing swarga badhé ngedegaken kraton ingkang langgeng. Ingkang selaminipun mboten badhé saged katelukaken, malah Panjenenganipun badhé numpes kraton-kraton sanèsipun sedaya, lajeng madeg lestantun ing selaminipun.
2:45 Panjenengan pirsa bilih wonten séla ingkang mlesat tanpa kagepok déning tanganing manungsa lan kadospundi séla wau nrejang reca ingkang kayasa saking lempung, tosan, tembaga, slaka lan emas? Menika tegesipun bilih Allah Ingkang Mahaluhur paring sumerep dhateng Panjenengan menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Kula sampun ngunjukaken pirsa menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Kula sampun ngunjukaken pirsa menapa ingkang Panjenengan pirsani ing salebeting supena, mekaten ugi sampun ngunjukaken menapa tegesipun sedaya.”
2:46 Sang Prabu Nebukadnésar sujud nyembah marang Dhanièl sarta paring dhawuh supaya gawé kurban kanggo Dhanièl.
2:47 Pangandikané Sang Prabu, “Allahmu kuwi pinunjul dhéwé ing antarané para allah. Panjenengané kuwi ratuning para ratu, sing mbikak prekara-prekara winadi. Aku yakin temenan, merga kowé wis bisa ngerti lan nerangaké wewadiné impènku.”
2:48 Dhanièl banjur kadadèkaké pegawé sing dhuwur pangkaté, lan kaganjar rupa-rupa kang éndah-éndah. Dhanièl diangkat dadi gubernur propinsi Babil, lan didadèkaké penggedhéné para penaséhaté kraton.
2:49 Dhanièl nyuwun marang Sang Prabu supaya Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo kapasrahan ngurusi pepréntahan ing propinsi Babil mau; déné Dhanièl dhéwé tetep manggon ana ing kratoné Sang Prabu.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl

Dhanièl 3

3:1 Sang Prabu Nebukadnésar yasa reca emas, dhuwuré pitulikur mèter, gedhéné mèh telung mèter. Reca mau didegaké ing Lembah Dura, ing propinsi Babil.
3:2 Sang Prabu banjur dhawuh nglumpukaké para priyagung lan para pegawé, yakuwi para pangéran, para gubernur, para menteri, para wargané Déwan Pertimbangan Agung, para hakim agung, para bupati, para bendaharawan, para ahli hukum lan sakèhé pegawé propinsi-propinsi. Kabèh kadhawuhan njenengi enggoné ngresmèkaké reca sing wis didegaké déning Sang Prabu Nebukadnésar mau.
3:3 Bareng para priyagung wis padha nglumpuk prelu njenengi enggoné ngresmèkaké reca mau,
3:4 banjur ana abdi dalem sing kapatah ngacarani, swarané sora, “Hé umaté negara kabèh, para bangsa sing basané werna-werna.
3:5 Samasa kowé padha krungu swarané slomprèt, suling, clempung, rebab, gambus, serdam lan unèn-unèn liyané, kowé banjur padha sujuda nyembah reca sing didegaké déning Sang Prabu Nebukadnésar.
3:6 Sing sapa ora sujud lan nyembah reca mau, sanalika bakal kacemplungaké ing pawon sing murub makantar-kantar.”
3:7 Mulané bareng padha krungu uniné slomprèt lan unèn-unèn liyané mau sakèhé umat, bangsa-bangsa sing basané apa waé banjur padha sujud lan nyembah reca emas sing didegaké déning Sang Prabu Nebukadnésar mau.
3:8 Dhèk semono ana wong Babil sawetara sing nggugat wong-wong Yahudi.
3:9 Unjuké marang Sang Prabu Nebukadnésar mengkéné, “Dhuh Sang Prabu, sugenga ing selaminipun!
3:10 Paduka sampun ndhawuhaken, bilih samasa ungel-ungelan dipun ungelaken, saben tiyang kedah sujud nyembah dhateng reca emas.
3:11 Sarta sinten kémawon ingkang mboten sujud lan nyembah reca wau, badhé kacemplungaken ing pawon ingkang murub mulad-mulad.
3:12 Wonten tiyang Yahudi sawetawis, ingkang paduka pasrahi pepréntahan ing Babil, inggih menika Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo, mboten mreduli dhateng dhawuh paduka. Tiyang-tiyang wau mboten sami nyembah allahipun Sang Prabu utawi sujud dhateng reca emas ingkang dipun yasa déning Sang Prabu.”
3:13 Mireng atur mengkono mau Sang Prabu duka banget, banjur dhawuh supaya wong telu mau kasowanaké ing ngarsané.
3:14 Pangandikané Sang Prabu marang wong telu mau mengkéné, “Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo, apa temenan kowé padha ora gelem nyembah déwaku lan ora gelem sujud marang reca emas sing dakdegaké?
3:15 Saikiné, samasa kowé padha krungu uniné slomprèt lan unèn-unèn liyané, padha sujuda lan nyembaha reca kuwi? Yèn ora, sanalika iku uga kowé bakal kacemplungaké ing pawon sing murub ngalad-alad. Apa saka pangiramu ana déwa sing bisa ngluwari kowé?”
3:16 Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnésar mengkéné, “Dhuh Sang Prabu, kawula mboten badhé mbélani badan kawula piyambak.
3:17 Menawi Allah ingkang kawula bektèni saged ngluwari kawula saking pawon murub lan saking astanipun Sang Prabu, temtu Panjenenganipun badhé kersa ngluwari.
3:18 Éwasemanten senajan Panjenenganipun mboten kersa, mugi ndadosna ing pamirsanipun Sang Prabu, bilih kawula sami mboten badhé nyembah dhateng déwanipun Sang Prabu, lan inggih mboten badhé sujud dhateng reca emas ingkang sampun panjenengan degaken.”
3:19 Ing kono Sang Prabu Nebukadnésar duka banget, lan pasuryané dadi abang mbranang mirsani Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo. Banjur dhawuh supaya panasing pawoné ditikelaké pitu,
3:20 sarta dhawuh marang wong sing rosa dhéwé saka ing antarané tentara, mbanda wong telu mau sarta nyemplungaké ing pawon sing murub ngalad-alad.
3:21 Wong telu mau nuli dibanda karo isih nganggo sandhangané, yakuwi jubah, clana, serban, lan penganggoné liyané, banjur kacemplungaké ing pawon murub.
3:22 Sarèhné panasé pawon ditikelaké pitu, mula prejurit sing padha nyemplungaké wong telu ing pawon mau nganti padha kobong lan mati.
3:23 Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo sing isih padha kabanda banjur padha tiba ing satengahé pawon sing murub ngalad-alad mau.
3:24 Sanalika Sang Prabu Nebukadnésar jumeneng merga kagèt sarta gumun banget. Pandanguné marang para pegawéné, “Apa dudu wong telu mau sing kabanda lan kacemplungaké ing pawon murub kuwi?” Unjuké sing kadangu, “Inggih leres, Gusti.”
3:25 “Nanging aku weruh wong papat padha mlaku ngénak-énak ana ing satengahé geni? Ora padha kabanda, lan ora apa-apa. Malah wong sing nomer papat kuwi rupané kaya putraning déwa.”
3:26 Sang Prabu Nebukadnésar banjur nyelaki lawanging pawon sarta nimbali wong telu mau, “Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo, para abdiné Allah Kang Mahaluhur, metua lan mrénéa!” Sanalika banjur padha metu.
3:27 Para pangéran, para gubernur, para bupati lan para penggedhéné liyané banjur padha nglumpuk lan namataké wong telu mau, déné padha ora kobong babar-pisan. Rambuté ora kebrongot, sandhangané ora kobong, malah mambu sangit waé ora!
3:28 Sang Prabu banjur ngandika, “Pinujia Allahé Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo! Déné Panjenengané wis ngutus malaékaté ngluwari abdi-abdiné sing padha precaya marang Panjenengané. Padha pilih nerak dhawuhé ratu lan ngetohaké nyawané ketimbang sujud lan nyembah marang allah liyané, sing dudu Allahé dhéwé.
3:29 Mulané saiki aku ndhawuhaké, sapa waé ing antarané umat, bangsa lan basa sing ngala-ala marang Allahé Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo bakal ditugel-tugel lan omahé bakal dirubuhaké, merga ora ana allah liyané sing bisa ngluwari kaya mengkono.”
3:30 Pangkaté Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo banjur diunggahaké déning Sang Prabu ana ing propinsi Babil.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl

Dhanièl 4

4:1 Sang Prabu Nebukadnésar nyebar pengumuman marang sakèhé umat, bangsa lan basa ing salumahing bumi mengkéné: “Salamku tumekaa marang kowé kabèh!
4:2 Rungokna, aku arep nyritakaké mujijat-mujijat sing diketingalaké déning Allah Kang Mahaluhur marang aku.
4:3 Saiba gedhéné kaélokan-kaélokan sing diparingaké marang kita! Saiba gedhéné pangwasané mujijat-mujijat sing ditindakaké! Allah jumeneng raja ing selawas-lawasé; pangwasané langgeng.”
4:4 Aku Nebukadnésar manggon ing kratonku kanthi kepénak, merga kasugihanku akèh banget.
4:5 Nanging aku banjur ngimpi lan ing sajroning impèn weruh rerupan sing medèni banget.
4:6 Aku banjur dhawuh nglumpukaké sakèhé penaséhat kraton ing Babil sarta kasowanaké ing ngarepku, supaya padha nerangaké tegesé impènku mau.
4:7 Para juru ngramal, juru sihir, juru tenung lan ahli pelintangan banjur padha kasowanaké ing ngarsaku, lan banjur padha dakcritani bab impènku. Nanging wong-wong mau padha ora bisa ngunjukaké ketrangan bab impènku.
4:8 Sawisé mengkono Dhanièl, (kang uga karan Bèltsazar, kaya asmané déwaku) kasowanaké marang aku. Dhanièl kadunungan rohing para déwa, mulané impènku dakcritakaké marang dhèwèké, mengkéné,
4:9 “Bèltsazar, aku ngerti yèn kowé kadunungan rohé para déwa, mulané ngerti marang prekara sing winadi. Mengkéné impènku, lan aku kandhanana apa tegesé.
4:10 Sajroning turu aku ngimpi weruh ana wit gedhé lan dhuwur banget ngadeg ing satengahing bumi.
4:11 Wit mau saya suwé saya gedhé lan saya dhuwur nganti sundhul ing langit lan saben wong ing bumi padha weruh.
4:12 Godhongé wit mau éndah banget, wohé mbiyet akèh banget, nganti cukup kanggo ngingoni makluk sajagad kabèh. Kéwan galak padha ngéyub ing sangisoré lan manuk ing awang-awang padha nusuh ing pang-pangé, sakèhing titah padha olèh pangan saka wit mau.
4:13 Nalika aku lagi mikir-mikir bab impèn mau, dumadakan ana malaékat tumedhak saka langit kalawan waspada lan siaga.
4:14 Ngandika kanthi sora mengkéné, ‘Wit kuwi tegoren, pang-pangé kethoken. Godhongé prithilana lan wohé sebaren. Kéwan-kéwan sing ana ing ngisoré buyarna lan manuk-manuk sing ana ing pang-pangé gusahen.
4:15 Nanging tunggaké karebèn kèri ing lemah, cancangen nganggo ranté wesi lan tembaga. Karebèn tetep ana ing ara-ara awor suket. Karebèn katelesan déning ebuning langit lan urip bebarengan karo kéwan lan thethukulan.
4:16 Pitung taun lawasé wong kuwi bakal ora kadunungan budining manungsa, nanging budining kéwan.
4:17 Mengkono putusané para malaékat sing waspada lan siaga. Kaya mengkono mau supaya wong kabèh ing ngendi waé ngerti, yèn Pangéran Kang Mahaluhur ngwaosi kraton-kratoné manungsa lan maringaké kraton mau marang sapa waé sing dikersakaké, senajan wong sing asor dhéwé pisan bisa kaparingan déning Panjenengané.’
4:18 Kaya mengkono impèn sing daktampa, mengkono pangandikané Sang Prabu Nebukadnésar, ‘Saiki kowé, Bèltsazar, aturna marang aku apa tegesé impèn kuwi. Merga sakèhing para penaséhaté kraton ora ana sing bisa, mung kowé sing bisa, jalaran kowé kadunungan rohé para déwa suci.’ ”
4:19 Krungu mengkono mau Dhanièl sing iya karan Bèltsazar mung meneng waé karo dheleg-dheleg merga saka kagèté. Sang Prabu ngandika menèh, “Bèltsazar, impèn lan tegesé kuwi aja nganti gawé kagètmu.” Atur wangsulané Bèltsazar, “Dhuh Sang Prabu, impèn lan ketranganipun menika mugi namunga katujokaken dhateng para satru paduka lan mboten dhateng paduka.
4:20 Wit ingkang agengipun ngantos sundhul ing langit menika ketingal ing salumahing bumi.
4:21 Ronipun éndah sanget, lan wohipun mbiyet sanget ngantos saged kanggé nggesangi jagad saisènipun. Kéwan galak sami njerum ngaso ing sangandhapipun, lan peksi-peksi sami damel susuh wonten ing pang-pangipun.
4:22 Dhuh Sang Prabu, wit menika mboten sanès Sang Prabu piyambak, inggil lan sentosa. Paduka sampun mindhak-mindhak ing kamulyan ngantos sundhul ing langit, lan pangwaos paduka nyrambahi salumahing bumi.
4:23 Nalika Sang Prabu taksih maspadakaken tetingalan menika, wonten malaékat tumedhak saking swarga kalayan ngandika, ‘Wité tegoren lan sirnakna, mung karèkna tunggaké. Tunggak kacancanga nganggo ranté wesi lan tembaga, karebèn tetep ana ing ara-ara awor suket, lan teles déning ebuning langit sarta awor kéwan galak nganti pitung taun lawasé.’
4:24 Tegesipun menika mekaten: Dhuh Sang Prabu, Gusti Allah Ingkang Mahaluhur sampun paring pirsa dhateng panjenengan bab menapa ingkang badhé kelampahan.
4:25 Paduka badhé katundhung saking masarakating manungsa lan manggèn awor kaliyan kéwan-kéwan ing wana. Pitung taun laminipun paduka badhé dhahar rumput kados lembu jaler, lan saré wonten ing ara-ara, teles déning ebuning langit ingkang ndhawahi paduka, ngantos paduka ngakeni bilih Allah Ingkang Mahaluhur menika ingkang ngwaosi kraton-kratoning manungsa, sarta saged maringaken dhateng soktiyanga ingkang dipun kersakaken.
4:26 Para malaékat sami mutusaken nilar tunggak menika wonten ing siti. Menika tegesipun bilih paduka badhé jumeneng raja malih, sesampunipun paduka ngakeni, bilih ingkang ngratoni salumahing bumi menika namung Allah piyambak.
4:27 Pramila dhuh Sang Prabu, kersaa nampi pamrayogi kawula, inggih menika ngèndeli damel dosa sarta nindakna kaleresan saha kawelasan dhateng tiyang miskin. Menawi mekaten Sang Prabu badhé lestantun ngalami karaharjan.”
4:28 Kabèh mau kelakon nekani marang Sang Prabu Nebukadnésar;
4:29 awit let rolas sasi, nalika pinuju tindak-tindak ana ing payoné kedhaton ing Babil,
4:30 panjenengané ngandika, “Saiba ta gedhéné Babil iki! Apa dudu aku sing yasa kutha Babil nganggo kekuwataning pangwasaku, dakdadèkaké kutha krajan tandha gedhéning kamulyanku.”
4:31 Durung rampung enggoné ngandika, dumadakan ana swara saka langit ngandika, “Raja Nebukadnésar, rungokna pangandika-Ku! Kratonmu wis kapundhut saka ing kowé.
4:32 Kowé bakal katundhung saka antarané manungsa lan bakal urip amor karo kéwan alasan, sarta mangan suket kaya sapi, nganti pitung taun lawasé. Kowé bakal ngakoni yèn Allah Kang Mahaluhur kuwi sing ngwaosi kraton-kratoning manungsa lan maringaké marang sokwonga sing dikersakaké.”
4:33 Pangandika mau sanalika kelakon. Sang Prabu Nebukadnésar kasingkiraké saka antarané masarakating manungsa lan dhahar suket kaya sapi. Sarirané teles déning ebuning langit. Rémané dadi dawa kaya wuluning manuk garudha, lan kukuné iya kaya kukuning manuk.
4:34 Sang Prabu Nebukadnésar ngandika, “Bareng wis kliwat pitung taun, aku banjur tumenga ing langit lan akal-budiku bali menèh. Aku banjur memuji asmané Allah Kang Mahaluhur, dakluhuraké lan dakmulyakaké Panjenengané kang gesang langgeng ing selawas-lawasé. Panjenengané bakal ngerèh ing selawasé, lan kratoné bakal langgeng tanpa wangenan.
4:35 Para wong sing ana ing bumi kaanggep rèmèh. Malaékat ing swarga lan manungsa ing bumi kabèh ana ing pangwasané. Ora ana manungsa sing bisa nyegah kersané utawa nyuwun pirsa bab pendamelé.”
4:36 Bareng akal-budiku pulih, kaluhuran lan kamulyaning kratonku iya kabalèkaké marang aku menèh. Para pegawéku lan para luhur padha methukaké aku. Aku nampani menèh kraton lan pangwasaku, malah ngungkuli sing wis kepungkur.
4:37 Saiki aku, Nebukadnésar, memuji, ngluhuraké sarta mulyakaké Ratuning Swarga. Sakèhé pendamelé bener lan adil; sarta kwaos ngasoraké wong-wong sing gemunggung.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl

Dhanièl 5

5:1 Ing sawijining bengi Sang Prabu Bèlsyazar ngulemi para priyagung sèwu diajak kembul bujana ana ing kraton. Ana ing kono padha ngunjuk anggur bebarengan.
5:2 Nalika lagi padha ngunjuk Sang Prabu Bèlsyazar dhawuh nggawa mlebu tuwung-tuwung saka emas lan slaka sing biyèn kaasta déning Sang Prabu Nebukadnésar, ramané, saka Pedalemané Allah ing Yérusalèm. Enggoné utusan njupuk tuwung-tuwung kuwi supaya panjenengané, para luhur, garwa-garwané lan selir-seliré bisa padha ngunjuk nganggo tuwung mau.
5:3 Tuwung-tuwungé banjur digawa mrono, sarta kabèh nuli padha ngunjuk anggur nganggo tuwung-tuwung kuwi.
5:4 Sajroné padha ngunjuk anggur karo memuji déwa-déwa emas lan slaka, tembaga sarta wesi apa déné kayu lan watu.
5:5 Dumadakan katon kaya tanganing manungsa nulis ana ing témboké kedhaton sing kasorotan déning lampu-lampu sing padhang banget. Sang Prabu pirsa tangan sing lagi nulis,
5:6 pasuryané banjur dadi pucet lan saka wediné sampéyané ngoplok.
5:7 Banjur dhawuh kanthi sora utusan nekakaké para ahli sihir, ahli tenung lan ahli pelintangan. Bareng wis padha kasowanaké Sang Prabu, banjur dingandikani, “Sapa waé sing bisa maca tulisan kuwi lan nerangaké apa tegesé bakal dienggoni jubah keprabon wungu, dikalungi ranté emas, sarta kaparingan pangwasa dadi wong katelu ana ing kratonku.”
5:8 Para penaséhaté kraton mau banjur padha maju, nanging siji waé ora ana sing bisa maca tulisané utawa ngaturaké apa tegesé.
5:9 Sang Prabu Bèlsyazar penggalihé saya semplah, sarta banjur dadi saya pucet, lan para penggedhé ora ngerti apa sing kudu ditindakaké.
5:10 Ibuné Sang Prabu bareng mireng banjur mlebet ing papaning bujana, sarta ngandika, “Sang Prabu lestaria sugeng ing selawasé! Aja kuwatir lan aja dadi pucet.
5:11 Ing kraton kéné ana wong sing kadunungan rohing para déwa suci. Nalika kang rama jumeneng raja, wong mau ketitik enggoné wasis, duwé kawruh, lan wicaksana. Lan Sang Prabu Nebukadnésar, kang rama wis misudha wong mau dadi penggedhéné para sarjana, para nujum, para juru tenung lan para ahli pelintangan.
5:12 Wong kuwi ampuh, wasis lan pinter nerangaké impèn, ngudhari prekara-prekara sing ruwed, sarta ngungkap prekara-prekara sing winadi. Jenengé Dhanièl, sing iya karan Bèltsazar, dhawuha nggolèki. Wong mau bakal bisa nerangaké apa tegesé kuwi kabèh.”
5:13 Sanalika Dhanièl disowanaké ing ngarsané Sang Prabu. Sang Prabu banjur ngandika marang Dhanièl, “Apa kowé kuwi Dhanièl, wong Yahudi sing kaboyong mréné saka Yéhuda déning ramaku?
5:14 Aku krungu yèn kowé kadunungan rohing para déwa suci, lan kowé wong wasis kaparingan kawruh lan kawicaksanan.
5:15 Para wong wicaksana lan para ahli ngèlmu wis padha kasowanaké mréné supaya maca lan nerangaké tegesé tulisan iki marang aku, nanging padha ora bisa.
5:16 Aku krungu yèn kowé ngerti prekara sing samar sarta bisa nerangaké prekara-prekara sing winadi. Yèn kowé bisa maca tulisan kuwi lan ngaturaké uninga marang aku apa tegesé, kowé bakal dienggoni jubah keprabon wungu, dikalungi ranté emas lan kawisudha dadi wong katelu sing nyekel pangwasa ana ing kraton.”
5:17 Unjuké Dhanièl, “Ganjaranipun Sang Prabu kagema Sang Prabu piyambak, utawi kaparingna tiyang sanès, kawula badhé maosaken kagem Paduka menapa ingkang kaserat sarta ngaturi pirsa menapa tegesipun.
5:18 Gusti Allah Ingkang Mahakwasa sampun njumenengaken kang rama, Sang Prabu Nebukadnésar dados ratu agung, kanthi kaparingan pangwaos lan kamulyan.
5:19 Kawibawanipun semanten agengipun ngantos tiyang sedaya, bangsa-bangsa menapa kémawon basanipun sami ajrih saha gemeter wonten ing ngarsanipun. Sinten ingkang dipun kersakaken pejah, dipun pejahi. Sinten ingkang dipun kersakaken gesang, dipun gesangi. Panjenenganipun paring kaluhuran dhateng ingkang dipun kersakaken, lan nglorod sinten ingkang dipun kersakaken.
5:20 Nanging sarèhné panjenenganipun gemunggung, wangkot lan ambek siya mila lajeng kalèngsèr saking dhamparipun sarta kécalan kalenggahanipun ingkang luhur wau.
5:21 Panjenenganipun lajeng kasingkiraken saking jagading manungsa, sarta budinipun dados kados budinipun kéwan. Panjenenganipun lajeng awor kaliyan kuldi wana, dhahar rumput kados lembu sarta saré ing ara-ara, ngantos teles déning ebuning langit. Ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur menika ngwaosi kratoning manungsa sarta saged maringaken dhateng soksintena ingkang dipun kersakaken.
5:22 Nanging paduka, putranipun, mboten andhap-asor, senajan paduka nguningani menika sedaya.
5:23 Paduka sampun ngrèmèhaken dhateng Allah ing swarga margi dhawuh nganggé pirantosing Pedalemanipun Allah, inggih menika tuwung lan cangkir kagem ngunjuk anggur para pengageng, para garwa saha para selir kalayan memuji dhateng déwa-déwa ingkang kadamel saking emas, slaka, tembaga, tosan, kajeng lan séla, inggih déwa-déwa ingkang mboten saged ningali, mireng, menapa malih ngertos menapa-menapa. Paduka mboten ngluhuraken Gusti Allah ingkang nemtokaken pejah gesangipun manungsa, sarta mirsani tindak-tanduk paduka.
5:24 Inggih awit saking menika Gusti Allah lajeng ngutus tangan ingkang nyerat seratan menika wonten ing témbok.
5:25 Seratan menika ungelipun mekaten: ‘Mené, mené, tekèl, ufarsin’.
5:26 Mené, (étang, cacah) tegesipun: wekdal pepréntahan paduka sampun kaétang déning Gusti Allah sarta dipun pungkasi.
5:27 Tekèl (timbangan), tegesipun: paduka sampun dipun timbang mawi timbangan, mangka pinanggih kènthèngen.
5:28 Ufarsin (dipun bagi), tegesipun: kratonipun Sang Prabu badhé kabagi lan kaparingaken dhateng bangsa Médi lan bangsa Pèrsia.”
5:29 Sanalika Sang Prabu Bèlsyazar dhawuh ngenggoni Dhanièl jubah keprabon wungu lan ngalungaké ranté emas ing guluné. Dhanièl kawisudha ing kalenggahan kang nyekel pangwasa katelu ing kraton Babil.
5:30 Ing bengi kuwi uga Sang Prabu Bèlsyazar, ratuné wong Babil, kasédanan.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl

Dhanièl 6

6:1 Sang Prabu Dharius, raja Médi sing yuswa 62 taun nggentèni jumeneng raja.
6:2 Sang Prabu Dharius banjur misudha gubernur cacahé 120, sing bakal nindakaké pepréntahan ing sanegara kabèh.
6:3 Kejaba kuwi panjenengané ngangkat Dhanièl lan wong loro liyané dadi pengawas sing ngawat-awati para gubernur sarta nggatèkaké kepentingané Sang Prabu, supaya Sang Prabu aja nganti kapitunan.
6:4 Ora suwé banjur ketitik yèn Dhanièl enggoné nyambut-gawé luwih becik ketimbang karo pengawas liya-liyané lan para gubernur. Merga saka kabecikané mau Sang Prabu menggalih arep ngangkat Dhanièl dadi pengawasé sanegara kabèh.
6:5 Para pengawas lan para gubernur nuli padha nggolèki kaluputané Dhanièl sajroning nglakoni pegawéané. Nanging padha ora bisa nemokaké, sebab Dhanièl kuwi wong temen, lan ora gelem laku slingkuh utawa ngapusi.
6:6 Wong-wong mau banjur padha rerasanan, “Kita mesthi ora bakal bisa nemokaké kaluputané Dhanièl, kejaba bab kaprecayané.”
6:7 Wong-wong mau nuli padha sowan ing ngarsané Sang Prabu lan matur, “Dhuh Sang Prabu Dharius, sugenga ing selaminipun!
6:8 Kawula sedaya ingkang nyepeng pepréntahan: para pengawas, para gubernur, wakil gubernur lan pegawé sanès-sanèsipun, sami sarujuk, bilih Sang Prabu ndhawuhaken prenatan keras, inggih menika bilih salebetipun tigang dasa dinten menika mboten wonten tiyang setunggal-tunggala kaparengaken ngunjukaken panyuwunan menapa-menapa dhateng déwa utawi tiyang menapa kémawon, kejawi dhateng Sang Prabu piyambak. Sinten kémawon tiyangipun ingkang nerak prenatan menika kedah kacemplungaken wonten ing luwengipun singa.
6:9 Sang Prabu mugi kersa ndhawuhaken prenatan menika sarta napak-asmani, dadosa prenatan miturut hukumipun tiyang Médi lan Pèrsia, ingkang mboten saged kasuwak.”
6:10 Sang Prabu Dharius iya banjur napak-asmani dhawuh mau.
6:11 Bareng Dhanièl krungu yèn dhawuh mau wis ditapak-asmani banjur mulih. Ing omahé ana lotèngé, jendhéla-jendhélané madhep menyang Yérusalèm. Ana ing kamaré lotèng mau Dhanièl kaya adat-sabené sujud jèngkèng madhep jendhéla lan ndedonga marang Allah sedina ping telu.
6:12 Bareng para mungsuhé weruh Dhanièl lagi ndedonga marang Gusti Allah,
6:13 wong kabèh mau banjur padha bebarengan sowan Sang Prabu nglapuraké Dhanièl. Unjuké, “Dhuh Sang Prabu, paduka sampun napak-asmani dhawuh, bilih sinten kémawon ingkang salebetipun tigang dasa dinten menika ngunjukaken panyuwun dhateng déwa utawi manungsa sinten kémawon, kejawi dhateng paduka piyambak, badhé kacemplungaken ing luwenging singa?” Paring wangsulané Sang Prabu, “Iya bener, kuwi préntah keras, miturut hukumé wong Médi lan wong Pèrsia sing ora kena dibatalaké.”
6:14 Wong-wong mau banjur padha munjuk, “Dhanièl, tiyang bucalan saking Yéhuda menika mboten maèlu utawi ngèstokaken dhawuh ingkang sampun kaundhangaken menika. Piyambakipun ajeg sembahyang sedinten kaping tiga.”
6:15 Bareng mireng atur sing mengkono mau Sang Prabu kagèt banget lan ngudi bisané ngluwari Dhanièl, nganti srengéngéné surup.
6:16 Wong-wong mau banjur bali menèh sowan Sang Prabu sarta munjuk, “Dhuh Sang Prabu, paduka pirsa bilih miturut hukumipun tiyang Médi lan Pèrsia dhawuh ingkang sampun kaundhangaken menika mboten kénging dipun éwahi.”
6:17 Sang Prabu banjur dhawuh supaya Dhanièl dicekel lan kacemplungaké ing guwa sing kebak singa. Pangandikané Sang Prabu marang Dhanièl, “Muga-muga Allah sing kokbektèni kanthi mantep kuwi kersa ngluwari kowé.”
6:18 Cangkemé guwa mau banjur katutup nganggo watu gedhé. Watu mau banjur disègel nganggo sègel keprabon lan sègelé para penggedhé, supaya aja ana wong sing bisa ngluwari Dhanièl.
6:19 Sang Prabu banjur kondur menyang kedhaton, nanging sawengi muput panjenengané ora saré, ora dhahar lan ora ngersakaké kasenengan apa-apa.
6:20 Bareng wis ésuk panjenengané wungu lan énggal-énggal tindak menyang guwa singa.
6:21 Tekan sacedhaké guwa panjenengané nimbali Dhanièl karo sedhih, “Dhanièl, abdiné Allah kang gesang! Apa Allahmu sing kokbektèni kanthi tumemen saged ngluwari kowé saka singa-singa kuwi?”
6:22 Unjuk wangsulané Dhanièl, “Dhuh Sang Prabu, mugi langgenga yuswa paduka!
6:23 Gusti Allah sampun ngutus malaékatipun mbungkem cangkemipun singa-singa menika. Gusti Allah sampun tumindak mekaten margi pirsa bilih kula mboten gadhah kalepatan dhateng Sang Prabu.”
6:24 Sang Prabu banget bungahé, banjur paring dhawuh supaya Dhanièl diwetokaké saka guwa. Dhanièl banjur diunggahaké lan ketitik ora ana tatuné apa-apa, merga saka enggoné kumandel marang Allahé.
6:25 Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng wong-wong sing padha nggugat Dhanièl sarta sing padha nyemplungaké ing guwa sing kebak singa, malah iya para bojo lan anak-anaké kabèh. Wong-wong mau durung nganti tekan ing jero guwa wis ditubruk déning singa-singa mau lan balungé diremuk-remuk.
6:26 Raja Dharius banjur kintun serat marang wong-wong ing salumahé bumi, yakuwi para bangsa, trah lan basa apa waé, uniné mengkéné, “Salam!
6:27 Lantaran layang iki aku dhawuh marang sedhéngah wong sing ana ing wilayah kraton padha wedia lan hurmata marang Allahé Dhanièl. Panjenengané iku Allah kang gesang, lan pangrèhé bakal langgeng ing selawasé. Kratoné bakal ora ngalami rusak, lan pangwasané langgeng tanpa wekasan.
6:28 Panjenengané nylametaké lan ngluwari, damel kaélokan lan mujijat ana ing swarga lan ing bumi. Iya Panjenengané sing ngluwari Dhanièl, nganti ora dimangsa déning singa.”
6:29 Dhanièl ngalami katentreman ing jaman pepréntahané Raja Dharius lan ing jamané Sang Prabu Korèsy, raja Pèrsia.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl

Dhanièl 7

7:1 Ing taun kapisané Sang Prabu Bèlsyazar jumeneng raja ing Babil, aku ing sawijining bengi nampa wahyu sajroning impèn. Impèn mau daktulis ing ngisor iki
7:2 lan dakcritakaké rerupan sing dakdeleng ing bengi kuwi: Ana angin teka saka kéblat papat gawé kocaké banyuné segara.
7:3 Banjur ana sato kéwan papat gedhé banget jumedhul saka njeroné segara. Sato mau rupané béda-béda.
7:4 Sato sing kapisan rupané kaya singa, nanging duwé swiwi kaya swiwiné manuk garudha. Sajroné isih daksawang, swiwiné kajabud. Sato mau banjur tangi lan ngadeg kaya wong, lan sato mau banjur kaparingan budi kaya manungsa.
7:5 Sato sing kapindho rupané kaya bruwang, ngadeg nganggo sikilé mburi. Cangkemé bruwang mau nyokot balung iga telu, lan ana swara kandha karo bruwang mau, “Terusna enggonmu mangan daging, mangana sawaregmu!”
7:6 Nalika aku isih nyawang bruwang mau ana sato siji menèh jumedhul. Rupané kaya macan tutul, nanging ing gegeré ana swiwiné papat, kaya swiwi manuk. Sato mau endhasé papat, sarta duwé pangwasa.
7:7 Sajroné aku isih nyawang sato mau, sato sing nomer papat jumedhul. Rupané medèni banget, katon rosa lan nggegirisi. Nganggo untuné wesi sing gedhé banget sato mau ngremuk mangsané, banjur diidak-idak. Béda karo sato liya-liyané, sato mau ana sunguné sepuluh.
7:8 Nalika aku isih nyawang sunguné, dumadakan ana sungu cilik muncul ing antarané sungu-sungu liyané. Sungu cilik mau nyundhul sungu telu sing wis ana nganti coplok. Sungu cilik mau ana matané kaya mripat manungsa lan duwé cangkem lan sumbar-sumbar nganggo tembung angkuh.
7:9 Sajroné isih nyawang terus dumadakan ana dhampar-dhampar katata. Panjenengané Kang Gesang Langgeng pinarak ing dhampar mau salah siji. Agemané putih memplak kaya salju, lan rémané putih kaya wuluning wedhus gèmbèl. Dhampar sing dilenggahi mau kapasangan rodha murub, mula dhampar kuwi iya murub makantar-kantar.
7:10 Dhampar mau metokaké geni kaya ilining banyu sing diesokaké. Ing kanané ana wong maèwu-èwu sing padha ngladosi Panjenengané, lan wong mayuta-yuta padha ngadeg ana ing ngarsané. Pradataning Pengadilan banjur mbukak sidhangé lan kitab-kitabé padha dibukak.
7:11 Sajroné nyawang terus, aku isih krungu swarané sungu cilik mau ngucapaké tembung-tembung gemunggung. Bareng daksawang, sato sing nomer papat dipatèni, lan dibuwang ing geni nganti sirna.
7:12 Sato-sato liyané kapundhut pangwasané, nanging padha diparengaké urip kanggo sawetara mangsa.
7:13 Ing wahyu sing daktampa bengi kuwi aku weruh rerupan mèmper manungsa, nyedhaki aku, ketutupan ing méga. Banjur sowan Panjenengané Kang Gesang Langgeng.
7:14 Panjenengané kaparingan pangwasa, kaurmatan lan wewenangé ratu, supaya sakèhé umat, bangsa, trah lan basa padha ngladosi Panjenengané. Pangwasané bakal langgeng ing selawasé, lan kratoné bakal ora ana wekasané.
7:15 Wahyu-wahyu sing dakdeleng mau gawé kagètku, nganti atiku resah.
7:16 Aku banjur nyedhaki wong sing ngadeg ana ing kono karo njaluk tulung nerangaké marang aku, apa tegesé kuwi mau kabèh. Wong mau banjur nerangaké marang aku, apa tegesé kuwi mau kabèh.
7:17 Pangandikané, “Sato papat sing gedhé-gedhé kuwi kraton papat sing bakal madeg ing bumi.
7:18 Umaté Allah Kang Mahaluhur bakal padha nampani pangwasa nindakaké pepréntahan lan bakal padha nyekel pepréntahan mau ing selawas-lawasé.”
7:19 Aku kepéngin ngerti luwih akèh menèh bab sato papat, sing béda-béda, kayata sato sing gedhé banget, sing ngremuk mangsané nganggo cakaré tembaga lan untuné wesi sarta ngidak-idak mangsané mau.
7:20 Semono uga aku kepéngin ngerti bab sungu sepuluh sing ana ing endhasé, sarta sungu sing thukulé kèri lan marakaké sungu telu sing wis ana dhisik padha coplok. Sungu mau duwé mata lan cangkem sarta ngucapaké tembung-tembung gemunggung. Sungu kuwi luwih nggegirisi ketimbang karo sungu-sungu liyané.
7:21 Sajroné isih daksawang, dumadakan sungu mau nglurugi perang umaté Allah lan nelukaké umat mau.
7:22 Panjenengané Kang Gesang ing selawasé nuli rawuh lan paring keadilan marang para umaté Allah Kang Mahaluhur. Wis tekan wektuné para umaté Allah padha nyekel pepréntahan.
7:23 Ketrangan sing diparingaké marang aku mengkéné, “Sato sing nomer papat kuwi kraton sing madeg nomer papat ana ing bumi lan bakal béda kaanané karo kraton liya-liyané kabèh. Kraton sing nomer papat kuwi bakal ngremuk lan ngidak-idak salumahé bumi.
7:24 Sungu sepuluh kuwi raja sepuluh sing bakal ngerèh kraton mau. Sawisé mengkono banjur bakal ana raja jumeneng; raja kuwi bakal béda banget karo raja-raja sadurungé, sarta nglèngsèr raja telu sing wis ana.
7:25 Raja anyar kuwi bakal nyenyamah Allah Kang Mahaluhur sarta nganiaya umaté Allah. Raja mau iya bakal ngudi ngowahi wektu lan prenatan-prenatan. Umaté Allah bakal kelakon dirèh déning ratu mau, lawasé telu setengah taun.
7:26 Sawisé mengkono Pradataning Pengadilan sing ana ing swarga bakal ndhawahaké kerampungan. Ratu mau bakal kapundhut pangwasané, banjur ditumpes babar-pisan.
7:27 Sakèhé pangwasaning pepréntahané para raja ing salumahing bumi bakal kaparingaké marang wong-wong kagungané Allah Kang Mahaluhur. Pepréntahané wong-wong mau bakal ora ana wekasané, lan sakèhé raja ing bumi bakal padha dadi abdiné lan mbangun-turut marang pangrèhé.
7:28 Tekan seméné critaku. Aku ketaman ing giris, nganti rupaku pucet. Kabèh mau daksimpen ana ing atiku dhéwé.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl

Dhanièl 8

8:1 Ing taun kateluné pepréntahané Sang Prabu Bèlsyazar, aku nampa wahyu sing kapindho.
8:2 Ing wahyu mau aku jebul ana ing kutha Susan sing dikubengi bètèng, dunungé ana ing propinsi Élam. Aku ngadeg ana ing sapinggiring Kali Ulai.
8:3 Ing kono aku weruh ana wedhus gèmbèl lanang ngadeg ing sapinggiring kali. Wedhus mau sunguné loro dawa-dawa, sungu sing siji luwih dawa lan luwih enom ketimbang karo sijiné.
8:4 Aku ndeleng wedhus gèmbèl mau mbijig mengulon, mengalor, lan mengidul. Ora ana kéwan siji-sijia sing bisa ngendheg tumindaké wedhus mau utawa ngéndhani. Wedhus mau tumindak sekarep-karep lan dadi gemedhé.
8:5 Sajroné nyawang karo gumun lan kepéngin ngerti tegesé kuwi mau, dumadakan ana wedhus bérok lanang mlayu banter banget saka Kulon, saka banteré playuné nganti tracaké presasat ora ngambah lemah. Ing selaning matané ana sunguné siji.
8:6 Wedhus mau nuli nyrudug wedhus gèmbèl lanang sing ngadeg ing sapinggiring kali; enggoné nyrudug sekatogé karosané.
8:7 Aku ngawasaké. Saka nepsuné wedhus gèmbèl lanang mau disundhang nganti sunguné loro pisan tugel. Wedhusé gèmbèl lanang ora duwé kekuwatan kanggo nanggulangi. Malah dibanting lan diidak-idak déning wedhus bérok, mangka ora ana sing bisa mitulungi wedhus gèmbèl mau.
8:8 Wedhus bérok mau enggoné gemedhé saya ndadi, nanging bareng wis tekan pucuking pangwasané sunguné tugel. Minangka gantiné banjur thukul sungu anyar gedhé cacahé papat, saben sungu madhep kéblat séjé.
8:9 Sungu mau ana siji sing kethukulan sungu cilik, sing banjur dadi gedhé banget. Thukulé mengidul, mengétan lan madhep marang Tanah Prejanjian.
8:10 Sungu mau dadi rosa banget nganti wani nyerang tentara swarga, malah uga lintang-lintang, nganti ana lintang sing tiba ing bumi, banjur diidak-idak.
8:11 Wedhusé malah nantang Allah, Ratuning tentara swarga, sarta nglarang wong nyaosaké kurban pedinan marang Panjenengané sarta najisaké Pedalemané Allah.
8:12 Ana ing Pedaleman kono wong ora padha nyaosaké kurban, nanging malah padha gawé dosa, sarta ngabekti marang allah sing sabeneré kudu kabuwang kaya larahan ana ing lemah. Apa waé sing ditindakaké déning sungu mau dadi.
8:13 Aku banjur krungu ana malaékat sing takon karo kancané, “Nganti pira lawasé tumindaké prekara-prekara sing katon ing wahyu iki? Nganti pira lawasé dosa sing njijiki kuwi ngganti kurban pedinan? Nganti pira lawasé tentara swarga diidak-idak lan Pedalemané Allah kuwi dijag-jag?”
8:14 Aku krungu malaékat sijiné mangsuli, “Lawasé nganti 1.150 dina, sawisé kuwi ing Pedalemané Allah bakal kacaosaké kurban soré lan ésuk menèh. Pedalemané Allah bakal pulih kaya sing uwis-uwis.”
8:15 Sajroné aku ngudi supaya ngerti maknané wahyu mau, dumadakan ana wong ngadeg ana ing ngarepku.
8:16 Aku krungu ana swara saka Kali Ulai muni mengkéné, “Gabrièl, terangna tegesé wahyu sing dideleng kuwi.”
8:17 Gabrièl banjur teka lan ngadeg jèjèr aku, lan saka wediku aku nganti ambruk ing lemah. Pangandikané Gabrièl marang aku, “Hé manungsa sing apes, ngertia yèn wahyu mau kanggo ing jaman wekasan!”
8:18 Sajroné Gabrièl isih ngandika, aku ambruk ing lemah semaput. Nanging aku dicekel lan didegaké menèh,
8:19 karo ngandika, “Kowé dakkandhani apa sing bakal kelakon merga saka paukumané Allah ing wekasané jaman.
8:20 Wedhus gèmbèl lanang sing kokdeleng lan sunguné loro mau ibaraté kraton Médi lan Pèrsia.
8:21 Déné wedhus bérok lanang mrelambangi kraton Yunani. Sungu siji sing gedhé ing selaning matané kuwi raja sing kawitan.
8:22 Déné sungu papat sing thukul nalika sungu sing kawitan tugel, kuwi nerangaké yèn kraton Yunani mau bakal pecah dadi papat. Papat-papaté ora ana sing pangwasané ngungkuli kraton sing kapisan.
8:23 Ngadhepaké ambruké kraton papat mau piala wis tekan pucaké nganti kudu diukum. Ing kono bakal jumedhul ratu sing wangkot atiné, ambek siya lan dhemen ngapusi.
8:24 Ratu mau bakal olèh pangwasa gedhé, nanging ora saka kekuwatané dhéwé. Ratu mau bakal nekakaké karusakan gedhé lan apa sing ditandangi olèh gawé. Bakal nekakaké karusakan marang para penggedhé lan marang para umat kagungané Allah.
8:25 Merga saka juligé raja mau, nganti apa waé sing dikersakaké bisa kelakon. Raja mau bakal dadi gemunggung sarta matèni wong akèh tanpa dipriksa. Nanging wekasané raja mau bakal katumpes, tanpa migunakaké tangané manungsa.
8:26 Wahyu bab kurban soré lan kurban ésuk sing wis katerangaké marang kowé mau kabèh bakal kelakon temenan. Nanging wewadi iki enggonen dhéwé, sebab kelakoné isih suwé banget.”
8:27 Atiku sedhih lan awakku lara kabèh nganti sawetara dina lawasé. Aku banjur tangi lan wiwit nyambut-gawé menèh kanggo Sang Prabu, nanging atiku geter merga saka wahyu mau lan ora ngerti apa karepé.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl

Dhanièl 9

9:1 Sang Prabu Dharius trah Média, putrané Sang Prabu Akhaswéros, jumeneng raja ing Babil.
9:2 Ing taun wiwitané pepréntahané, aku nitipriksa kitab-kitab suci lan mikir-mikir bab kaanané Yérusalèm, sing miturut pangandikané Allah marang Nabi Yérémia, pitung puluh taun lawasé bakal dadi jugrugan.
9:3 Aku nyuwun kanthi banget ing pandongaku marang Gusti Allah, kanthi ngasih-asih, pasa, nganggo sandhangan bagor, lan lungguh ing awu.
9:4 Aku ndedonga marang Pangéran Allahku, karo ngakoni dosa-dosaku. Unjukku, “Dhuh Allah, Paduka menika Mahaluhur, mila kawula ngluhuraken Paduka. Paduka menika setya dhateng prejanjian Paduka, saha ngetingalaken sih Paduka dhateng sedaya tiyang ingkang tresna dhateng Paduka, sarta nglampahi dhawuh-dhawuh Paduka.
9:5 Kawula sami damel dosa, kawula sami tiyang awon, ingkang nglampahi piawon. Kawula sami nampik dhawuh ingkang Paduka paringaken supados kawula lampahi, nanging milih nyimpang saking mergining kaleresan ingkang Paduka tedahaken.
9:6 Kawula mboten sami mirengaken abdi Paduka, para nabi, ingkang sami ngandika atas asma Paduka dhateng para ratu kawula, dhateng leluhur kawula, saha dhateng umat Israèl sedaya.
9:7 Dhuh Allah, Paduka menika ingkang leres, nanging kawula tansah ndhatengaken wirang dhateng badan kawula piyambak. Inggih kawula, bangsa Israèl ingkang sami manggèn ing Yéhuda lan ing Yérusalèm, menapa malih ingkang Paduka sebar manggèn ing negari-negari celak lan tebih; kawula sedaya mboten sami setya dhateng Paduka.
9:8-9 Para ratu kawula, para pengageng lan para leluhur kawula sampun damel wirang dhateng Paduka lan damel dosa dhateng Paduka.
9:10 Dhuh Pangéran Allah kawula, nalika Paduka ngandika bilih kawula kedah sami gesang miturut dhawuh-dhawuh peparing Paduka lantaran para nabi, abdi Paduka.
9:11 Tiyang Israèl sedaya sampun nerak dhawuh-dhawuh Paduka lan nampik mirengaken pangandika Paduka. Kawula sampun sami damel dosa dhateng Paduka, ngantos Paduka sampun ndhatengaken paukuman kados ingkang kaserat ing prenatanipun Musa, abdi Paduka.
9:12 Paduka sampun netepi menapa ingkang sampun Paduka ngandikakaken sadèrèngipun, bab kasangsaran ingkang badhé Paduka paringaken dhateng kawula. Yérusalèm sampun Paduka ukum, awratipun ngungkuli paukuman ingkang kadhawahaken dhateng kitha sanès-sanèsipun.
9:13 Cocog kaliyan paukuman ingkang kasebut ing prenatanipun Musa. Éwasemanten, dhuh Allah, menika wau sedaya mboten damel kawula sami mratobat saking dosa-dosa kawula, sarta mlampah ing mergining kaleresan.
9:14 Dhuh Pangéran, Paduka menika Allah kawula. Paduka nyawisi paukuman kanggé kawula lan inggih Paduka paringaken, margi Paduka selaminipun nindakaken kaleresan, mangka kawula mboten sami purun mirengaken dhawuh Paduka.
9:15 Dhuh Pangéran, Allah kawula, Paduka sampun ngetingalaken pangwaos srana ngirid umat Paduka medal saking tanah Mesir, lan pangwaos Paduka menika inggih tansah sami kawula èngeti. Kawula sampun nglampahi dosa; kawula sampun sami damel piawon.
9:16 Ing jaman ingkang sampun kepengker kawula sampun Paduka ayomi, pramila Yérusalèm sampun Paduka ukum malih. Menika rak kitha kagungan Paduka piyambak, gunung Paduka ingkang suci. Sedaya bangsa sakiwa-tengen kawula ngrèmèhaken Yérusalèm lan umat Paduka margi saking dosa-dosa kawula lan dosa-dosanipun para leluhur kawula.
9:17 Dhuh Allah, mugi miyarsakaken pesambat lan panyuwun kawula. Pedaleman Paduka ingkang sampun karisak menika mugi Paduka bangun malih. Kabanguna malih, supados saben tiyang sumerep bilih Paduka menika Allah.
9:18 Mugi kersa miyarsakaken atur kawula, dhuh Allah. Kersaa mirsani kasisahan kawula, saha kasangsaranipun kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka. Enggèn kawula ndedonga lambaran sih-piwelas Paduka, mboten lambaran kasaénan kawula.
9:19 Dhuh Pangéran, mugi kersa paring pangapunten. Dhuh Pangéran, kersaa miyarsakaken lan lajeng kersa tumindak! Supados saben tiyang sami sumerepa, bilih Paduka menika Allah. Mugi sampun andedangu! Kitha saha umat menika rak kagungan Paduka piyambak!”
9:20 Aku nerusaké enggonku ndedonga, ngakoni dosa-dosaku lan dosa-dosané umat Israèl, karo ngrerepa *ngrerepa: nyuwun kawelasan, ngasih-asih.* ing ngarsané Pangéran, Allahku, supaya kersa mbangun Pedalemané Allah.
9:21 Sajroné ndedonga, dumadakan Gabrièl, sing wis dakdeleng ana ing wahyu sadurungé, mabur medhun marani aku. Nalika semono lagi wektuné saos kurban soré.
9:22 Gabrièl paring ketrangan mengkéné, “Dhanièl, tekaku mréné prelu mbiyantu kowé supaya ngerti maknané wahyu.
9:23 Nalika kowé ngasih-asih ana ing ngarsané Pangéran, Panjenengané paring wangsulan marang kowé. Panjenengané asih marang kowé, mulané aku teka prelu awèh weruh marang kowé. Saiki rungokna sing temenan ketranganku bab wahyu mau.
9:24 Wektu sing ditetepaké déning Allah kanggo ngluwari umatmu lan nucèkaké kutha suci saka dosa lan kanisthan kuwi lawasé pitu ping pitung puluh taun. Ing kono dosa bakal diapura lan keadilan langgeng ditetepaké. Srana mengkono wahyu lan ramalan bakal kelakon, sarta Pedalemané Allah karesmèkaké menèh.
9:25 Titènana lan ngertia: Wiwit saka wektu Allah dhawuh mbangun Yérusalèm, tekan rawuhé Kang Jinebadan *Kang Jinebadan: Yang Diurapi (bhs. Ind.); Mèsias.* déning Allah, kuwi lawasé pitu ping pitung taun. Sajroné sewidak loro taun ping pitu Yérusalèm bakal kabangun menèh, dalan-dalané lan bètèngé, nanging ing jaman kuwi bakal ana kasusahan akèh.
9:26 Sawisé jaman mau Kang Jinebadan déning Allah bakal kasédanan tanpa kaluputan. Kutha Yérusalèm lan Pedalemané Allah bakal kagempur déning tentaraning ratu sing gedhé pangwasané, nglurugi perang mrono. Tekané serangan kaya banjir, nggawa karusakan sing wis katetepaké déning Allah.
9:27 Raja mau bakal gawé prejanjian sing abot karo rakyat lawasé pitung taun, lan sawisé kliwat telu setengah taun, raja bakal nglarang kurban sembelèhan lan kurban dhaharan. Juru Pangrusak banjur bakal teka rerikatan ing Pedalemané Allah lan manggon ing kana, sarta padha kasirnakaké déning Allah, kaya sing wis katetepaké.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl

Dhanièl 10

10:1 Ing taun kang kateluné pepréntahané Korèsy, ratu ing Pèrsia, ana pangandikané Allah kadhawuhaké marang Dhanièl, sing iya karan Bèltsazar. Pangandika mau nyata saka Pangéran, nanging angèl banget digayuh ing nalar. Ketrangan bab tegesé kaparingaké ana ing wahyu.)
10:2 Nalika semono aku lagi nglakoni prihatin lawasé telung minggu.
10:3 Aku nyegah mangan énak lan daging, ora ngombé anggur lan ora jungkatan nganti sapundhaté telung minggu mau.
10:4 Nalika sasi kapisan taun kuwi tanggal kaping patlikur, aku ngadeg ana ing sapinggiré kali gedhé, yakuwi Bengawan Tigris.
10:5 Bareng aku ngawasaké mendhuwur aku weruh ana wong nganggo jubah léna putih, sabukan emas murni.
10:6 Sarirané mencorong kaya permata. Pasuryané padhang njingglang kaya padhanging kilat. Paningalé murub kaya geni. Astané lan sampéyané gilap kaya tembaga sing digebeg, sarta swantené kaya gemuruhé wong akèh padha nglumpuk.
10:7 Sing weruh wahyu mau mung aku dhéwé. Wong-wong sing bebarengan karo aku ora padha weruh apa-apa, nanging padha ketaman ing giris, banjur padha mlayu ndhelik. Dadi aku mung kari ijèn.
10:8 Bareng weruh wahyu sing nggumunaké mau, awakku lemes, ora duwé kekuwatan sethithik-thithika. Raiku saking puceté nganti wong sing ndeleng aku mesthi pangling.
10:9 Nalika aku krungu swarané, aku semaput ambruk mengkureb ing lemah.
10:10 Banjur ana tangan sing nyekel aku, aku diangkat cagakan tangan lan dhengkulku karo wèl-wèlan.
10:11 Pangandikané malaékat marang aku, “Dhanièl, Gusti Allah asih marang kowé. Ngadega, rungokna lan gatèkna apa sing dakkandhakaké iki. Aku diutus nemoni kowé.” Nalika krungu pangandika mau, aku banjur ngadeg karo wèl-wèlan.
10:12 Malaékat mau ngandika karo aku, “Dhanièl, aja wedi. Gusti Allah wis miyarsakaké pandongamu wiwit dina kapisan, nalika kowé duwé niyat ngasoraké awakmu supaya diparingi pangertèn. Tekaku iki merga arep awèh wangsulan bab pandongamu mau.
10:13 Penggedhéné kraton Pèrsia nglawan aku nganti selikur dina. Nanging Mikhaèl, penggedhéné malaékat banjur teka nulungi aku, merga ing Pèrsia aku dhèwèkan.
10:14 Tekaku arep awèh pangertèn marang kowé bab apa sing bakal kelakon tumraping bangsamu ing dina mbésuk. Wahyu kuwi magepokan karo apa sing mbésuk bakal kelakon.”
10:15 Nalika malaékat mau ngandika mengkono, aku mandeng lemah, blangkemen.
10:16 Malaékat sing rupané kaya wong lanang mau, banjur ngathungaké astané karo ndumuk lambéku. Aku banjur matur, “Wahyu menika njalari kula kécalan daya kekiyatan kula, ngantos badan kula sekojur lemes lan gemeter.
10:17 Kula ibaratipun réncang-tumbasan ingkang ngadeg ing ngajenging bendaranipun. Kadospundi enggèn kula saged wicanten? Menawi mboten gadhah daya kekiyatan, malah mboten gadhah daya kanggé ambekan.”
10:18 Aku didemèk sepisan menèh, banjur krasa kuwat.
10:19 Pangandikané, “Gusti Allah asih marang kowé, mulané aja wedi utawa nyumelangaké prekara apa waé.” Bareng krungu pangandika mau, rasané awakku saya kuwat. Aku banjur matur, “Mugi kersa ngandikakaken menapa ingkang badhé kadhawuhaken, awit badan kula sampun kraos sekéca.”
10:20-21 Pangandikané malaékat mau, “Apa kowé ngerti apa sebabé aku nemoni kowé? Ora liya mung arep medharaké apa sing katulis ana ing Kitabé Kayektèn. Saiki aku arep bali dhisik, perang nglawan pengawalé kraton Pèrsia. Sawisé mengkono penggedhéné kraton Yunani bakal teka. Ora ana sing ngréwangi aku kejaba Mikhaèl, pengawalé bangsa Israèl.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 27 Dhanièl