Tag Archives: Matius

Matius 1

1:1 Iki sarasilahé Gusti Yésus Kristus. Gusti Yésus kuwi tedhak-turuné Prabu Dawud. Prabu Dawud tedhak-turuné Bapak Abraham.
1:2 Bapak Abraham peputra Iskak. Iskak peputra Yakub. Yakub peputra Yéhuda sasedulur.
1:3 Yéhuda peputra Pèrès lan Zérah, patutan saka Tamar; Pèrès peputra Hèzron. Hèzron peputra Ram.
1:4 Ram peputra Aminadab. Aminadab peputra Nahason. Nahason peputra Salmon.
1:5 Salmon peputra Boas, patutan saka Rahab. Boas peputra Obèd, patutan saka Rut. Obèd peputra Isai.
1:6 Isai peputra Dawud. Dawud peputra Suléman, patutan saka tilas bojoné Uria.
1:7 Suléman peputra Réhabéam. Réhabéam peputra Abia. Abia peputra Asa.
1:8 Asa peputra Yosafat. Yosafat peputra Yoram. Yoram peputra Uzia.
1:9 Uzia peputra Yotam. Yotam peputra Akhas. Akhas peputra Hizkia.
1:10 Hizkia peputra Manasyè. Manasyè peputra Amon. Amon peputra Yosia.
1:11 Yosia peputra Yékhonya sasedulur. Nalika semono bangsa Israèl ana ing pembuwangan ing tanah Babil.
1:12 Ana ing tanah Babil kono Yékhonya peputra Séaltièl. Séaltièl peputra Zérubabel.
1:13 Zérubabel peputra Abihud. Abihud peputra Èlyakim. Èlyakim peputra Azur.
1:14 Azur peputra Zadhok. Zadhok peputra Akhim. Akhim peputra Éliud.
1:15 Éliud peputra Èléazar. Èléazar peputra Matan. Matan peputra Yakub.
1:16 Yakub peputra Yusuf. Yusuf kuwi garwané Maryam. Maryam iki sing mbabar Gusti Yésus, sing disebut Mèsias *Mèsiah utawi Mèsias: tegesipun: “Jinebadan”.* (Tembung Ibrani ‘Mèsiah’ kuwi basané Yunani ‘Kristus’.)
1:17 Dadi saka Bapak Abraham tekan Prabu Dawud, kabèh ana patbelas turunan, saka Prabu Dawud tekan jaman pembuwangan menyang tanah Babil ana patbelas turunan. Semono uga saka jaman pembuwangan menyang tanah Babil tekan wiyosé Sang Kristus ana patbelas turunan.
1:18 Anadéné wiyosé Gusti Yésus Kristus kuwi kelakoné mengkéné: Nalika Maryam ibuné Gusti Yésus isih pacangan karo Yusuf, lan durung padha ningkah, Maryam wis mbobot merga saka pangwasané Sang Roh Suci.
1:19 Sarèhné wong mursid, Yusuf ora gelem gawé wirangé Maryam ana ing ngarepé wong akèh; mula thukul gagasané arep medhot enggoné pepacangan karo Maryam mau kanthi meneng-menengan.
1:20 Nanging bareng lagi nggagas-nggagas mengkono, banjur ana Malaékaté Pangéran nemoni Yusuf sajroning impèn. Malaékat mau ngandika: “Yusuf, tedhak-turuné Dawud, kowé aja mangu-mangu ngepèk Maryam dadi bojomu, awit bayi sing ana ing wetengané kuwi asalé saka pangwasané Sang Roh Suci.
1:21 Maryam bakal mbabar putra kakung. Bayi kuwi namakna Yésus, awit iya Panjenengané kuwi sing bakal nylametaké umaté saka ing dosané.”
1:22 Kuwi mau kabèh supaya kelakon sing dingandikakaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné:
1:23 “Bakal ana prawan mbobot, sarta mbabar putra kakung, kang bakal dinamakaké Immanuèl.” (‘Immanuèl’, kuwi basa Ibrani, tegesé: ‘Allah nunggil karo kita’.)
1:24 Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakoni kaya sing didhawuhaké déning Malaékaté Pangéran mau. Maryam banjur diningkah,
1:25 nanging ora diwori turu nganti tumekané babaran. Putrané kakung; Yusuf namakaké putra mau Yésus.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Matius 2

2:1 Kutha panggonané Gusti Yésus miyos mau arané Bètléhèm, dunungé ing tanah Yudéa. Nalika semono sing jumeneng raja ing tanah Yudéa Sang Prabu Hérodès. Ing kono ana ahli palintangan sawetara saka tanah Wétan padha teka ing kutha Yérusalèm.
2:2 Banjur padha takon: “Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos menika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing sisih Wétan; lan enggèn kula dhateng mriki menika sami badhé saos bekti dhateng Panjenenganipun.”
2:3 Bareng krungu sing mengkono mau Sang Prabu Hérodès kagèt banget. Semono uga wong sakutha Yérusalèm iya padha kagèt.
2:4 Sang Prabu banjur utusan ngumpulaké para pengareping imam lan para ahli Torèt, banjur padha didangu: “Sang Kristus kuwi bakal miyos ana ing endi?”
2:5 Wangsulané sing padha didangu: “Wonten ing kitha Bètléhèm, ing tanah Yudéa. Kados ingkang sampun kaserat déning nabi, mekaten:
2:6 ‘Kowé kutha Bètléhèm, ing tanah Yéhuda, *tanah Yéhuda: Samenika kawastanan tanah Yudéa.* kowé babar-pisan dudu kutha sing rèmèh dhéwé ing antarané kutha-kutha ing Yéhuda. Awit saka ing kowé bakal miyos panuntun kang bakal ngengon umat-Ku Israèl.’ “
2:7 Sawusé olèh katerangan mengkono, Sang Prabu Hérodès banjur utusan nimbali para ahli palintangan saka tanah Wétan mau kanthi dhedhemitan. Sang Prabu banjur ndangu klawan tliti kapan sanyatané lintang kuwi olèhé wiwit katon.
2:8 Sawisé kuwi para ahli palintangan mau kadhawuhan mangkat menyang kutha Bètléhèm, karo diweling mengkéné: “Padha mangkata, titi priksanen sing tliti bab Sang Bayi kuwi. Déné yèn wis ketemu, énggal padha matura marang aku, supaya aku iya bisa mrana saos bekti marang Panjenengané.”
2:9 Sawisé nampani dhawuhé Sang Prabu Hérodès mau, para ahli palintangan banjur padha mangkat. Sajroné padha mlaku, lintang sing mauné padha dideleng ana ing Wétan, kuwi katon menèh. Lintang kuwi ndhisiki lakuné, banjur mandheg ana ing ndhuwuré padunungané Sang Bayi.
2:10 Bareng weruh lintang mau, para ahli palintangan padha bungah banget.
2:11 Tumuli padha mlebu ing omah lan ing kono padha weruh Sang Putra karo Maryam, ibuné. Banjur padha sujud lan nyembah marang Sang Putra. Sawisé mengkono para ahli palintangan mau banjur padha mbukaki pethiné raja-brana, lan nyaosaké pisungsung marang Sang Bayi, arupa mas, menyan lan blendok mur.
2:12 Nalika mulih, para ahli palintangan mau padha ora metu ing dalan sing mauné diliwati. Sebab padha olèh dhawuh saka Pangéran ing sajroné impèn, supaya aja padha bali sowan ing ngarsané Sang Prabu Hérodès.
2:13 Bareng para ahli palintangan wis padha mangkat, nuli ana Malaékating Pangéran ngetingal marang Yusuf sajroné impèn. Malaékat mau ngandika: “Tangia, Sang Putra lan ibuné padha ungsèkna menyang tanah Mesir. Manggona ana ing kana nganti aku awèh weruh marang kowé, awit Sang Prabu Hérodès bakal nggolèki Sang Putra, arep disédani.”
2:14 Yusuf tangi, ing bengi kuwi uga banjur nggawa Sang Putra lan ibuné ngungsi menyang tanah Mesir.
2:15 Banjur padha manggon ana ing kono nganti sasédané Sang Prabu Hérodès. Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing wis didhawuhaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné: “Saka ing tanah Mesir enggon-Ku nimbali Putra-Ku.”
2:16 Sang Prabu Hérodès duka banget, sebab pirsa yèn diapusi déning para ahli palintangan saka ing tanah Wétan mau. Panjenengané banjur dhawuh matèni sakèhé bocah lanang ing kutha Bètléhèm lan sakiwa-tengené, sing umuré rong taun sapengisor, manut pétungan wektu sing dikandhakaké déning para ahli palintangan mau.
2:17 Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing wis tau dingandikakaké déning Nabi Yérémia:
2:18 “Ana swara keprungu ing kutha Rama, yakuwi pasambat lan panangis. Rahèl nangisi anak-anaké; lan emoh dilipur, awit anak-anaké wis padha mati.”
2:19 Bareng Sang Prabu Hérodès wis séda, Malaékating Pangéran ngetingal menèh marang Yusuf sajroné impèn ing tanah Mesir.
2:20 Malaékat mau dhawuh: “Tangia! Sang Bayi lan ibuné gawanen bali menyang tanah Israèl, awit wong sing padha ngarah sédané Sang Bayi wis padha mati.”
2:21 Yusuf tangi, Sang Bayi lan Maryam banjur digawa bali menyang tanah Israèl.
2:22 Nanging bareng krungu yèn Pangéran Arkélaus, putrané Sang Prabu Hérodès, nggentosi ramané jumeneng raja ana ing tanah Yudéa, arep mrana Yusuf atiné sumelang. Sarèhné Yusuf iya tampa dhawuh saka Pangéran ing sajroning impèn, mulané banjur lunga menyang tanah Galiléa,
2:23 banjur manggon ing kutha Nasarèt. Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing dingandikakaké déning para nabi, yèn Gusti Yésus bakal kasebut “Wong Nasarèt.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Matius 3

3:1 Ing nalika semana Nabi Yohanes Pembaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudéa, lan memulang ana ing kono.
3:2 Pangandikané: “Padha mratobata saka dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Gusti Allah kersa ngedegaké Kratoné!”
3:3 Nabi Yohanes kuwi pancèn wong sing wis diweca rawuhé déning Nabi Yésaya mengkéné: “Ana wong nguwuh-uwuh ing ara-ara samun, ‘Padha nyawisna dalané Pangéran; lencengna lan ratanen dalan sing bakal diambah.’ “
3:4 Nabi Yohanes kuwi agemané digawé saka wulu unta. Sabuké saka lulang. Sing didhahar walang lan madu alas.
3:5 Akèh wong sing marani Nabi Yohanes mau, saka kutha Yérusalèm, saka tanah Yudéa lan saka wilayah sakiwa-tengené Kali Yardèn.
3:6 Wong-wong mau padha ngakoni dosa-dosané, banjur padha dibaptis déning Nabi Yohanes ing Kali Yardèn.
3:7 Uga akèh wong Farisi lan wong Saduki sing padha teka marani Nabi Yohanes, nyuwun dibaptis. Nalika Nabi Yohanes pirsa wong-wong mau, banjur ngandika: “Kowé anak ula, sapa sing akon kowé padha nyingkiri bebenduné Gusti Allah marang kowé?
3:8 Buktèkna srana kelakuanmu yèn kowé wis mratobat temenan.
3:9 Lan aja ngira yèn kowé bisa mbeneraké awakmu dhéwé ana ing ngarsané Gusti Allah srana muni: ‘Aku rak tedhak-turuné Abraham.’ Ngertia, yèn Gusti Allah kwaos nganakaké turuné Abraham saka watu-watu iki!
3:10 Wadungé wis cumepak kanggo negor wit ing poking oyodé. Saben wit sing ora ngetokaké woh becik, bakal ditegor lan dibuwang ing geni.
3:11 Aku mbaptis kowé nganggo banyu kanggo mretandhani yèn kowé wis mratobat ninggal dosa-dosamu; nanging Panjenengané kang bakal rawuh sapungkurku, kuwi sing bakal mbaptis kowé srana Roh Suci lan geni. Panjenengané luwih kwasa ketimbang aku. Senajan mung nguculi trumpahé waé aku ora pantes.
3:12 Panjenengané wis ngasta tampah kanggo napèni, lan lesungé bakal dikeludi nganti resik. Berasé bakal diklumpukaké ana ing lumbung, nanging mrambuté bakal diobong ing geni sing ora bisa sirep.”
3:13 Nalika semana Gusti Yésus tindak saka tanah Galiléa menyang Kali Yardèn. Panjenengané murugi Nabi Yohanes lan mundhut supaya dibaptis.
3:14 Nanging Nabi Yohanes menggak, aturé: “Kawula ingkang prelu Panjenengan baptis, koksamenika malah Panjenengan ingkang mundhut kawula baptis.”
3:15 Nanging Gusti Yésus ngandika: “Wis ta, bèn waé, awit srana mengkono Aku lan kowé padha netepi sing dadi kersané Gusti Allah.” Nabi Yohanes nuli nuruti kersané.
3:16 Sawisé dibaptis, Gusti Yésus mentas saka ing banyu. Dumadakan Panjenengané kawenganan langit lan mirsa Sang Roh Suci tumurun kaya manuk dara, nedhaki Panjenengané.
3:17 Banjur ana swara saka ing langit: “Iki Putra-Ku, sing Daktresnani, sing gawé renaning penggalih-Ku.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Matius 4

4:1 Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur katuntun déning Sang Roh Suci menyang ara-ara samun, supaya digodha déning Iblis.
4:2 Ana ing kono Gusti Yésus siyam patang puluh dina patang puluh bengi. Banjur kraos luwé.
4:3 Iblis nuli teka sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan matur mengkéné: “Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, mangga séla-séla menika Panjenengan sabdakaken dados roti.”
4:4 Gusti Yésus paring wangsulan: “Wis katulis ing Kitab Suci: Manungsa kuwi uripé ora mung saka roti waé, nanging saka sakèhing sabda sing didhawuhaké déning Gusti Allah.”
4:5 Iblis banjur nggawa Gusti Yésus menyang kutha Yérusalèm lan mapanaké Panjenengané ana ing wuwunging Pedalemané Allah.
4:6 Iblis nuli matur: “Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog; sebab wonten ing Kitab Suci wonten seratan mekaten: ‘Pangéran bakal ndhawuhi para malaékaté njaga marang kowé, lan kowé bakal dithadhahi ing tangané supaya aja nganti kena ing watu.’ “
4:7 Pangandikané Gusti Yésus: “Nanging ing Kitab Suci iya ana tulisan mengkéné: ‘Kowé aja nyoba marang Pangéran Allahmu.’ “
4:8 Gusti Yésus banjur digawa déning Iblis, menyang gunung sing dhuwur banget. Ana ing kono Gusti Yésus diaturi mirsani sakèhé kraton ing donya sakamulyané kabèh.
4:9 Iblis banjur matur marang Gusti Yésus: “Sedaya menika kula caosaken dhateng Panjenengan, angger Panjenengan sujud nyembah dhateng kula.”
4:10 Gusti Yésus ngandika: “Wis lungaa, Sétan! Awit ing Kitab Suci wis tinulis mengkéné: ‘Pangéran Allahmu sing wajib koksembah lan mung Panjenengané sing wajib kokbektèni!’ “
4:11 Wusana Iblis banjur lunga saka ngarsané Gusti Yésus; malaékat-malaékat tumuli padha sowan ngladosi Panjenengané.
4:12 Bareng midhanget, yèn Nabi Yohanes dikunjara, Gusti Yésus banjur nyingkir menyang tanah Galiléa.
4:13 Panjenengané pindhah saka kutha Nasarèt lan dedalem ana ing kutha Kapèrnaum. Kutha kuwi dunungé ana ing sapinggiré Tlaga Galiléa, ing tanah Zébulon lan Naftali,
4:14 trep karo sing dingandikakaké Nabi Yésaya, mengkéné:
4:15 “Tanah Zébulon lan tanah Naftali, sing ana ing sauruting dalan menyang tlaga, ing sabrangé Kali Yardèn, tanah Galiléa panggonané bangsa-bangsa liya!
4:16 Wong-wong sing padha manggon ing pepeteng wis padha weruh pepadhang gedhé! Pepadhang wis sumunar madhangi wong-wong sing padha manggon ing tanah sing dikwasani déning dayaning pati!”
4:17 Ing wektu kuwi Gusti Yésus wiwit mulang, pangandikané: “Padha mratobata ninggal dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Kratoné Allah arep diwiwiti!”
4:18 Nalika lagi tindak ing sapinggiring Tlaga Galiléa, Gusti Yésus mirsa wong loro, kakang-adhi, yakuwi Simon sing karan Pétrus karo Andréas, adhiné. Wong loro mau lagi padha njala, awit loro-loroné padha tukang njala iwak.
4:19 Gusti Yésus ngandika marang wong loro mau: “Padha mèlua Aku, kowé arep padha Dakwarahi dadi tukang njala wong.”
4:20 Sanalika jalané ditinggal, banjur padha ndhèrèk Gusti Yésus.
4:21 Gusti Yésus banjur nerusaké tindaké, sarta mirsa wong loro menèh, iya kakang-adhi, yakuwi Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébedéus. Wong loro mau karo bapakné lagi ana ing prau, nyulami jalané, banjur padha ditimbali déning Gusti Yésus.
4:22 Sanalika prau lan bapakné ditinggal, nuli padha ndhèrèk Gusti Yésus.
4:23 Gusti Yésus banjur ndlajahi tanah Galiléa. Panjenengané memulang ana ing sinagogé-sinagogé *sinagogé: inggih menika papan pangibadahipun tiyang Yahudi.* lan martosaké Injil bab Kratoné Allah. Wong lara lan wong cacad padha diwarasaké.
4:24 Kabar bab Gusti Yésus kuwi banjur sumebar satanah Siria kabèh, nganti wong akèh padha sowan marang Panjenengané. Wong lara lan wong nandhang kasangsaran rupa-rupa padha disowanaké, kayata: wong kesurupan, wong lara ayan lan wong lumpuh, kabèh padha diwarasaké déning Gusti Yésus.
4:25 Nalika semono akèh banget wong sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus, ana sing saka tanah Galiléa, ana sing saka kutha Dékapolis, ana sing saka kutha Yérusalèm, saka tanah Yudéa, lan iya ana sing saka tanah sabrangé Kali Yardèn.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Matius 5

5:1 Bareng Gusti Yésus mirsa wong akèh mau, banjur minggah ing punthuk. Sawisé lenggah, para muridé padha mapan lungguh ngubengi Panjenengané.
5:2 Gusti Yésus tumuli wiwit mulang:
5:3 “Begja wong sing rumangsa ringkih ana ing ngarsané Pangéran; awit wong sing kaya ngono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné Allah.
5:4 Begja wong sing prihatin; awit bakal padha dilipur déning Gusti Allah.
5:5 Begja wong sing andhap-asor, awit bakal padha tampa prasetyané Gusti Allah.
5:6 Begja wong sing kepéngin banget nglakoni kersané Gusti Allah; awit Gusti Allah bakal gawé mareming atiné.
5:7 Begja wong sing seneng melasi wong liya; awit bakal diwelasi déning Gusti Allah.
5:8 Begja wong sing resik atiné; awit bakal wanuh marang Gusti Allah.
5:9 Begja wong sing padha seneng ngrukunaké, awit bakal disebut para putrané Gusti Allah.
5:10 Begja wong sing disiya-siya merga enggoné nglakoni kersané Gusti Allah; awit wong sing mengkono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné Allah.
5:11 Begja kowé menawa diwewada, disiya-siya lan dipitenah merga saka enggonmu dadi murid-Ku.
5:12 Para nabi sadurungé kowé iya padha disiksa kaya mengkono. Padha bungaha lan dipadha gembira, sebab gedhé ganjaran sing bakal kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé.”
5:13 “Kowé kuwi upamané kaya uyah kanggo nguyahi jagad. Yèn uyah ilang asiné, apa sing kena kanggo mulihaké asiné? Uyah sing mengkono mau wis ora ana gunané, mulané mung bakal dibuwang lan diidak-idak déning wong.
5:14 Kowé kuwi upamané kaya pepadhang sing dibutuhaké déning wong sajagad kabèh. Kutha sing ana ing ndhuwur gunung kuwi ora kena dialing-alingi.
5:15 Lan menèh ora ana wong sing nyumed lampu, banjur ditutupi nganggo tompo, nanging malah bakal numpangaké lampu mau ana ing papan sing dhuwur, supaya bisa madhangi saben wong sing ana ing omah kono.
5:16 Mengkono uga padhangmu madhangana marang wong, supaya padha neksèni penggawému sing becik, temah wong-wong mau padha ngluhuraké Ramamu sing ana ing swarga.”
5:17 “Kowé aja padha ngira, yèn teka-Ku iki arep mbatalaké Torèt, sing diwulangaké Nabi Musa lan para nabi liyané, nanging malah arep nyampurnakaké.
5:18 Ngertia, salawasé isih ana langit lan bumi, Torèt mau ora bakal batal, senajan mung titik utawa saaksara waé.
5:19 Mulané sing sapa nerak salah sawijining angger-angger mau, senajan sing katoné cilik dhéwé, lan mulangaké marang wong liya nglakoni mengkono, iku bakal olèh papan sing asor dhéwé ana ing Kratoné Allah. Nanging sing sapa nglakoni lan mulangaké kabèh pepakoning Torèt, iku bakal olèh papan sing dhuwur ana ing Kratoné Allah.
5:20 Mulané éling-élingen: Kowé ora bakal kepétung dadi umat ana ing Kratoné Allah, yèn olèhmu nglakoni Angger-anggeré Torèt ora luwih sampurna ketimbang karo sing ditindakaké déning para ahli Torèt lan para wong Farisi.”
5:21 “Kowé padha ngerti yèn leluhur kita diwulang mengkéné: Kowé aja matèni wong; sing sapa matèni wong kudu diadili.
5:22 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa nepsoni seduluré, kudu diadili; lan sing sapa misuhi seduluré, iya kudu diadili déning Predataning Agama. Lan sing sapa ngunèkaké seduluré: ‘Goblog’, wong kuwi kudu dicemplungaké ing geniné nraka.
5:23 Mulané yèn kowé pinuju nyaosaké pisungsungmu marang Gusti Allah, mangka kowé kèlingan ana sedulur sing lara atiné karo kowé,
5:24 pisungsungmu tinggalen ing sangareping mesbèh. Wong mau paranana, rukuna dhisik karo dhèwèké, yèn wis banjur balia, nyaosna pisungsungmu.
5:25 Yèn ana wong nggugat kowé menyang pengadilan, sajroné lagi padha bebarengan mlaku mrana, kowé ngaraha rukun dhisik karo wong sing nggugat mau. Yèn kowé ora ngarah rukun dhisik, wong mau bakal ngajokaké kowé marang jeksa lan jeksa bakal masrahaké kowé marang polisi. Polisi nuli bakal nglebokaké kowé menyang kunjara.
5:26 Élinga, yèn kowé bakal ora bisa metu saka kunjara mau, samasa utangmu durung koksaur nganti lunas.”
5:27 “Kowé wis padha ngerti piwulang sing surasané: Kowé aja laku jina.
5:28 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa mandeng wong wadon kanthi rasa sir, wong mau wis laku jina karo wong wadon mau ing sajroning atiné.
5:29 Yèn mripatmu tengen marakaké kowé gawé dosa, mripat kuwi cukilen lan buwangen! Luwih becik kowé kélangan pérangané badanmu salah siji, ketimbang karo badanmu sekojur kacemplungaké ing nraka.
5:30 Yèn tanganmu tengen njalari kowé nglakoni dosa, tangan kuwi kethoken, banjur buwangen! Luwih becik kowé kélangan tanganmu sesisih ketimbang karo badanmu sekojur mlebu ing nraka.”
5:31 “Uga ana piwulang sing surasané: Sing sapa megat bojoné, kudu awèh layang pegat.
5:32 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa megat bojoné, mangka bojoné mau ora laku jina, kuwi marakaké bojoné mau laku jina, yakuwi samangsa sing dipegat mau kawin menèh. Lan wong liya sing kawin karo sing dipegat mau, iya banjur katut laku jina.”
5:33 “Kowé padha ngerti yèn leluhur kita padha diwulang mengkéné: Kowé aja mblénjani janji. Yèn kowé wis janji karo wong nganggo sumpah ing ngarsané Gusti Allah, kudu koktetepi.
5:34 Nanging saiki Aku ngandhani kowé: Kowé aja pisan-pisan sumpah. Aja sumpah demi langit, awit langit kuwi palenggahané Gusti Allah.
5:35 Utawa demi bumi, awit bumi kuwi ancik-anciking sampéyané Gusti Allah; utawa aja demi kutha Yérusalèm, awit kutha Yérusalèm kuwi kuthané Sang Prabu.
5:36 Iya aja sumpah demi sirahmu, awit kowé dhéwé ora bisa gawé uwan, saeler waé ora bisa.
5:37 Munia waé ‘Iya’ utawa ‘Ora’. Luwihé saka kuwi pinangkané saka Iblis.”
5:38 “Angger-anggeré Nabi Musa nyebutaké mengkéné: Sapa sing ngrusak mripat, kudu genti dirusak mripaté lan sing ngrusak untu, kudu genti dirusak untuné.
5:39 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Aja males marang wong sing gawé piala marang kowé. Malah yèn ana wong napuk pipimu tengen, karebèn napuk pipimu kiwa pisan.
5:40 Lan yèn ana wong ngladèkaké kowé marang hakim merga arep njaluk keméjamu, jasmu wènèhna pisan.
5:41 Yèn kowé dipeksa wong nggawakaké barangé sakilometer, gawakna nganti rong kilomèter.
5:42 Yèn ana wong njaluk apa-apa marang kowé, wènèhana lan aja nulak wong sing arep utang marang kowé.”
5:43 “Kowé wis padha ngerti piwulang iki: Tresnaa marang kanca-kancamu lan sengita marang mungsuhmu.
5:44 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Padha tresnaa marang mungsuhmu, lan wong sing nganiaya kowé, padha dongakna,
5:45 supaya ketitika yèn kowé kuwi para putrané Ramamu ing swarga. Awit Ramamu maringi padhanging srengéngé marang wong sing becik, nanging uga marang wong sing ala. Ramamu maringi udan marang wong sing nglakoni kabecikan lan uga marang wong sing nglakoni piala.
5:46 Awit yèn kowé mung nresnani marang wong sing tresna marang kowé, apa preluné Gusti Allah males penggawému kuwi? Apa wong sing karem bandha uga ora tumindak mengkono?
5:47 Lan yèn kowé awèh salam mung marang kanca-kancamu waé, kaluwihanmu apa? Wong sing ora wanuh marang Gusti Allah rak iya padha tumindak mengkono!
5:48 Mulané kowé kudu padha sampurna, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Matius 6

6:1 “Padha élinga! Aja padha nglakoni pangibadahmu kanggo paméran ana ing sangareping wong. Yèn kowé tumindak mengkono, kowé ora bakal nampani ganjaran saka Ramamu ing swarga.
6:2 Mulané yèn kowé padha dedana, aja kokwartak-wartakaké kaya sing ditindakaké déning wong lamis. Wong lamis lumrahé nindakaké sing mengkono mau ana ing papan-papan pangibadah lan ing dalan-dalan gedhé, pamrihé supaya dialem déning wong. Élinga, wong-wong sing kaya ngono kuwi wis padha olèh piwalesé penggawéné.
6:3 Nanging tumrap kowé, yèn kowé dedana, aja nganti wong liya padha ngerti enggonmu wèwèh,
6:4 supaya aja ana wong siji waé ngerti enggonmu dedana. Ramamu ing swarga pirsa penggawému sing ora diweruhi déning wong; lan Panjenengané bakal paring piwales marang kowé.”
6:5 “Yèn kowé ndedonga, aja kaya wong lamis. Wong lamis lumrahé padha ndedonga karo ngadeg ing papan-papan pangibadah lan ana ing pinggir dalan, pamrihé supaya katon ing wong. Élinga, wong sing mengkono mau wis padha nampani opahé.
6:6 Nanging kowé yèn ndedonga, mlebua ing kamar, lan kancingen lawangé, banjur ndedongaa marang Ramamu sing ora katon. Panjenengané pirsa apa sing koktindakaké, senajan wong liya ora padha weruh. Ramamu bakal maringi ganjaran marang kowé.
6:7 Yèn kowé ndedonga, aja kedawan kaya adaté wong sing ora wanuh karo Gusti Allah. Wong mau padha ngira yèn Gusti Allah mirengaké pandongané, merga pandongané dawa.
6:8 Aja padha niru sing kaya ngono kuwi. Ramamu wis pirsa apa sing kokbutuhaké, sadurungé kowé nyuwun.
6:9 Mulané ndedongaa mengkéné: ‘Rama kawula ingkang wonten ing swarga: Asma Paduka ingkang suci mugi dipun urmati déning sedaya tiyang.
6:10 Kraton Paduka mugi dipun èstokaken déning sedaya tumitah ing salumahing bumi, kados déné pangrèh wau wonten ing swarga inggih dipun èstokaken déning para malaékat.
6:11 Mugi kawula Paduka paringi rejeki ing dinten menika.
6:12 Kalepatan kawula mugi Paduka apunten, kados déné kawula inggih ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami damel kalepatan dhateng kawula.
6:13 Kawula mugi sampun ngantos Paduka tégakaken kénging ing godha, nanging mugi Paduka uwalaken saking piawon. [Awit Paduka menika ingkang ngerèh samukawis, ingkang kagungan pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing selaminipun. Amin.]‘
6:14 Yèn kowé ngapura wong sing keluputan marang kowé, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura keluputanmu.
6:15 Nanging menawa kowé ora ngapura keluputané wong liya, Ramamu ing swarga iya ora bakal ngapura keluputanmu.”
6:16 “Yèn kowé padha pasa, ulatmu aja kokgawé suntrut kaya carané wong lamis. Wong-wong mau ulaté digawé-gawé katon lesu, supaya wong kabèh padha ngerti yèn dhèwèké lagi pasa. Élinga, wong sing mengkono kuwi wis padha nampa piwales ing samesthiné.
6:17 Nanging kowé, yèn pasa, raupa lan rambutmu jungkatana,
6:18 supaya ora ana wong sing ngerti yèn kowé lagi pasa. Preluné mung Ramamu ing swarga sing ora katon, kuwi waé sing pirsa apa sing koklakoni, senajan wong liya ora ana sing weruh. Lan Panjenengané bakal maringi piwalesé marang kowé.”
6:19 “Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya. Awit bandha donya kuwi bisa rusak déning rayap lan renget, lan kena dicolong maling.
6:20 Nanging padha nglumpukna bandha ana ing swarga. Awit ing swarga ora ana rayap lan renget sing bisa ngrusak bandha mau, lan maling iya ora bisa mbabah lan nyolong.
6:21 Awit ing ngendi dunungé bandhamu, iya ana ing kono dunungé atimu.”
6:22 “Mripat kuwi kaya déné lampu tumraping badan. Yèn mripatmu waras, badanmu sekojur iya dadi padhang.
6:23 Nanging yèn mripatmu cacad, badanmu sekojur iya dadi peteng. Dadi yèn lampu sing ana ing badanmu kuwi dadi peteng, méndah kaya apa petengé.”
6:24 “Ora ana wong sing bisa ngrangkep ngawula bendara loro. Sebab wong mau bakal sengit marang bendara sing siji lan nresnani marang bendara sijiné. Utawa bakal setya marang bendara sing siji lan nyepèlèkaké bendara liyané. Semono uga kowé. Kowé ora bisa ngawula marang Gusti Allah lan uga ngawula marang Mamon.
6:25 Mulané élinga! Aja padha nyumelangaké bab panguripanmu, yakuwi bab apa sing bakal kokpangan utawa kokombé, utawa apa sing bakal kokenggo. Apa urip kuwi ora luwih aji ketimbang karo pangan, lan badan apa ora luwih aji ketimbang karo sandhangan?
6:26 Coba delengen, manuk-manuk sing padha mabur mrana-mréné, kaé rak ora nyebar wiji, ora ngundhuh, lan uga ora nyimpen panènané ana ing lumbung. Éwasemono Ramamu ing swarga ngopèni manuk-manuk mau! Apa kowé ora luwih aji ketimbang karo manuk-manuk kuwi?
6:27 Sapa panunggalanmu sing bisa nyambung uripé merga sumelang?
6:28 Mengkono menèh yagéné kowé padha nyumelangaké bab sandhanganmu? Coba delengen, kembang-kembang sing padha thukul dhéwé ana ing ara-ara. Kembang-kembang kuwi rak padha ora nyambut-gawé lan padha ora nenun.
6:29 Nanging delengen, senajan Sang Prabu Suléman sing sugihé kaya ngana, éndahing agemané ora kaya kembang-kembang kuwi!
6:30 Yèn selaginé suket ing ara-ara sing dina iki tuwuh sarta sésuk wis dibuwang lan diobong waé direngga semono éndahé déning Gusti Allah, apa menèh kowé! Dhasaré kowé kuwi cupet ing pengandel.
6:31 Aja padha kuwatir lan muni: ‘Sing padha dakpangan mengko apa? Utawa sing padha dakombé mengko apa, utawa sing padha dakenggo apa?’
6:32 Sing padha ngudi barang-barang mengkono kuwi rak wong-wong sing padha ora wanuh karo Gusti Allah. Ramamu ing swarga rak wis pirsa yèn barang-barang mau kabèh kokbutuhaké.
6:33 Mulané sing luwih dhisik kudu kokudi yakuwi, kepriyé enggonmu bisa mbangun-turut marang pepakon-pepakoné Gusti Allah, kaya déné umat ana ing Kratoné. Yèn kowé wis bisa mrelokaké prekara kuwi, samubarang kabèh uga bakal diparingaké marang kowé.
6:34 Mulané, aja padha kuwatir bab dina sésuk, awit dina sésuk ana karépotané dhéwé. Ngrasakaké karépotané dina saiki waé wis abot, aja ditambahi karépotané dina sésuk.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Matius 7

7:1 “Aja padha ngadili wong liya, supaya kowé dhéwé iya ora diadili déning Gusti Allah.
7:2 Awit Gusti Allah ngagem wewaton sing kokenggo ngadili wong liya mau kanggo netepaké ala-becikmu. Lan ukuran-ukuran sing kokenggo ngukur wong liya, iya ukuran kuwi sing diagem déning Gusti Allah kanggo ngukur kowé.
7:3 Apa sebabé déné tatal sing ana ing mripaté wong liya, kowé weruh, nanging balok sing ana ing mripatmu dhéwé, kowé ora weruh?
7:4 Kokwani-wanimu ngandhani wong liya: ‘Tatal ing mripatmu dakilangané’, mangka ing mripatmu dhéwé ana baloké?
7:5 Dhasaré kowé kuwi wong lamis! Balok ing mripatmu kuwi ilangana dhisik, banjur kowé lagi bisa ndeleng klawan cetha lan bisa ngilangi tatal sing ana mripaté wong liya mau.
7:6 Barang sing suci aja kokuncalaké nyang asu, awit asu mau bakal minger lan nyander kowé. Lan mutiara aja kokuncalaké nyang babi, jalaran mutiara mau mung bakal diidak-idak.”
7:7 “Padha nyenyuwuna marang Gusti Allah, temah kowé bakal diparingi. Padha nggolèkana Panjenengané, mesthi bakal ketemu. Padha nothoka koriné Gusti Allah, temah kowé bakal padha diwengani.
7:8 Awit wong sing padha mantep ing panyuwun marang Gusti Allah, bakal kaparingan, lan wong sing tansah nggolèki Gusti Allah, bakal ketemu Panjenengané; lan wong sing tansah thothok-thothok ing koriné Gusti Allah, bakal diwengani.
7:9 Apa panunggalanmu ana sing dijaluki roti anaké kokmènèhi watu?
7:10 Utawa mènèhi ula, yèn anaké njaluk iwak?
7:11 Senajan kowé alaa kaya apa, kowé padha ngerti mènèhi barang sing becik marang anak-anakmu. Apa menèh Gusti Allah, Ramamu ing swarga. Panjenengané bakal maringi barang sing becik marang saben wong sing nyenyuwun marang Panjenengané!”
7:12 “Apa sing kokkarepaké supaya ditindakaké déning wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau. Iya kuwi sariné Angger-anggering Torèt, sing diwulangaké déning Nabi Musa lan nabi-nabi liyané.”
7:13 “Padha mlebua metu lawang sing ciyut, awit lawang sing amba lan dalan sing jembar kuwi anjog ing nraka! Mangka akèh wong sing padha milih dalan mau.
7:14 Kosokbaliné lawang sing ciyut lan dalan sing rumpil, kuwi anjog marang kauripan, lan mung sethithik cacahé wong sing milih dalan kuwi.”
7:15 “Padha sing ngati-ati; ana nabi-nabi palsu. Wong-wong mau padha nekani kowé méndha-méndha wedhus gèmbèl, mangka sejatiné asu ajag sing galak.
7:16 Ketitiké wong mau saka penggawéné. Apa ana thethukulan eri ngetokaké woh anggur lan apa ana rerungkudan ngetokaké woh ara?
7:17 Wit sing waras ngetokaké woh sing becik, lan wit sing geringen ngetokaké woh sing ala.
7:18 Wit sing becik ora bisa ngetokaké woh sing ala, lan wit sing geringen ora bisa ngetokaké woh sing becik.
7:19 Saben wit sing ora ngetokaké woh sing becik, ditegor lan diobong.
7:20 Mengkono uga kedadéané para nabi palsu mau. Kowé bakal padha bisa nitik wong-wong mau saka wohing penggawéné.”
7:21 “Sing dadi umat ana ing Kratoné Allah kuwi dudu angger wong sing matur marang Aku: ‘Gusti, Gusti’, nanging mung wong sing padha nglakoni kersané Rama-Ku ing swarga.
7:22 Ing Dina Kiamat bakal akèh wong sing padha matur marang Aku: ‘Gusti, Gusti, kawula rak sampun martosaken pangandikanipun Gusti Allah atas asma Paduka? Lan kawula rak sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, menapa malih sampun damel mujijat kathah atas asma Paduka?’
7:23 Nanging Aku bakal mangsuli: ‘Aku ora wanuh karo kowé! Padha sumingkira saka ing kéné, kowé wong sing seneng gawé piala!’ “
7:24 “Wong sing ngrungokaké lan nglakoni piwulang-Ku, kuwi padha karo wong pinter sing ngedegaké omahé ana ing padhasan.
7:25 Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau ora rubuh, awit ngadeg ana ing padhasan.
7:26 Nanging sapa sing ngrungokaké piwulang-Ku, mangka ora nglakoni, kuwi padha karo wong bodho, sing ngedegaké omahé ing lemah pasir.
7:27 Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau nuli ambruk, lan rusak banget!”
7:28 Bareng Gusti Yésus wis rampung enggoné memulang, wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé.
7:29 Awit enggoné mulang kanthi pangwasa, ora kaya pamulangé ahli Torèt.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Matius 8

8:1 Gusti Yésus mandhap saka ing gunung, kadhèrèkaké déning wong akèh.
8:2 Ing kono ana wong lara kusta. Wong mau sowan lan sujud ing ngarsané Gusti Yésus, sarta matur: “Gusti, menawi Panjenengan kersa, inggih temtu saged nyarasaken kawula.”
8:3 Gusti Yésus banjur mulung astané, ndemèk wong mau. Pangandikané: “Ya! Aku kersa. Warasa!” Sanalika iku uga lelarané kusta ilang, lan wong mau waras.
8:4 Gusti Yésus banjur ngandika marang wong mau: “Poma, bab iki aja kokkandhakaké marang sapa waé. Sowana marang imam, aturana mriksa awakmu. Sawisé kuwi saosna kurban miturut préntahé Nabi Musa, kanggo mbuktèkaké marang wong-wong, yèn kowé wis waras tenan!”
8:5 Nalika Gusti Yésus mlebu ing kutha Kapèrnaum, ana perwira tentara Rum sowan ing ngarsané, sarta nyuwun pitulungané Gusti.
8:6 Aturé wong mau: “Gusti, réncang kawula sakit wonten ing griya. Tiyang wau nggluntung ing patileman, lan ngraosaken sakit sanget.”
8:7 Gusti Yésus ngandika: “Iya, Aku Dakmrana marasaké.”
8:8 Nanging aturé perwira mau: “Ah, mbok mboten sisah rawuh piyambak. Kawula mboten pantes nampèni Gusti ing griya kawula. Panjenengan kawula aturi dhawuh kémawon, mangké réncang kawula mesthi saras!
8:9 Awit kawula piyambak inggih kedah tundhuk dhateng pengageng kawula. Lan sangandhap kawula inggih wonten rèrèhan prejurit-prejurit ingkang kedah tundhuk dhateng préntah kawula. Menawi kawula akèn dhateng ingkang setunggal: ‘Lungaa’, piyambakipun inggih késah. Menawi kawula ngundang sanèsipun: ‘Mrénéa’, piyambakipun inggih nunten dhateng; utawi menawi kawula akèn réncang kawula: ‘Iki lakonana’, piyambakipun inggih tumunten nglampahi.”
8:10 Bareng mireng aturé perwira mau, Gusti Yésus gumun banget. Banjur ngandika marang wong-wong sing ndhèrèkaké: “Aku durung tumon pengandel sing semono gedhéné ana ing antarané wong Israèl.
8:11 Titènana waé, bakal akèh wong sing teka saka Wétan lan saka Kulon padha bungah-bungah bebarengan karo Bapa Abraham, Iskak lan Yakub ana ing Kratoné Allah.
8:12 Nanging wong-wong sing samesthiné dadi umat ing Kratoné Allah, malah bakal ditundhung lan diukum. Ing kono wong-wong mau bakal padha nangis lan krasa keduwung banget.”
8:13 Gusti Yésus banjur ngandika marang perwira mau: “Wis, muliha. Apa sing dadi pengandelmu bakal kelakon.” Sanalika iku uga abdiné perwira mau waras.
8:14 Gusti Yésus tindak menyang omahé Pétrus. Ing kono Panjenengané mirsa ibuné maratuwa Pétrus mau lagi lara panas ana ing peturon.
8:15 Tangané banjur didemèk, temahan mari larané. Wong mau banjur tangi lan ngladosi Gusti.
8:16 Nalika ngarepaké peteng akèh wong sing kesurupan dhemit padha disowanaké ana ing ngarsané Gusti Yésus. Dhemit-dhemit mau padha ditundhungi, cukup mung srana didhawuhi waé. Semono uga Panjenengané marasaké wong-wong sing padha lara liyané.
8:17 Gusti Yésus nindakaké kuwi mau kabèh, supaya kelakon temenan apa sing wis dingandikakaké déning Nabi Yésaya, mengkéné: “Panjenengané wis nyanggi kasangsaran kita lan marasaké sakèhing lelara kita.”
8:18 Nalika mirsa wong akèh ngrubung Panjenengané, Gusti Yésus nuli dhawuh marang murid-muridé, supaya nyabrang Tlaga Galiléa.
8:19 Ana ing kono ana sawijining ahli Torèt sing sowan lan matur: “Guru, kawula badhé ndhèrèk Panjenengan dhateng pundi kémawon tindak Panjenengan.”
8:20 Gusti Yésus ngandika: “Asu ajag padha duwé rong, lan manuk padha duwé susuh, nanging Aku, Putraning Manungsa, ora duwé papan kanggo nggléthak lan ngaso.”
8:21 Nuli ana murid liyané sing matur: “Gusti, kawula nyuwun pamit badhé ngubur bapak kawula.”
8:22 Nanging Gusti Yésus ngandika: “Mèlua Aku! Wong mati cikbèn padha ngubur panunggalané sing padha mati.”
8:23 Gusti Yésus banjur minggah ing prau lan para muridé padha ndhèrèk.
8:24 Ora wetara suwé ing tlaga mau ana prahara, nganti prauné diontang-antingaké déning ombak. Nalika semana Gusti Yésus lagi saré.
8:25 Para muridé nuli padha marani, mungu Panjenengané, lan padha bengok-bengok: “Gusti, nyuwun tulung! Praunipun badhé kèrem!”
8:26 Pangandikané Gusti Yésus: “Yagéné kowé padha wedi? Kowé padha cupet ing pengandel.” Gusti Yésus banjur jumeneng. Angin lan ombak nuli didhawuhi supaya sirep. Banjur iya sirep.
8:27 Sakèhing wong sing ana ing kono padha gumun. Lan padha muni: “Wong iki sapa ta, déné tekan angin lan ombak barang kokpadha ngèstokaké dhawuhé!”
8:28 Gusti Yésus enggoné nyabrang tlaga wis tekan tanah Gadara. Tumuli dipethukaké déning wong loro, sing metu saka guwa-guwa kuburan. Wong-wong mau padha kesurupan dhemit, lan mbebayani banget, mulané ora ana wong siji-sijia sing wani liwat cedhak kono.
8:29 Dumadakan wong-wong sing kesurupan dhemit mau padha bengok-bengok: “Kawula badhé Panjenengan menapakaken, dhuh Putranipun Allah? Menapa Panjenengan sampun badhé ngukum kawula? Samenika rak dèrèng wekdalipun?”
8:30 Ora adoh saka kono ana pepanthan babi sing lagi padha golèk pangan.
8:31 Dhemit-dhemit mau nuli padha matur marang Gusti Yésus: “Menawi kawula sami kadhawuhan medal, keparenga kawula sami mlebet ing babi-babi menika.”
8:32 Dhawuhé Gusti Yésus: “Padha metua.” Dhemit-dhemit nuli padha metu saka wong-wong sing kesurupan mau, banjur mlebu ing babi-babi. Babi-babi kuwi nuli padha njegur saka pinggiring jurang menyang tlaga, temahan padha mati kleleb.
8:33 Wong sing padha ngengon babi banjur mlayu menyang kutha lan nyritakaké lelakon kuwi, uga bab wong loro sing kesurupan dhemit mau.
8:34 Wong sakutha kabèh nuli padha metu marani Gusti Yésus. Bareng ketemu banjur padha nyuwun kanthi banget, supaya Panjenengané kersa nilar wilayah kono.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Matius 9

9:1 Gusti Yésus nuli minggah ing prau, banjur nyabrang, kondur menyang kutha sing didalemi, yakuwi Kapèrnaum.
9:2 Ing kono ana wong lumpuh nggluntung ing peturon, digotong menyang ngarsané Gusti Yésus. Bareng pirsa pengandelé wong-wong mau banjur ngandika marang sing lumpuh: “Atimu sing tatag! Dosa-dosamu wis diapura.”
9:3 Ing kono ana ahli Torèt sawetara sing padha rerasanan: “Wong iki nyenyamah Gusti Allah!”
9:4 Gusti Yésus pirsa rasanané wong-wong mau, mulané banjur ngandika: “Yagéné kowé padha duwé pikiran sing ala mengkono?
9:5 Gampang endi muni: ‘Dosamu wis diapura’, karo muni: ‘Tangia lan lumakua?’
9:6 Aku arep awèh bukti yèn Putraning Manungsa duwé pangwasa ngapura dosa.” Gusti banjur ngandika marang wong sing lumpuh mau: “Tangia, peturonmu angkaten lan muliha!”
9:7 Wong lumpuh mau iya banjur ngadeg lan mulih.
9:8 Wong akèh sing padha ndeleng lelakon mau banjur padha wedi lan memuji marang Gusti Allah, déné Allah kersa maringi pangwasa semono gedhéné marang manungsa.
9:9 Gusti Yésus banjur nglajengaké tindaké. Nuli mirsa pegawé pajeg, jenengé Matius, lagi lungguh ing kantoré. Matius didhawuhi: “Mèlua Aku!” Matius banjur ngadeg lan ndhèrèk Gusti Yésus.
9:10 Nalika Gusti Yésus lagi dhahar ing omahé Matius, ana pegawé pajeg lan wong-wong sing dianggep ala déning masarakat, padha teka lan mangan bebarengan karo Gusti Yésus sarta murid-muridé.
9:11 Ana wong Farisi sawetara sing padha weruh, banjur padha takon marang para muridé Gusti Yésus: “Yagéné Gurumu kokmangan bebarengan karo pegawé pajeg lan wong ala?”
9:12 Gusti Yésus mireng pitakonan mau, nuli ngandika: “Wong sing waras ora butuh dhokter. Sing butuh dhokter kuwi wong sing lara.
9:13 Surasanen, apa tegesé ayat ing Kitab Suci, sing uniné: ‘Kang Dakkersakaké dudu kurban, nanging tumindaké katresnan.’ Sebab teka-Ku iki ora kanggo wong sing sampurna, nanging kanggo wong sing rumangsa dosa.”
9:14 Sawisé kuwi para muridé Nabi Yohanes Pembaptis padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Banjur padha nyuwun pirsa: “Kawula lan para tiyang Farisi sami nglampahi pasa, nanging para murid Panjenengan kokmboten?”
9:15 Pangandikané Gusti Yésus: “Kepriyé penemumu? Endi ana tamu ing pésta pengantèn kokprihatin, yèn pengantèné lanang isih ana ing kono? Mesthi ora! Nanging bakal ana mangsané pengantèn lanang lunga saka ing kono. Ing wektu iku para tamu mau bakal padha pasa.”
9:16 “Ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo bakal sing anyar. Awit tambalan kuwi bakal nyuwèkaké sandhangan mau, malah njalari suwèké saya amba.
9:17 Mengkono uga ora ana wong sing nyimpen anggur anyar ana ing impes sing lawas, sing digawé saka lulang, merga yèn mengkono impes mau mesthi bedhah. Angguré bakal wutah lan impesé ora kena dienggo menèh. Anggur sing anyar kudu disimpen ing impes sing anyar uga, supaya loro-loroné tetep apik.”
9:18 Sajroné Gusti Yésus isih ngandikan karo para muridé Nabi Yohanes Pembaptis, nuli ana penggedhéné sinagogé sowan lan matur: “Anak kawula èstri nembé kémawon tilar-donya. Éwasemanten kawula nyuwun, Panjenengan kersaa rawuh sarta ndemèk piyambakipun, supados gesang malih.”
9:19 Gusti Yésus banjur jumeneng lan tindak mbarengi wong mau. Para muridé iya padha ndhèrèk.
9:20 Nalika semana ana wong wadon sing lara nggrajag getih wis rolas taun lawasé, nyedhaki Gusti saka mburi.
9:21 Wong mau mbatin: “Angger aku bisa ndemèk jubahé waé, aku mesthi mari.” Wong kuwi banjur ndemèk jubahé Gusti Yésus.
9:22 Nanging Gusti Yésus banjur minger. Bareng mirsa wong wadon mau Panjenengané banjur ngandika: “Sing tatag atimu, enggèr! Pengandelmu sing marasaké kowé!” Sanalika wong wadon mau dadi waras.
9:23 Tindaké Gusti Yésus wis tekan omahé penggedhéné sinagogé. Ing kono Panjenengané pirsa wong-wong sing arep ngunèkaké suling lagu kepatèn, lan wong akèh liyané sing padha tangisan.
9:24 Gusti Yésus banjur ngandika: “Padha metua; bocah kuwi ora mati, mung lagi turu.” Wong-wong mau padha nggeguyu Panjenengané.
9:25 Bareng wong akèh mau wis padha metu, Gusti Yésus nuli mlebu ing kamaré bocah wadon mau, sarta ngasta tangané. Bocahé banjur gumrégah ngadeg.
9:26 Kabar bab lelakon kuwi banjur sumebar ing setanah kono kabèh.
9:27 Nalika Gusti Yésus tindak saka ing kono, ana wong wuta loro sing padha nututi Panjenengané. Wong-wong mau padha bengok-bengok, aturé: “Tedhakipun Dawud, nyuwun tulung!”
9:28 Bareng Gusti Yésus wis mlebet ing dalem, wong wuta mau padha sowan ing ngarsané. Banjur didangu: “Apa kowé precaya, yèn Aku bisa marasaké kowé?” Atur wangsulané wong loro mau: “Inggih, kawula sami pitados.”
9:29 Gusti Yésus nuli ndemèk mripaté wong wuta loro mau karo ngandika: “Padha kelakona kaya sing dadi pengandelmu.”
9:30 Mripaté banjur padha bisa ndeleng. Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur manti-manti wong-wong mau, supaya aja padha kandha karo sapa waé bab prekara mau.
9:31 Éwasemono wong loro mau salungané saka kono nuli padha nyritakaké marang saben wong ing wilayah kono bab Gusti Yésus.
9:32 Bareng wong wuta loro sing diwarasaké mau wis lunga, ana wong bisu kepanjingan dhemit disowanaké ing ngarsané Gusti Yésus.
9:33 Sawisé dhemité ditundhung déning Gusti Yésus, wong mau bisa caturan menèh. Wong-wong sing padha ndeleng padha gumun kabèh, ujaré: “Durung tau ana lelakon sing mengkéné iki ing tanah Israèl!”
9:34 Nanging wong-wong Farisi padha muni: “Enggoné nundhung dhemit kuwi rak merga olèh pangwasa saka ratuné para dhemit.”
9:35 Gusti Yésus tumuli tindak ndlajahi kutha-kutha lan désa-désa. Panjenengané memulang ing sinagogé-sinagogé, sarta ngumumaké bab Dalaning Keslametan tumrap wong dosa, supaya bisa dadi umat ing Kratoné Allah. Panjenengané iya marasaké wong-wong sing padha nandhang lara rupa-rupa lan sing awaké padha cacad.
9:36 Mirsa wong akèh mau Gusti Yésus trenyuh banget penggalihé merga saka welas. Wong-wong mau katon yèn kesel lan ora kopèn; kaya wedhus sing ora ana pangoné.
9:37 Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: “Sing kudu dienèni akèh, nanging wong sing derep mung sethithik.
9:38 Mulané padha nyuwuna marang sing kagungan panèn, supaya kersa nambahi cacahé wong sing derep.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Matius 10

10:1 Ing sawijining dina Gusti Yésus ngempalaké muridé rolas. Para murid mau padha diparingi pangwasa nundhungi dhemit, marasaké sakèhing lelara lan sarupaning cacad.
10:2 Jenengé rasul rolas kuwi: Simon sing uga disebut Pétrus lan Andréas, seduluré; Yakobus lan Yohanes, loro-loro anaké Zébedéus.
10:3 Filipus lan Bartoloméus, karo Tomas; Matius pegawé pajeg; Yakobus anaké Alféus; Tadéus.
10:4 Simon sing diparabi ‘Patriot’; lan Yudas Iskariot, sing ngulungaké Gusti Yésus.
10:5 Rasul rolas kuwi nuli diutus déning Gusti Yésus kanthi diweling mengkéné: “Aja padha nekani daérahé wong-wong kapir (utawa sing ora nganut agama Yahudi). Lan aja mlebu ing kutha-kuthané wong Samaria.
10:6 Nanging padha maranana wong Israèl sing padha mursal.
10:7 Padha wulangen yèn Kratoné Allah saiki wis diwiwiti.
10:8 Wong lara padha warasna; wong mati padha tangèkna; wong lara kusta padha marèkna lan dhemit-dhemit padha tundhungen. Kowé padha olèh pangwasa tanpa nganggo mbayar apa-apa. Dadi pangwasa mau iya gunakna tanpa nganggo bayaran.
10:9 Aja padha sangu dhuwit mas, dhuwit slaka utawa dhuwit tembaga.
10:10 Lungamu aja padha nggawa kanthong kanggo nampani sedhekah, utawa nggawa salin klambi, utawa sepatu, utawa teken. Awit wong nyambut-gawé kuwi wis samesthiné dicukupi butuhé.
10:11 Yèn kowé teka ing sawijining kutha utawa désa, golèka wong sing gelem kokpondhoki. Mondhoka ana ing omah mau nganti salungamu saka kono.
10:12 Yèn kowé arep mlebu omahé wong, uluka salam, ‘Muga Gusti Allah mberkahi kowé kabèh.’
10:13 Yèn wong ing omah kono gelem nampani kowé, salammu bakal tumanduk marang brayat mau. Nanging yèn padha ora gelem nampani kowé, salammu mau bakal bali marang kowé menèh.
10:14 Yèn ana omah utawa kutha sing wongé ora gelem nampani kowé, utawa ora gelem ngrungokaké piwulangmu, lungaa saka panggonan kono lan ketabna lebu sing nèmplèk ana ing sikilmu.
10:15 Titènana! Mbésuk ing Dina Kiamat Gusti Allah bakal ngukum wong-wong sing manggon ana ing kutha-kutha mau, mangka aboté ngungkuli paukumané wong-wong sing manggon ing kutha Sodom lan Gomora!”
10:16 “Padha gatèkna: Kowé padha Dakutus kaya wedhus ana ing antarané asu ajag. Mulané sing ngati-ati kaya ula, lan sing barès atimu kaya manuk dara.
10:17 Sing waspada marang apa waé, sebab kowé bakal dicekel lan diladèkaké marang pengadilan agama. Kowé bakal padha disiksa ing papan pangibadahé wong mau.
10:18 Lan kowé bakal diajokaké marang sing padha ngasta pangwasa lan marang para raja, merga saka Aku. Iya kuwi wektumu nglairaké paseksi bab Aku marang para penggedhé mau lan marang para wong sing padha ora wanuh marang Gusti Allah.
10:19 Nanging samasa kowé diladèkaké lan arep diadili, aja padha sumelang apa sing bakal kokaturaké, utawa kepriyé carané matur. Kuwi kabèh sanalika iku uga bakal kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé.
10:20 Awit sing bakal caturan dudu kowé, nanging Rohé Ramamu, sing ana ing swarga lumantar kowé.
10:21 Bakal kelakon ana wong masrahaké seduluré dhéwé supaya dipatèni. Semono uga bapak bakal masrahaké anaké. Anak-anak bakal nglawan bapakné lan ibuné, lan masrahaké wong tuwané mau supaya dipatèni.
10:22 Wong kabèh bakal padha sengit marang kowé merga saka aku. Nanging sing sapa mantep tekan wekasan, bakal slamet.
10:23 Yèn kowé dikuya-kuya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyané. Kowé Dakkandhani: Durung nganti kemput olèhmu nglakoni tugasmu dadi utusan ing kutha-kutha Israèl kabèh, weruh-weruh Putrané Manungsa wis rawuh.
10:24 Murid mangsa ngluwihana guruné, lan abdi mangsa ngungkulana bendarané.
10:25 Tumraping murid wis cukup yèn bisa dadi kaya guruné, lan abdi bisa dadi kaya bendarané. Yèn sing duwé omah diarani Béèlzebul, *Béèlzebul: inggih menika namanipun Iblis, pengagengipun dhemit-dhemit lan sétan-sétan.* apa menèh brayaté saomah, mesthi diarani luwih ala!”
10:26 “Aja padha wedi marang manungsa. Apa sing ketutupan, bakal kabukak, lan apa sing digawé wadi, bakal kawiyak.
10:27 Apa sing Dakkandhakaké marang kowé ana ing petengan, kudu kokkandhakaké ana ing padhangan. Lan apa sing dibisikaké ing kupingmu, kuwi wertakna tekan ngendi-endi!
10:28 Aja wedi marang wong sing bisa matèni badan. Aluwung wedia marang Gusti Allah, sing kwasa matèni badan lan nyawamu karo pisan ing nraka.
10:29 Manuk glathik loro regané rak ora sepiraa? Éwasemono ora ana siji waé sing tiba ing lemah, yèn durung dikersakaké déning Ramamu ing swarga.
10:30 Mangka kowé kuwi, dalasan rambut sing ana ing sirahmu wis diétung kabèh.
10:31 Mulané aja padha wedi! Ana ing ngarsané Gusti Allah kowé luwih aji ketimbang karo sakèhing manuk glathik.”
10:32 “Saben wong sing ngakoni dadi murid-Ku ana ing ngareping umum, iya bakal Dakakoni ing ngarsané Rama-Ku ing swarga.
10:33 Nanging sing sapa ing ngareping umum sélak yèn dadi murid-Ku, wong kuwi iya bakal Daksélaki uga ana ing ngarsané Rama-Ku ing swarga.”
10:34 “Kowé aja padha ngira, yèn teka-Ku nggawa pirukun ana ing jagad. Teka-Ku ora nggawa pirukun, nanging malah pasulayan.
10:35 Sebab teka-Ku njalari anak lanang crah karo bapakné, anak wadon crah karo ibuné lan mantu wadon crah karo ibuné maratuwa.
10:36 Lan sing bakal dadi mungsuh sing gedhé dhéwé, yakuwi para wong kang nunggal saomah.
10:37 Sing sapa nresnani bapa utawa biyungé nganti ngungkuli tresnané marang Aku, kuwi ora patut dadi murid-Ku. Lan sing sapa nresnani anaké lanang utawa anaké wadon ngungkuli tresnané marang Aku, kuwi ora patut dadi murid-Ku.
10:38 Sing sapa ora gelem mikul salibé sarta nurut tuladha-Ku, kuwi ora patut dadi murid-Ku.
10:39 Sing sapa ngéman uripé, kuwi malah bakal kélangan uripé, nanging sing sapa kélangan uripé merga saka enggoné dadi murid-Ku, kuwi malah bakal lestari urip.”
10:40 “Sing sapa nampani kowé, kuwi uga nampani Aku. Lan sing sapa nampani Aku, kuwi iya nampani Sang Rama ing swarga, sing ngutus Aku.
10:41 Sing nampani wong utusané Gusti Allah, bakal tampa ganjaran kaya sing diparingaké marang utusané Gusti Allah. Lan sing sapa nampani wong, merga wong mau mursid, bakal tampa ganjarané wong mursid.
10:42 Lan sing sapa awèh ngombé marang salah sawijiné wong cilik iki, merga enggoné dadi murid-Ku, senajan mung banyu adhem secangkir waé, wong kuwi mesthi bakal tampa ganjaran saka Rama-Ku ing swarga.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius