Éfesus 4


4:1 Mulané aku, wong sing dikunjara merga enggonku nindakaké ayahan peparingé Sang Kristus, ngatag-atag marang kowé: uripmu cundhukna karo kersané Gusti Allah sing wis nimbali kowé.
4:2 Lakumu sing andhap-asor, sarèh lan tansah sabar. Katresnanmu padha wujudna srana tulung-tinulung.
4:3 Sabisa-bisamu padha ngudi nglestarèkna enggonmu tetunggalan krana Sang Roh Suci; déné katresnan mau, sing minangka esuhé.
4:4 Dadi mung ana badan siji lan Roh siji, kaya déné ya mung ana pengarep-arep siji, sing njalari kita padha katimbalan.
4:5 Mung ana Gusti siji, iman siji lan baptisan siji;
4:6 lan mung ana Allah siji, yakuwi Ramané wong kabèh, Gustiné samubarang, sing nitahaké lan kagungan pangwasa ing ngatasé samubarang.
4:7 Kita padha kaparingan ganjaran dhéwé-dhéwé, manut takeran sing diparingaké déning Sang Kristus.
4:8 Kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah ana ing Kitab Suci, surasané: “Sareng sumengka ing ngaluhur, Panjenenganipun nggèndèng tiyang-tiyang tawanan kathah; Panjenenganipun maringi ganjaran dhateng manungsa.”
4:9 Tembung “sumengka” kuwi ateges: Panjenengané wis tumedhak, yakuwi tumedhak nganti tekan telenging bumi.
4:10 Dadi Panjenengané sing tumedhak kuwi, iya sing sumengka ngungkuli dhuwuré lan jembaré sakèhing langit, lan ngebaki alam jembar iki.
4:11 Panjenengané mau sing “maringi ganjaran marang manungsa”; ana sing ditimbali dadi rasul, ana sing dadi nabi, ana sing dadi penginjil, ana sing dadi pangoné pasamuwan, ana sing dadi guru.
4:12 Kuwi mau kabèh supaya umaté Gusti Allah padha samekta nindakaké ayahané, kanggo mbangun sarirané Sang Kristus.
4:13 Srana mengkono kita kabèh bakal nunggal iman lan kawruh bab Putraning Allah. Kita bakal dadi wong-wong sing diwasa, sing mundhak sampurna kaya Sang Kristus.
4:14 Temahan kita mari dadi bocah, sing katut ing ombak lan mrana-mréné kagawa déning anginé piwulang sing molah-malih, sing diwulangaké déning para tukang apus-apus sing nedya nasaraké wong srana akal sing julig.
4:15 Nanging srana ngandhakaké prekara sing sanyatané klawan katresnan, kita padha mundhak-mundhaka ing samubarang prekara, saéngga dadi sampurna kaya Sang Kristus, sing jumeneng Sesirah.
4:16 Srana pangwasané Sang Kristus, pérang-pérangané badan, sing béda-béda mau katata lan kaiket dadi siji. Mulané menawa saben pérangan nyambut-gawé ing samesthiné, badan sakojur bakal tuwuh dadi diwasa lan santosa merga saka katresnan.
4:17 Mulané kowé padha dakpituturi demi asmané Gusti: Uripmu aja padha kaya uripé wong kapir, sing pengangen-angené tanpa guna,
4:18 lan pikiré peteng. Wong-wong mau ora bakal bisa mèlu ngrasakaké urip anyar peparingé Gusti Allah, sebab saka bodhoné lan wangkoting atiné.
4:19 Wong-wong kuwi wis padha ora duwé isin; padha seneng marang piala, lan ngumbar hawa-nepsuné.
4:20 Piwulang sing padha koktampa bab Sang Kristus kuwi ora mengkono.
4:21 Kowé rak wis padha krungu bab Panjenengané lan wis padha dadi muridé, sarta nampa piwulang bab kayektèn, sing ana ing Gusti Yésus.
4:22 Mulané kamanungsanmu sing lawas padha buwangen, sebab kuwi sing njalari kowé urip kaya sing uwis-uwis. Kamanungsan lawas mau rusak déning dayaning hawa-nepsu sing nasaraké.
4:23 Batinmu lan pikiranmu kudu dianyaraké babar-pisan.
4:24 Padha ngrasuka kamanungsan anyar, sing katitahaké manut citrané *citra: gambaré (bhs. Ind.: Peta).* Gusti Allah; yakuwi manut kabeneran lan kasucèné.
4:25 Mulané watakmu sing seneng goroh padha buwangen! Saben wong kandhaa sing sanyatané marang pepadhané, sebab kita kabèh iki padha-padha péranganing sarirané Sang Kristus.
4:26 Yèn kowé nepsu, aja nganti kowé gawé dosa. Enggonmu nepsu aja terus-terusan sedina muput.
4:27 Aja mènèhi wewengan marang Iblis.
4:28 Wong sing gawéné nyolong, aja nyolong menèh, malah nyambuta-gawé lan olèha kasil sing kalal kanggo awakmu dhéwé, lan kanggo mbiyantu wong miskin.
4:29 Tembungmu aja gawé seriking atiné wong liya. Migunakna tembung-tembung sing ana paédahé, yakuwi tembung-tembung sing mbangun, lan awèh panglipur, supaya apa sing kokucapaké mau ndadèkaké beciké wong-wong sing padha ngrungokaké.
4:30 Aja padha gawé sekelé penggalihé Sang Roh Suci, sebab Sang Roh Suci kuwi pratandha saka Gusti Allah, yèn kowé dadi kagungané. Sang Roh Suci mau dadi tanggungan, sing nanggel kowé ing Dina pangluwaran.
4:31 Buwangen sakèhé drengki, brangasan lan cugetan. Singkirana sakèhing pasulayan lan penyatur ala. Aja padha ngendhem rasa sengit.
4:32 Aluwung padha nindakna kabecikan, lan padha sumanaka siji karo sijiné; padha apura-ingapuraa, kaya déné Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wis ngapura marang kowé kabèh.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 49 Éfesus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s