Filipi 1


1:1 Layangku wong loro, Paulus lan Timotius, para abdiné Sang Kristus, tumekaa marang sakèhing umaté Allah sing padha manggon ing kutha Filipi, yakuwi para sedulur ing patunggilané Sang Kristus Yésus. Uga tumekaa marang para panuntuning pasamuwan sarta para pembantuning pasamuwan.
1:2 Gusti Allah Rama kita lan Gusti Yésus Kristus maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé kabèh.
1:3 Saben aku kèlingan kowé, aku saos sukur marang Gusti Allah.
1:4 Saben-saben aku ndedonga kanggo kowé kabèh. Enggonku ndedonga klawan bungah,
1:5 merga aku kèlingan enggonmu mbiyantu aku nalika aku nindakaké ayahaning Injil, wiwit-wiwitan nganti tekan sepréné.
1:6 Mulané aku yakin temenan, yèn Gusti Allah sing wis miwiti penggawé becik iki ana ing kowé, iya bakal nglajengaké pakaryané mau nganti sarampungé, yakuwi tekan Dina rawuhé Sang Kristus.
1:7 Kowé selawasé ana ing atiku! Lan pangrasaku sing mengkono mau iya wis samesthiné. Sebab kowé wis mèlu ngrasakaké sih-rahmat sing kaparingaké déning Gusti Allah marang aku, dadia saiki sajroné aku dikunjara, dadia dhèk biyèn, nalika aku isih bébas enggonku mbélani lan ngugemi Injil.
1:8 Gusti Allah sing neksèni, yèn aku ora goroh; kangen lan tresnaku marang kowé kabèh iki asalé saka Sang Kristus Yésus piyambak.
1:9 Pandongaku marang kowé iki, supaya katresnanmu saya mundhak gedhé, dikanthènana kawruh sing bener lan panimbang sing patitis.
1:10 Supaya kowé bisa milih endi sing becik dhéwé, temah ing Dinané Sang Kristus rawuh ngadili sakèhing manungsa, kowé padha slamet, ketemu resik lan tanpa cacad.
1:11 Uripmu bakal kapenuhan ing penggawé-penggawé sing utama, sing tumindaké mung krana sih-rahmaté Sang Kristus piyambak, kagem kamulyan lan kaluhurané Gusti Allah.
1:12 Para sedulur! Padha ngertia, yèn prekara-prekara sing wis dakalami kuwi malah njalari Injil saya sumebar.
1:13 Para prejurit sing njaga kraton lan wong kabèh sing ana ing kéné padha ngerti yèn enggonku dikunjara iki merga aku dadi abdiné Sang Kristus.
1:14 Lan iya merga enggonku dikunjara iki, akèh sedulur sing saya kuwat precayané marang Gusti, nganti dadi saya kendel enggoné martakaké Injil, tanpa rasa wedi.
1:15 Pancèn ana sedulur sawetara sing enggoné mulangaké bab Sang Kristus merga duwé rasa mèri, utawa merga dhemen padu, nanging sedulur-sedulur liyané padha mulangaké klawan éklasing ati.
1:16 Kegawa saka rasa tresnané marang Sang Kristus lan aku, sebab padha ngerti yèn sing ngutus aku mbélani Injil kuwi Gusti Allah piyambak.
1:17 Wong-wong liyané enggoné ngabaraké Injil ora klawan ati sing éklas, nanging merga mburu kepentingané dhéwé. Pengirané srana mengkono kuwi bisa njalari saya aboting kasangsaranku ana ing kunjara.
1:18 Nanging ora dadi apa! Aku seneng waé, sebab Sang Kristus tetep dikabaraké, senajan alesané embuh ala, embuh becik. Aku bakal tetep bungah,
1:19 sebab aku ngerti yèn aku bakal kaluwaran, merga pandongamu lan merga pitulungané Rohé Gusti Yésus Kristus.
1:20 Sing daksesuwun lan dakudi yakuwi supaya aja nganti gagal enggonku nglakoni kuwajibanku. Malah semangsa-mangsa, luwih-luwih saiki, aku kaparingana kekendelan, supaya aku bisa ngluhuraké Sang Kristus ana ing badanku, dadia aku urip utawa mati.
1:21 Sebab urip kuwi kanggoné aku, kagem Sang Kristus, déné yèn mati kuwi dakanggep kabegjan.
1:22 Nanging yèn srana uripku aku bisa nindakaké pegawéan sing luwih akèh paédahé, aku banjur ora ngerti endi sing arep dakpilih.
1:23 Aku ketarik déning loro-loroné pisan. Aku kepéngin banget kapundhut lan tetunggilan karo Sang Kristus; kuwi sing becik dhéwé.
1:24 Éwasemono, kanggo kepentinganmu, luwih becik yèn aku tetep urip.
1:25 Bab iki aku yakin. Kuwi sebabé aku ngerti yèn aku durung arep mati. Aku bakal isih tetep tetunggalan karo kowé kabèh, mbiyantu undhaking precayamu marang Gusti lan kabungahanmu.
1:26 Mulané mbésuk samangsa aku ana ing antaramu menèh, kowé bakal bisa saya kuwat precayamu ana ing Sang Kristus Yésus.
1:27 Sing prelu yakuwi uripmu kudu cocog karo Injilé Sang Kristus, supaya ketemu apa ora ketemu karo kowé, aku bakal krungu yèn kowé padha tetep mantep nunggal karep, lan padha bebarengan ngudi nggayuh marang prekara siji, yakuwi bab precaya marang Injil.
1:28 Aja padha wedi karo satrumu. Sing tetep kendel waé. Kuwi nandhakaké yèn satru-satrumu bakal padha kalah, lan kowé bakal menang, sebab Gusti Allah piyambak sing maringi kaunggulan marang kowé.
1:29 Sebab kowé wis padha olèh kanugrahan, ora mung enggonmu precaya marang Panjenengané, nanging uga enggonmu diparengaké nandhang sangsara kagem Panjenengané.
1:30 Saiki kowé padha bisa bebarengan karo aku, yaiku nandhang kasangsaran kaya sing wis koksipati tumraping aku biyèn, lan kaya sing kokrungu saiki isih dakalami.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 50 Filipi

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s