Filipi 4


4:1 Mulané sedulur-sedulurku sing daktresnani, lan sing banget dakkangeni, sing gawé bungah lan mongkoging atiku! Kaya mengkono kuduné tumindakmu, krana enggonmu dadi wong Kristen.
4:2 Euodhia lan Sintikhé! Sing padha rukun enggonmu seduluran ana ing Gusti.
4:3 Semono uga kowé Sunsugos, kancaku tunggal ing gawé sing setya, sedulur-sedulur wadon loro kuwi tulungana; awit wong-wong kuwi wis nyambut-gawé sengkud karo aku martakaké Injil, bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambut-gawé liyané, sing jenengé padha katulis ana ing kitab kauripan.
4:4 Tansah padha bungaha sajroné padha dadi wong precaya. Padha bungah-bungaha.
4:5 Tangkepmu karo wong kabèh sing lembah-manah. Gusti bakal énggal rawuh.
4:6 Aja padha sumelang ing bab apa waé. Apa sing kokkarepaké aturna marang Gusti Allah sajroning pandonga, suwunen kanthi saos panuwun.
4:7 Temahan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ngungkuli nalaré manungsa, sing bakal gawé teteging ati lan pengangen-angenmu ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus.
4:8 Wusana, para sedulurku, padha mikira prekara-prekara sing becik lan sing pantes dialem, yakuwi prekara-prekara sing nyata, sing luhur, sing bener, sing suci, sing éndah lan sing kajèn.
4:9 Kabèh sing padha koksinau lan sing koktampa saka aku padha lakonana, dadia sing rupa tembung, dadia sing rupa penggawé. Temahan Gusti Allah sing maringaké katentreman marang kita, bakal nunggil karo kowé.
4:10 Banget bungahku déné sawisé semono lawasé, kowé mikir aku menèh. Kandhaku iki ora merga kowé lèrèn saka enggonmu nggatèkaké marang kaananku, nanging merga enggonmu ora kober ngétokaké katresnanmu.
4:11 Enggonku muni mengkono kuwi, ora kokmerga aku kapiran; awit aku wis sinau nyukupi awakku dhéwé nganggo apa sing dakduwèni.
4:12 Aku wis ngalami kecingkrangan, lan iya wis ngalami kalubèran. Aku wis ngerti wadiné, kepriyé bisané tahan ngadhepi kaanan, ing sadhéngah papan lan ing sadhéngah wektu, yèn lagi wareg, yèn lagi keluwèn, yèn lagi nandhang kalubèran, utawa yèn lagi nandhang kekurangan.
4:13 Sakèhing prekara daksangga srana kekuwatan sing diparingaké déning Sang Kristus marang aku.
4:14 Apa sing koktindakaké becik banget déné kowé wis padha nulungi aku ing sajroning kasusahanku.
4:15 Para sedulur ing kutha Filipi, kowé padha ngerti dhéwé, dhèk aku mangkat saka tanah Makédonia, nalika Injil lagi wiwit diwartakaké, ora ana pasamuwan sing nulungi aku; kejaba mung pasamuwanmu dhéwé sing padha mèlu ngrasakaké tuna-bathiné bebarengan karo aku.
4:16 Nalika aku ana ing kutha Tésalonika mbutuhaké pitulungan, kowé luwih saka sepisan ngirimaké pitulungan marang aku.
4:17 Ora merga aku seneng nampa pawèwèh, nanging aku kepéngin weruh wohing precayamu, sing nggedhèkaké kauntunganmu.
4:18 Samubarang kabèh sing kokwènèhaké marang aku kuwi wis daktampa, wis cukup, malah luwih déning cukup! Srana pawèwèhmu sing digawa Épafroditus mau, aku saiki wis duwé apa waé sing dakbutuhaké. Pawèwèh-pawèwèhmu iki presasat ganda arum, sumaos marang Gusti Allah, pisungsung sing ketrima déning Panjenengané lan ndadèkaké renaning penggalihé.
4:19 Gusti Allahku bakal maringi apa sing kokbutuhaké manut kasugihané sing lubèr-lubèr ana ing Sang Kristus Yésus.
4:20 Pinujia Gusti Allah, Sang Rama kita ing selawasé! Amin.
4:21 Salamku marang sakèhing wong precaya sing dadi kagungané Sang Kristus Yésus. Para sedulur sing padha bebarengan karo aku padha kirim salam.
4:22 Sedulur-sedulur Kristen kabèh padha kirim salam, semono uga sing padha ana ing wewengkoning kraton.
4:23 Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila karo kowé kabèh. Saka aku sekloron, Paulus lan Timotius

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 50 Filipi

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s