Galatia 2


2:1 Let patbelas taun aku lagi bali menèh menyang kutha Yérusalèm karo Barnabas, Titus uga dakjak.
2:2 Enggonku lunga menyang Yérusalèm mau, merga aku nampa wangsit saka Gusti Allah, yèn aku kudu mangkat mrana. Sajroning rembugan mligi karo para panuntuné pasamuwan ing kutha Yérusalèm, aku nerangaké isining Injil sing dakwartakaké marang para wong-wong bangsa liya mau. Karepku supaya pegawéan sing wis daklakoni biyèn tekan saiki iki aja nganti muspra.
2:3 Titus, kancaku nyambut-gawé, senajan dhèwèké kuwi wong Yunani, ora dikudokaké tetak.
2:4 Senajan ya ana wong sawetara, sing ngakuné wong Kristen lan mèlu rembugan ana ing kono, padha kandha yèn Titus kudu ditetaki. Wong-wong mau padha nylamur, awit padha kepéngin ngerti pengalamanku bab urip merdika ana ing patunggilané Gusti Yésus Kristus. Karepé wong-wong mau supaya aku padha dadi abdining Torèt.
2:5 Nanging aku padha ora gelem mundur sethithik-thithika, supaya kayektèné Injil mau tetep kokantepi.
2:6 Éwasemono wong-wong sing kétoké padha dadi pemimpin mau ora nambahi rembug apa-apa sing wigati. Aku ora mentingaké pangkaté wong-wong kuwi, awit Gusti Allah ora mirsani manungsa manut tata lairé.
2:7 Malah wong-wong mau padha weruh yèn aku diparingi kuwajiban déning Gusti Allah ngabaraké Injil marang wong-wong sing padha durung wanuh karo Gusti Allah, ora béda karo kuwajiban sing diparingaké déning Gusti Yésus marang Rasul Pétrus, yakuwi ngabaraké Injil marang wong Yahudi.
2:8 Sebab aku didadèkaké rasul déning pangwasané Gusti Allah kanggo wong-wong sing padha durung wanuh karo Gusti Allah mau, kaya déné Rasul Pétrus didadèkaké rasul kanggo wong Yahudi.
2:9 Rasul Yakobus, Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes, sing sajaké dadi pemimpin ana ing kono, padha ngakoni yèn Gusti Allah piyambak wis maringaké kuwajiban sing mligi mau marang aku. Mulané wong-wong mau padha nyalami Barnabas lan aku. Kaya déné kanca-kanca nunggal pegawéan kita kabèh padha sarujuk, yèn Barnabas lan aku sing ngabaraké Injil ana ing satengahé bangsa-bangsa sing durung wanuh karo Gusti Allah, mengkono uga para rasul liyané padha ngabaraké Injil ana ing satengahé wong Yahudi.
2:10 Mung saprekara sing padha dijaluk, yakuwi supaya aku padha ngèlingi marang wong-wong miskin sing ana ing satengahing pasamuwan-pasamuwan ing Yudéa. Lan kuwi pancèn tansah dakudi temenan.
2:11 Merga cetha yèn salah, Rasul Pétrus nalika teka ing kutha Antiokia dakwelèhaké terang-terangan.
2:12 Sadurungé wong-wong sing padha diutus Rasul Yakobus teka, Rasul Pétrus gelem mangan bebarengan karo sedulur-sedulur Kristen, sing ora tetakan. Nanging bareng para utusané Rasul Yakobus padha teka, Rasul Pétrus banjur mundur lan ora gelem nerusaké mangan bebarengan karo sedulur-sedulur sing ora tetakan mau, merga wedi karo wong-wong sing padha nganjuraké supaya wong saka bangsa liya sing padha mratobat kudu ditetaki.
2:13 Para sedulur Kristen sing asal Yahudi, merga jirih, padha mèlu-mèlu lamis kaya Rasul Pétrus mau. Malah Barnabas dhéwé uga katut.
2:14 Bareng aku weruh yèn tumindaké Rasul Pétrus lan sedulur-sedulur liyané mau nyimpang saka garis sing bener, sing kawulangaké déning Injil, aku banjur kandha karo Rasul Pétrus ing ngarepé wong akèh mau, “Panjenengan piyambak menika tiyang Yahudi, ingkang sampun mboten nganut tata gesangipun tiyang Yahudi. Lah kokpanjenengan badhé meksa tiyang sanès Yahudi supados gesang kados tiyang Yahudi?”
2:15 Pancèn, kita menika lair dados tiyang Yahudi, dédé bangsa sanèsipun ingkang sinebut “sanès Yahudi tiyang ingkang dosa”.
2:16 Nanging kita inggih mangertos bilih anggènipun tiyang karukunaken kaliyan Gusti Allah menika namung landhesan pitados dhateng Gusti Yésus Kristus, mboten landhesan Torèt. Kita mekaten ugi; enggèn kita pitados dhateng Gusti Yésus Kristus menika supados kita karukunaken kaliyan Gusti Allah lantaran pitados kita wau, lan mboten landhesan enggèn kita netepi Angger-anggering Torèt. Sebab mboten wonten tiyang ingkang karukunaken kaliyan Gusti Allah landhesan enggènipun netepi Angger-anggering Torèt.
2:17 Menawi kita (tiyang Yahudi) karukunaken kaliyan Gusti Allah landhesan patunggilan kita kaliyan Sang Kristus, dados cetha bilih kita menika inggih tiyang dosa, sami kaliyan tiyang kapir. Menawi mekaten, menapa Sang Kristus menika dados budhaking dosa? Babar-pisan mboten!
2:18 Menawi keyakinan ingkang sewau sampun kula bungkar, lajeng wiwit kula bangun malih, menika kula tetep lepat.
2:19 Nanging miturut Torèt, kula sampun pejah — dipun pejahi déning Torèt — supados kula saged gesang kagem Gusti Allah, kula sampun ndhèrèk pejah dipun salib kaliyan Sang Kristus.
2:20 Temah ingkang gesang menika sampun sanès kula malih, nanging Sang Kristus ingkang wonten ing kula. Gesang kula ingkang samangké menika mboten sanès namung krana kula pitados dhateng Putranipun Allah ingkang ngasihi kula, lan ingkang sampun ngurbanaken sugengipun kanggé kula.
2:21 Kula mboten badhé ngrèmèhaken sih-rahmatipun Gusti Allah. Menawi tiyang saged karukunaken kaliyan Gusti Allah lantaran Angger-anggering Torèt, menika ateges bilih sédanipun Sang Kristus tanpa gina!

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 48 Galatia

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s