Galatia 4


4:1 Nanging prelu dakterangaké mengkéné: Sajroné ahli waris kuwi isih bocah, ora ana bédané karo batur-tukon, senajan sejatiné ahli waris kuwi sing nduwèni sakèhing barang-barang mau kabèh.
4:2 Sajroné dhèwèké isih bocah, ana wong sing dipasrahi ngrumati bocah mau lan ngurusi apa-apané, nganti tekan wektu sing wis ditetepaké déning bapakné.
4:3 Mengkono uga kita iki: Sadurungé kita diwasa cara rohani, kita iya dadi baturé roh-roh sing ngwasani jagad raya iki.
4:4 Nanging bareng wis tekan titimangsané, Gusti Allah banjur ngutus Kang Putra. Rawuhé kaya bayi sing lair saka wong wadon, lan kawengku déning Angger-anggering Torèté wong Yahudi.
4:5 Prelu nebus sakèhing wong sing kawengku déning Angger-anggering Torèt mau, supaya kita bisa dadi putrané Gusti Allah.
4:6 Merga kowé kuwi para putrané, Gusti Allah ngutus Rohé Putrané ana ing atimu, nganti bisa matur: “Aba, Rama kawula.”
4:7 Dadiné kowé kuwi wis dudu batur-tukon menèh, nanging Putra. Lan sarèhné kowé kuwi putrané Gusti Allah, kowé uga bakal kaparingan samubarang kabèh sing dadi wewenangé para putrané Gusti Allah.
4:8 Dhèk biyèn kowé padha ora wanuh karo Gusti Allah; mulané kowé padha dadi batur-tukoné brahala-brahala.
4:9 Nanging bareng saiki kowé wis wanuh karo Gusti Allah — utawa sing luwih cocog: Sawisé Gusti Allah wanuh karo kowé — kepriyé déné kokpadha arep mbalèni ngawula marang brahala-brahala menèh, yakuwi roh-roh apes lan nistha, sing gawé cilaka? Yagéné kowé kokgelem dadi batur-tukoné menèh?
4:10 Kowé padha nganggep yèn ana dina-dina, mangsa-mangsa lan taun-taun sing becik lan sing koksirik.
4:11 Aku prihatin ing ngatasé kowé! Mengko gèk apa sing wis daklakoni kanggo kowé kuwi muspra?
4:12 Penjalukku marang kowé, para sedulur, padha nirua aku. Awit aku rak iya padha waé karo kowé. Kowé ora tau gawé keluputan karo aku.
4:13 Kowé rak padha kèlingan apa sebabé aku martakaké Injil marang kowé sing kapisan. Sebabé merga aku lagi lara.
4:14 Éwasemono nalika semana kowé padha ora ngrèmèhaké aku utawa nampik aku. Lelaraku mau satemené dadi pendadaran gedhé tumraping kowé. Aku malah koktampani kaya déné malaékaté Gusti Allah, malah kaya enggonmu padha nampani Gusti Yésus piyambak.
4:15 Kowé padha rumangsa begja! Apa sebabé koksaiki kowé malih? Aku bisa neksèni gedhéning katresnanmu marang aku, paribasané kowé ora ngéman mripatmu dhéwé, yèn prelu kacuplék kokwènèhaké aku.
4:16 Apa merga kandha ing sanyatané kuwi aku banjur kokanggep dadi satrumu?
4:17 Wong-wong liyané padha nggatèkaké banget marang kaananku. Nanging penggawéné sing mengkono mau merga ana pamrihé. Sing padha diarah yakuwi supaya kowé pisah karo aku, satemah kowé iya nggatèkaké marang wong-wong mau, padha kaya enggoné wong-wong mau nggatèkaké marang kowé.
4:18 Upama karepé becik, pancèn apik banget déné kokana wong sing tansah nggatèkaké kowé, dadi ora mung yèn aku ana ing satengahmu waé.
4:19 Anak-anakku sing daktresnani! Merga saka kowé aku nglarani menèh, kaya wong sing arep nglairaké anak. Kapan sipat-sipaté Sang Kristus bakal tinemu ana ing kowé?
4:20 Ing wektu iki kaya apa enggonku kepéngin ana ing tengah-tengahmu, supaya aku bisa ngowahi sikapku marang kowé. Aku prihatin banget ngrasakaké kaananmu!
4:21 Aku arep takon marang wong-wong sing padha kepéngin urip kawengku déning Angger-anggering Torèt: Apa kowé padha ora krungu apa sing dikandhakaké déning Torèt?
4:22 Ing Kitab Torèt ditulis yèn Rama Abraham kagungan putra loro, siji saka wong wadon batur-tukon, sijiné saka wong wadon merdika.
4:23 Putra sing saka wong wadon batur-tukon mau lairé lumrah, yakuwi manut tata kamanungsan, nanging putra sing saka wong wadon merdika, lairé merga prasetyané Gusti Allah.
4:24 Iki kena dianggep sawijining prelambang: Wong wadon loro mau mrelambangi prejanjian rong rupa. Sing siji Ibu Hagar, yakuwi sing tekané saka Gunung Sinai, sing anak-anaké kalairaké dadi batur-tukon.
4:25 Ibu Hagar ngibarataké Gunung Sinai, ing tanah Arab, prelambangé kutha Yérusalèm dalasan penduduké kabèh, sing saiki padha dadi batur-tukon.
4:26 Nanging kutha Yérusalèm kaswargan kuwi merdika, mrelambangi ibu kita.
4:27 Sebab Kitab Suci nerangaké mengkéné, “Bungah-bungaha kowé wong gabug, sing ora tau nglairaké! Bungah-bungaha lan surak-suraka, kowé wong sing ora tau nglarani! Sebab wong wadon sing ditinggal bojoné bakal duwé anak luwih akèh, tinimbang sing urip bebarengan karo bojoné.”
4:28 Para sedulur, kita iki padha dadi putrané Gusti Allah wewaton prasetya, kaya Rama Iskak.
4:29 Ing nalika semono anak sing kalairaké manut tata kamanungsan mau nguya-uya marang putra sing kalairaké merga Rohé Gusti Allah. Mengkono uga saiki.
4:30 Nanging apa sing diterangaké déning Kitab Suci? “Batur-tukon saanaké kuwi tundhungen, sebab anaké batur wadon ora bakal mèlu kepanduman warisan sing kanggo anaké wong wadon sing merdika.”
4:31 Mangka, para sedulur, kita iki dudu anaké batur wadon mau, nanging padha dadi anaké wong wadon sing merdika.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 48 Galatia

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s