I Korintus 10


10:1 Para sedulur! Aku kepéngin ngélingaké kowé, bab apa sing dialami déning para leluhur kita, sing padha ndhèrèk Nabi Musa. Para leluhur mau padha kauban déning méga lan nyabrang Segara Teberau kanthi slamet.
10:2 Ana ing sajroning méga lan ana ing sajroning segara mau para leluhur kabèh kabaptis dadi penganuté Nabi Musa.
10:3 Wong kabèh mau padha mangan roti kasukman sing padha,
10:4 lan padha ngombé ombèn-ombèn kasukman sing padha, kabèh padha ngombé saka watu karang kasukman, lan watu karang mau yakuwi Sang Kristus piyambak.
10:5 Éwasemono wong-wong mau sapérangan gedhé ora gawé renaning penggalihé Gusti Allah, mulané padha mati lan kakubur pating slebar ana ing ara-ara samun sing diliwati.
10:6 Tumrap kita prekara mau kabèh dadi pasemon kanggo ngélingaké, supaya kita aja kepéngin marang prekara-prekara sing ala kaya sing wis ditindakaké déning para leluhur dhèk biyèn.
10:7 Supaya kita aja padha nyembah brahala, kaya sing wis katindakaké déning wong-wong mau. Kaya sing kadhawuhaké ana ing Kitab Suci: “Wong-wong padha lungguh, mangan lan ngombé, nuli padha ngadeg lan jogèdan.”
10:8 Kita aja padha laku jina kaya sing biyèn katindakaké déning sawenèhing wong-wong mau, nganti sajroning sedina ana wong telulikur èwu sing padha mati.
10:9 Kita aja padha nyoba marang Pangéran, kaya sawenèhing wong-wong dhèk jaman biyèn, satemah padha mati dicokot ula.
10:10 Lan kowé aja padha nggrundel bab nasibmu, kaya sawenèhing wong nalika semana, temah padha ditumpes déning Malaékaté Pati.
10:11 Anané lelakon kabèh mau, supaya dadi tuladha kanggo wong-wong liya. Lan kabèh mau katulis minangka pepéling tumrap kita, sing padha urip ing jaman pungkasan.
10:12 Mulané sapa sing ngadegé rumangsa wis jejeg, padha sing ngati-ati supaya aja nganti tiba.
10:13 Godha sing kokalami kuwi, godha sing lumrah dialami déning saben wong. Nanging Gusti Allah setya marang janjiné. Panjenengané ora bakal négakaké kowé digodha nganti ngungkuli kekuwatanmu. Yèn kowé digodha, Panjenengané bakal maringi kekuwatan marang kowé, supaya kowé tetep panggah, sarta Panjenengané bakal maringi dalan, supaya kowé bisa oncat saka panggodha mau.
10:14 Mulané para sedulur kang dakkasihi, aja padha nyembah brahala, kuwi padha singkirana.
10:15 Enggonku kandha mengkono kuwi merga kowé dakanggep wong sing ngerti. Padha timbangen dhéwé tembungku iki.
10:16 Tuwungé berkah sing kita tampani saka Gusti klawan ngucap sukur, kuwi yèn kita ombé, apa ora mratélakaké enggon kita tetunggalan karo rohé Sang Kristus? Lan yèn kita mangan roti sing kita cuwil-cuwil, apa ora mratélakaké enggon kita tetunggilan karo sarirané Sang Kristus?
10:17 Sebab rotiné mung siji, mengkono uga kita, sing cacahé akèh iki satemené badan siji, sebab kita kabèh padha mangan nunggal roti siji mau.
10:18 Padha nitènana bangsa Israèl jaman biyèn, yakuwi wong sing padha mangan kurban sing disaosaké marang Gusti Allah ana ing mesbèh. Wong-wong mau rak padha ndhèrèk lelados ana ing mesbèh mau?
10:19 Aku rak ora kandha, yèn brahala utawa sesajèn sing disaosaké mau ana nyatané.
10:20 Ora babar-pisan! Karepku, apa sing disaosaké ana ing mesbèhing brahala mau ora disaosaké marang Gusti Allah, nanging marang sétan-sétan. Lan aku ora rila yèn kowé padha tetunggalan karo sétan-sétan.
10:21 Kowé ora kena ngombé saka tuwungé Gusti lan uga ngombé saka tuwungé sétan-sétan. Kowé ora kena mangan ana ing méjané Gusti Yésus lan sawisé kuwi banjur mangan ana ing méjané sétan-sétan.
10:22 Apa kowé kepéngin gawé bentèring penggalihé Gusti Yésus? Apa kita iki luwih rosa tinimbang Panjenengané?
10:23 Ana wong sing muni: “Aku wenang nindakaké apa sing dakkarepaké.” Bener! Nanging ora samubarang maédahi. “Aku wenang nindakaké samubarang,” nanging ora samubarang migunani.
10:24 Aja ana wong sing mburu keuntungané dhéwé waé, nanging padha nggatèkna uga marang wong liya.
10:25 Kowé bébas arep mangan daging apa waé sing diedol ing pasar, tanpa mangu-mangu.
10:26 Sebab Kitab Suci ngendika: “Bumi lan saisiné kuwi kagungané Gusti Allah.”
10:27 Yèn kowé diundang mangan déning wong sing ora precaya lan kowé gelem nekani uleman mau, mangana apa waé sing disuguhaké tanpa mangu-mangu.
10:28 Nanging yèn ana wong sing kandha marang kowé: “Kuwi sesajèning brahala”, aja kokpangan, supaya aja nuwuhaké gagasan ing wong mau, yèn kowé ngandel marang brahala, mengkono uga merga rasaning atimu dhéwé.
10:29 Dadi ora mung merga rasaning atimu dhéwé nanging uga kanggo rasaning atiné wong mau. Bisa uga ana wong sing muni: “Yagéné kamerdikanku kokdiwatesi déning rasaning atiné wong liya?
10:30 Yèn aku mangan pangan sing wis disuguhaké klawan ngucap sukur, yagéné aku kokdisalahaké, merga mangan pangan sing wis daksucèkaké mau?”
10:31 Bener, nanging aja lali, yèn apa waé sing koktindakaké, apa mangan, apa ngombé, apa waé sing koklakoni kuwi kabèh lakonana kanggo kaluhurané Gusti Allah.
10:32 Tumindakmu aja njalari wong-wong padha tumiba ing dosa, iya wong Yahudi, iya wong dudu Yahudi, utawa pasamuwané Gusti Allah.
10:33 Nulada marang aku! Ing sadhéngah prekara sing daklakoni, aku ngarah gawé senengé wong kabèh, tanpa mburu kesenenganku dhéwé. Sing dakélingi kuwi kepentingané wong liya, supaya wong mau padha slamet.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s