I Korintus 11


11:1 Padha nulada marang aku, kaya déné aku iya nulad marang Sang Kristus.
11:2 Kowé padha dakalem, merga enggonmu tansah padha éling marang aku, lan padha ngantepi ing piwulang sing dakwènèhaké marang kowé.
11:3 Aku kepéngin menawa kowé padha ngerti, yèn Sang Kristus kuwi sesirahé saben wong lanang, wong lanang kuwi sesirahé somahé, lan Gusti Allah kuwi sesirahé Sang Kristus.
11:4 Dadi yèn wong lanang ndedonga utawa memulang ing pasamuwan kanthi sirah kudhungan, kuwi ngrèmèhaké Sang Kristus.
11:5 Nanging yèn wong wadon ndedonga utawa memulang ing pasamuwan, tanpa kudhungan sirahé, kuwi ngrèmèhaké sing lanang, padha kaya yèn wong wadon mau rambuté dicukur.
11:6 Yèn wong wadon ora kudhungan sirahé, luwih becik yèn wong mau nyukur rambuté. Sarèhné ora pantes yèn wong wadon rambuté dicukur utawa dikethok, mulané luwih becik, yèn wong wadon kudhungan sirahé.
11:7 Wong lanang ora prelu nganggo kudhung, sebab wong lanang kuwi nyunaraké rupa lan kamulyané Gusti Allah. Nanging wong wadon nyunaraké kamulyané wong lanang.
11:8 Sebab dudu wong lanang sing katitahaké saka wong wadon, nanging wong wadon sing katitahaké saka wong lanang.
11:9 Semono uga dudu wong lanang sing katitahaké kanggo wong wadon, nanging wong wadon sing katitahaké kanggo wong lanang.
11:10 Lan tumrapé para malaékat, wong wadon prayoga nganggo kudhung, supaya dadi pretandha yèn dhèwèké kawengku déning bojoné.
11:11 Éwasemono, ana ing patunggilané Gusti, wong wadon ora gumantung wong lanang, lan wong lanang ora gumantung wong wadon.
11:12 Awit kaya déné wong wadon katitahaké saka wong lanang, nanging wong lanang kalairaké saka wong wadon; lan samubarang kabèh mau pinangkané saka Gusti Allah.
11:13 Padha pikiren dhéwé, apa pantes wong wadon ndedonga ana ing ngareping umum tanpa nganggo kudhung?
11:14 Manut alamé waé rak wis ketara, yèn wong lanang ngingu rambut dawa kuwi ngasoraké drajaté dhéwé.
11:15 Kosokbaliné tumrapé wong wadon, rambut dawa malah dadi kaurmatané. Rambut dawa kuwi enggoné kaparingaké marang wong wadon minangka dadi kudhunging sirahé.
11:16 Nanging yèn ana wong sing arep mbantah, wangsulanku mung mengkéné: Ana ing papan pangibadah kita utawa ing pasamuwan-pasamuwané Gusti Allah, ora ana patrap manembah liyané menèh.
11:17 Tumrap apa sing arep dakwènèhaké iki, aku ora arep ngalem marang kowé. Awit enggonmu padha kumpulan, satemené ora ndadèkaké beciké pasamuwan, nanging malah dadi lan alané.
11:18 Sebab sepisan: Aku krungu yèn ana ing pasamuwanmu ana golongan sing siji karo sijiné padha dredah. Lan aku precaya yèn kabar mau ana nyatané.
11:19 Satemené ora nggumunaké yèn ing antaramu ana pasulayan, supaya katona sapa sing bener.
11:20 Yèn kowé padha ngumpul, kuwi satemené kowé ora padha nedya mangan bujanané Gusti.
11:21 Sebab yèn kowé padha mangan, saben wong padha mangan pangané dhéwé-dhéwé, nganti ana wong sing kaliren, lan ana wong sing mendem.
11:22 Apa kowé padha ora duwé omah, sing kena kokenggo mangan lan ngombé? Yagéné kowé padha ngrèmèhaké pasamuwané Gusti Allah lan gawé wirangé wong-wong sing miskin? Aku kudu muni kepriyé marang kowé tumraping prekara iki? Apa aku kudu ngalem kowé? Babar-pisan ora. Aku ora arep ngalem kowé!
11:23 Sebab piwulang sing daktampa saka Gusti, ya piwulang kuwi sing dakwènèhaké marang kowé, yakuwi: ing wayah bengi, nalika Gusti Yésus ngangkat diulungaké, Panjenengané mundhut roti,
11:24 lan sawisé saos sukur marang Gusti Allah, roti mau nuli dicuwil-cuwil karo ngandika: “Iki badan-Ku, sing Dakwènèhaké marang kowé. Iki padha tampanana minangka pengéling-éling marang Aku.”
11:25 Mengkono uga sawisé dhahar, Gusti nuli mundhut tuwungé, sarta ngandika: “Tuwung iki prejanjian anyar saka Gusti Allah, prejanjian sing disahaké srana getih-Ku. Saben-saben kowé padha ngombé saka tuwung iki, padha tindakna minangka pengéling-éling marang Aku.”
11:26 Sebab saben-saben kowé padha mangan roti lan ngombé saka ing tuwung iki, kowé padha martakaké sédané Gusti, nganti Panjenengané rawuh menèh.
11:27 Mulané sing sapa enggoné mangan roti lan ngombé saka ing tuwungé mau nganggo patrap sing ora ngajèni Gusti, wong kuwi gawé dosa tumrap sarira lan rahé Gusti Yésus.
11:28 Dadi luwih dhisik saben wong kudu nitipriksa badané dhéwé, sawisé kuwi nuli mangana roti lan ngombéa saka ing tuwung mau.
11:29 Sebab yèn wong sajroning mangan lan ngombé ing tuwung mau ora ngakoni yèn sing dipangan lan diombé mau ana gegayutané ora sarirané Gusti Yésus pamangan lan pangombéné bakal nekakaké paukuman marang awaké dhéwé.
11:30 Kuwi sebabé ing antaramu akèh sing padha lara, lan ringkih, malah akèh sing padha mati.
11:31 Yèn sadurungé kita wis padha ndadar badan kita dhéwé-dhéwé, kita bakal ora padha diukum déning Gusti Allah.
11:32 Nanging yèn kita diukum lan diperdi déning Gusti Allah, kuwi maksudé supaya kita aja nganti diukum bebarengan karo jagad iki.
11:33 Mulané para sedulurku! Samangsa kowé padha ngumpul arep mangan bujanané Gusti, padha ngentènana sedulurmu.
11:34 Déné yèn ana wong sing ngelih, wong kuwi mangana dhisik ing omahé, supaya samangsa kowé ngumpul mangan, kowé aja diukum déning Gusti Allah. Bab prekara-prekara liyané arep dakkandhakaké mbésuk samangsa aku wis teka mréné.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s