I Korintus 12


12:1 Saiki bab pangwasa peparingé Sang Roh Suci, aku kepéngin supaya kowé padha ngerti ing sanyatané.
12:2 Nalika kowé isih dadi wong kapir, kowé padha ora wanuh marang Gusti Allah; uripmu dikwasani déning brahala sing mati, sing tansah nyasaraké kowé.
12:3 Ngertia yèn ora ana wong sing dituntun déning Sang Roh Suci kokmuni: “Yésus kena ing laknat”. Lan uga ora ana wong sing bisa ngakoni: “Yésus kuwi Gusti”, yèn ora merga dituntun déning Sang Roh Suci.
12:4 Ganjaran rohani mau werna-werna, nanging sing maringi padha, yakuwi Sang Roh Suci.
12:5 Mengkono uga patrapé ngladosi Gusti kuwi werna-werna, nanging Gusti sing kita ladosi mung siji yakuwi Gusti Yésus Kristus.
12:6 Ana kaélokan werna-werna, nanging Allah iku siji, kang nindakaké iku kabèh ana ing wong kabèh.
12:7 Nanging saben wong nampa ganjarané Sang Roh Suci, kang mbabaraké sarirané kanggo kabecikané wong kabèh.
12:8 Sing siji kaparingan ganjaran déning Sang Roh Suci bisa micara kanthi kawicaksanan. Sing sijiné uga déning Sang Roh Suci diparingi ganjaran memulang bab Gusti Allah kanthi pangwasa.
12:9 Sing siji diparingi ganjaran iman iya déning Sang Roh Suci, lan sijiné menèh diparingi ganjaran pangwasa kanggo marasaké wong lara.
12:10 Marang sawenèhing wong Sang Roh Suci mau maringi ganjaran pangwasa kanggo gawé mujijat, lan marang wong liyané kawasisan kanggo memulang, lan marang wong liyané menèh ganjaran kanggo mbédakaké roh rupa-rupa. Ana sing tampa ganjaran bisa caturan nganggo basa roh, lan ana menèh sing kaparingan ganjaran bisa nerangaké tegesé basa roh mau.
12:11 Kuwi mau kabèh pakaryané Sang Roh Suci. Panjenengané maringi ganjaran marang wong siji-sijiné miturut kersané piyambak.
12:12 Sang Kristus kuwi kaya déné badan siji, sing akèh pérangané. Badané mung siji, senajan pérangané akèh.
12:13 Semono uga kita kabèh, apa wong Yahudi, apa wong kapir, apa batur-tukon, apa wong merdika, kita wis padha kabaptis dadi badan siji, lan wis diombèni saka Roh siji.
12:14 Awit badan iki ora dibangun mung saka pérangan siji waé, nanging saka pérangan akèh.
12:15 Yèn sikil muni: “Sarèhné aku iki dudu tangan, aku dudu pérangané badan,” kuwi ora ateges, yèn sikil mau dudu péranganing badan.
12:16 Lan yèn kuping muni: “Sarèhné aku dudu mripat, dadi aku dudu pérangané badan,” kuwi ora ateges yèn kuping mau dudu péranganing badan.
12:17 Saupama badan sekojur mung mripat, kepriyé bisané krungu? Yèn badan sekojur dadi kuping, kepriyé bisané badan mau ngambu?
12:18 Satemené, Gusti wis nitahaké saben péranganing badan mau béda-béda miturut ing sakersané.
12:19 Yèn badan mung wujud pérangan siji, banjur endi sing diarani badan?
12:20 Sing nyata pérangan-pérangané badan mau akèh, nanging badané mung siji.
12:21 Mulané mata ora kena muni marang tangan: “Aku ora butuh kowé!” utawa sirah muni marang sikil: “Aku ora butuh kowé!”
12:22 Malah pérangané badan sing ringkih dhéwé kuwi sing dibutuhaké banget,
12:23 lan péranganing badan sing miturut wawasan kita ora ana ajiné, kuwi sing kita rumati. Gegelitaning badan sing katoné kurang apik, kita gatèkaké banget,
12:24 ora kaya enggon kita nggatèkaké pérangan-pérangan sing wis éndah. Awit Gusti Allah enggoné mrenata badan kita kuwi wis klawan patrap mengkono, nganti pérangan sing ora pantes, digatèkaké luwih banget, supaya dadi lan pantesé.
12:25 Dadi badan mono ora kapisah-pisah; nanging senajan pérangan-pérangané béda-béda, éwasemono pérangan sing siji mikiraké marang pérangan sijiné.
12:26 Mulané yèn ana pérangan siji sing lara, pérangan liyané kabèh padha mèlu ngrasakaké. Lan yèn ana pérangan siji sing olèh pangalembana, pérangan liya-liyané padha mèlu bungah.
12:27 Iya kaya mengkono kowé kabèh enggonmu dadi sarirané Sang Kristus, lan saben wong padha dadi pérangané.
12:28 Uga ing pasamuwan Gusti Allah wis maringaké marang wong siji-sijiné kalungguhan lan ayahan: sepisan rasul-rasul; kapindho nabi-nabi; katelu guru-guru; nuli wong-wong sing nindakaké mujijat-mujijat, lan wong-wong sing padha kaparingan pangwasa marasaké wong lara utawa tetulung marang wong liya, utawa awèh tuntunan marang wong, utawa caturan nganggo basa roh.
12:29 Wong-wong mau rak ora kabèh dadi rasul, utawa dadi nabi kabèh, utawa dadi guru kabèh. Rak ora kabèh bisa gawé mujijat,
12:30 utawa bisa marasaké lelara, utawa bisa caturan nganggo basa roh, utawa bisa nerangaké maksudé basa roh mau.
12:31 Mulané padha ngudia supaya padha kaparingan ganjaran sing luhur dhéwé. Déné dalan sing apik dhéwé kuwi sing mengkéné:

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s