I Korintus 14


14:1 Mulané padha ngudia supaya kowé duwé katresnan, lan padha ngundhakna ganjaran-ganjaran peparingé Sang Roh Suci; luwih-luwih supaya kowé padha bisaa medharaké pangandikané Gusti Allah.
14:2 Wong-wong sing padha caturan nganggo basa roh, kuwi ora caturan karo manungsa, nanging karo Gusti Allah, sebab manungsa rak ora ngerti basa roh mau. Wong mau ngandhakaké prekara-prekara sing winadi srana pangwasané Sang Roh Suci.
14:3 Nanging wong sing medharaké pangandikané Gusti Allah kuwi caturan karo manungsa, yakuwi: mbangun, mituruti lan nglipur.
14:4 Wong sing caturan nganggo basa roh, kuwi mung nyantosakaké awaké dhéwé, nanging wong sing medharaké pangandikané Gusti Allah mau nyantosakaké pasamuwan.
14:5 Aku kepéngin supaya kowé kabèh bisa padha caturan nganggo basa roh, nanging aku luwih seneng yèn kowé kabèh bisa medharaké pangandikané Gusti Allah. Sebab wong sing medharaké pangandikané Gusti Allah kuwi luwih maédahi tinimbang wong sing caturan nganggo basa roh, kejaba yèn ing pasamuwan ana wong sing bisa nerangaké, supaya wong sapasamuwan kabèh bisa kebangun.
14:6 Para sedulur, yèn aku teka menyang nggonmu, banjur caturan nganggo basa roh, kuwi paédahé apa? Babar-pisan ora ana, kejaba yèn aku medharaké wahyu saka Pangéran, utawa kawruh, utawa wangsit, utawa piwulang.
14:7 Kepriyé bisané wong ngerti lagu sing diunèkaké nganggo suling utawa clempung, yèn piranti-piranti sing tanpa nyawa mau ora metokaké swara sing cetha?
14:8 Utawa slomprèt, yèn diunèkaké mung angger muni waé; sapa sing arep siaga maju perang?
14:9 Mengkono uga sapa sing bakal ngerti marang sing kokkandhakaké, yèn pawartamu ora cetha, merga kowé padha caturan nganggo basa roh? Tembung-tembungmu mau mung bakal muspra kabur ing angin.
14:10 Ing jagad iki akèh basa, lan ora ana basa siji waé sing tanpa teges.
14:11 Yèn aku ora ngerti basa sing dienggo caturan wong, wong mau tumraping aku banjur dadi kaya wong manca; mengkono uga aku tumraping dhèwèké.
14:12 Sarèhné kowé padha kepéngin banget nampa ganjaran peparingé Sang Roh Suci, sabisa-bisa padha mersudia olèh ganjaran-ganjaran sing bisa dipigunakaké kanggo mbangun pasamuwan.
14:13 Wong sing caturan nganggo basa roh, padha nyuwuna uga diparingi ganjaran bisa nerangaké apa sing dikandhakaké nganggo basa roh mau.
14:14 Sebab yèn aku ndedonga nganggo basa roh, kuwi ya bener rohku ndedonga, nanging pikiranku ora mèlu ndedonga.
14:15 Saiki apa sing kudu dakkandhakaké? Mengkéné: Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku iya arep ndedonga nganggo pikiranku. Aku arep memuji nganggo rohku, lan aku iya arep memuji nganggo pikiranku.
14:16 Yèn kowé saos sukur marang Gusti Allah mung nganggo roh waé, kepriyé wong liya sing ana ing kumpulan mau bisa muni Amin, yakuwi ngamini enggonmu saos sukur mau? Sebab mokal menawa wong-wong ngerti marang tembungmu.
14:17 Senajan enggonmu saos sukur mau becik, nanging wong liya padha ora mèlu kabangun.
14:18 Aku matur nuwun marang Gusti Allah déné aku diparingi bisa caturan nganggo basa roh, ngungkuli kowé kabèh.
14:19 Nanging ana ing pasamuwan aku aluwung ngucapaké limang tembung, sing dingertèni wong, kanggo mulang wong liya-liya, ketimbang karo ngucapaké tembung maèwu-èwu nganggo basa roh.
14:20 Para sedulur, pikiranmu aja kaya pikirané bocah. Ing bab piala kowé kena kaya bocah, nanging ing bab mikir kowé kudu kaya wong sing wis diwasa.
14:21 Ing Kitab ana tulisan: “Aku bakal ngandika marang bangsa iki, ‘Lumantar wong sing caturan nganggo basa roh, lan lumantar wong-wong manca, nanging umat iki ora bakal ngrungokaké, mengkono pangandikané Pangéran.’ ”
14:22 Peparing basa roh kuwi bukti tumrap wong sing padha ora precaya, lan ora kanggo wong-wong sing precaya; nanging ganjaran medhar pangandikané Gusti Allah kuwi bukti kanggo wong-wong sing precaya, lan ora kanggo wong-wong sing ora precaya.
14:23 Menawa ana ing kumpulan, wong sapasamuwan kabèh padha caturan nganggo basa roh, banjur ana wong njaba padha teka, yakuwi wong-wong sing ora precaya, apa wong-wong mau ora padha ngira yèn kowé kabèh mau édan?
14:24 Nanging yèn kowé kabèh padha medhar pangandikané Gusti Allah, banjur ana wong ora precaya utawa wong saka njaba teka, wong kuwi bakal ngrumangsani dosa-dosané, merga pamedharing pangandika sing dirungu mau. Wong mau bakal rumangsa kawelèhaké déning pangandika mau.
14:25 Wewadi-wewadi sing sumimpen ana ing atiné bakal kawiyak, lan wong mau bakal ngasoraké awaké, banjur ngabekti marang Gusti Allah, karo ngaku yèn Gusti Allah nunggil karo kowé temenan.
14:26 Para sedulur, samangsa kowé padha nganakaké kumpulan, aku kepéngin supaya ana wong sing menyanyi, ana sing mulang, ana menèh sing nglairaké wahyu saka Gusti Allah, ana wong sing nglairaké pawarta nganggo basa roh, lan wong siji menèh sing nerangaké tegesé basa roh mau. Kabèh mau katindakna kanggo mbangun pasamuwan.
14:27 Yèn ana wong sing arep caturan nganggo basa roh, kuwi beciké mung wong loro utawa akèh-akèhé telu waé, giliran, lan ana wong siji nerangaké tegesé.
14:28 Yèn ing kumpulan mau ora ana wong sing bisa nerangaké tegesé, luwih becik yèn wong sing bisa caturan nganggo basa roh mau padha menenga waé. Karebèn wong mau padha mosik ing sajroning atiné dhéwé, lan matur ing ngarsané Gusti Allah.
14:29 Wong loro utawa telu sing padha tampa pawarta saka Gusti Allah mau padha medharna pawarta, déné wong-wong liyané padha ngrasak-ngrasakna apa sing dikandhakaké déning wong-wong sing padha medhar pawarta mau.
14:30 Nanging yèn ing antarané wong sing kumpulan mau ana sing nampa pawarta saka Gusti Allah, prayoga menawa sedulur sing lagi medhar pawarta meneng dhisik.
14:31 Kowé kabèh kena medhar pawarta saka Gusti Allah, genti-gentèn, supaya wong kabèh nampa piwulang sarta pangatag-atag.
14:32 Ganjaran peparingé Sang Roh Suci kanggo medharaké pawarta saka Gusti Allah kuwi kudu ana ing pangwasané wong sing tampa peparing medharaké pawarta mau,
14:33 sebab Gusti Allah ora ngersakaké kaanan sing kisruh, nanging sing tata lan tentrem. Padha kaya ing sakèhé pasamuwané Gusti Allah,
14:34 prayogané ana ing kumpulan pangibadah, wong wadon padha menenga, sebab padha ora diparengaké guneman; kaya sing kadhawuhaké déning Torèté wong Yahudi, wong-wong wadon mau ora kena mèlu caturan.
14:35 Yèn ana prekara sing kepéngin ditakokaké, ana ing omah takona marang bojoné. Sebab tumraping wong wadon ora pantes menawa guneman ana ing pasamuwan.
14:36 Pangandikané Gusti Allah kuwi tekané ora saka kowé! Utawa pangandikané Gusti Allah kuwi rak ora mung kaparingaké marang kowé!
14:37 Sing sapa nganggep yèn dhèwèké utusané Gusti Allah, utawa yèn dhèwèké mau kaparingan ganjaran saka Sang Roh Suci, wong kuwi kudu éling, yèn apa sing daktulis ana ing layang marang kowé iki mau dhawuhé Gusti.
14:38 Yèn wong mau ora gelem nurut marang dhawuh, wong kuwi aja kokgatèkaké.
14:39 Merga saka kuwi, para sedulur padha ngudia medharaké pawartané Gusti Allah, nanging aja ngalang-alangi wong sing caturan nganggo basa roh.
14:40 Samubarang kabèh lakonana klawan patut lan tata.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s