I Korintus 15


15:1 Para sedulur, aku saiki arep ngélingaké kowé bab Injil sing biyèn wis dakwartakaké marang kowé. Injil wis koktampani lan saiki kowé wis padha mantep precayamu, alandhesan Injil mau.
15:2 Srana Injil mau kowé padha dislametaké, angger enggonmu nampani klawan mantep, kejaba menawa enggonmu nampani tanpa pangerti.
15:3 Apa sing dakwartakaké marang kowé iki iya sing wis daktampani dhéwé. Déné sing penting dhéwé yakuwi, Sang Kristus wis séda krana dosa-dosa kita, kaya sing katulis ana ing Kitab Suci;
15:4 lan Panjenengané wis kasarèkaké, lan wis kawungokaké ing telung dinané, kaya sing katulis ana ing Kitab Suci;
15:5 lan Panjenengané wis ngetingal marang Pétrus, sawisé kuwi marang para rasulé rolas;
15:6 banjur ngetingal uga marang para muridé luwih saka wong limang atus bebarengan; wong-wong mau nganti sepréné akèh sing isih padha urip, salong iya wis padha mati.
15:7 Gusti Yésus mau uga ngetingal marang Yakobus, banjur marang para rasul kabèh.
15:8 Déné sing kèri dhéwé ngetingal marang aku, senajan aku iki kaya déné bayi sing lair keluron.
15:9 Aku iki rasul sing asor dhéwé lan ora pantes disebut rasul, merga aku wis tau nguya-uya pasamuwané Gusti Allah.
15:10 Nanging merga sih-rahmaté Gusti Allah, aku dadi kaya kaananku saiki. Lan sih-rahmat sing kaparingaké déning Gusti Allah marang aku, ora muspra. Awit aku wis nyambut-gawé luwih keras ketimbang karo para rasul liya-liyané, senajan satemené dudu saka pamersudiku dhéwé, nanging merga sih-rahmaté Gusti Allah sing makarya ana ing aku.
15:11 Mulané embuh aku, embuh rasul liyané sing ngabaraké Injil, kuwi ora penting. Sing prelu dhéwé Injil sing kokprecaya kuwi pinangkané saka Gusti Allah.
15:12 Menawa kita martakaké, yèn Sang Kristus kuwi kawungokaké saka ing séda, kepriyé kokpanunggalanmu ana wong sawetara sing kandha, yèn wong mati bakal ora katangèkaké?
15:13 Saupama mengkono temenan, kuwi rak ateges Sang Kristus uga ora kawungokaké.
15:14 Lan yèn Sang Kristus ora kawungokaké, rak ora ana prekara sing prelu dakwartakaké. Mengkono uga rak ora ana prekara sing prelu kokprecaya.
15:15 Malah aku banjur padha ketitik goroh ing ngatasé Gusti Allah, sebab aku padha muni yèn Gusti Allah kuwi mungokaké Sang Kristus saka ing séda, mangka kandhané wong mau, wong mati ora katangèkaké.
15:16 Sebab menawa wong mati ora katangèkaké, mesthiné Sang Kristus rak iya ora kawungokaké.
15:17 Lan yèn Sang Kristus ora kawungokaké precayamu rak mung gagasan sing ngayawara (khayalan) lan kowé isih padha mati merga dosa-dosamu.
15:18 Kuwi uga ateges yèn wong-wong Kristen sing wis padha mati, kabèh wis padha mati merga dosa-dosané.
15:19 Lan yèn enggon kita precaya marang Sang Kristus mau mung kanggo urip kita salawasé ana ing donya iki waé, kita iki rak dadi wong sing cilaka dhéwé ana ing jagad kéné.
15:20 Nanging sing bener yakuwi: Sang Kristus wis kawungokaké saka ing séda, lan kuwi sing dadi jaminan, yèn wong sing wis mati iya bakal katangèkaké.
15:21 Sebab kaya déné pati kuwi tekané merga saka wong siji, mengkono uga patangèné wong mati iya merga saka wong siji.
15:22 Kaya déné wong kabèh enggoné mati merga nunggal dat karo Rama Adam, mengkono uga manungsa kabèh bakal katangèkaké saka ing pati merga enggoné tetunggilan karo Sang Kristus.
15:23 Siji-sijiné ditangèkaké manut gilirané: dhisik dhéwé Sang Kristus, banjur wong-wong sing dadi kagungané, yakuwi mbésuk samangsa Panjenengané rawuh menèh.
15:24 Sawisé kuwi, lagi kiamat. Sang Kristus bakal nelukaké sakèhé para penggedhé, pepréntahan, lan sakèhé pangwasa, sarta masrahaké pangwasa enggoné jumeneng ratu ana ing Kratoné, marang Allah Sang Rama.
15:25 Awit ora kena ora Sang Kristus mesthi ngratoni jagad iki nganti sakèhé mungsuhé ditelukaké déning Gusti Allah ana ing sangisoring sampéyané.
15:26 Déné mungsuh pungkasan sing bakal katelukaké, yakuwi pati.
15:27 Awit ing Kitab Suci ana pangandika: “Gusti Allah wis nelukaké samubarang kabèh ana ing sangisoring sampéyané.” Tembung “samubarang kabèh” kuwi mesthi ateges yèn Gusti Allah piyambak ora klebu ana ing kono, merga Panjenengané sing nelukaké samubarang mau marang Sang Kristus.
15:28 Sawisé samubarang kabèh kelakon katelukaké marang Sang Kristus, nuli Sang Kristus, yakuwi Sang Putra piyambak, bakal nelukaké sarirané piyambak marang Gusti Allah, sing wis nelukaké samubarang kabèh marang Sang Putra. Kaya mengkono akiré Gusti Allah piyambak sing bakal ngasta sakabèhing pepréntahan.
15:29 Yèn ora mengkono, apa paédahé baptisé wong-wong sing padha dibaptis merga wong mati? Sing diarep-arep apa? Menawa wong mati ora ditangèkaké, kaya kandhané sawenèhing wong, yagéné wong-wong mau padha dibaptis merga wong sing wis mati?
15:30 Mengkono uga aku kabèh iki, yagéné aku sawayah-wayah padha gelem ngadhepi bebaya?
15:31 Enggonku kandha mengkono mau, merga kowé gawé mongkoging atiku déné padha dadi wong Kristen.
15:32 Saupama enggonku gelut karo kéwan-kéwan galak ana ing kutha Éfesus mung ditimbang-timbang cara manungsa, paédahé apa tumraping aku? Menawa wong mati ora ditangèkaké, apa ora luwih becik yèn kita padha muni: — kaya uniné sawenèhing wong — “Payo padha mangan lan ngombé, awit sésuk kita padha mati.”
15:33 Kowé aja kena diapusi! Pesrawungan sing ala kuwi ngrusak kasusilanmu.
15:34 Pikiranmu sing waras padha pigunakna menèh, lan marènana gawé dosa. Kowé kudu isin, menawa aku kandha ing antaramu ana sing durung wanuh karo Gusti Allah.
15:35 Mbokmenawa ana wong takon: “Wong mati kuwi enggoné katangèkaké kepriyé? Lan yèn wis katangèkaké badané kaya apa?”
15:36 Bodho temen kowé kuwi! Yèn kowé nandur wiji ana ing lemah, apa wiji mau ora kudu mati dhisik sadurungé thukul?
15:37 Sing koktandur ing lemah mau rak ya mung wiji, upamané wiji gandum utawa wiji-wiji liyané, nanging rak ora wujud tanduran sing wis pepak.
15:38 Sing maringi wujud marang saben wiji mau Gusti Allah, miturut ing sakarsané piyambak, saben wiji kaparingan wujud sing cocog karo wiji mau.
15:39 Dagingé para tumitah sing kadunungan nyawa kuwi ora padha. Dagingé manungsa béda karo dagingé titah liyané. Dagingé kéwan-kéwan iya béda-béda. Dagingé manuk béda karo dagingé kéwan liyané, semono uga iwak dagingé béda menèh.
15:40 Mengkono uga ana barang sing ana ing langit lan ana barang sing ana ing bumi; kamulyané barang kang ana ing langit, béda karo kamulyané barang kang ana ing bumi.
15:41 Kamulyané srengéngé béda karo kamulyané rembulan, lan béda karo kamulyané lintang-lintang. Malah ing antarané lintang-lintang dhéwé kamulyané uga béda-béda.
15:42 Kaya mengkono bakal kaanané wong mati mbésuk yèn katangèkaké. Nalika badan kakubur, badan mau nandhang rusak, nanging mbésuk, yèn badan katangèkaké, kaanané bakal langgeng.
15:43 Nalika dikubur kaanané badan mau nistha lan ringkih, nanging yèn wis katangèkaké, kaanané bakal éndah lan kuwat.
15:44 Nalika kakubur badan mau arupa badan wadhag, nanging sawisé katangèkaké bakal arupa badan kasukman. Yèn ana badan wadhag, iya ana badan kasukman.
15:45 Kaya sing dingandikakaké déning Kitab Suci: “Manungsa wiwitan Adam, kuwi dadi titah sing urip,” nanging Adam sing wekasan dadi, Roh sing nguripaké.
15:46 Sing teka dhisik dudu badan kasukman, nanging badan kedagingan; sawisé kuwi lagi sing sipat kasukman.
15:47 Adam sing kawitan dumadiné saka lemah, nanging Adam sing kapindho asalé saka ing swarga.
15:48 Wong-wong kadonyan padha karo sing asalé saka lemah mau, nanging wong-wong kaswargan kaya Panjenengané, sing pinangkané saka ing swarga.
15:49 Kaya déné sipat kita saiki, kaya wong sing katitahaké saka lemah, mengkono uga mbésuk sipat kita bakal kaya Panjenengané sing pinangkané saka ing swarga mau.
15:50 Sing dakkarepaké mengkéné, para sedulur, yakuwi badan kita sing sipat daging lan getih iki ora bisa mèlu urip ana ing Kratoné Gusti Allah, lan titah sing kena ing rusak iki ora bisa duwé sipat langgeng.
15:51 Wewadi sing dakkandhakaké marang kowé iki setitèkna: Kita ora kabèh bakal ngalami mati, nanging samangsa slomprèt sing wekasan dhéwé diunèkaké, kita sanalika bakal padha malih.
15:52 Awit samangsa slomprèt mau muni, wong mati bakal padha katangèkaké nganggo kaanan sing langgeng, lan kita kabèh bakal padha malih.
15:53 Awit apa sing kena ing rusak mau bakal salin wujud, sing asipat langgeng; lan sing bisa mati bakal ngrasuk sipat sing ora bisa mati.
15:54 Lan yèn samubarang sing kena ing rusak mau wis ngrasuk sipat langgeng, lan apa sing bakal mati kuwi wis ngrasuk sipat ora kena ing pati, ing kono bakal kelakon pangandikané Kitab Suci sing mengkéné: “Pati wis ditelukaké, lan kaunggulané ing ngatasé pati wis sampurna.”
15:55 “Hèh pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Hèh pati, ana ing ngendi ampuhing wisamu?”
15:56 Wisaning pati kuwi dosa, lan sing mènèhi kekuwatan marang dosa kuwi Torèt.
15:57 Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, sing wis maringi kaunggulan marang kita lantaran Yésus Kristus, Gusti kita!
15:58 Mulané para sedulurku, kowé padha sing mantep lan padha sing teguh. Padha tansah sregepa nglakoni ayahan peparingé Gusti Yésus, sebab kowé ngerti yèn pegawéanmu kuwi babar-pisan ora muspra.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s