I Korintus 2


2:1 Para sedulur, dhèk biyèn nalika aku nekani kowé, martakaké kayektèné Gusti Allah, yakuwi kayektèn sing winadi, aku ora migunakaké tembung sing dakik-dakik utawa kawruh sing jero-jero.
2:2 Sebab selawasé aku ana ing antaramu, atiku wis kenceng ora arep mikiraké apa-apa kejaba Gusti Yésus Kristus, luwih-luwih bab sédané ana ing kayu salib.
2:3 Mulané nalika aku nekani kowé, aku rumangsa tanpa daya lan gumeter merga wedi.
2:4 Enggonku memulang lan ngabaraké Injil ora srana tembung sing muluk-muluk manut kapinterané manungsa, nanging srana bukti sing mratélakaké kwasaning Rohé Gusti Allah.
2:5 Precayamu nalika semana iya ora adhedhasar kawicaksanané manungsa, nanging landhesan pangwasané Gusti Allah.
2:6 Senajan mengkono, aku uga ngrembug bab kawicaksanan karo wong-wong Kristen, sing jiwané wis diwasa. Dudu kawicaksanan kadonyan, utawa kawicaksanané para pangwasa sing ngerèh jagad sing bakal sirna iki.
2:7 Kawicaksanan sing dakkarepaké kuwi kawicaksanané Gusti Allah, yakuwi wewadi sing ora disumurupi déning manungsa, lan sing wis ana sadurungé jagad katitahaké; kuwi mau kabèh ditemtokaké déning Gusti Allah murih kamulyan kita.
2:8 Para pangwasané jagad iki ora ana siji waé sing ngerti marang kawicaksanané Gusti Allah mau. Saupama ngertia, wong-wong rak ora padha nyalib Gusti sing Mahamulya kuwi.
2:9 Nanging kaya sing dingandikakaké ana ing Kitab Suci: “Apa sing durung tau dideleng utawa dirungu, apa sing ora dipikiraké déning manungsa, ya prekara-prekara kuwi sing wis dicawisaké déning Gusti Allah kanggo wong sing padha tresna marang Panjenengané.”
2:10 Gusti Allah nglairaké wewadiné mau marang kita lantaran Sang Roh Suci. Rohé Gusti Allah kuwi nitipriksa samubarang, dalasan kersané Gusti Allah sing winadi, iya dititi priksa.
2:11 Kaya déné rohé manungsa sing ngerti marang isining atiné dhéwé, mengkono uga Sang Roh Suci iya pirsa penggalihé Gusti Allah.
2:12 Kita padha ora nampani rohé donya iki, nanging padha nampani Rohé Gusti Allah, supaya kita padha ngerti marang sadhéngah prekara sing wis diparingaké déning Gusti Allah marang kita.
2:13 Mulané menawa aku padha nerangaké bab kayektèné Gusti Allah marang wong-wong sing padha nduwèni Rohé Gusti Allah, aku ora padha nganggo kawicaksanané manungsa, nanging manut piwulanging Rohé Gusti Allah.
2:14 Sing sapa ora kadunungan Rohé Gusti Allah, ora bisa nampa lan ngerti marang ganjaran-ganjaran sing diparingaké déning Roh mau. Ing ngatasé ganjaran-ganjaran kuwi manungsa dianggep bodho; sebab bisané ngerti mung yèn kabiyantu déning Rohé Gusti Allah.
2:15 Wong sing kadunungan Rohé Gusti Allah kuwi ngerti samubarang, nanging ora ana wong sing bisa nliti marang dhèwèké.
2:16 Kaya surasané Kitab Suci sing mengkéné: “Sapa ta sing ngerti penggalihé Pangéran, nganti bisa mulang Panjenengané?” Nanging kita padha ngerti marang penggalihé Sang Kristus!

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s