I Korintus 7


7:1 Mungguh prekara-prekara sing kokkandhakaké ing layangmu marang aku; prayoga yèn wong lanang ora kawin.
7:2 Nanging merga manungsa kuwi gampang kena ing panggodha laku jina, luwih becik yèn saben wong lanang duwé somah dhéwé, lan saben wong wadon duwé bojo dhéwé.
7:3 Saben wong lanang netepana kuwajibané marang somahé, mengkono uga wong wadon marang bojoné, sing siji gawé mareming atiné sijiné.
7:4 Wong wadon ora kwasa tumraping awaké dhéwé, nanging sing lanang sing kwasa. Mengkono uga wong lanang ora kwasa tumraping awaké dhéwé, sing kwasa sing wadon.
7:5 Kowé aja padha cegah-cinegah, kejaba yèn ana sarujuké loro-loroné, kanggo sawetara mangsa. Srana mengkono kowé padha bisa mligi enggonmu ndedonga. Nuli padha balia, supaya kowé aja kena ing panggodhaning Iblis, merga ora kuwat nyegah hawa-nepsumu.
7:6 Kabèh mau dakkandhakaké marang kowé ora dadi prenatan, nanging pamrayoga.
7:7 Satemené, mungguhing aku, aku kepéngin yèn kowé padha kaya aku; nanging saben wong mono ganjarané dhéwé-dhéwé, sing siji olèh ganjaran mengkéné, sijiné olèh ganjaran mengkono.
7:8 Tumrap sing durung padha omah-omah, lan para randha, aku mrayogakaké supaya aja omah-omah, kaya aku iki.
7:9 Nanging yèn kowé padha ora kuwat nyegah hawa-nepsu, luwih becik padha omah-omah tinimbang ngangah-angah, merga déning hawa-nepsu.
7:10 Tumrap wong sing padha omah-omah, Gusti (dudu aku) paring dhawuh mengkéné: Wong wadon sing wis ningkah aja megat bojoné.
7:11 Yèn wong wadon mau dipegat bojoné, tetepa ora omah-omah, utawa rukuna menèh karo bojoné mau. Lan wong lanang aja megat somahé.
7:12 Marang wong liya-liyané, aku, (dudu Gusti), duwé pamrayoga mengkéné: Yèn ana wong lanang Kristen duwé somah wong sing ora precaya, mangka somahé mau gelem urip bebarengan karo dhèwèké, somahé mau aja dipegat.
7:13 Lan yèn ana wong wadon Kristen duwé bojo wong sing ora precaya, mangka wong lanang mau gelem urip bebarengan karo dhèwèké, wong wadon mau iya aja megat bojoné.
7:14 Jalaran wong lanang sing ora precaya mau wis ditampi déning Gusti Allah, merga enggoné dadi bojoné wong wadon sing precaya mau; semono uga wong wadon sing ora precaya, uga wis ditampi déning Gusti Allah, merga saka enggoné dadi somahé wong lanang sing precaya mau. Saupama ora mengkono, anak-anaké wong-wong mau rak banjur dadi wong kapir, mangka satemené anak-anak mau padha ditampi déning Gusti Allah.
7:15 Nanging yèn sing ora precaya mau kepéngin pegatan karo somahé utawa bojoné sing Kristen, iya aja dialang-alangi. Ana ing kaanan sing mengkono wong lanang utawa wong wadon Kristen mau dadi bébas. Nanging enggoné Gusti Allah nimbali kowé, supaya kowé padha tansah rukun.
7:16 Sebab kowé, wong wadon Kristen, rak ora bisa nemtokaké yèn bojomu ora bisa mratobat lan kaslametaké? Semono uga kowé, wong lanang Kristen, ora bisa nemtokaké yèn kowé ora bisa dadi jalarané somahmu mratobat lan kaslametaké?
7:17 Saben wong nataa uripé manut ganjaran sing kaparingaké déning Gusti Yésus, kaya katemtuané Gusti Allah nalika nimbali wong mau. Prenatan iki sing dakwulangaké ana ing saben pasamuwan.
7:18 Upamané mengkéné: Yèn ana wong sing nalika katimbalan déning Gusti Allah, wis tetakan, kuwi aja nyoba ngilangi tabeté tetakan mau, mengkono uga sing nalika katimbalan déning Gusti Allah durung ditetaki, aja banjur ngudi supaya ditetaki.
7:19 Sebab tetak utawa ora tetak, kuwi dudu apa-apa. Sing prelu, saben wong netepana angger-anggeré Gusti Allah.
7:20 Saben wong tetepa kaya ing nalikané katimbalan déning Gusti Allah.
7:21 Apa nalika kowé katimbalan mau dadi batur-tukon? Kuwi ora dadi apa. Nanging yèn kowé olèh kelonggaran dadi wong merdika, kelonggaran mau pigunakna.
7:22 Sebab senajan batur-tukon, yèn wis katimbalan déning Gusti Yésus, dadi merdika. Mengkono uga wong merdika sing wis ditimbali déning Sang Kristus, dadi abdiné (batur-tukoné) Sang Kristus.
7:23 Kowé wis ditumbas déning Gusti Allah lan wis dibayar lunas. Mulané aja dadi batur-tukoné manungsa menèh.
7:24 Nanging para sedulur! Ana ing patunggilané Gusti Allah, saben wong lestaria kaya nalika katimbalan déning Gusti Allah.
7:25 Saiki bab wong sing isih prawan, aku ora tampa dhawuh apa-apa saka Gusti, nanging aku nglairaké panemuku marang kowé, lan merga saka sih-rahmaté Gusti Yésus, sing kaparingaké marang aku, kena kokprecaya.
7:26 Manut panemuku, ngèlingi sakèhing kasusahan ing jaman saiki, luwih becik yèn wong lanang tetepa kaya kaanané saiki.
7:27 Yèn kowé wis omah-omah, kowé aja megat somahmu. Déné yèn durung, aja omah-omah.
7:28 Déné yèn kowé omah-omah, kowé ora dosa. Mengkono uga yèn ana prawan, omah-omah kuwi ora dosa. Aku mung kepéngin njaga supaya kowé aja nganti padha ngalami karépotané wong sing padha omah-omah.
7:29 Karepku mengkéné: Para sedulur! Wektuné mung kari sedhéla. Mulané wiwit saiki wong lanang sing omah-omah uripa kaya wong sing ora omah-omah;
7:30 wong sing nangis dikaya wong sing ora sedhih. Wong sing ngguyu dikaya wong sing ora bungah atiné. Wong sing tetuku, dikaya wong sing ora nduwèni barang sing dituku mau;
7:31 lan wong sing padha dol-tinuku barang-barang kadonyan iki, dikaya wong sing ora kecencang déning barang-barang kadonyan mau. Sebab jagad sing kaanané kaya saiki iki bakal énggal sirna!
7:32 Pengarep-arepku kowé bisaa urip tanpa sumelang. Wong lanang sing ora omah-omah, bisa nglakoni ayahané Gusti klawan bébas, lan gawé renané penggalihé Gusti.
7:33 Nanging wong sing sesomahan kuwi kecencang déning prekara-prekara kadonyan iki, sebab wong mau kudu gawé senenging atiné sing wadon.
7:34 Merga mengkono pikirané mrana-mréné. Lan wong wadon sing ora omah-omah utawa para prawan, bisa nggelengaké pikirané kanggo pakaryané Gusti, merga arep masrahaké saranduning jiwa lan ragané. Nanging wong wadon sing omah-omah mikiraké prekara-prekara kadonyan, merga kepéngin gawé senenging atiné sing lanang.
7:35 Enggonku pitutur mengkono mau murih becikmu dhéwé, ora merga aku kepéngin gawé larangan-larangan kanggo kowé. Malah karepku supaya kowé padha nglakonana penggawé sing bener lan becik, bisaa nyaosaké uripmu kanthi wutuh, kanggo ngladosi pakaryané Gusti.
7:36 Yèn ana wong lanang lan wong wadon padha pepacangan, mangka sing lanang banjur rumangsa tumindak sing ora bener, tur rumangsa ora bisa nyegah hawa-nepsuné lan kepéngin ningkah karo pacangané mau, kuwi beciké padha ningkaha waé, kaya sing dikarepaké biyèn. Mengkono mau ora dosa.
7:37 Nanging yèn ana wong lanang sing wis niyat ora arep omah-omah, tanpa dipeksa déning sapa-sapa, lan ngerti temenan apa sing arep digayuh, becik yèn wong mau ora omah-omah.
7:38 Dadi wong lanang sing omah-omah mau becik, nanging wong lanang sing ora omah-omah kuwi luwih becik.
7:39 Wong wadon sing wis omah-omah duwé kuwajiban tumrap bojoné mung selawasé sing lanang isih urip. Sawisé sing lanang mati, wong wadon mau bébas arep omah-omah menèh karo sapa waé sing dikarepaké, angger kawiné mau karo wong precaya.
7:40 Nanging manut pangrasaku, wong wadon mau bakal luwih begja, menawa tetep ora omah-omah. Kuwi mau manut penemuku, lan dakkira aku kadunungan Rohé Gusti Allah.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s