I Korintus 8


8:1 Bab mangan sesajèning brahala, pancèn bener kaya kandhané wong-wong, yèn “kita wis padha duwé pangerti”. Nanging kawruh sing mengkono mau marakaké wong dadi gumunggung, awit sing mbangun kuwi mung katresnan.
8:2 Wong sing rumangsané ngerti samubarang, kuwi satemené kawruhé durung paja-paja.
8:3 Nanging wong sing tresna marang Gusti Allah kanthi temen-temen, kuwi sing dadi keparengé Gusti Allah.
8:4 Mulané bab mangan sesajèning brahala, kuwi satemené mengkéné: Kita ngerti yèn brahala mono pepethaning barang sing satemené ora ana. Kita ngerti yèn sing ana mung Gusti Allah piyambak.
8:5 Senajan ana sing disebut “déwa-dèwi”, ing swarga utawa ana ing bumi, lan senajan cacahé ‘déwa lan dèwi’ kuwi akèh,
8:6 nanging tumrap kita mung ana Gusti Allah siji, yakuwi Sang Rama, sing nitahaké samubarang kabèh, lan kita padha urip kagem Panjenengané. Lan mung ana Gusti siji, yakuwi Gusti Yésus Kristus, sing dadi lantarané samubarang kabèh katitahaké, lan urip kita iki uga merga Panjenengané.
8:7 Nanging ora saben wong ngerti marang kayektèn mau. Ana wong Kristen sing merga biyèn wis kulina nyembah brahala, tekan sepréné yèn mangan pangan sing disajèkaké marang brahala, rumangsané brahala mau ana temenan, lan pangan kuwi duwèké brahala mau temenan. Lan sarèhné imané sèkèng, yèn dhèwèké mangan pangan sing disajèkaké marang brahala, rumangsané wong mau banjur dadi najis.
8:8 Mangka satemené pangan kuwi ora marakaké kita luwih cedhak karo Gusti Allah. Yèn kita ora mangan, kita ora kapitunan apa-apa, mengkono uga saupama kita mangan, kita iya ora bathi apa-apa.
8:9 Mung waé kabébasan kita aja nganti marakaké wong sing imané sèkèng tumiba ing dosa.
8:10 Saupama ana wong sing imané sèkèng weruh “kowé sing padha duwé kawruh” mau padha mangan ing kuil brahala, apa wong mau ora banjur mèlu-mèlu mangan pangan sing disajèkaké marang brahala?
8:11 Lan srana mengkono ‘kawruhmu’ mau apa ora marakaké sedulurmu sing sèkèng imané dadi nemu tiwas? Mangka Sang Kristus wis nglampahi séda uga kanggo wong mau.
8:12 Srana mengkono kowé wis gawé dosa marang sedulur-sedulurmu, srana natoni pangrasané atiné sing ringkih.
8:13 Mulané yèn pangan kuwi marakaké sedulurku tumiba ing dosa, aku aluwung ora mangan panganan mau ing selawas-lawasé, supaya aku aja nganti njalari sedulurku tumiba ing dosa.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s