I Korintus 9


9:1 Aku iki apa dudu wong sing merdika? Aku iki apa dudu rasul? Aku apa ora wis tau weruh Gusti kita Yésus Kristus? Lan apa kowé dudu wohing pegawéanku kagem Gusti?
9:2 Senajan wong liya ora ngakoni aku iki rasul, nanging tumraping kowé aku iki rasul! Sebab kowé dhéwé lan uripmu dadi wong-wong Kristen, nélakaké yèn aku iki rasul.
9:3 Yèn ana wong sing padha nyruwé aku, jawabku mengkéné:
9:4 Apa aku ora wenang olèh pangan lan ombèn-ombèn saka enggonku nyambut-gawé?
9:5 Apa aku ora wenang nindakaké apa sing katindakaké déning rasul-rasul liyané lan para sedhèrèké Gusti Yésus, apa déné Pétrus? Apa aku ora wenang sesomahan karo wong wadon Kristen lan ngajak dhèwèké lelungan?
9:6 Apa mung Barnabas lan aku dhéwé sing kudu golèk pangan dhéwé?
9:7 Endi ana prejurité angkatan perang sing kudu ngragadi awaké dhéwé? Utawa endi ana wong tani sing ora mangan anggur saka keboné dhéwé? Utawa pangon endi sing ora ngombé susu saka wedhusé dhéwé?
9:8 Pasemon sing dakkandhakaké iku kabèh ora mung saka pengalaman pedinan, nanging Kitab Suci iya ngandharaké kaya mengkono.
9:9 Torèté Nabi Musa rak uga nyebutaké mengkéné: “Kowé aja mbrangus cangkemé sapi sing lagi kanggo nggiling.” Sing dikersakaké déning Gusti Allah ing kéné ora mung sapi waé,
9:10 nanging sanyatané ya kita iki. Wong sing nyebar lan wong sing derep wis samesthiné nyambut-gawé kanthi pengarep-arep bakal nampa panduman saka panènan mau.
9:11 Aku wis padha nyebar wiji rohani ing antaramu, apa aku ora wenang padha ngenèni berkah kajasmanèn saka kowé?
9:12 Yèn wong-wong liya padha duwé wewenang olèh bagéan kajasmanèn mau saka kowé, apa wewenangku iki ora luwih gedhé tinimbang karo wong-wong mau? Nanging aku padha ora migunakaké wewenangku, malah aku nyukupi kebutuhanku dhéwé, supaya aku aja ngalang-alangi Injilé Sang Kristus enggoné kawartakaké.
9:13 Wong sing nyambut-gawé ana ing Pedalemané Allah wis samesthiné nampa pangané saka Pedalemané Allah mau, lan wong-wong sing padha nyaosaké kurban ing mesbèh tampa panduman saka kurban mau.
9:14 Mengkono uga Gusti wis netepaké yèn wong sing ngabaraké Injil iya nampa pangané saka enggoné ngabaraké Injil mau.
9:15 Nanging aku durung tau migunakaké wewenangku babar-pisan. Malah enggonku nulis layang iki ora kokmerga supaya aku nampa wewenang-wewenangku. Awit aku aluwung mati, ketimbang karo kélangan prekara sing gawé mongkoging atiku.
9:16 Aku ora duwé wewenang gumunggung bab enggonku ngabaraké Injil, sebab aku iki sadrema nglakoni dhawuh. Lan iba cilakané awakku, saupama aku ora ngabaraké Injil kuwi.
9:17 Menawa enggonku nindakaké pegawéanku metu saka karepku dhéwé, aku wenang ngarep-arep olèh opah. Nanging sarèhné ngabaraké Injil kuwi sawijining kuwajiban, dadiné pegawéan mau wis dadi tugas sing diparingaké déning Gusti Allah marang aku.
9:18 Banjur, opahku apa? Opahku yakuwi: déné aku kepareng ngabaraké Injil tanpa opah, ateges sajroning pegawéanku ngabaraké Injil mau aku ora njaluk apa sing dadi wewenangku.
9:19 Aku iki bébas. Aku dudu budhaké sapa-sapa. Nanging awakku dakdadèkaké budhaké saben wong, supaya aku bisa olèh ati saka wong kabèh.
9:20 Yèn layanan karo wong Yahudi, tumindakku kaya wong Yahudi, supaya aku bisa olèh ati saka wong Yahudi. Yèn layanan karo wong sing padha nganut Torèté Nabi Musa, tumindakku kaya wong sing nganut Torèt, senajan uripku ora gumantung ing Torèt, supaya aku bisa nggèndèng wong-wong mau.
9:21 Lan tumraping wong-wong dudu Yahudi aku tumindak kaya wong dudu Yahudi, kaya-kaya aku ora ngerti karo adat tata carané wong Yahudi, supaya aku bisa nggèndèng wong dudu Yahudi. Kuwi ora merga aku ora manut karo angger-anggeré Gusti Allah; sebab uripku nganut angger-anggeré Gusti Yésus Kristus.
9:22 Ing tengah-tengahé wong sing imané ringkih, tumindakku kaya wong sing imané ringkih uga, supaya aku bisa nggèndèng wong-wong mau. Srana mengkono aku wis dadi pepadhané saben wong, supaya sebisa-bisa aku nylametaké sapérangan saka antarané wong-wong mau, srana patrap apa waé.
9:23 Kabèh mau daktindakaké merga saka Injil, supaya aku bisa mèlu ngrasakaké kabegjan-kabegjan kaya surasané Injil mau.
9:24 Kowé padha ngerti yèn ana ing balapan mlayu, sing mèlu wong akèh, nanging sing dadi juwarané mung wong siji. Mulané padha mlayua kaya wong sing arep menang lan dadi juwara.
9:25 Saben wong sing arep mèlu balapan, sajroné nggladhi awaké, padha tundhuk marang tatanan sing keras banget. Wong mau padha betah nglakoni mengkono, supaya bisa olèh makutha kemenangan, sing bisa sirna. Nanging kita iki padha betah nglakoni mengkono, supaya olèh makutha sing langgeng.
9:26 Yakuwi sebabé enggonku mlayu ngener marang garis pungkasan. Yèn diupamakaké wong tinju (jotosan), olèhku njotos ora ngawur.
9:27 Nanging aku nggladhi badanku nadhahi jotosan-jotosan sing keras, supaya aku bisa ngerèh badanku mau. Aja nganti sawisé aku ngabaraké Injil marang wong liya, aku dhéwé ditampik déning Gusti Allah.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s