I Pétrus 1


1:1 Layangku, Pétrus, rasulé Gusti Yésus Kristus, tumekaa marang umat pilihané Gusti Allah, sing padha dadi wong neneka manggon ana ing sawratané tanah Pontus, Galatia, Kapadhokia, Asia Cilik lan Bitinia.
1:2 Kowé wis padha kapilih miturut kersané Allah, Sang Rama, lan déning Rohé kadadèkaké umaté kang suci, supaya kowé padha mbangun-turut marang Gusti Yésus lan karesikaké saka dosa lan jejembering dosamu déning rahé. Panyuwunku mawantu-wantu *mawantu-wantu: tanpa kendhat.* marang Gusti Allah, muga kowé padha kaparingana lubèring sih-rahmat lan tentrem rahayu.
1:3 Pinujia Gusti Allah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus! Merga saka gedhéning sih-rahmaté, Panjenengané wis nglairaké kita menèh srana wunguné Gusti Yésus Kristus saka ing séda. Merga saka kuwi urip kita kebak ing pengarep-arep,
1:4 lan kita padha nganti-anti marang panduman sing kacawisaké déning Gusti Allah kanggo umat kagungané. Panduman mau kasimpen kanggo kowé ana ing swarga, mulané ora bisa rusak, reged utawa alum.
1:5 Panduman kuwi kanggo kowé, sing padha kareksa keslametanmu déning pangwasané Gusti Allah. Keslametan mau bakal kawedharaké mbésuk ing jaman wekasan.
1:6 Mulané padha bungah-bungaha, senajan ing wektu saiki kowé kudu nandhang kasusahan merga pendadaran *pendadaran: ujian (bhs. Ind.).* rupa-rupa sing kudu kokalami.
1:7 Pamrihé ora liya supaya katona murniné precayamu. Senajan mas pisan, sing bisa rusak kuwi diuji murniné srana geni, apa menèh precayamu sing luwih aji tinimbang mas, kudu diuji iya supaya katona murniné. Temahan ing Dina rawuhé Gusti Yésus Kristus, kowé olèh pengalem, kamulyan lan kaurmatan.
1:8 Kowé padha tresna marang Panjenengané, senajan ora kokdeleng. Kowé padha precaya marang Panjenengané, senajan ora koksipati. Kabungahan sing kokalami kuwi gedhé lan mulya banget, nganti ora kena dikandhakaké nganggo tembung.
1:9 Awit kowé wis padha tampa sing dadi wohing precayamu, yakuwi keslametané nyawamu.
1:10 Iya bab keslametan kuwi sing wis dititi-priksa klawan nastiti déning para nabi, sing padha meca bab sih-rahmat sing bakal diparingaké déning Gusti Allah marang kowé.
1:11 Para nabi mau padha nitipriksa kapan wektuné lan kepriyé patrapé sih-rahmat mau kaparingaké. Lan Rohé Sang Kristus sing ana ing para nabi kuwi nedahaké wektu mau, srana pamecané bab kasangsaran rupa-rupa sing bakal dialami Sang Kristus lan bab sakèhing kamulyan sing sawisé kuwi bakal kaparingaké marang Panjenengané.
1:12 Para nabi mau wis padha kaparingan pangerti déning Gusti Allah, yèn enggoné leladi mau ora kanggo awaké dhéwé, nanging kanggo kowé. Para nabi mau padha medharaké prekara-prekara sing saiki wis kokrungu saka wong-wong sing padha ngabaraké Injil. Wong-wong mau enggoné martakaké srana pangwasaning Rohé Allah sing kautus saka ing swarga. Senajan para malaékat pisan padha kepéngin sumurup bab prekara-prekara mau.
1:13 Mulané padha pikiren apa sing arep koktindakaké. Diwaspada lan ngemungna padha ngarep-arep marang berkah sing bakal diparingaké marang kowé, samangsa Gusti Yésus rawuh.
1:14 Padha mbangun-turuta marang Gusti Allah, lan aja nuruti hawa-nepsu sing ngerèh uripmu kaya dhèk biyèn, nalika kowé isih padha bodho.
1:15 Malah padha disuci ing sadhéngah perkara sing koklakoni sajroning uripmu, kaya déné Gusti Allah kang nimbali kowé iya suci.
1:16 Ing Kitab Suci katulis: “Padha disuci, awit Aku iki suci.”
1:17 Kowé nyebut Gusti Allah ‘Rama’, samasa kowé padha ndedonga marang Panjenengané. Nanging Gusti Allah ngadili kabèh wong tanpa pilih kasih, manut penggawéné dhéwé-dhéwé. Mulané uripmu ing donya padha nganggoa wedi-asih marang Panjenengané.
1:18 Sebab kowé padha sumurup apa sing kanggo nebus uripmu sing tanpa guna, sing kokwarisi saka leluhurmu, dudu barang sing bisa rusak, uga dudu slaka utawa mas,
1:19 nanging srana kurban sing pengaji banget, yakuwi Sang Kristus piyambak, kaya déné wedhus sing tanpa cacad lan mulus.
1:20 Panjenengané kapilih déning Gusti Allah sadurungé jagad katitahaké. Merga saka kowé Panjenengané ndungkap akir jaman iki, rawuh ing donya paring keslametan.
1:21 Lantaran Panjenengané kowé padha precaya marang Gusti Allah, kang wis mungokaké Gusti Yésus saka ing séda lan maringi kamulyan marang Panjenengané; temahan saiki kowé padha precaya temenan marang Gusti Allah lan mung ngendelaké Panjenengané.
1:22 Saiki sarèhné srana netepi dhawuhé Gusti Allah kowé wis padha nucèkaké awakmu, temahan bisa tresna lair batin marang pepadhamu wong-wong sing precaya, mulané padha mempenga enggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging ati.
1:23 Awit enggonmu padha kalairaké menèh kuwi déning pangandikané Gusti Allah kang gesang lan kang langgeng, kaya déné anak saka Bapak sing kalis ing pati, dudu bapak manungsa,
1:24 kaya sing tinulis ing Kitab Suci mengkéné: “Sakèhing manungsa kuwi kaya suket, sarta kabèh kaluhurané kaya kembanging suket. Menawa suketé garing, kembangé nuli gogrog;
1:25 nanging pangandikané Pangéran tetep ing selawasé.” Iya kuwi pangandika sing wis diwartakaké marang kowé déning Injil.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 60 I Pétrus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s