Ibrani 1


1:1 Dhèk jaman biyèn Gusti Allah wis kerep ngandika karo para leluhur kita srana patrap werna-werna.
1:2 Nanging ing jaman wekasan iki Panjenengané ngandika marang kita lantaran Kang Putra. Iya lantaran Kang Putra kuwi enggoné Gusti Allah nitahaké alam jembar. Sarta Panjenengané wis netepaké Kang Putra mau supaya sing wekasané ndarbèni samubarang kabèh.
1:3 Kang Putra kuwi cahya kamulyané sarta citrané *citra: gambar.* Gusti Allah sing cèples. Iya Panjenengané sing ngrumati alam jembar iki srana sabdané kang kebak pangwasa. Sawisé Panjenengané rampung enggoné ngresiki dosané manungsa, nuli lenggah ana ing sisih tengené Gusti Allah, Kang Mahakwasa, ana ing dhamparing Kraton Swarga.
1:4 Kaluhurané Sang Putra kuwi banget enggoné ngungkuli para malaékat, padha kaya pinunjuling Asma sing kaparingaké déning Gusti Allah marang Panjenengané, lan banget enggoné ngungkuli éndahing jenengé para malaékat mau.
1:5 Awit Gusti Allah ora tau ngandika marang para malaékat mengkéné: “Kowé kuwi Putra-Ku; ing dina iki Aku dadi Ramamu.” sarta: “Aku bakal dadi Ramané, lan dhèwèké bakal dadi Putra-Ku.”
1:6 Nalika Gusti Allah arep ngutus Kang Putra pembarep marang jagad, ngandika mengkéné: “Sakèhé malaékat kudu nyembah marang Sang Putra iki.”
1:7 Déné bab para malaékat Gusti Allah ngandika: “Gusti Allah ndadèkaké para malaékaté dadi angin, sarta para abdiné dadi geni kang murub.”
1:8 Nanging bab Sang Putra, Gusti Allah ngandika: “Paduka menika Allah, Paduka badhé jumeneng Raja ing salami-laminipun! Pangrèh Paduka menika adil.
1:9 Paduka menika remen dhateng prekawis-prekawis ingkang leres sarta sengit dhateng duraka. Pramila Gusti Allah, inggih Allah Paduka, sampun miji Paduka, sarta ngurmati Paduka ingkang ndhatengaken kabingahan, ngungkuli menapa ingkang kaparingaken dhateng para mitra Paduka.”
1:10 Lan menèh pangandikané Gusti Allah mengkéné: “Gusti, ing wiwitan mila Paduka ingkang nalesi *nalesi: ndhasari.* bumi, sarta langit menika inggih pakaryaning asta Paduka piyambak.
1:11 Sedaya menika badhé sirna, badhé dados lungset lan amoh kados sandhangan; nanging Paduka mboten badhé éwah gingsir.
1:12 Paduka badhé nglempit alam jembar menika kados jubah, sarta badhé sami kasantunan kados sandhangan. Nanging Paduka tansah badhé lestantun mboten éwah-éwah; yuswa Paduka tanpa wangenan.”
1:13 Gusti Allah ora tau ngandika marang para malaékaté sing endi waé mengkéné: “Lungguha ana ing sisih tengen-Ku, nganti mungsuh-mungsuhmu wis padha Dakdadèkaké ancik-anciking telapakanmu.”
1:14 Yèn mengkono para malaékat kuwi sapa ta? Para malaékat kuwi rak roh-roh sing padha ngladosi Gusti Allah lan sing diutus ngladosi wong-wong sing bakal padha tampa keslametan.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 58 Ibrani

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s