Ibrani 12


12:1 Tumrap kita, kita iki padha dirubung déning seksi-seksi akèh. Mulané ayo kita padha nyingkiraké sakèhing prekara sing ngalang-alangi laku kita, lan dosa sing tansah tumèmplèk ing awak kita. Ayo kita padha mèlu balapan mlayu.
12:2 Kita mung tansah padha nyenyuwuna marang Gusti Yésus, awit precaya kita kuwi mung ana ing Panjenengané, wiwitan nganti tekan wekasan. Gusti Yésus ora semplah sajroning nandhang sangsara ing kayu salib! Malah merga saka kabungahan kang bakal katampi, Panjenengané ora ngétang kanisthaning pati ana ing kayu salib. Lan saiki Panjenengané ngasta sakèhing pangwasa ana ing Pepréntahané Gusti Allah.
12:3 Padha ngèlingana prekara-prekara sing dialami déning Gusti Yésus, nalika ngadhepi wong dosa sing ngesokaké sengiting atiné marang Panjenengané. Jaganen supaya atimu aja nglokro lan semplah.
12:4 Awit enggonmu perang nglawan dosa kuwi durung nganti mutahaké getihmu.
12:5 Apa kowé wis padha lali karo dhawuhé Allah, sing ngandika marang kowé kaya bapak marang para putrané: “Hé anakku, padha titènana, yèn kowé diperdi déning Gusti Allah, lan atimu aja nglokro yèn diwelèhaké déning Panjenengané.
12:6 Gusti Allah merdi saben wong sing ditresnani, sarta mecuti saben wong sing kaanggep putra.”
12:7 Pamecut mau tampanana kaya déné panggulawenthahé bapak. Apa ana ta anak sing ora tau disrengeni déning bapakné?
12:8 Yèn kowé ora diajar lan digulawenthah kaya anak-anaké, kuwi ateges kowé dudu anaké sing absah, nanging anak jadah.
12:9 Kita padha duwé bapak ing donya, sing nggulawenthah kita lan kita ajèni. Méndahané menèh Rama ing swarga, yèn ora kudu disuyudi, supaya kita padha keparenga urip.
12:10 Wong tuwa kita kadonyan enggoné merdi kita mung sawetara mangsa, manut apa sing dianggep becik. Nanging Gusti Allah enggoné merdi kita murih becik kita dhéwé, supaya kita dadi suci kaya Panjenengané.
12:11 Pancèn! Pamerdi mau kelakoné ora mbungahaké, malah nyusahaké. Mung waé sawisé kita padha nampa pamerdi mau kita banjur manut karo kersané Allah, lan ndayani urip kita dadi tentrem.
12:12 Mulané athungna tanganmu sing sèngklèh lan jejegna dhengkulmu sing théklok!
12:13 Padha mlakua ing dalan sing rata, supaya sikilmu sing pincang mau aja nganti kejengklok, nanging dadia waras.
12:14 Padha rukuna karo wong kabèh, lan ngudia urip sing suci. Jalaran tanpa mengkono ora ana wong siji waé sing bisa ndeleng marang Gusti Allah.
12:15 Padha diawas, aja nganti ana wong sing nyingkur sih-rahmaté Allah. Padha sing ngati-ati, aja nganti ana sing dadi kaya thethukulan eri, sing mung gawé susahé wong akèh.
12:16 Padha sing ngati-ati, aja ana sing laku jina utawa tumindak sing asor kaya Ésau, kang ngedol wewenangé dadi anak pembarep diijolaké karo pangan sepiring.
12:17 Sawisé kuwi kowé padha ngerti, kaya apa Ésau enggoné kepéngin nampani berkahé ramané, nanging ditampik, awit ora olèh wewengan kanggo ndandani keluputané, senajan olèhé nyuwun karo mbrebes mili.
12:18 Kowé durung padha ngalami kaya sing wis dialami déning umat Israèl. Lelakon sing dialami mau kena digrayang, yakuwi Gunung Sinai sing geniné mulad-mulad, pepeteng sing lelimengan, angin lésus,
12:19 uniné slomprèt lan swara nggegirisi sing njalari wong-wong sing padha krungu nganti padha nyuwun, supaya aja ana swaraning pangandika menèh.
12:20 Awit padha ora tahan ngrungokaké pangandika sing dhawuh mengkéné: “Sarupané sing nggepok gunung iki, embuh kéwan, embuh manungsa, kudu mati dibenturi watu.”
12:21 Kaanan mengkono mau nggegirisi banget, nganti Nabi Musa ngandika: “Aku giris lan gumeter.”
12:22 Nanging nyatané kowé wis padha ngadhepi Gunung Sion lan kuthané Allah kang asipat gesang, yakuwi kutha Yérusalèm kaswargan, panggonané malaékat maèwu-èwu.
12:23 Kowé padha mlebu ing pasamuwané para putra pembarepé Gusti Allah, sing jenengé wis padha ditulis ana ing swarga. Kowé wis padha sowan ing ngarsané Allah, kang ngadili sakèhing manungsa, sarta katunggilaké karo roh-rohé para wong mursid sing padha kasampurnakaké.
12:24 Kowé wis padha marek ana ing ngarsané Gusti Yésus, sing netepaké prejanjian anyar, lan wis padha nampani getih sing kakepyuraké, sing medharaké prekara-prekara sing luwih becik tinimbang getihé Habél.
12:25 Mulané padha dingati-ati, supaya kowé aja padha wegah ngrungokaké pangandikané kang ngandika iki. Wong-wong sing padha wegah ngrungokaké marang Panjenengané kang nglairaké pangandikané Allah ana ing bumi iki, ora padha bisa nylametaké awaké dhéwé, apa menèh kita, kepriyé bisané slamet, yèn kita nyingkur Panjenengané sing ngandika saka ing swarga!
12:26 Nalika semana swarané nggonjingaké bumi. Nanging saiki Panjenengané wis janji: “Aku bakal nggonjingaké sepisan engkas, ora mung bumi, nanging ya langit.”
12:27 Pangandika “sepisan engkas” kuwi nélakaké kanthi cetha yèn alam jembar sing katitahaké iki bakal digonjingaké lan dibuwang, supaya barang-barang sing ora gonjing kuwi bisa lestari.
12:28 Mulané, kita wajib padha saos sukur, déné Gusti Allah wis maringi kita tanah kelairan sing ora gonjing. Mulané ayo kita padha saos panuwun lan padha ngabekti marang Gusti Allah, kanthi urmat lan ajrih asih.
12:29 Awit Gusti Allah sing kita bektèni kuwi kaya déné geni panglebur.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 58 Ibrani

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s