Ibrani 3


3:1 Para sedulurku sing padha dadi kagungané Gusti Allah, merga katimbalan déning Panjenengané! Padha rasak-rasakna bab Gusti Yésus, kang kautus déning Gusti Allah, supaya jumeneng Imam Agung manut sahadat kita.
3:2 Gusti Yésus kuwi setya marang Gusti Allah, kang wis miji Panjenengané ngayahi pegawéan kuwi, kaya déné Nabi Musa biyèn iya setya ing pegawéané kanggo umaté Allah kabèh.
3:3 Wong sing ngedegaké omah kuwi ajiné ngluwihi omah sing digawé. Mulané Gusti Yésus iya wis samesthiné nampi kamulyan kang luwih gedhé tinimbang Nabi Musa.
3:4 Pancèn saben omah mesthi ana sing gawé, nanging sing yasa samubarang kabèh kuwi Gusti Allah.
3:5 Nabi Musa kuwi pancèn dadi abdi sing tumemen tumraping umaté Allah kabèh, sarta mulangaké prekara-prekara sing ing tembé bakal diwedharaké déning Gusti Allah.
3:6 Nanging Sang Kristus tumemené kaya déné Putra, kang mikul tanggung jawab tumraping Pedalemané Allah. Pedalemané Allah, yakuwi kita iki, anggeré kita padha mantep lan yakin yèn bakal padha nampani apa sing kita arep-arep.
3:7 Mulané kaya pangandikané Sang Roh Suci: “Ing dina iki, menawa kowé padha krungu dhawuhé Allah,
3:8 kowé aja padha mangkotaké atimu, kaya para leluhurmu biyèn pada mbaléla marang Gusti Allah, yakuwi nalika padha ana ing pesamunan, padha nyoba marang Gusti Allah.
3:9 ‘Ana ing kana para leluhurmu padha ndadar *ndadar: menguji (bhs. Ind.).* Aku; Aku padha dicoba’, mengkono pangandikané Allah, ‘mangka wis patang puluh taun lawasé wong-wong mau padha weruh apa sing Daktindakaké.’
3:10 Mulané pegel ati-Ku marang umat mau, lan Aku ngandika, ‘Wong-wong kuwi tansah gawé duraka, padha suthik *suthik: emoh: mboten purun.* nurut marang dhawuh-dhawuh-Ku.’
3:11 Aku duka marang wong-wong mau sarta sumpah: ‘Wong-wong kuwi ora pisan-pisan bakal mlebu ana ing papan palereman-Ku.’ ”
3:12 Para sedulurku, padha dingati-ati, supaya aja ana wong siji waé panunggalanmu sing duwé ati ala lan maido nganti nyingkur marang Gusti Allah kang sipat gesang.
3:13 Malah aja ana panunggalanmu sing kena ing pamblithuking dosa, banjur mangkotaké atiné. Mulané sajroné isih urip ing jaman sing ana ing Kitab Suci disebut “Dina Iki”, padha tansah éling-ingélingna.
3:14 Kita kabèh iki wis padha mèlu menang karo Sang Kristus. Semono kuwi menawa kita padha tetep ngantepi marang precaya kita kawitan nganti tekan ing wekasan.
3:15 Pangandikané Gusti Allah mengkéné: “Ing dina iki menawa kowé krungu dhawuhé Allah, aja padha mangkotaké atimu kaya para leluhurmu, dhèk biyèn nalika padha mbangkang marang Panjenengané.”
3:16 Sapa sing padha krungu dhawuhé Allah, banjur mbaléla marang Panjenengané? Kuwi rak wong-wong sing padha kairid déning Nabi Musa metu saka tanah Mesir ta?
3:17 Sapa wong-wong sing patang puluh taun lawasé memungu bebenduné Allah? Apa dudu wong-wong sing padha gawé dosa lan padha mati pating glimpang ana ing pesamunan?
3:18 Nalika Gusti Allah supaos: “Wong-wong kuwi ora pisan-pisan bakal mlebu ana ing papan palereman-Ku”, sapa satemené sing dikersakaké? Ora liya rak iya wong-wong sing padha mbaléla mau!
3:19 Dadiné saiki kita padha ngerti, yèn wong-wong sing padha ora bisa mlebu, kuwi merga padha ora precaya.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 58 Ibrani

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s