Ibrani 4


4:1 Nanging saiki Gusti Allah wis janji, yèn kita padha kepareng mlebu ing paleremané. Mulané kita padha dingati-ati, supaya aja ana siji waé panunggalanmu sing nganti kèri.
4:2 Awit padha kaya wong-wong mau, kita wis padha krungu bab Injil. Nanging iku ora ana paédahé tumraping wong-wong mau, awit senajan padha krungu, éwasemono padha ora gelem nampani kanthi precaya.
4:3 Déné kita sing padha precaya, bakal padha mlebu ana ing paleremané Gusti Allah, cocog karo pangandikané: “Aku duka lan supaos: ‘Wong-wong kuwi mesthi padha ora bakal mlebu ing palereman-Ku.’ ” Gusti Allah ngandika mengkono, senajan pakaryané wis rampung wiwit nalika Panjenengané nitahaké jagad.
4:4 Awit mungguh dina kang kapitu ana pangandikané mengkéné: “Ing dina kapitu Gusti Allah kèndel saka pakaryané kabèh.”
4:5 Bab mau dingandikakaké menèh: “Wong-wong bakal ora pisan-pisan mlebu ana ing palereman-Ku.”
4:6 Wong-wong kang luwih dhisik krungu pawartané Injil, kuwi padha ora mlebu ana ing paleremané Allah, awit padha ora precaya. Yèn mengkono ana wong-wong liyané kang padha olèh mlebu ana ing paleremané Allah.
4:7 Kuwi ketitik saka enggoné Gusti Allah nemtokaké dina liyané, sing disebut: “Dina Iki”. Let pirang-pirang taun sebanjuré, Gusti Allah ngandika menèh bab prekara iki lumantar Sang Prabu Dawud, ana ing ayat ngarep mau: “Ing dina iki menawa kowé padha krungu dhawuh pangandikané Allah, aja padha mangkotaké atimu.”
4:8 Jalaran saupama Hakim Yosua wis ngirid wong-wong kuwi mlebu ing palereman kang kacawisaké déning Gusti Allah, mesthi Panjenengané ora bakal ngandika menèh bab dina liyané.
4:9 Nanging kaya kaanané saiki, isih ana menèh palereman kanggo umaté Allah, padha kaya enggoné Gusti Allah kèndel makarya ana ing dina kapitu mau.
4:10 Sapa sing kepareng mlebu ana ing paleremané Allah, wong kuwi bakal ngaso uga saka pegawéané dhéwé, padha kaya Gusti Allah enggoné kèndel saka pakaryané piyambak.
4:11 Mulané ayo kita padha mbudidaya sakatogé mlebu ana ing paleremané Allah. Aja ana panunggalan kita sing mbaléla *mbaléla: ngraman: memberontak (bhs. Ind.).* kaya wong-wong dhèk biyèn, temah padha ora kepareng mlebu.
4:12 Pangandikané Allah kuwi asipat gesang lan sekti, lan luwih landhep tinimbang sakèhing pedhang sing landhep kiwa-tengen; kang tumamané nganti bisa misahaké nyawa lan roh, ros-rosan lan sungsum. Bisa netepaké ala lan beciké pikiran lan karepé manungsa.
4:13 Ora ana prekara siji waé sing ketutupan ana ing ngarsané Gusti Allah, jalaran samubarang kabèh katon ngégla ana ing paningalé. Kita kabèh kudu padha tanggung jawab marang Panjenengané tumrap sakèhing penggawé kita dhéwé-dhéwé.
4:14 Sarèhné mengkono, mulané kita padha ngantepana marang sahadat kita. Awit kita padha duwé Imam Agung, sing wis sowan ing ngarsané Allah, yakuwi Gusti Yésus, Putraning Allah.
4:15 Imam Agung kita iki dudu wong sing ora bisa ngrasakaké kaapesan kita. Malah Panjenengané wis ngalami kagodha ing samubarang prekara. Ora béda karo kita dhéwé; mung Panjenengané ora gawé dosa!
4:16 Mulané ayo kita padha klawan kendel marek ing ngarsané Allah, kang dadi etuking sih-rahmat kang lubèr-lubèr. Kita bakal nampa kawelasan, sarta olèh sih-rahmat ing wektuné.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 58 Ibrani

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s