Ibrani 6


6:1 Mulané ayo kita padha maju, ngancik piwulang-piwulangé wong diwasa, sarta ninggal piwulang dhasar bab pangandikané Gusti Allah. Kita aja mung mbolan-mbalèni piwulang bab pamratobat, marèni penggawé-penggawé kang tanpa guna, lan bab precaya marang Gusti Allah;
6:2 utawa bab adat tata-cara baptis utawa bab berkah srana numpangaké tangan, utawa bab tanginé wong mati, sarta paukuman langgeng.
6:3 Ayo kita padha maju nyandhak piwulang sing luwih dhuwur, yakuwi sing saiki arep padha kita tindakaké, menawa Gusti Allah marengaké.
6:4 Sebab kepriyé bisané wong-wong sing wis padha murtad bali mratobat menèh? Wong-wong mau wis tau padha nampani pepadhang saka Gusti Allah ana ing atiné. Wis padha ngrasakaké peparingé Gusti Allah sarta wis nampani Sang Roh Suci dadi darbèké.
6:5 Wong-wong mau wis ngerti yèn pangandikané Gusti Allah kuwi becik, lan wis padha ngrasakaké dayané jaman sing bakal kelakon.
6:6 Éwasemono wong-wong mau padha murtad! Mokal yèn wong-wong sing kaya mengkono mau bisa katuntun marang pamratobat menèh, merga wong-wong kuwi presasat padha nyalib Putrané Allah sepisan menèh kanggo awaké dhéwé, sarta ngina Panjenengané ana ing ngarepé wong akèh.
6:7 Gusti Allah mberkahi lemah kang nesep banyu udan, nganti lemah mau ngetokaké tetuwuhan sing migunani marang wong sing nandur.
6:8 Nanging menawa metokaké eri lan rerungkudan, lemah mau ora ana gunané. Lemah mau bakal kena supatané Allah lan kaobong.
6:9 Senajan aku muni mengkono, para sedulur kang kinasih, aku yakin yèn kowé precaya temenan. Aku ngerti yèn kowé padha tampa peparing-peparing sing luwih becik, sing tumuju marang keslametan.
6:10 Gusti Allah kuwi ora kurang adil; Panjenengané ora bakal kekilapan *kekilapan: mboten ngertos.* marang penggawé-penggawému sing wis koklakoni, utawa katresnanmu marang Panjenengané, kang tetéla saka pitulunganmu marang pepadhamu wong Kristen, sing isih tumindak tekan sepréné.
6:11 Banget pengarep-arepku, kowé tansah sregep nganti tekan wekasan, supaya bisa nggayuh apa sing dadi pengarep-arepmu.
6:12 Aku ora seneng yèn kowé padha kesèd. Padha tumindaka kaya wong-wong sing padha precaya lan sabar, temahan padha nampani apa kang dijanjèkaké déning Gusti Allah.
6:13 Nalika Gusti Allah maringaké janjiné marang Rama Abraham, Panjenengané supaos bakal ngleksanani sing wis dijanjèkaké. Sarèhné ora ana wong sing ngungkuli Panjenengané, mulané nalika maringaké janjiné mau, Gusti Allah supaos demi asmané piyambak.
6:14 Pangandikané Allah: “Aku janji bakal mberkahi kowé sarta maringi turun akèh banget marang kowé.”
6:15 Abraham sabar, temah panjenengané nampa sing dijanjèkaké déning Gusti Allah mau.
6:16 Manungsa yèn sumpah migunakaké jenengé wong liya sing luwih luhur; sumpah mau kanggo mungkasi sakèhé padudon ing antarané manungsa.
6:17 Kersané Gusti Allah ngyakinaké marang wong-wong sing bakal padha nampani janji mau, yèn Panjenengané ora bakal pisan-pisan nyélaki. Yakuwi sebabé Panjenengané ngantebaké janjiné mau nganggo supaos.
6:18 Rong prekara kuwi ora bisa owah, janji lan sumpah, sing njalari Gusti Allah ora bakal sélak. Merga saka kuwi kita sing wis olèh keslametan saka Gusti Allah padha diwanti-wanti supaya ngugemi klawan mantep marang pengarep-arep sing wis kajanjèkaké marang kita.
6:19 Pengarep-arep mau dadi jangkaring ati kita, sing kukuh lan sentosa, sing wis katibakaké tekan samburiné gebering Sasana Mahasuci ana ing Pedalemané Allah kaswargan.
6:20 Gusti Yésus wis mlebet tekan kana ndhisiki kita, kanggo makili kita. Panjenengané kang jumeneng Imam Agung kang langgeng manut tata kaimamané Mèlkisèdèk.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 58 Ibrani

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s