Ibrani 8


8:1 Wosé kabèh sing kita rembug iki mengkéné: Kita padha duwé Imam Agung, kang ngasta pangwasa gedhé ing swarga, ngasta Pepréntahané Allah, Kang Mahaagung.
8:2 Imam Agung mau ngladosi pangibadah ing sajroning kémah sejati, ing pérangan kang kasebut Sasana *Sasana: Panggènan.* Mahasuci. Kémah sejati mau yasané Gusti Allah, dudu yasané manungsa.
8:3 Saben Imam Agung sing katetepaké ing kalenggahané, kapatah nyaosaké pisungsung lan kurban-kurban kéwan marang Gusti Allah; mulané Imam Agung kita iya kudu kagungan kang kapisungsungaké.
8:4 Saupama Gusti Yésus ana ing bumi iki, Panjenengané babar-pisan ora prelu jumeneng Imam, awit wis akèh imam-imam sing nyaosaké kurban manut Torèt Yahudi.
8:5 Leladiné para imam mau, satemené mung kaya gambar lan wewayanganing barang-barang kaswargan. Mengkono uga kaanané Nabi Musa biyèn, nalika arep ngadani yasa Tarub Pedalemané Allah, Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: “Kabèh mau kudu kokgawé ngetrepi conto sing wis katuduhaké marang kowé ana ing gunung.”
8:6 Nanging Gusti Yésus kaparingan pakaryan kaimaman kang luwih luhur tinimbang pegawéané para imam mau. Merga Panjenengané jumeneng Pantarané prejanjian sing dianakaké ing antarané Gusti Allah lan manungsa sing pancèn luwih luhur, merga kadhasaran janji-janji bab prekara-prekara sing luwih mulya.
8:7 Saupama prejanjian sing kawitan kuwi ora ana cèwèté, *cèwèt: gèsèh: béda.* prejanjian kang kapindho ora prelu.
8:8 Nanging Gusti Allah nacad umaté, kuwi nalika Panjenengané ngandika mengkéné: “Satemené, bakal tekan wektuné”, mengkono pangandikané Pangéran, “Aku bakal gawé prejanjian anyar karo turuné Israèl lan turuné Yéhuda,
8:9 ora kaya prejanjian kang wis Dakgawé karo para leluhuré wong-wong mau, nalika Aku nganthi wong-wong mau metu saka ing tanah Mesir. Wong-wong mau padha ora setya marang prejanjian-Ku, sarta Aku ngemohi wong-wong kuwi”, mengkono pangandikané Pangéran.
8:10 “Iya kuwi prejanjian kang bakal Dakgawé karo turuné Israèl ing wektu-wektu sabanjuré”, mengkono pangandikané Pangéran. “Angger-angger-Ku bakal Dakparingaké ana ing batiné, sarta Dakserat ing atiné, déné Aku bakal jumeneng Allahé sarta wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.
8:11 Sarta wong-wong mau ora bakal mulang menèh marang pepadhané warga, utawa marang pepadhané sedulur kanthi ngucap, ‘Wanuha marang Pangéran!’ Awit gedhé cilik kabèh bakal padha wanuh karo Aku.
8:12 Aku bakal nandukaké sih-piwelas marang kaluputané, sarta ora bakal ngèngeti marang dosa-dosané.”
8:13 Sarèhné Panjenengané ngandika bab prejanjian anyar, mulané srana mengkono Gusti Allah mratélakaké yèn prejanjian sing sepisanan kuwi wis ora kanggo lan ora ana paédahé. Lan apa waé sing wis ora kanggo lan ora ana paédahé, bakal énggal sirna.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 58 Ibrani

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s