Ibrani 9


9:1 Prejanjian kang sepisanan kuwi ngemot prenatan-prenatan bab pangibadah lan papan pangibadah gawéané manungsa.
9:2 Ana kémah sing didegaké ing sisih njaba, karan panggonan Suci. Ing njeroné ana damar, méja lan roti kang kacaosaké marang Gusti Allah.
9:3 Ing mburiné geber kang kapindho ana kémah menèh karan Sasana Mahasuci.
9:4 Ing njeroné ana mesbèh emas sing dienggo ngobong menyan, lan ana pethiné prejanjian kalapis emas bleg. Ing njeroné pethi mau ana guciné emas isi manna, tekené Imam Harun, sing tau semi, sarta watu blèbèkan loro katulisan pepakon sepuluh.
9:5 Ing sandhuwuré pethi mau ana pepethaning *pepethan: wewujudan: gambar.* malaékat éndah banget, mrelambangaké yèn Gusti Allah ana ing kono. Swiwiné malaékat-malaékat mau ngaubi tutupé pethi pangruwating dosa. Nanging wektu iki prekara mau ora kena dijlèntrèhaké siji-siji.
9:6 Iya mengkono kuwi enggoné barang-barang katata ana ing papan kang suci mau. Saben dina para imam padha mlebu ing kémah sing sisih ngarep, prelu nglakoni kuwajibané.
9:7 Mung Imam Agung piyambak sing mlebet ing kémah sisih njero, kuwi waé mung setaun sepisan, sarta kudu karo nggawa getih kang kasaosaké marang Gusti Allah, merga saka dosané piyambak lan dosa-dosané umaté kang ora kajarag.
9:8 Srana panatané barang-barang mau kabèh, Sang Roh Suci nélakaké klawan cetha, yèn selawasé kémah sing ana ing sisih ngarep isih ngadeg, dalan menyang Sasana Mahasuci durung bukak.
9:9 Kuwi minangka pasemon tumrap ing jaman saiki. Déné tegesé, pisungsung-pisungsung lan kurban-kurban kéwan kang kasaosaké marang Gusti Allah kuwi ora bisa nyampurnakaké atiné wong sing ngibadah.
9:10 Barang-barang mau mung wujud pangan, ombèn-ombèn, lan tata-cara werna-werna bab reresik. Kuwi mau kabèh prenatan-prenatan tata lair sing kanggoné mung tekan wektuné samubarang kabèh kaanyaraké déning Gusti Allah.
9:11 Nanging Sang Kristus wis rawuh jumeneng Imam Agung tumraping barang-barang luhur sing wis ana ing kéné. Panjenengané nindakaké peladosané ana ing kémah kang luwih agung lan luwih sampurna. Kémah mau ora digawé déning manungsa, tegesé ora klebu pérangané donya sing dititahaké iki.
9:12 Nalika Sang Kristus mlebet ing pérangané tarub kang njero, ing Sasana Mahasuci, sepisan kanggo ing selawasé, Panjenengané ora ngasta getihé wedhus lanang utawa getihé pedhèt minangka saosan, nanging ngasta rahé piyambak, supaya ngangsalaké keslametan tumrap kita.
9:13 Getihing wedhus lanang lan sapi tuwin awuning kurban pedhèt kuwi kasawuraké marang wong-wong, kang manut saraking agama klebu wong najis. Srana patrap mengkono wong-wong mau padha kasucèkaké saka najisé tata lair.
9:14 Yèn sing mengkono kuwi bener, méndahané menèh rahé Sang Kristus! Merga Roh kang langgeng, Panjenengané wis ngurbanaké sarirané piyambak konjuk marang Gusti Allah, minangka kurban kang tanpa cacad. Rahé nucèkaké ati kita saka sakèhing prekara kang tanpa guna, supaya kita bisa ngladosi Gusti Allah Kang Gesang.
9:15 Merga saka kuwi Sang Kristus rawuh jumeneng Imam Agung lan Pantarané Prejanjian kang Anyar, supaya wong-wong sing wis katimbalan padha bisa tampa ganjaran langgeng, kaya sing dijanjèkaké Gusti Allah. Kuwi bisané kelakon merga wis ana sing nglampahi séda kanggo nebus panerak-panerak kang katindakaké déning wong-wong mau sajroning prejanjian sing wiwitan.
9:16 Menawa ana layang wasiat, kudu dibuktèkaké, yèn wong sing gawé layang wasiat mau wis mati.
9:17 Sebab layang wasiat kuwi lagi sah, menawa sing gawé wasiat wis mati, lan layang wasiat mau ora ana gunané apa-apa sajroné sing gawé wasiat mau isih urip.
9:18 Iya kuwi sebabé, mula prejanjian kang kawitan kudu diabsahaké nganggo getih.
9:19 Biyèn Nabi Musa ndhawuhaké sakèhé pepakon Angger-anggering Torèt, marang umat kabèh. Nuli panjenengané mendhet getihing pedhèt lan getihing cempé lanang dicampur banyu, banjur dikepyuraké nganggo wulu wedhus sing wernané abang tuwa lan suket hisop, ana ing Kitab Torèt lan para umat kabèh.
9:20 Karo ngandika: “Getih iki ngabsahaké prejanjian kang katetepaké déning Gusti Allah supaya koklakoni.”
9:21 Mengkono uga kémah Pedalemané Allah lan sakèhé piranti sing dienggo ana ing pangibadah padha dikepyuri getih mau déning Nabi Musa.
9:22 Pancèn manut Angger-anggering Torèt, mèh samubarang kabèh kasucèkaké srana getih. Mengkono uga dosa, bisané diapura iya mung srana wutahing getih.
9:23 Sakèhing barang sing dadi gegambaraning prekara-prekara kang ana ing swarga mau kudu kasucèkaké srana patrap mengkono mau; nanging prekara-prekara kaswargan dhéwé kasucèkaké srana kurban kang luwih becik tinimbang barang-barang kuwi.
9:24 Awit Sang Kristus ora mlebet ing Papan Suci gawéaning tangané manungsa, kang mung dadi wewayanganing Papan Suci kang sejati. Panjenengané mlebet ing swarga prelu sowan ing ngarsané Gusti Allah makili kita.
9:25 Imam Agungé wong Yahudi mlebet ing Sasana Mahasuci setaun sepisan karo ngasta getihing kéwan. Nanging Sang Kristus ora mlebet bola-bali ngurbanaké sarirané piyambak.
9:26 Awit yèn mengkono Panjenengané rak wiwit jagad katitahaké kudu bola-bali enggoné nglampahi sangsara. Ora mengkono. Panjenengané mung rawuh sepisan kanggo ing selawasé, yakuwi ing jaman wekasan, kanggo mbirat dosa srana ngurbanaké sarirané piyambak.
9:27 Kaya déné manungsa enggoné pinesthi mati sepisan, lan sawisé kuwi nuli diadili déning Gusti Allah.
9:28 Mengkono uga Sang Kristus iya mung kakurbanaké sepisan kanggo dosané wong akèh. Panjenengané bakal rawuh sepisan engkas, ora kanggo nebus dosa, nanging nylametaké wong-wong sing nganti-anti rawuhé.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 58 Ibrani

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s