II Korintus 1


1:1 Layang saka Paulus, sing saka kersané Allah katimbalan dadi rasulé Gusti Yésus; lan saka sedulur kita Timotius, tumekaa marang pasamuwané Allah ing kutha Korintus, lan marang sakèhé umaté Allah ing satanah Akhaya kabèh.
1:2 Muga-muga Gusti Allah, Rama kita lan Gusti Yésus Kristus maringi sih-rahmat lan katentreman marang kowé.
1:3 Ayo padha saos panuwun marang Gusti Allah, Ramané Gusti Yésus Kristus, Rama kang gedhé sih-piwelasé, lan Allah kang dadi sumbering sakèhé pitulungan!
1:4 Panjenengané ngentas kita saka sarupaning kasusahan, supaya srana pitulungan sing saka Gusti Allah mau, kita uga bisa nyantosakaké atiné wong-wong sing padha nandhang kasusahan.
1:5 Kaya déné enggon kita mèlu nandhang sangsarané Sang Kristus, mengkono uga lantaran Sang Kristus, ati kita padha disantosakaké kang luwih banget.
1:6 Enggonku padha nandhang kasusahan kuwi satemené kanggo nyantosakaké batinmu murih keslametanmu. Yèn aku padha disantosakaké, kowé uga padha mèlu disantosakaké lan diparingi kekuwatan, supaya bisa tahan nandhang sangsara kaya sing dakalami.
1:7 Mulané pengarep-arepku marang kowé tetep panggah, jalaran aku padha ngerti yèn kowé wis padha mèlu nandhang sangsara karo aku, mulané kowé bakal padha nampani sentosaning batin kaya sing diparingaké marang aku kabèh.
1:8 Para sedulur, karepku supaya kowé uga padha ngerti bab kasusahan sing padha dakalami ana ing wilayah Asia. Aku padha nandhang sangsara sing gedhé lan abot banget, nganti ora duwé pengarep-arep yèn bakal urip.
1:9 Malah saka rumangsaku aku wis padha kapatrapan paukuman pati. Kabèh mau satemené supaya aku aja padha ngendelaké marang awakku dhéwé, nanging mung ngendelna marang Gusti Allah, sing kwasa nangèkaké wong mati.
1:10 Panjenengané wis nguwalaké aku kabèh saka bebaya pati sing nggegirisi mau. Lan aku padha yakin, yèn Panjenengané mbésuk iya bakal nguwalaké menèh, awit Panjenengané sing padha dakandelaké.
1:11 Mulané kowé padha mbiyantua klawan pandonga. Aku yakin yèn Gusti Allah nyembadani pandongamu, sarta bakal nguwalaké aku kabèh saka bebaya. Akèh pandonga kanggo aku kabèh sing dikabulaké, lan aku bakal padha diberkahi déning Panjenengané. Mulané akèh wong sing padha saos panuwun marang Gusti Allah, merga pandonga-pandongané sing dikabulaké mau.
1:12 Sing ndadèkaké gedhéning atiku, yakuwi swaraning batinku, sing ngyakinaké aku, yèn uripku ing donya iki dierèh déning ati sing resik lan éklas, peparingé Allah, srana pangwasané sih-rahmaté piyambak, lan ora déning kawicaksanané manungsa, luwih-luwih sing magepokan karo pesrawunganku karo kowé.
1:13 Sing daktulis marang kowé iki mung bab-bab sing bisa kokwaca lan kokngertèni. Pangertimu mau saiki durung ganep; nanging banget ing pengarep-arepku, pangertimu mau dadi sampurna,
1:14 supaya mbésuk ing Dina rawuhé Gusti Yésus, kowé padha mongkog atimu merga saka aku, kaya déné aku iya padha mongkog ing ngatasé kowé.
1:15 Semono gedhéning keyakinanku, nganti wiwit-wiwitan mula aku wis ngrancang arep niliki kowé, supaya kowé padha olèh berkah tikel loro.
1:16 Rancangan enggonku arep niliki kowé mau mbésuk yèn aku mangkat menyang tanah Makédonia lan mampir saulihku saka ing kana. Aku kepéngin kokbiyantu supaya aku bisa nerusaké lakuku menyang tanah Yudéa.
1:17 Nanging rancanganku iki dakbatalaké; ora merga pikiranku gampang molah-malih. Utawa ora merga aku kepéngin nuruti karepku dhéwé, nganti sedhéla muni “Ya” lan sedhéla menèh muni “Ora?”
1:18 Demi Allah kang setya tuhu, janjiku karo kowé biyèn dudu “Ya” utawa “Ora”.
1:19 Sebab Gusti Yésus Kristus, Putrané Allah, sing diwartakaké marang kowé déning Silas, Timotius lan aku dhéwé, kuwi dudu “Ya” lan “Ora”. Nanging wangsulan “Ya” sing dingandikakaké déning Gusti Allah.
1:20 Lantaran Gusti Yésus mau Gusti Allah wis ngandika “Iya” tumrap sakèhing janjiné! Yakuwi sebabé kita padha muni “Amin” krana Gusti Yésus Kristus. Srana mengkono kita padha ngluhuraké Gusti Allah.
1:21 Gusti Allah piyambak sing ngyakinaké kowé lan aku, yèn urip kita iki katunggilaké karo Sang Kristus. Gusti Allah piyambak sing wis milih kita.
1:22 Lan maringi cap minangka pretandha yèn kita dadi kagungané. Panjenengané wis maringaké Sang Roh Suci ana ing ati kita, minangka panjer tumraping berkah-berkah sing bakal diparingaké marang kita.
1:23 Gusti Allah dadi seksiku; Panjenengané pirsa isining atiku! Enggonku mbatalaké rancanganku niliki kowé ing Korintus, kuwi merga aku ngéman karo kowé.
1:24 Aku ora arep meksa kowé bab sing kudu kokprecaya, awit precayamu wis bakuh. Aku mung kepéngin mbiyantu supaya kowé saya rumangsa begja.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s