II Korintus 10


10:1 Manut kandhané wong, aku Paulus, diunèkaké jirih yèn adu-arep, waniné yèn adoh. Penjalukku marang kowé, lambaran kesaénan lan sih-rahmaté Sang Kristus,
10:2 samangsa aku teka niliki kowé, kowé aja meksa aku tumindak keras marang kowé. Awit aku bisa keras karo wong-wong sing padha ngarani yèn penggawéku nuruti nepsu kadonyan.
10:3 Ya bener aku iki padha urip ana ing donya, nanging penggawéku mau ora manut nepsu kadonyan.
10:4 Gegaman sing dakenggo nglawan dudu gegaman kadonyan, nanging gegamané Allah, sing ampuh lan bisa nggempur bètèng-bètèngé manungsa. Aku padha nyirnakaké pangothak-athiké manungsa sing palsu,
10:5 lan mbongkar témbok-témbok gumunggunging manungsa sing ngalang-alangi wong arep wanuh karo Gusti Allah. Aku padha nelukaké pikiran-pikirané manungsa, supaya manut marang Sang Kristus.
10:6 Samangsa kowé wis mbuktèkaké setyamu, aku bakal ngukum sakèhé wong sing ora setya.
10:7 Kowé padha ngertia prekara sing sanyatané. Menawa ing antaramu ana sing nganggep dadi kagungané Sang Kristus, mbok ngèlingana yèn aku iki uga kagungané Sang Kristus, padha waé.
10:8 Aku ora isin ngegung-egungaké pangwasa sing wis diparingaké déning Gusti marang aku, awit pangwasa mau kanggo mbangun kowé, ora kanggo ngrusak kowé.
10:9 Aku ora niyat medèn-medèni kowé srana layang-layangku.
10:10 Mesthiné ana sing arep muni: “Layang-layangé Paulus kuwi keras lan pedhes, nanging yèn adu-arep karo kita, dhèwèké tanpa daya lan tembungé ora teges!”
10:11 Bèn wong kuwi mengko ngerti yèn tembung-tembung sing daktulis ana ing layang-layangku karo apa sing bakal padha daktindakaké samangsa aku adu-arep, kuwi ora ana bédané.
10:12 Pancèn aku ora wani madhakaké awakku karo wong-wong sing anggepé wis sampurna. Wong-wong kuwi bodho banget! Padha gawé ukuran manut panemuné dhéwé, banjur nandhing awaké dhéwé nganggo ukuran mau!
10:13 Nanging tumraping aku, enggonku ngegung-egungaké ana watesé; watesé yakuwi ayahan sing diparingaké déning Gusti Allah marang aku, klebu pegawéanku ana ing antaramu.
10:14 Sarèhné kowé klebu ana ing sajroning wates mau, mula dhèk aku nekani kowé martakaké Injilé Sang Kristus, aku ora nerak wates.
10:15 Lan aku ora padha ngumukaké bab pegawéané wong liya sing ana ing sanjabané wates sing wis ditemtokaké déning Gusti Allah kanggo aku. Nanging pengarep-arepku, supaya kaprecayanmu saya mundhak lan aku padha bisa nindakaké pegawéan kang luwih gedhé menèh ana ing antaramu, sajroning wates sing wis ditemtokaké déning Gusti Allah.
10:16 Yèn wis mengkono, aku lagi bisa martakaké Injil ing panggonan-panggonan liya, ora susah nganggo ngegung-egungaké pegawéan sing wis dilakoni ing laladané wong liya.
10:17 Awit Kitab Suci nerangaké: “Sapa sing arep ngegung-egungaké, kuwi ngegung-egungna apa sing wis ditindakaké déning Pangéran.” *Mirsanana Yérémia 9:24.*
10:18 Sebab wong sing kanggep ana ing ngarsané Gusti Allah kuwi dudu wong sing ngalem awaké dhéwé, nanging wong sing dialem déning Gusti Allah.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s