II Korintus 11


11:1 Rak kena ta, aku sok mbodhoni!
11:2 Aku tresna karo kowé kaya déné Gusti Allah piyambak iya tresna karo kowé. Kowé kuwi kaya prawan sing wis dakpacangaké karo sawijining priya, yakuwi Sang Kristus.
11:3 Aku sumelang yèn pikiranmu wis kena ing panggodha lan kowé wis ninggal katresnanmu sing suci marang Sang Kristus, padha kaya Ibu Kawa sing kagodha, sing digorohi déning si ula.
11:4 Awit kowé gelem nampani saben wong sing nekani kowé lan mulangaké bab Yésus liyané, béda karo Gusti Yésus, sing padha dakwulangaké. Kowé uga gelem nampa roh lan “injil”, sing béda karo Roh lan Injil, sing koktampa saka aku!
11:5 Manut panemuku, babar-pisan aku ora rumangsa kalah karo “rasul-rasul” sing kokanggep pinunjul mau!
11:6 Bisa uga aku iki ora micara, nanging kuwi ora ateges yèn aku ora duwé kawruh. Kuwi wis saben-saben dakterangaké marang kowé.
11:7 Apa salahku karo kowé merga aku tumindak andhap-asor, saking olèhku arep ngurmati kowé? Apa merga enggonku martakaké Injilé Allah marang kowé tanpa njaluk bayaran?
11:8 Nalika aku martakaké Injil ana ing antaramu, aku diragadi déning pasamuwan-pasamuwan liya. Presasat aku iki meres pasamuwan-pasamuwan mau, supaya bisa mitulungi kowé.
11:9 Lan selawasé aku ana ing antaramu, aku ora tau ngrusuhi kowé, ora njaluk dhuwit kanggo nyukupi butuhku. Sing nyukupi butuhku kabèh kuwi para sedulur sing padha teka saka Makédonia. Biyèn, mengkono uga saterusé aku ora arep gawé susahmu!
11:10 Demi kayektèné Sang Kristus sing dakandhemi, aku mesthèkaké, yèn ora ana wong siji waé ing satanah Akhaya sing bisa mbantah sing dadi mongkoging atiku.
11:11 Apa sebabé aku muni mengkono? Apa aku ora tresna marang kowé? Gusti Allah sing pirsa yèn aku tresna marang kowé!
11:12 Apa sing wis daktindakaké, arep dakterusaké supaya “rasul-rasul” liyané ora duwé alesan kanggo gumunggung, kandha-kandha, yèn enggoné nyambut-gawé mau patrapé kaya aku kabèh.
11:13 Wong-wong kuwi dudu rasul-rasul temenan, nanging rasul-rasul palsu. Wong-wong kuwi padha ngapusi lan réwa-réwa dadi rasulé Sang Kristus sing sejati.
11:14 Kuwi ora nggumunaké! Iblis iya bisa méndha-méndha dadi malaékating pepadhang.
11:15 Mulané ora anèh menawa batur-baturé Iblis uga méndha-méndha dadi abdining kayektèn. Nanging akiré wong-wong mau bakal nampa paukuman sing laras karo penggawéné.
11:16 Dakambali sepisan menèh murih cethané: Aja ana wong sing duwé pengira yèn aku iki wong bodho. Nanging yèn kowé nganggep aku iki bodho, ya wis aku tampanana kaya déné wong bodho, supaya aku bisa gumunggung sethithik.
11:17 Lan apa sing arep dakkandhakaké saiki, kuwi ora saka dhawuhé Gusti, nanging tembungku dhéwé, tembungé wong sing bodho.
11:18 Kaya wong akèh padha ngegung-egungaké prekara kadonyan, aku uga arep mèlu-mèlu tumindak mengkono.
11:19 Sarèhné kowé nganggep kowé dhéwé pinter, dadi kowé iya bisa nyabari wong-wong sing bodho!
11:20 Kowé wis nyabari saben wong sing nindhes kowé, sing meres kowé, wong sing ngerèh kowé; wong sing ngina marang kowé; wong sing napuk pipimu.
11:21 Kanthi isin, aku ngakoni, yèn ing bab mengkono kuwi aku rumangsa kalah karo kowé. Senajan mengkono, yèn ana wong sing wani ngegung-egungaké awaké dhéwé tumraping sawijining prekara, — kandhaku iki kaya déné ujaré wong bodho — aku iya wani tumindak mengkono.
11:22 Apa wong-wong mau wong Ibrani? Aku iya wong Ibrani. Apa wong-wong kuwi wong Israèl? Aku uga wong Israèl! Apa wong-wong mau tedhak-turuné Rama Abraham? Aku uga tedhak-turuné Rama Abraham!
11:23 Apa wong-wong kuwi abdiné Sang Kristus? Mbokmenawa kowé kaya ngrungokaké kandhané wong ora waras, nanging aku iki abdi sing luwih sregep tinimbang karo wong-wong kuwi kabèh! Nyambut-gawéku luwih keras. Aku luwih kerep dikunjara; aku luwih kerep digebugi; aku kerep mèh ngalami mati.
11:24 Ping lima aku disiksa déning wong Yahudi, manut prenatan Yahudi, yakuwi nganggo dipecuti “ping patang puluh kurang siji”.
11:25 Ping telu aku digebugi wong-wong Rum; malah dibenturi watu sepisan. Aku ngalami kapalku kèrem ana ing segara nganti ping telu, lan sepisan ngalami kompal-kampul ana ing segara nganti patlikur jam suwéné.
11:26 Lakuku kerep diancam déning bebaya banjir, déning bégal, déning wong-wong Yahudi lan déning wong-wong bangsa liyané. Aku iya kerep diancam déning bebaya ana ing kutha, ana ing pesamunan, ana ing segara, lan bebaya-bebaya saka wong-wong sing méndha-méndha sedulur.
11:27 Aku kerep ngalami rekasa lan nyambut-gawé abot; kerep ora mangan, ora ngombé lan ora turu; kaliren, kapiran, ora duwé omah lan kadhemen merga ora duwé sandhangan.
11:28 Tanpa nyebut prekara-prekara liyané, saben dina aku mikiraké bot-répoté pasamuwan-pasamuwan kabèh.
11:29 Yèn ana wong sing sèkèng, aku mèlu ngrasakaké kasèkèngané. Yèn ana sing tumiba ing dosa, atiku mèlu remuk merga sedhih.
11:30 Saupama aku dikudokaké gumunggung, aku bakal ngegung-egungaké prekara-prekara sing nuduhaké kaapesanku.
11:31 Gusti Allah, Ramané Gusti Yésus, pirsa yèn aku ora goroh. Asmané kaluhurna ing selawasé.
11:32 Nalika aku ana ing kutha Damsyik, gubernur ing kono, sing dibawahaké déning Sang Prabu Aretas, préntah marang tentarané supaya padha njaga gapura-gapurané kutha mau, arep nyekel aku.
11:33 Nanging aku diudhunaké nganggo kranjang saka jendhéla ing témboké kutha mau. Mengkono dadiné aku oncat saka ing astané gubernur mau.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s