II Korintus 12


12:1 Senajan ora ana gunané, nanging aku kepeksa gumunggung. Saiki aku dakcrita bab tetingalan sajroning wahyu sing daktampa saka Gusti.
12:2 Aku wanuh karo sawijining wong Kristen. Patbelas taun kepungkur wong mau diangkat menyang swarga sing dhuwur dhéwé. (Aku ora ngerti kuwi mau kelakon temenan, apa mung sawijining tetingalan, Gusti Allah sing pirsa.)
12:3 Dakambali menèh, aku weruh wong mau diangkat menyang ing Firdus, (embuh kuwi mau temenan, apa mung sawijining tetingalan, Gusti Allah sing pirsa.)
12:4 Ana ing kana wong mau krungu swara-swara sing ora kena diucapaké nganggo tembungé manungsa lan ora kena dikandhakaké.
12:5 Dadi aku kerep ngegung-egungaké bab wong kuwi — ora arep ngegung-egungaké bab awakku dhéwé, kejaba ing bab prekara-prekara sing nuduhaké kaapesanku.
12:6 Senajan aku ngegung-egungaké awakku pisan, aku ora bodho, sebab sing dakkandhakaké kuwi barang sing nyata. Nanging aku emoh ngegung-egungaké awakku, supaya aja nganti ana wong sing penganggepé ngluwihi apa sing dideleng ana ing aku, dadia kelakuanku, dadia tembungku.
12:7 Supaya aku aja dadi gumunggung merga pengalaman sing élok mau, aku diparingi lelara déning Gusti Allah ana ing awakku, sing dadi pirantiné Iblis kanggo ngantemi aku, lan nyegah supaya aku aja gumunggung.
12:8 Aku wis ndedonga ping telu marang Gusti, nyuwun supaya lelara kuwi disingkiraké saka aku.
12:9 Nanging Gusti ngandika: “Sih-rahmat-Ku wis cukup kanggo kowé, jalaran pangwasa-Ku dadi luwih cetha samangsa kowé rumangsa apes!” Mulané aku luwih ngegung-egungaké keapesanku, sebab yèn aku nandhang apes, aku ngrasakaké pangwasané Sang Kristus ngayomi aku.
12:10 Aku seneng waé ngalami keapesan, dicecamah, kasusahan, panganiaya, lan kasusahan liya-liyané, merga Asmané Sang Kristus; awit iya samangsa aku sèkèng kuwi, aku malah kuwat.
12:11 Kowé wis meksa aku tumindak kaya wong sing bodho. Beneré rak kowé sing kudu kandha yèn aku sing bener. Senajan aku iki dudu apa-apa, nanging aku ora kalah karo “rasul-rasulmu” sing kokanggep pinunjul kuwi.
12:12 Titikané yèn aku iki rasul temenan, kuwi wis cetha. Kowé dhéwé wis ndeleng pretandha-pretandha, mujijat-mujijat lan lelakon-lelakon sing ngéram-éramaké.
12:13 Apa tau aku ora nggatèkaké kowé yèn katandhing karo enggonku nggatèkaké pasamuwan-pasamuwan liyané, kejaba mung bab enggonku ora njaluk ragad marang kowé? Yèn bab iki kokanggep salah, ya apuranen.
12:14 Saiki aku wis cecawis arep niliki kowé sing kaping teluné. Aku ora arep njaluk ragad kowé awit dudu barang-barangmu sing dakgolèki, nanging kowé dhéwé. Merga dudu anak-anak sing kuwajiban ngragadi wong tuwané, nanging wong tuwa kanggo anak-anaké.
12:15 Aku gelem ngragadi kowé nganggo samubarang sing dakduwèni. Malah aku ngetohaké awakku dhéwé kanggo mbiyantu kowé. Apa katresnanmu marang aku suda, merga katresnanku marang kowé saya mundhak?
12:16 Kowé rak ya setuju ta yèn aku ora dadi rengganmu. Nanging ana wong sing kandha, yèn aku iki julig lan arep ngakali kowé nganggo akal licik.
12:17 Nanging kuwi mokal. Apa tau ta aku golèk keuntungan ana ing antaramu lumantar wong-wong sing dakkongkon?
12:18 Aku kongkonan sedulur Titus niliki kowé, dakkanthèni sedulur-sedulur Kristen liyané. Apa Titus gawé rugimu? Apa tindaké Titus ora padha karo sing dakkarepaké lan nganggo cara sing daktindakaké?
12:19 Bisa uga kowé duwé pengira yèn aku iki arep mbeneraké awakku dhéwé ana ing ngarepmu. Ora! Demi Gusti Allah, kabèh sing daktindakaké iki manut kersané Sang Kristus, lan pegawéanku kabèh kuwi mligi kanggo mbiyantu kowé, kanggo mbangun atimu.
12:20 Aku sumelang, mbokmenawa mbésuk samangsa aku tekan enggonmu kaananmu tinemu béda karo sing dakkarepaké. Mbokmenawa mbésuk satekaku, kowé tinemu padha cecongkrahan, padha kemèrèn, padha brangasan, padha mikiraké awakmu dhéwé, padha mitenah, padha nyatur ala, padha gumunggung lan padha gawé gègèr.
12:21 Aku sumelang, samasa aku mbésuk ketemu karo kowé, Gusti Allah, sing dakbektèni, kuwi bakal ngasoraké aku ana ing ngarepmu, lan aku bakal nangisi sedulur-sedulur sing ing wektu sing kepungkur wis padha nglakoni dosa lan durung padha mratobat saka dosa-dosané mau, yakuwi nerak kasusilan, laku jina lan murang-tata.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s