II Korintus 2


2:1 Mulané aku wis gawé putusan, ora arep niliki kowé sing malah gawé sedhihmu.
2:2 Sebab yèn aku nganti gawé sedhihmu, sapa sing bakal nglipur aku? Apa dudu wong-wong sing wis dakgawé sedhih mau?
2:3 Mulané aku banjur nulis layang iki marang kowé. Aku emoh nekani kowé lan digawé sedhih déning wong-wong sing mesthiné gawé bungahku. Sebab aku ngerti yèn aku bungah, kowé kabèh iya bakal padha bungah.
2:4 Nalika aku nulis layang iki, atiku sedhih, awang-awangen, lan karo bola-bali nètèsaké luh. Enggonku kandha mengkono mau ora merga aku arep gawé sedhihmu, nanging supaya kowé padha ngerti sepira gedhéning katresnanku marang kowé.
2:5 Menawa ana wong sing gawé sedhih, kuwi dudu aku sing digawé sedhih, nanging kowé kabèh; utawa saora-orané — supaya aku ora mbanget-mbangetaké — sapérangan saka ing antaramu.
2:6 Kanggoné wong mau wis cukup yèn wong akèh ing antaramu sing ngélikaké.
2:7 Wong kuwi padha apuranen lan bombongen menèh, supaya aja nganti semplah.
2:8 Penjalukku, kowé padha nuduhna katresnanmu marang wong sing keluputan mau.
2:9 Enggonku nulis layang iki marang kowé, merga aku kepéngin ngerti, kepriyé kaananmu sajroning pendadaran mau lan apa kowé tansah nindakaké kanthi setya prenatan-prenatan sing dakwènèhaké marang kowé.
2:10 Yèn kowé padha ngapura wong sing keluputan, aku iya ngapura wong mau. Sebab yèn aku ngapura — saupama ana sing kudu dakapura — aku ngapura wong mau ana ing ngarsané Sang Kristus, murih becikmu,
2:11 supaya Iblis aja olèh wewengan gawé rugi kita, sebab kita rak padha ngerti pokal-gawéné.
2:12 Satekaku ing kutha Troas, aku arep martakaké Injilé Sang Kristus, awit Gusti wis maringi wewengan marang aku kanggo nindakaké pegawéan mau.
2:13 Nanging atiku ora kepénak, jalaran ora bisa ketemu karo sedulur Titus. Mulané aku banjur pamitan lan mangkat menyang kutha Makédonia.
2:14 Nanging atur panuwunku marang Gusti Allah, déné ana ing patunggilané Sang Kristus, Gusti Allah tansah nuntun aku kabèh ana ing dalaning kaunggulané. Gusti Allah wis ngagem aku kabèh martakaké kawruh bab Sang Kristus mau kaya déné ganda wangi, sing sumebar ana ing ngendi-endi.
2:15 Aku padha kaya gandaning dupa sing diobong déning Sang Kristus sumaos marang Gusti Allah, gandané sumebar ana ing antarané wong sing padha dislametaké,
2:16 nanging tumraping wong sing bakal nemu tiwas, aku iki padha kaya gandaning pati, sing gawé tiwas. Satemené sapa sing bisa nglakoni ayahan sing kaya mengkono kuwi?
2:17 Aku ora kaya wong-wong sing padha sembrana, sing nganggep pangandikané Allah mau padha karo barang dagangan murah. Sarèhné aku diutus déning Gusti Allah piyambak, dadi tumindakku iki klawan ati sing tulus. Panjenengané pirsa, yèn olèhku martakaké pangandika mau kaya déné para abdiné Sang Kristus.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s