II Korintus 3


3:1 Apa sing mengkono mau aku iya ngalem marang awakku dhéwé? Apa prelu nganggo nuduhaké layang pangalembana marang kowé utawa saka kowé, kaya wong-wong liyané?
3:2 Kowé dhéwé kuwi wujudé layang pangalembanaku sing dakgawa, yakuwi layang sing katulis ana ing atiku, supaya diweruhi lan diwaca déning saben wong.
3:3 Wis cetha yèn Sang Kristus piyambak sing nulis layang mau lan ngirimaké lantaran aku: dudu layang sing ditulis nganggo mangsi, nanging nganggo Rohé Allah kang gesang; ora ana ing watu, nanging ana ing sajroning atiné manungsa.
3:4 Enggonku muni mengkono kuwi merga aku ngandel marang Gusti Allah, lantaran Sang Kristus.
3:5 Sebab tumraping aku, ora ana barang siji waé ing badanku, sing kena dakenggo dhasar nglakoni penggawé sing mengkono mau. Enggonku bisa nindakaké apa-apa iku mung merga saka pakaryané Gusti Allah.
3:6 Iya Panjenengané sing marengaké aku dadi peladosing prejanjian anyar, sing ora wujud angger-angger *angger-angger: Pangentasan 20:1-17 ugi dipun wastani Torèt.* sing katulis, nanging saka Rohé Allah. Sebab angger-angger sing ditulis kuwi matèni, nanging Rohé Allah nguripi.
3:7 Nalika angger-angger sing matèni mau ditatah ana ing watu, kamulyané Gusti Allah diketingalaké. Senajan cahyaning kamulyan sing ana ing pasuryané Nabi Musa kuwi dhèk semana wis luntur, éwasemono merga cahya mau umat Israèl ora kuwat nyawang pasuryané Nabi Musa. Yèn angger-angger, sing mung nggawa pepati waé diparingi kamulyan sing semono gedhéné,
3:8 iba gedhéning cahya kamulyaning pakaryané Roh Suci!
3:9 Yèn prejanjian sing njalari manungsa diukum waé kamulyané semono gedhéné, méndahané menèh gedhéning kamulyané prejanjian sing njalari manungsa kabeneraké.
3:10 Satemené sing biyèn kaanggep luhur, kuwi dudu apa-apa, yèn katandhing karo kamulyan sing luwih luhur saiki iki.
3:11 Awit yèn barang sing bisa sirna waé dikanthèni kamulyan, apa menèh barang sing langgeng, saiba gedhéné kamulyané.
3:12 Iya pengarep-arep sing mengkono kuwi sing marakaké aku padha dadi kendel.
3:13 Aku kabèh iki ora kaya Nabi Musa, sing nutupi pasuryané, supaya umat Israèl ora weruh sirnaning kamulyan mau.
3:14 Pikirané umat kuwi pancèn wis dadi kethul, sebab nganti sepréné pikirané isih tetep ketutupan, yakuwi samangsa wong-wong mau padha maca kitab-kitab Prejanjian Lawas. Amarga mung Sang Kristus piyambak kang bisa ngicali tutup mau.
3:15 Tekan sepréné, yèn wong-wong mau padha maca Torèté Nabi Musa, pikirané tetep padha ketutupan.
3:16 Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupé nuli kasingkiraké.
3:17 Tembung “Gusti” ing kéné tegesé Rohé Gusti Yésus Kristus. Lan ing ngendi ana Rohé Sang Kristus mau, ing kono mesthi ana kamerdikan.
3:18 Kita saiki padha nyunaraké kamulyané Gusti Yésus tanpa ketutupan. Sarèhné kamulyan mau asalé saka Gusti, kang asipat Roh, mulané kita padha kasalinan rupa, madhani pasemoné Gusti piyambak, klawan kamulyan kang mundhak-mundhak.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s