II Korintus 4


4:1 Aku ora padha cilik ati, sebab tansah dipitulungi déning Gusti Allah, sing maringi ayahanku iki marga saka sih-piwelasé.
4:2 Mulané aku padha emoh nglakoni sakèhing penggawé sing slingkuh lan sing nistha. Aku padha ora ngapusi utawa malsu pangandikané Gusti Allah. Aku padha terang-terangan ngabaraké apa sing dadi kersané Gusti Allah. Mula ana ing ngarsané Gusti Allah aku masrahaké badanku supaya diadili manut pemawasé wong kabèh.
4:3 Yèn Injil sing dakwartakaké iki ketutupan utawa kurang cetha, kuwi mung tumrap wong-wong sing padha nemu tiwas.
4:4 Wong-wong mau padha ora precaya, merga pikirané digawé peteng déning Iblis, yakuwi penggedhéné kadursilan sing ngwasani jagad iki. Wong-wong mau padha dialang-alangi déning Iblis, supaya aja padha weruh pepadhang, sing sumunar saka Injil, sing medharaké kamulyané Sang Kristus; sebab Sang Kristus kuwi gambaré Gusti Allah sing sanyata.
4:5 Aku padha ora martakaké bab awakku dhéwé. Sing padha dakwartakaké kuwi Gusti Yésus Kristus, sing jumeneng Gusti, lan aku iki padha dadi abdimu saka kersané Gusti Yésus.
4:6 Awit Gusti Allah ngandika: “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumunar!”, *sumunar: sumorot; pepadhang kang sumunar (PD. 1:3).* iya Gusti Allah sing nyunaraké pepadhang mau ana ing sajroning ati kita, madhangi pikiran kita dadi ngerti bab kamulyané Allah, sing sumunar saka wedanané *wedana: rai.* Sang Kristus.
4:7 Nanging aku sing padha nduwèni raja-brana karohanèn kuwi, kaya déné grabah sing digawé saka lempung; dadi tetéla yèn pangwasa sing ngédab-édabi mau asalé saka Gusti Allah, ora saka aku.
4:8 Aku padha kerep disiksa, nanging ora remuk. Kerep mangu-mangu, nanging ora tau semplah.
4:9 Mungsuhku akèh, nanging mitra-mitraku ora sethithik. Lan senajan ana kalané aku padha tatu nganti mbebayani, nanging aku ora nganti mati.
4:10 Sédané Gusti Yésus kuwi tansah katon ana ing badan kamanungsanku, supaya wunguné Sang Kristus iya katona ana ing awakku.
4:11 Selawasé urip, aku tansah padha diancam déning pati merga Gusti Yésus, supaya wunguné Gusti Yésus katona ana ing badan kamanungsanku.
4:12 Kuwi ateges yèn dayané si pati tansah masésa ana ing badanku, nanging dayané si urip nyambut-gawé ana ing kowé.
4:13 Ing Kitab Suci ana pangandika: “Aku precaya, mulané aku bisa kandha.” Kanthi pengandel sing mengkono mau, aku iya bisa muni: “Aku bisa kandha, sebab aku wis precaya.”
4:14 Aku ngerti yèn Gusti Allah, sing wis mungokaké Gusti Yésus, uga bakal nangèkaké kita bebarengan karo Panjenengané, sarta ngirid kita kabèh sowan ana ing ngarsané.
4:15 Kelakoné kuwi kabèh murih becikmu. Saya akèh wong sing padha nampani sih-rahmaté Allah, uga saya akèh puji sokur sing kasaosaké déning wong-wong mau kagem kaluhurané Allah.
4:16 Kuwi sebabé aku padha ora tau semplah. Senajan badan wadhag kita saya rusak, nanging kasukman kita saben dina kaanyaraké.
4:17 Kasangsaran sing padha daklakoni iki, ora sepiraa lan mung kanggo sawetara mangsa waé, kuwi bakal njalari aku padha olèh kamulyan gedhé banget sing langgeng ngungkuli kasangsaran sing daksandhang mau.
4:18 Sebab sing dakgatèkaké dudu barang-barang sing katon, nanging prekara-prekara sing ora katon. Awit apa sing katon kuwi anané mung sawetara mangsa, nanging prekara-prekara sing ora katon, kuwi langgeng ing selawasé.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s