II Korintus 6


6:1 Merga saka kuwi sajroné tumindak bebarengan karo Gusti Allah, aku padha ngatag-atag marang kowé: Supaya sih-rahmaté Allah sing wis koktampa kuwi, aja kokbuwang muspra.
6:2 Sebab Gusti Allah ngandika ana ing Kitab Suci mengkéné: “Ing wektu sing Dakkersakaké, Aku wis miyarsakaké pesambatmu, lan ing dinané keslametan, Aku wis mitulungi kowé.” Rungokna, saiki iki wektu sing dikersakaké déning Gusti Allah, lan saiki dinané keslametan.
6:3 Aku padha ngudi supaya aja ana wong siji waé sing nemokaké keluputanku ing ayahan sing daklakoni. Awit aku padha emoh gawé sandhungané sapa waé.
6:4 Malah ing samubarang prekara sing daklakoni, nélakna yèn aku iki para abdiné Gusti Allah. Sarupaning kasusahanku daklakoni kanthi sabar.
6:5 Aku wis padha digebugi, dikunjara, lan dikroyok. Aku wis ngalami nyambut-gawé tanpa ngétung sayah, kurang turu, malah sok ora duwé pangan.
6:6 Enggonku nélakaké yèn aku iki padha dadi abdiné Gusti Allah, srana urip sing becik, wicaksana, sabar, srana ulat sumèh, srana gumantung marang pitulungané Sang Roh Suci, srana katresnan sing tulus,
6:7 srana martakaké kersané Allah, lan srana pangwaosé, aku padha nélakaké enggonku padha dadi abdiné Gusti Allah. Aku padha migunakaké kayektèn kanggo gaman ampuh lan iya kanggo nangkis.
6:8 Aku padha ngalami diaji-aji lan iya diasoraké. Senajan aku jujur, éwasemono didakwa tukang apus-apus.
6:9 Aku padha diarani wong sing ora kajuwara, nanging wong akèh padha kenal karo aku. Aku padha dikira mati, nanging kowé weruh dhéwé yèn aku padha urip. Senajan aku padha dianiaya, nanging aku padha ora mati.
6:10 Senajan aku padha digawé sedhih, nanging aku padha tansah bungah waé. Katoné aku padha mlarat, nanging aku padha wis marakaké wong akèh dadi sugih. Katoné aku padha kaya ora duwé apa-apa, nanging satemené aku padha duwé apa waé.
6:11 Para mitraku ing kutha Korintus! Aku wis padha kandha kanthi blak-blakan karo kowé. Aku wis padha ngetokaké sakèhing uneg-uneging atiku.
6:12 Menawa ana rasa sing ora kepénak sajroning pesrawunganmu karo aku, kuwi merga salahmu dhéwé.
6:13 Enggonku padha mituturi kowé kuwi merga kowé dakrengkuh kaya anak-anakku dhéwé. Padha nglairna rasaning atimu marang aku, kaya enggonku wis nglairaké rasaning atiku marang kowé!
6:14 Aja padha sekuthon karo wong sing ora precaya, kuwi ora samesthiné, mokal yèn bisa. Kepriyé bisané wong sing nindakaké dhawuhé Allah rerukunan karo wong sing nglawan Panjenengané? Pepadhang apa bisa bebarengan karo pepeteng?
6:15 Sang Kristus apa bisa sarujuk karo Iblis? Apa ana prekara sing padha antarané wong Kristen karo wong sing dudu Kristen?
6:16 Apa gandhèngé Pedalemané Allah karo brahala? Mangka kita iki rak Pedalemané Allah kang gesang. Panjenengané piyambak wis ngandika: “Aku bakal dedalem bebarengan karo wong-wong kuwi, lan tetunggilan karo wong-wong mau; Aku bakal dadi Allahé, wong-wong mau bakal padha dadi umat-Ku.
6:17 Mulané: Kowé padha sumingkira saka wong-wong sing ora wanuh karo Gusti Allah kuwi, lan kowé padha misaha, mengkono pangandikané Pangéran, lan aja padha gepok-sénggol karo samubarang sing najis, nuli kowé bakal padha Daktampani.
6:18 Lan Aku bakal dadi Ramamu, sarta kowé bakal padha dadi putra-Ku lanang lan wadon. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s