II Korintus 7


7:1 Sarèhné kita kaparingan janji-janji sing mengkono mau déning Gusti Allah, mulané para sedulurku, ayo kita padha nucèkaké urip kita saka sakèhing prekara sing gawé jembering badan lan roh kita, srana wedi asih marang Gusti Allah lan nglakoni apa sing gawé renaning penggalihé.
7:2 Aku padha wènèhana papan ana ing atimu. Aku ora tau keluputan karo sapa-sapa, ora tau gawé pitunané sapa waé, lan uga ora ngasil-asil marang wong.
7:3 Enggonku muni mengkono mau ora merga aku arep nyalahaké kowé. Ora! Aku malah tau muni, yèn tresnaku marang kowé kuwi kaya marang mitra sejati.
7:4 Aku precaya banget karo kowé, lan iya kowé sing gawé mongkoging atiku. Senajan aku padha ngalami kasusahan akèh, nanging merga saka kowé atiku tansah kebak kabungahan.
7:5 Satekaku ing tanah Makédonia, aku padha ora bisa tentrem. Ana ing ngendi waé, aku padha nemu kasusahan: ing njaba ngadhepi wong-wong sing ngajak padu, ing njero ati dhéwé was-was.
7:6 Nanging sukur déné Gusti Allah tansah mbombong atiné wong sing semplah, uga wis gawé lejaring atiku, srana tekané Titus.
7:7 Ora mung tekané Titus waé sing gawé lejaring atiku, nanging apa sing dicritakaké déning Titus mungguh ing kowé, yakuwi enggoné rumangsa kalipur merga kowé kabèh. Titus crita yèn kowé padha kangen, kepéngin ketemu karo aku; kowé padha getun, lan saiki padha kepéngin mbélani aku. Kuwi kabèh saya muwuhi bungahing atiku.
7:8 Senajan layangku wis gawé susahé atimu, éwasemono aku ora gela déné wis nulis layang mau. Mesthi waé aku iya gela, merga layang mau wis gawé sedhihing atimu, nanging gelaku ora sepiraa.
7:9 Saiki aku bungah, ora merga enggonku wis gawé sedhihmu, nanging merga sedhihmu wis njalari kowé padha mratobat. Sedhihmu wis diagem déning Gusti Allah. Dadi aku ora gawé kapitunanmu.
7:10 Awit sedhih sing diagem déning Gusti Allah njalari pamratobat, sing nuntun marang keslametan. Tumrap prekara sing mengkono, kita ora prelu getun! Kosokbaliné, sedhih sing sipat kadonyan, kuwi sing njalari pati.
7:11 Delengen saiki, apa sing wis katindakaké déning Gusti Allah srana sedhihmu mau: Saiki kowé rak dadi saya mempeng temenan ing bab enggonmu arep nélakaké yèn kowé ora salah. Saiki katon enggonmu sengit karo barang sing salah, katon enggonmu wedi, enggonmu ulah katresnan, enggonmu sregep, enggonmu gelem ngélikaké penggawé-penggawé sing salah! Kuwi mau kabèh wis nélakaké yèn tindakmu bener.
7:12 Senajan aku wis nulis layang, nanging enggonku nulis mau ora mung merga wong sing padha salah waé, utawa merga wong sing disalahaké, nanging supaya ana ing ngarsané Gusti Allah aku bisaa nglairaké marang kowé, sepira gedhéné prihatinmu tumrap ing aku kabèh.
7:13 Yakuwi sing dadi panglipuring atiku. Kejaba saka panglipur mau, aku uga bungah, luwih-luwih merga kabungahané Titus, bab enggonmu padha mbombong atiné.
7:14 Biyèn kowé dakalem ana ing ngarepé Titus, sukur déné kowé ora nguciwani, lan ora gawé isinku. Aku selawasé kandha sing sabeneré marang kowé; mengkono uga apa sing dakkandhakaké marang Titus, adhapur pengalem tumraping kowé, kuwi kabèh ana nyatané.
7:15 Katresnané Titus marang kowé saiki saya mundhak gedhé, merga ngerti enggonmu mbangun-turut marang sakèhing prenatané, lan enggonmu padha nampani tekané klawan wedi lan geter.
7:16 Aku rumangsa begja banget, déné kowé bisa dakandelaké ing samubarang prekara.

Advertisements

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

w

Connecting to %s