II Korintus 9


9:1 Satemené aku ora perlu nulisi kowé, bab dana sing lagi dikirimaké marang umaté Allah, sing ana ing tanah Yudéa.
9:2 Awit aku ngerti yèn kowé padha seneng tetulung, lan aku wis nglairaké pengalemku tumraping kowé marang wong-wong ing Makédonia. Aku kandha karo wong-wong mau, yèn sedulur-sedulur ing Akhaya wis wiwit taun kepungkur padha awèh pitulungan. Lan kegiatanmu kuwi njalari wong akèh ing kana padha kegugah semangaté.
9:3 Titus lan wong loro liyané mau saiki dakkon mréné supaya padha weruh yèn enggonku ngalem kowé kuwi ora goroh, mula supaya kowé padha gelema cecawis awèh pambiyantu kaya sing dakkandhakaké.
9:4 Yèn ora mengkono, saiba isinku, menawa wong-wong Makédonia padha teka bareng karo aku, lan ketemu kowé durung padha cecawis. Sebab aku wis kewetu yèn kowé bisa dakandelaké. Mesthiné, kowé dhéwé rak ya padha mèlu isin!
9:5 Mulané sedulur-sedulur mau dakkon ndhisiki lakuku, supaya padha nglumpukaké dana sing biyèn wis kokjanjèkaké. Mengko satekaku dana mau supaya wis cemawis. Supaya ketitika yèn enggonmu dedana klawan sukalila, lan ora merga kepeksa.
9:6 Padha diéling, wong sing nyebar sethithik, ngundhuhé iya sethithik. Nanging wong sing nyebar akèh, ngundhuhé iya akèh.
9:7 Saben wong mènèhana manut rilaning atiné, lan aja karo nggrundel utawa merga kepeksa. Sebab Gusti Allah ngasihi wong sing wèwèh kanthi sukalila.
9:8 Gusti Allah kwaos maringi kowé luwih akèh ketimbang karo sing kokbutuhaké, supaya kowé dhéwé selawasé padha kecukupan, malah kepara turah, supaya kowé bisa dedana, nyokong sarupaning penggawé sing becik.
9:9 Kaya pangandikaning Kitab Suci, sing surasané mengkéné: “Panjenengané maringi marang wong mlarat klawan loma, kabecikané langgeng ing selawas-lawasé.” *Mirsani Kitab Masmur 112:9.*
9:10 Gusti Allah sing nyawisaké wiji kanggo wong sing nyebar lan nyawisaké pangan kanggo kita, Panjenengané iya bakal maringi wiji secukupé marang kowé. Panjenengané sing bakal nukulaké wiji mau, sarta nikelaké wohé saka pisungsungmu.
9:11 Gusti Allah bakal maringi kasugihan sing cukup marang kowé, supaya selawasé kowé bisa dedana kanthi loma. Merga danamu sing kokkirimaké lantaran aku mau, bakal akèh wong sing padha saos sukur marang Gusti Allah.
9:12 Kabecikanmu ora mung nyukupi kebutuhané para umaté Allah (sing ana ing kutha Yérusalèm) waé, nanging uga bakal njalari wong akèh padha saos sukur marang Gusti Allah.
9:13 Lan awit saka kabecikanmu mau, akèh wong sing bakal padha ngluhuraké asmané Allah merga kasetyanmu marang Injilé Sang Kristus sing padha kokandhemi, mengkono uga merga enggonmu ngedum-edum apa sing kokduwèni marang wong-wong mau, lan wong-wong liyané.
9:14 Sedulur-sedulur mau bakal padha ndongakaké kowé klawan katresnan, merga sih-rahmaté Allah sing kaparingaké marang kowé klawan lubèr.
9:15 Mulané asmané Allah kaluhurna merga sih-peparingé sing semono gedhéné.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 47 II Korintus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s