II Tésalonika 2


2:1 Bab rawuhé Gusti kita Yésus Kristus lan bab enggon kita mbésuk kaklumpukaké tunggal karo Panjenengané, penjalukku marang kowé, para sedulur:
2:2 Kowé aja gampang digawé bingung déning wong sing kandha, yèn Dina rawuhé Gusti kuwi wis cedhak. Bisa uga ana sing ngramalaké utawa mulangaké mengkono; utawa ana sing kandha yèn kuwi mau wis katulis ana ing layangku.
2:3 Kowé aja padha kena diapusi déning sapa waé. Sebab Dina rawuhé Gusti kuwi ora bakal kelakon sadurungé ana pembrontakan sing pungkasan lan munculé si Manungsa Duraka, yakuwi sing pinesthi bakal mlebu ing nraka.
2:4 Si Manungsa Duraka mau bakal nglawan marang sedhéngah sing disembah déning manungsa lan samubarang sing dianggep Allah déning manungsa. Si Manungsa Duraka kuwi bakal ngluhuraké awaké dhéwé ngungkuli sekabèhé, malah bakal mlebu ing Pedalemané Allah, sarta ngaku-aku Allah.
2:5 Apa kowé padha ora kèlingan, yèn kabèh mau wis dakkandhakaké marang kowé nalika aku ana ing tengahmu?
2:6 Éwadéné saiki isih ana prekara sing nyegah kelakoné mau, lan kowé wis padha ngerti. Ing wektu sing wis katemtokaké, si Manungsa Duraka bakal muncul.
2:7 Malah meneng-meneng kadurakan mau saiki lagi tumindak. Nanging prekara mau kelakoné menawa sing nahan wis kasingkiraké.
2:8 Si Manungsa Duraka bakal ngétok, lan sarawuhé Gusti Yésus bakal numpes wong mau srana nafasing tutuké, sarta samasa Panjenengané rawuh menèh ngagem kamulyané, bakal kasirnakaké.
2:9 Si Manungsa Duraka mau bakal teka nganggo pangwasané Iblis lan gawé mujijat rupa-rupa sarta pretandha-pretandha sing palsu, apa déné kaélokan-kaélokan.
2:10 Dhèwèké bakal migunakaké sedhéngahing réka daya sing ala tumrap wong-wong sing bakal padha nemu karusakan, merga ora padha gelem nampani lan rumaket marang kayektèn sing njalari slameté.
2:11 Yakuwi sebabé Gusti Allah ngutus daya sing nasaraké wong-wong mau, supaya padha precaya marang sing ora bener.
2:12 Temahan wong-wong sing padha ora precaya marang kayektèn, lan malah seneng urip ing sajroning dosa, bakal padha ketaman ing bebendu.
2:13 Aku padha kuwajiban tansah saos sukur marang Gusti Allah merga kowé padha dikasihi déning Panjenengané, awit Gusti Allah wis milih kowé dadi wong-wong sing bakal nampa keslametan. Srana pangwasané Rohé, lan merga precayamu marang kayektèn, kowé padha kadadèkaké umaté Gusti Allah kang suci.
2:14 Enggoné Gusti Allah nimbali kowé mau lantaran Injil sing dakwartakaké marang kowé. Panjenengané nimbali kowé, supaya kowé padha duwé panduman ing kamulyané Gusti kita Yésus Kristus.
2:15 Mulané para sedulur, kowé padha sing bakuh, padha gondhèlana marang sakèhé piwulang sing wis dakwarahaké marang kowé, dadia srana tembung, utawa srana layang.
2:16-17 Muga Gusti Yésus Kristus piyambak, lan Gusti Allah Rama kita ngasihi kita, lan maringi panglipur sarta pengarep-arep kang langgeng marang kowé ana ing sajroning sih-rahmaté. Panjenengané ngebakana atimu srana kekendelan, lan maringi kekuwatan marang kowé kanggo nindakaké sakèhing prekara kang becik klawan penggawé lan tembung.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 53 II Tésalonika

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s