Lukas 12


12:1 Nalika semono éwon cacahé wong sing padha nglumpuk nganti padha suk-sukan. Gusti Yésus banjur memulang; sing ditengenaké murid-muridé. Pangandikané: “Padha diawas mungguh raginé wong Farisi, yakuwi enggoné padha lamis.
12:2 Samubarang sing ditutup-tutupi bakal katon, lan samubarang sing digawé wadi bakal kawiyak.
12:3 Apa sing kokkandhakaké ing wayah bengi kuwi bakal keprungu ing wayah awan. Lan apa sing kokbisikaké marang wong ing kamar sing kancingan, bakal diwartakaké marang wong kabèh.”
12:4 Gusti Yésus ngandika: “Kowé para mitra-Ku! Aja padha wedi marang wong-wong sing bisa matèni badan, nanging sawisé kuwi ora bisa ngganggu-gawé kowé.
12:5 Kowé padha Dakkandhani sapa sing kudu kokwedèni. Padha wedia marang Gusti Allah! Sebab Panjenengané kuwi sawisé matèni badanmu, uga kwasa nyemplungaké kowé ana ing nraka! Mulané élinga, iya Panjenengané kuwi sing kudu kokwedèni.
12:6 Manuk emprit yèn diedol rak presasat ora ana ajiné? Éwasemono ora ana siji waé sing disupèkaké déning Gusti Allah.
12:7 Malah dalasan rambuté sirahmu kuwi Gusti Allah pirsa cacahé. Mulané aja padha wedi. Ajimu rak ngungkuli manuk emprit pirang-pirang.”
12:8 “Kowé ngandela karo sing Dakkandhakaké iki: Sapa sing ngaku dadi murid-Ku ana ing ngareping umum, wong kuwi bakal diakoni uga déning Putraning Manungsa ana ing ngareping para malaékaté Gusti Allah.
12:9 Nanging sapa sing ana ing ngareping umum kandha yèn dhèwèké kuwi ora kenal karo Aku, wong kuwi iya bakal disélaki déning Putraning Manungsa ana ing ngarepé para Malaékaté Allah.
12:10 Sing sapa ngucapaké tembung sing nglawan marang Putraning Manungsa, kuwi bakal diapura; nanging sing sapa nyenyamah marang Sang Roh Suci, kuwi bakal ora diapura.
12:11 Yèn kowé digawa menyang sinagogé arep diadili déning pradataning pasamuwan utawa pangwasa, kowé aja wedi apa sing arep kokaturaké, kanggo mbélani prekaramu.
12:12 Sebab ing wektu kuwi uga Sang Roh Suci bakal ngosikaké apa sing kudu kokaturaké.”
12:13 Ing antarané wong akèh sing padha ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus mau, ana sing nuli matur mengkéné: “Guru, Panjenengan ndhawuhana sedhèrèk kawula, supados nyukakaken warisan ingkang dados hak kula.”
12:14 Pangandikané Gusti Yésus: “Sedulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim kanggo nengahi enggonmu padha ngedum warisan?”
12:15 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong kabèh sing ana ing kono: “Padha sing awas lan dingati-ati bab watak karem bandha. Sebab senajan wong duwé bandha akèh, éwasemono uripé wong mau ora gumantung ing bandha kuwi.”
12:16 Gusti Yésus nuli maringi pasemon mengkéné: “Ana wong sugih duwé lemah akèh tur loh banget, mulané asilé lemah mau iya akèh banget.
12:17 Wong sugih mau ngunandika mengkéné: ‘Apa sing saiki prelu daktindakaké? Aku wis ora duwé papan kanggo nyimpen pametuné lemahku kabèh.
12:18 Saiki beciké mengkéné: Gudhang-gudhangku dakbungkaré, dakgawéné sing luwih gedhé menèh. Gudhang-gudhang mau bakal amot kanggo nyimpen pametuné lemahku lan bandhaku liya-liyané.
12:19 Sawisé kuwi atiku lagi bisa ayem lan bisa muni: Begja aku! Simpenanku wis akèh, cukup dipangan nganti pirang-pirang taun. Aku wis ora susah mikir apa-apa menèh! Kari mangan, ngombé lan seneng-seneng!’
12:20 Nanging Gusti Allah ngandika marang wong mau: ‘Kowé wong keblinger! Bengi iki uga kowé bakal mati! Lan kabèh sing kokcawisaké kanggo awakmu, kuwi mengkoné sapa sing nduwèni?’ ”
12:21 Gusti Yésus mungkasi pasemon mau srana ngandika: “Mengkono kuwi kaanané wong sing tansah nglumpukaké bandha kadonyan kanggo awaké dhéwé, nganti sugih banget; nanging ana ing paningalé Gusti Allah wong mau babar-pisan ora sugih.”
12:22 Gusti Yésus nuli ngandika marang para muridé: “Padha gatèkna pitutur-Ku iki: Aja padha nyumelangaké bab panguripanmu, yakuwi bab apa sing bakal kokpangan, lan apa sing bakal kokenggo.
12:23 Urip kuwi luwih aji ketimbang karo pangan, lan badan luwih aji ketimbang karo sandhang.
12:24 Coba delengen manuk gagak. Manuk-manuk kuwi ora padha nyebar lan ora padha derep, lan iya padha ora duwé gudhang utawa lumbung kanggo nandho pangan, éwasemono padha diparingi pangan déning Gusti Allah. Kowé rak luwih aji ketimbang karo manuk-manuk mau!
12:25 Sapa ing antaramu sing bisa nyambung umuré srana enggoné kuwatir?
12:26 Yèn prekara sing sepélé kaya mengkono waé kowé wis ora bisa nindakaké, yagéné kowé koknyumelangaké prekara-prekara liyané?
12:27 Padha tamatna kembang bakung sing padha thukul ana ing ara-ara. Kembang-kembang kuwi padha ora nyambut-gawé lan ora nenun. Nanging delengen, senajan Sang Prabu Suléman pisan, sing kaya mengkono sugihé, agemané ora ana sing éndahé ngungkuli kembang-kembang mau!
12:28 Semono uga suket sing ana ing ara-ara, sing dina iki thukul lan sésuk diobong. Gusti Allah ngrengga suket-suket mau kaya mengkono éndahé. Apa menèh kowé. Gusti Allah bakal luwih menggalih bab sandhanganmu. Nanging kowé dhasar cupet ing pengandel!
12:29 Mulané aja padha sumelang lan aja padha bingung bab apa sing bakal kokpangan lan kokombé.
12:30 Wong sing ngangsa marang barang-barang mau rak wong sing padha ora wanuh marang Gusti Allah. Ramamu ing swarga rak wis pirsa yèn barang-barang mau kokbutuhaké!
12:31 Sing kudu luwih kokprelokaké yakuwi mikiraké kepriyé bisané mbangun-turut marang kersané Kratoné Allah. Nuli barang liya-liyané kabèh bakal kawuwuhaké déning Panjenengané marang kowé.”
12:32 “Kowé pepanthan cilik, aja padha wedi. Sebab Ramamu ing swarga ngersakaké kowé padha dadi umat ing Kratoné.
12:33 Barang-darbèkmu padha edolana lan pepayoné wènèhna marang wong miskin. Padha gawéa wadhah raja-brana sing ora bisa rusak, lan bandhamu simpenen ana ing swarga. Ana ing kono kasugihanmu bakal ora kalong, sebab ora bakal dicolong maling, utawa rusak merga dipangan renget.
12:34 Awit ing ngendi dunungé bandhamu, iya ing kono dununging atimu.”
12:35 “Kowé kudu tansah siyaga ngadhepi samubarang prekara. Klambimu cancutna lan diyanmu panjeren.
12:36 Ora béda kaya abdi sing ngentèni konduré bendarané saka péstané wong mantu. Yèn bendarané rawuh lan thothok-thothok lawang, abdi mau énggal-énggal mbukakaké.
12:37 Begja abdi sing sarawuhé bendarané ketemu isih melèk. Ngandela, bendarané mau sawisé salin ageman, nuli bakal ngajak abdi mau kembul dhahar.
12:38 Apa menèh yèn rawuhé bendarané mau nganti tengah wengi utawa ésuk umun-umun, mangka abdi mau ketemu isih padha melèk. Abdi sing mengkono kuwi begja temenan.
12:39 Élinga! Saupama wong sing duwé omah ngerti, jam pira malingé bakal teka, wong mau mesthi bakal ikhtiyar supaya malingé ora mlebu ing omahé.
12:40 Mulané kowé tansah padha siyagaa, awit Putrané Manungsa bakal rawuh ing wektu sing ora kanyana.”
12:41 Pétrus banjur matur: “Gusti, menapa pasemon menika katujokaken dhateng kawula sakanca, menapa dhateng tiyang sedaya?”
12:42 Gusti Yésus ngandika: “Abdi sing kepriyé sing diarani setya lan pinter? Yakuwi sing dipasrahi déning bendarané ngepalani kanca-kancané padha abdi, lan kajibah mènèhi cadhongé abdi-abdi liyané mau ing wektu sing wis ditemtokaké.
12:43 Begja temenan abdi sing sarawuhé bendarané ketemu nglakoni kewajibané.
12:44 Ngandela, bendarané mau bakal mitayakaké bandhané kabèh marang abdi mau.
12:45 Nanging saupama abdi mau mosik ing atiné: ‘Bendaraku enggoné kondur isih suwé!’ Nuli nindhes marang abdi-abdi lanang lan wadon, nanging dhèwèké dhéwé malah énak-énak mangan lan ngombé nganti mendem,
12:46 abdi mau bakal cilaka. Sebab ing dina sing ora dinyana-nyana, bendarané bakal rawuh. Abdi mau bakal diukum, manut paukumané wong sing ora setya.
12:47 Awit abdi sing ngerti apa sing dikersakaké déning bendarané, mangka ora siyaga lan ora nglakoni kersané bendarané, abdi mau bakal dipecuti marambah-rambah.
12:48 Nanging abdi sing ora ngerti kersané bendarané, mangka sajroné nindakaké kersané bendarané mau gawé keluputan, sing marakaké wong mau diukum, ukumané bakal ènthèng. Sebab sing sapa diparingi akèh, kuwi bakal dipundhuti akèh, lan sing sapa dipasrahi prekara akèh, uga bakal dipundhuti pétungan akèh.”
12:49 “Teka-Ku ngurubaké geni ana ing bumi, lan iba seneng-Ku yèn geni kuwi bisa murub!
12:50 Nanging Aku isih kudu nglakoni kabaptis. Aku durung bisa ayem yèn baptisan mau durung kelakon.
12:51 Apa kokkira teka-Ku ing donya kuwi nggawa katentreman? Ora babar-pisan. Malah teka-Ku nuwuhaké crah.
12:52 Wiwit saiki yèn sabrayat ana wong lima, wong mau bakal padha cecongkrahan, sing telu nglawan sing loro, lan sing loro nglawan sing telu.
12:53 Kabèh bakal padha crah, bapak karo anaké lanang, lan anak lanang karo bapakné. Ibu karo anaké wadon, lan anak wadon karo ibuné. Ibu maratuwa karo mantuné wadon, lan mantu wadon karo ibuné maratuwa.”
12:54 Gusti Yésus ngandika marang wong akèh: “Menawa kowé weruh ing sisih Kulon langité mendhung, kowé terus bisa kandha: ‘Mengko bakal udan.’ Lan banjur udan temenan.
12:55 Déné yèn kowé weruh anginé tekané saka Kidul, kowé terus muni: ‘Wah dina iki bakal panas.’ Lan iya kelakon panas temenan.
12:56 Kowé dhasar wong lamis! Kowé ngerti tandha-tandha sing ana ing langit lan tandha-tandha sing ana ing bumi. Yagéné kowé ora ngerti tandha-tandhané jaman iki?”
12:57 “Yagéné kowé kokora netepi apa sing bener tumrap awakmu dhéwé?
12:58 Yèn ana wong sing nggugat kowé ana ing pengadilan, ngudia supaya prekaramu bisa rampung karo wong sing nggugat mau, sadurungé kowé tekan pengadilan. Yèn ora mengkono, wong mau bakal masrahaké kowé marang hakim; hakim bakal masrahaké kowé marang polisi, lan polisi bakal nglebokaké kowé ing tahanan.
12:59 Ngandela! Kowé ora bakal metu saka tahanan kono yèn utangmu durung koklunasi kabèh.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s