Lukas 14


14:1 Ing sawijining dina Sabbat, Gusti Yésus tindak arep dhahar ing omahé wong Farisi sing misuwur. Wong sing ana ing kono kabèh padha ngulataké Gusti Yésus.
14:2 Banjur ana wong sing tangan lan sikilé abuh, marek ing ngarsané Gusti Yésus.
14:3 Gusti Yésus nuli ndangu marang para ahli Torèt lan wong-wong Farisi: “Kitab Torèt marengaké wong lara diwarasaké ana ing dina Sabbat apa ora?”
14:4 Sing padha didangu ora mangsuli. Gusti Yésus nuli ngasta wong sing lara mau, banjur diwarasaké, sarta didhawuhi lunga.
14:5 Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt lan wong Farisi mau: “Menawa ing antaramu ana wong sing duwé anak utawa sapi, sing pinuju dina Sabbat kacemplung ing sumur, apa wong mau ora énggal-énggal ngentasaké anaké utawa sapiné mau ing dina Sabbat kuwi uga?”
14:6 Nanging para ahli Torèt lan wong Farisi mau ora ana sing bisa mangsuli.
14:7 Gusti Yésus pirsa ana tamu sawetara sing milih papan lungguh ana ing ngarep dhéwé. Mulané Panjenengané nuli ngandika mengkéné:
14:8 “Menawa kowé diulemi jagong mantèn, kowé aja linggih ing papan sing ana ngarep dhéwé, awit mbokmenawa sing duwé gawé wis ngulemi wong sing luwih diajèni tinimbang kowé.
14:9 Supaya wong sing ngulemi kowé mau ora akon kowé: ‘Kula aturi pindhah saking ngriki, awit papan menika kasediyakaken kanggé tamu sanès.’ Yèn mengkono, apa kowé ora kewirangan, lan kepeksa lungguh ing papan sing asor dhéwé?
14:10 Mulané, yèn kowé diulemi jagong, padha lungguha ing papan sing asor dhéwé, supaya sing duwé gawé marani kowé lan muni: ‘Mangga, kula aturi lenggah ing ngajeng.’ Temahan kowé katon enggonmu kajèn ana ing ngarepé para tamu liyané.
14:11 Sebab sapa sing ngluhuraké awaké dhéwé, kuwi bakal diasoraké, lan sing sapa ngasoraké awaké, kuwi bakal diluhuraké.”
14:12 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong sing ngulemi Panjenengané: “Yèn kowé ngulemi mangan, awan utawa bengi, aja mung ngulemi kanca-kancamu utawa sedulur-sedulurmu, utawa sanak-kadangmu, utawa tangga-teparomu sing sugih. Awit wong-wong mau bakal males gentèn ngulemi kowé. Lan srana mengkono kowé wis nampa piwalesé penggawému.
14:13 Nanging yèn kowé nganakaké pésta, ngulemana wong sing mlarat, wong cacad lan wong lumpuh apa déné wong wuta,
14:14 lan kowé bakal nampa berkah; sebab wong-wong mau ora bakal males apa-apa marang kowé. Kowé bakal nampa opahmu saka Pangéran, mbésuk samangsa wong mursid padha katangèkaké.”
14:15 Krungu pangandikané Gusti Yésus sing mengkono mau, nuli ana sawijining tamu sing matur: “Saiba begjanipun tiyang-tiyang ingkang kepareng tumut nedha wonten ing Kratonipun Allah!”
14:16 Gusti Yésus banjur paring pasemon mengkéné: “Ana wong nganakaké pésta gedhé, sarta ngulemi wong akèh.
14:17 Ngarepaké pésta mau diwiwiti, wong mau ngutus utusan-utusan marani wong-wong sing padha diulemi, karo matur: ‘Sami kula aturi rawuh, awit samukawis sampun cumawis.’
14:18 Nanging wong kabèh sing padha diulemi mau siji-siji padha nyuwun dipamitaké waé. Wong sing sepisan muni karo utusan mau: ‘Aku lagi waé tuku palemahan, saiki aku arep lunga ndeleng palemahan mau. Suwunna pamit waé, awit aku ora bisa teka.’
14:19 Wong liyané muni: ‘Aku lagi tuku sapi limang rakit. Saiki aku arep mrana, njajal sapi-sapi mau kanggo nyambut-gawé. Dadi aku suwunna pamit waé, awit aku ora bisa teka!’
14:20 Uleman liyané menèh muni: ‘Aku lagi waé dadi mantèn, mulané aku ora bisa teka.’
14:21 Wong sing diutus mau nuli bali sarta matur marang bendarané bab kuwi mau kabèh. Ngrungu aturé utusan, bendarané mau duka banget, banjur ngandika: ‘Saiki énggal-énggal padha lungaa menyang dalan-dalan lan lurung-lurung ing kutha, sarta jaken mréné kabèh wong miskin, wong cacad, wong wuta lan wong lumpuh.’
14:22 Ora let suwé abdi mau nuli bali sarta matur marang bendarané: ‘Dhawuh panjenengan sampun kawula lampahi, éwasemanten papanipun taksih tirah kathah.’
14:23 Bendarané mau nuli dhawuh: ‘Lungaa menyang dalan-dalan njaba kutha, lan angger wong ulemana teka ing pahargyan, supaya omahku kebak.
14:24 Ngandela, wong sing padha dakulemi dhisik mau siji waé ora ana sing bakal mèlu ngrasakaké suguhanku.’ ”
14:25 Nalika ana wong akèh padha gumrudug ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus, Panjenengané minger sarta ngandika:
14:26 “Sing sapa arep dadi murid-Ku, kudu gelem kélangan bapakné, ibuné, bojoné, anak-anaké, sedulur-seduluré lanang lan wadon, malah iya kudu kélangan awaké dhéwé.
14:27 Sing sapa ora manggul salibé dhéwé lan ngetutaké Aku, ora bisa dadi murid-Ku.
14:28 Yèn ing antaramu ana wong ngrancang arep ngedegaké menara, wong kuwi luwih dhisik kudu ngétung, pira bakal ragadé menara mau, supaya ngerti dhuwité cukup apa ora kanggo ngragadi sarampungé.
14:29 Yèn ora mengkono, wong mau sawisé gawé pondhasi, jebul ora bisa ngrampungaké menarané. Temahan saben wong sing weruh, bakal padha nggeguyu wong mau,
14:30 sarta muni: ‘Wong kuwi bisa wiwit mbangun, nanging ora bisa ngrampungaké.’
14:31 Yèn ana ratu sing duwé prejurit saleksa arep perang merga dilurug ratu liyané sing duwé prejurit rong leksa, apa ratu sing kasebut dhisik mau ora arep mikir-mikir, apa wadyabalané cukup kanggo nglawan mungsuhé?
14:32 Yèn cetha ora kuwat, ratu mau kudu ngutus utusan methukaké ratu sing nglurug, nyuwun pirsa sarat-saraté bedhamèn, mumpung mungsuh mau durung tekan kono.”
14:33 Gusti Yésus nuli mungkasi pangandikané mengkéné: “Semono uga wong bisa dadi murid-Ku, mung yèn gelem kélangan sabarang-darbèké.”
14:34 “Uyah kuwi pancèn prayoga, nanging menawa ilang rasané, kepriyé bisané mulihaké asiné?
14:35 Uyah mau wis ora ana gunané, senajan tumrap lemah utawa kanggo rabuk pisan. Apiké mung dibuwang. Sing sapa duwé kuping padha ngrungokna!”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s