Lukas 15


15:1 Ing sawijining dina akèh pegawé pajeg lan wong sing dianggep ala déning masarakat, padha teka ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus.
15:2 Wong Farisi lan para ahli Torèt banjur padha pating kedumel, pangucapé: “Yésus kokgelem nampani wong ala malah gelem mangan bareng karo wong kuwi.”
15:3 Mulané Gusti Yésus nuli maringi pasemon mengkéné:
15:4 “Saupama ing antaramu ana wong sing duwé wedhus gibas satus sing siji ilang; apa sing ditindakaké déning wong mau? Wong mau mesthi bakal ninggal wedhusé sing sangang puluh sanga ana ing pangonan, sarta lunga nggolèki wedhus siji sing ilang mau, nganti ketemu.
15:5 Bareng ketemu wong mau bungah banget; wedhusé nuli dipanggul,
15:6 digawa mulih. Sawisé kuwi wong mau nuli ngundangi tangga-teparoné, padha dikandhani: ‘Aku bungah banget, déné wedhusku sing ilang saiki wis ketemu. Mulané ayo padha bungah-bungah.’
15:7 Ngandela, kaya mengkono uga kaanané ing swarga. Para malaékat bakal padha bungah banget merga ana wong dosa siji sing mratobat, ketimbang karo wong sangang puluh sanga sing ora susah mratobat.”
15:8 “Yèn ana wong wadon sing duwé dhuwit dirham sepuluh, mangka ilang siji, wong mau apa ora nuli nyumed lampu lan nyaponi omahé, banjur nggolèki kanthi njlimet, nganti dirham sing ilang mau ketemu?
15:9 Bareng wis ketemu, wong wadon mau nuli bakal ngundang kanca-kancané lan tangga-teparoné, padha dikandhani: ‘Ayo padha bungah-bungah karo aku, sebab dirhamku sing ilang saiki wis ketemu.’
15:10 Ngandela, kaya mengkono uga para malaékaté Allah bakal padha bungah-bungah, yèn ana wong dosa siji waé sing mratobat.”
15:11 Gusti Yésus mbacutaké enggoné ngandika: “Ana wong duwé anak lanang loro.
15:12 Anak sing ragil matur marang bapakné: ‘Bapak, keparenga kula nyuwun bagéan kula saking sedaya ingkang badhé panjenengan warisaken.’ Bapakné mau nuli mbagé barang darbèké marang anaké loro.
15:13 Let sawetara dina menèh anak sing ragil mau nuli ngedoli barang darbèké sing dadi bagéané. Nuli lunga menyang negara manca, dhuwité digawa kabèh. Ana ing kana dhuwité diebrèh-ebrèh, dienggo nguja kasenengané,
15:14 nganti dhuwité mau entèk ludhes. Kacrita ing negara kono ana pailan gedhé, mangka bocah mau wis ora duwé apa-apa.
15:15 Mulané nuli mondhok ing omahé wong pribumi, lan dikon nyambut-gawé ana ing panggonané wong mau, ngrumati babi.
15:16 Sarèhné ora diwènèhi pangan, bocah mau kaliren. Kaya apa kepénginé maregi wetengé srana ampas, sisa pangané babi. Éwasemono ora ana wong sing mènèhi.
15:17 Bocah mau nuli éling marang kaanané dhéwé lan nggrahita: ‘Buruhé bapakku pirang-pirang, lan kabèh padha bisa mangan sawaregé, mangka aku ana ing kéné nganti kaliren.
15:18 Apiké aku dakbali menyang dalemé bapak, karo matur: Bapak, kula sampun damel dosa dhateng Gusti Allah lan dhateng Bapak.
15:19 Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak. Mugi dipun anggep berah kémawon.’
15:20 Bocah mau nuli ngadeg, banjur mulih menyang omahé bapakné. Nalika isih adoh, bapakné wis weruh klédhangé anaké. Bapakné mau trenyuh atiné merga saka welasé. Anaké nuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.
15:21 Bocah mau nuli matur: ‘Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng Gusti Allah lan dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak.’
15:22 Nanging bapakné nimbali para abdiné lan didhawuhi mengkéné: ‘Énggal njupuka jubah sing apik dhéwé lan enggokna. Drijiné enggonana ali-ali, sarta sikilé enggonana sepatu.
15:23 Nuli njupuka pedhèt sing lemu, sembelèhen. Ayo, kita padha nganakaké pésta.
15:24 Sebab anakku iki wis mati, saiki urip menèh; wis ilang, saiki ketemu!’ Banjur wong saomah padha bungah-bungah.
15:25 Nalika semana anak sing mbarep isih ana ing pategalan. Bareng mulih lan saya cedhak ing omahé, krungu swarané gamelan lan sindhénan.
15:26 Bocah mau nuli ngundang sawijining abdi, sarta takon: ‘Ing omah lagi ana apa?’
15:27 Wangsulané abdi mau: ‘Ndara, keng rayi sampun wangsul! Pramila ingkang Rama lajeng dhawuh mragat lembu ingkang saé piyambak, awit putranipun sampun wangsul kanthi wilujeng!’
15:28 Bareng krungu aturé abdi kuwi, anak sing mbarep mau nepsu banget, lan ora gelem mlebu omah. Bapakné nuli metu nemoni sarta ngarih-arih anaké sing nepsu mau.
15:29 Nanging anaké malah matur: ‘Pinten-pinten taun laminipun kula nyambut-damel setengah pejah kagem Bapak, mekaten ugi kula mboten naté mbangkang ing dhawuhipun Bapak. Éwasemanten menapa Bapak naté maringi menapa-menapa dhateng kula? Ménda ingkang supados kénging kula anggé bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula, setunggal kémawon mboten naté.
15:30 Nanging pun ragil menika sampun nelasaken bandhanipun Bapak sedaya kanggé nyundel, mangka saweg kémawon dhateng, Bapak sampun mragataken pedhèt leman kanggé piyambakipun.’
15:31 Bapakné nuli mangsuli: ‘Anakku, enggèr, kowé kuwi rak salawasé ana ing kéné karo aku. Déné apa saduwèkku kuwi rak iya duwèkmu.
15:32 Wektu iki wis samesthiné kita kabèh padha bungah-bungah, sebab adhimu wis mati urip menèh, wis ilang, ketemu!’ “

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s