Lukas 17


17:1 Gusti Yésus ngandika marang para muridé: “Tan kena ora mesthi ana prekara-prekara sing njalari wong tumiba ing dosa, nanging cilaka banget wong sing mènèhi dhadhakan.
17:2 Luwih becik menawa wong sing mengkono kuwi dikalungana watu penggilingan, banjur dicemplungaké ana ing segara. Luwih becik mengkono ketimbang wong mau njalari wong-wong sing precaya padha gawé dosa.
17:3 Mulané padha diawas! Menawa sedulurmu gawé dosa, welèhna. Yèn wong mau nggetuni dosané, apuranen.
17:4 Upama wong mau gawé keluputan marang kowé nganti kaping pitu sedina lan saben gawé keluputan marani kowé lan muni: ‘Aku keduwung’, wong mau apuranen.”
17:5 Para rasul padha matur marang Gusti Yésus: “Gusti! Kula sami nyuwun tambahing pitados.”
17:6 Gusti Yésus ngandika: “Yèn kowé duwé pengandel sing gedhéné sawiji sawi waé, kowé bisa akon wit anjir iki: ‘Rungkada lan tumanceba ana ing segara’, mesthi wit mau bakal manut apa sing kokpréntahaké.”
17:7 “Saupama ing antaramu ana sing duwé batur, sing kokkongkon mluku utawa angon wedhus, apa sabaliné batur mau saka pegawéané nuli kokkandhani: ‘Gèk énggal mangana?’
17:8 Mesthi ora! Malah kowé bakal muni: ‘Aku tatakna mangan, nganggoa sandhangan sing resik lan ngadhepa, nunggonana enggonku mangan nganti rampung; sawisé kuwi kowé mangana.’
17:9 Batur rak ora susah dialem merga enggoné nglakoni pegawéan manut préntahing bendarané?
17:10 Mengkono uga kowé. Yèn kowé wis nglakoni kabèh sing didhawuhaké marang kowé, kowé munia: ‘Aku iki mung abdi lumrah, mung sadrema nglakoni kuwajibanku.’ ”
17:11 Nalika Gusti Yésus mbacutaké tindaké saka kutha Yérusalèm, Panjenengané ngliwati tapel watesé daérah Samaria lan daérah Galiléa.
17:12 Nalika Gusti Yésus mlebu ing sawijining désa, ana wong lara lépra sepuluh sowan marang Panjenengané. Wong-wong mau padha ngadeg,
17:13 sarta padha nguwuh-uwuh saka kadohan: “Rama Guru, kawula mugi Panjenengan welasi!”
17:14 Bareng Gusti Yésus pirsa wong-wong mau nuli ngandika: “Padha lungaa, awakmu padha priksakna marang imam.” Sajroné padha mlaku, wong-wong mau padha waras.
17:15 Bareng ana salah siji sing weruh yèn wis waras, dhèwèké nuli bali karo memuji Asmané Allah klawan swara sora.
17:16 Wong mau nuli sujud ing ngarsané Gusti Yésus sarta ngaturaké panuwun. Wong mau wong Samaria.
17:17 Gusti Yésus nuli ngandika: “Apa ora wong sepuluh sing diwarasaké? Sing sanga ana ing ngendi?
17:18 Apa sebabé déné malah wong manca kuwi sing bali lan ngaturaké panuwun marang Gusti Allah?”
17:19 Gusti Yésus nuli dhawuh marang wong Samaria mau: “Ngadega, muliha, pangandelmu wis marasaké kowé.”
17:20 Ana wong Farisi sawetara padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus, bab mbésuk kapan enggoné Gusti Allah miwiti Kratoné. Gusti Yésus ngandika: “Kratoné Allah kuwi ora diwiwiti srana pretandha-pretandha sing katon,
17:21 sing nganti njalari wong muni: ‘Hé, delengen, iki Kratoné Allah!’ utawa: ‘Lah, kaé ana ing kana!’ Awit Kratoné Allah kuwi ana ing sajroné atimu.”
17:22 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang para muridé: “Bakal ana wektuné kowé padha kepéngin nyipati dinaning Putrané Manungsa, nanging ora bisa.
17:23 Mbésuk bakal ana wong sing kandha marang kowé, ‘Delengen ana ing kana’, utawa, ‘Delengen ana ing kéné!’ Kowé aja nggugu banjur metu nggolèki.
17:24 Ya kaya kilat enggoné cumlèrèt ing langit saka sisih kéné tekan sisih kana, iya kaya mengkono bakal kaanané dinaning Putrané Manungsa.
17:25 Nanging Panjenengané kudu nandhang sangsara dhisik lan ditampik déning wong-wong jaman saiki.
17:26 Padha kaya kaanané nalika jamané Nabi Nuh, kaya mengkono uga mbésuk kaanané jamané Putrané Manungsa.
17:27 Wong bakal mangan lan ngombé, padha omah-omah lan mengkono saterusé, nganti tekan dinané Nabi Nuh mlebu ing prauné lan banjiré teka, sarta matèni wong-wong kabèh mau.
17:28 Uga kaya dhèk jamané Lut. Wong padha mangan lan ngombé, dol-tinuku, nenandur lan gawé omah.
17:29 Nanging nalika Lut metu saka kutha Sodom, ing dina kuwi uga geni lan welirang tumurun saka langit ngobong wong kabèh.
17:30 Kaya mengkono uga mbésuk bakal kaanané dina ngetingalé Putrané Manungsa.
17:31 Wong sing ing dina kuwi ana ing payoné omah, aja medhun mlebu ing omah njupuk barang-barangé saka ing kono. Semono uga wong sing lagi ana ing pategalan, aja padha bali ing omahé.
17:32 Padha élinga marang apa sing kedadéan tumrap bojoné Lut.
17:33 Sing sapa ngudi arep nylametaké uripé, wong kuwi bakal kélangan urip sing sejati. Nanging sing sapa kélangan uripé, malah bakal nampa urip sing sejati.
17:34 Ngandela Aku. Ing bengi kuwi yèn ana wong loro sing turu ana ing peturon, sing siji bakal kajupuk lan sijiné ditinggal.
17:35 Yèn ana wong wadon loro sing lagi padha nggiling gandum, sing siji bakal dijupuk lan sing sijiné ditinggal.
17:36 [Yèn ana wong loro sing lagi ana ing pategalan, sing siji bakal dijupuk, lan sijiné ditinggal.]”
17:37 Para murid padha nyuwun pirsa: “Wonten ing pundi, Gusti?” Pangandikané Gusti Yésus: “Ing ngendi ana bathang, ing kono manuk gagak padha ngrompol.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s