Lukas 18


18:1 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli maringaké pasemon marang para sekabaté, sing maksudé supaya tansah padha ndedonga lan aja padha semplah.
18:2 Gusti Yésus ngandika: “Ing sawijining kutha ana hakim sing ora wedi karo Gusti Allah lan ora mreduli karo wong.
18:3 Ing kutha kono uga ana randha sing bola-bali nekani hakim mau lan nyuwun kaadilan tumrap enggoné prekaran, aturé: ‘Anggèn kawula prekawisan kaliyan tiyang menika mugi panjenengan réncangi.’
18:4 Nganti sawetara lawasé hakim mau ora gelem mbiyantu. Nanging wekasané hakim mau nggagas mengkéné: ‘Senajan aku ora wedi karo Gusti Allah, lan ora preduli karo wong,
18:5 nanging merga randha iki pijer teka waé ngganggu aku, luwih becik prekarané nuli dakadilané, supaya wong kuwi ora bola-bali teka lan wekasané ngamuk aku.’ ”
18:6 Pangandikané Gusti Yésus: “Padha titènana apa sing dikandhakaké déning hakim sing sewenang-wenang mau!
18:7 Yèn umaté Allah rina wengi padha nyuwun tulung, apa Gusti Allah ora nuli bakal paring adil marang umaté mau? Apa Panjenengané arep nyenyuwé enggoné paring pitulungan?
18:8 Ngandela, Panjenengané bakal énggal paring adil! Nanging menawa Putrané Manungsa mbésuk rawuh, apa ing bumi kéné isih ana wong sing duwé pengandel?”
18:9 Gusti Yésus nuli maringaké pasemon sing katujokaké marang wong-wong sing nganggep awaké dhéwé sampurna, sarta ngrèmèhaké wong liya.
18:10 Pangandikané: “Ana wong loro padha mlebu ing Pedalemané Allah, arep ndedonga. Sing siji wong Farisi, lan sing sijiné pegawé pajeg.
18:11 Wong Farisi mau ngadeg ing panggonan sing gampang katon ing wong lan ndedonga mengkéné: ‘Dhuh Allah, kawula ngaturaken panuwun dhateng Panjenengan, awit kawula mboten sami kaliyan tiyang-tiyang sanès ingkang srakah, ingkang remen ngapusi, ingkang lampah jina, lan mboten sami kaliyan pegawé pajeg menika.
18:12 Saben seminggu kula siyam kaping kalih, sarta saprasedasanipun pamedal kawula, kawula sedhekahaken.’
18:13 Nanging pegawé pajeg mau ngadeg ana ing kadohan, malah ndangak waé ora wani, mung tebah-tebah dhadha, sarta matur mengkéné: ‘Dhuh Allah, kawula tiyang dosa, mugi Panjenengan welasi.’ ”
18:14 “Ngandela, saungkuré saka ing papan kono, pegawé pajeg mau sing pandongané ketrima déning Gusti Allah, dudu wong Farisi mau. Awit saben wong sing ngluhuraké awaké dhéwé, bakal diasoraké, déné wong sing ngasoraké awaké dhéwé, kuwi bakal diluhuraké.”
18:15 Nuli ana wong sing padha teka nyowanaké anaké sing isih cilik-cilik marang ngarsané Gusti Yésus, supaya padha ditumpangi asta sarta diberkahi. Bareng weruh sing mengkono mau para sekabat padha nepsu marang wong-wong mau.
18:16 Nanging Gusti Yésus nimbali wong-wong sing padha arep nyowanaké anak-anaké mau sarta ngandika: “Karebèn bocah-bocah kuwi marek marang Aku, awit wong sing kaya bocah kuwi sing padha dadi umat ing Kratoné Allah.
18:17 Élinga, wong sing pambangun-turuté ora kaya bocah cilik iki, ora bisa dadi umat ing Kratoné Allah.”
18:18 Ana sawijining panuntuné wong Yahudi nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: “Guru ingkang utami; menapa ingkang kedah kula lampahi, supados angsal gesang ingkang sejatos?”
18:19 Pangandikané Gusti Yésus: “Yagéné kowé ngarani Aku utama? Ora ana wong siji waé sing utama, sing utama kuwi mung Gusti Allah piyambak.
18:20 Kowé mesthiné wis ngerti surasané angger-angger: ‘Kowé aja laku jina; kowé aja mematèni; kowé aja nyenyolong; kowé aja goroh; lan ngajènana marang bapak lan ibumu!’ ”
18:21 Wong mau mangsuli: “Kasinggihan. Sedaya pepakèning angger-angger wau sampun kula lampahi wiwit alit mila.”
18:22 Nalika mireng wangsulan mau Gusti Yésus nuli ngandika: “Isih ana saprekara sing kudu koklakoni: Kabèh saduwèk-duwèkmu edolana, lan edum-edumna marang wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Sawisé kuwi nuli mrénéa mèlua Aku.”
18:23 Bareng krungu pangandika sing mengkono mau, wong kuwi sedhih, awit dhèwèké sugih banget.
18:24 Bareng Gusti Yésus pirsa yèn wong mau sedhih banget, nuli ngandika: “Iba angèlé wong sugih dadi kawula ing Kratoné Allah!
18:25 Luwih gampang unta mlebu ing bolongané dom, tinimbang wong sugih dadi kawula ing Kratoné Allah.”
18:26 Wong-wong sing padha ngrungokaké pangandikané Gusti Yésus mau nuli padha nyuwun pirsa: “Menawi mekaten sinten ingkang saged wilujeng?”
18:27 Pangandikané Gusti Yésus: “Apa sing tumrapé manungsa mokal, kuwi tumrapé Gusti Allah ora mokal.”
18:28 Pétrus nuli matur: “Kawula sampun sami nilar balé griya kawula sarta ndhèrèk Panjenengan.”
18:29 Pangandikané Gusti Yésus: “Kuwi bener! Ngandela, saben wong sing ninggal omahé, utawa bojoné, utawa seduluré, utawa bapak lan ibuné, utawa anak-anaké, merga enggoné ngabdi lan mbangun-turut marang dhawuhé Kratoné Gusti Allah,
18:30 wong kuwi mesthi bakal nampani ganjaran tikel-matikel ing jaman saiki, lan nampani urip langgeng ing jaman akir.”
18:31 Gusti Yésus nuli nimbali sekabaté rolas, diajak misah, sarta dipangandikani: “Padha titènana! Kita saiki padha lunga menyang kutha Yérusalèm, lan kabèh sing wis ditulis déning para nabi bab Putrané Manungsa bakal kelakon.
18:32 Panjenengané bakal dipasrahaké marang wong sing dudu bangsa Yahudi, lan bakal disawenang-wenang, disiya-siya lan diidoni.
18:33 Panjenengané bakal disiksa lan disédani; nanging ing dina kateluné Panjenengané bakal wungu menèh.”
18:34 Nanging para sekabat ora nyandhak babar-pisan, apa tegesé pangandika mau kabèh, awit pancèn kagawé samar tumraping para sekabat, nganti padha ora ngerti sing satemené.
18:35 Nalika tindaké Gusti Yésus wis mèh tekan kutha Yérikho, ana wong wuta lungguh ing pinggir dalan karo ngemis.
18:36 Bareng wong wuta mau krungu swarané wong akèh padha liwat ing kono, nuli takon: “Ana apa ta?”
18:37 Ana wong sing mangsuli: “Guru Yésus, saka Nasarèt, lagi langkung.”
18:38 Wong wuta mau nuli nguwuh-uwuh: “Gusti Yésus tedhakipun Sang Prabu Dawud! Kawula mugi Panjenengan welasi!”
18:39 Wong-wong sing ana ing ngarepé padha nyendhu, akon meneng. Nanging wong wuta mau malah saya seru panguwuhé: “Gusti, putranipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Panjenengan welasi!”
18:40 Gusti Yésus nuli mandheg, lan dhawuh supaya wong wuta mau dituntun marek ing ngarsané. Sawisé tekan ing ngarsané Gusti Yésus, Gusti nuli ndangu:
18:41 “Aku kokkon nindakaké apa marang kowé?” Wong wuta mau mangsuli: “Gusti, kawula kepéngin saged sumerep.”
18:42 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong mau: “Ya, kowé ndelenga. Pangandelmu sing marasaké kowé.”
18:43 Sanalika iku uga wong wuta mau bisa ndeleng, nuli ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus, karo memuji marang Pangéran. Kabèh wong sing nyipati lelakon mau iya nuli padha memuji marang Gusti Allah.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s