Lukas 19


19:1 Gusti Yésus banjur mlebu ing kutha Yérikho, tindak nratas ing kutha kono.
19:2 Ing kutha Yérikho kono ana wong jenengé Zakhéus, kepala pegawé pajeg, sing sugih.
19:3 Zakhéus mau kepéngin banget weruh Gusti Yésus, nanging dedegé cendhèk. Sarèhné kaling-kalingan wong akèh, dadiné ora tau bisa weruh Gusti Yésus.
19:4 Mulané Zakhéus mlayu ndhisiki lakuné wong-wong akèh, nuli mènèk ing wit anjir, supaya bisa weruh sing bakal langkung kono.
19:5 Bareng Gusti Yésus tindaké tekan ing panggonan kono, Panjenengané ndhangak mirsani ing wit anjir, sarta ngandika marang Zakhéus: “Zakhéus, énggal mudhuna! Awit ing dina iki Aku arep mampir ing omahmu.”
19:6 Zakhéus banjur énggal-énggal mudhun lan mbagèkaké Gusti Yésus klawan bungah.
19:7 Wong kabèh sing padha weruh lelakon kuwi padha pating kedumel lan muni: “Lho, Panjenengané kokkersa mertamu ana ing omahé wong ala!”
19:8 Zakhéus nuli ngadeg, sarta matur marang Gusti Yésus: “Gusti, bandha kawula ingkang sepalih badhé kawula sedhekahaken dhateng tiyang miskin; lan sinten kémawon ingkang naté kawula apusi bandhanipun, badhé kawula wangsulaken tikel sekawan.”
19:9 Gusti Yésus nuli ngandika marang Zakhéus: “Dina iki Gusti Allah nampani kowé lan brayatmu kabèh. Kowé kuwi uga anak-turuné Rama Abraham.
19:10 Awit Putraning Manungsa kuwi tekané nggolèki lan nylametaké wong-wong sing ketriwal.”
19:11 Nalika semana tindaké Gusti Yésus wis mèh tekan kutha Yérusalèm. Akèh wong sing padha ngira, yèn Kratoné Allah sedhéla menèh bakal kebabar ana ing donya.
19:12 Mulané Gusti Yésus nuli maringi pasemon marang wong sing padha ngrungokaké piwulangé. Pangandikané: “Ana priyayi luhur lunga menyang ing negara adoh, arep ditetepaké dadi ratu ana ing kana; sawisé kuwi bakal bali menèh.
19:13 Sadurungé priyayi luhur mau mangkat, nimbali abdiné sepuluh. Saben abdi siji dipasrahi dhuwit mas sedinar. Welingé: ‘Dhuwit iki enggonen dagang nganti satekaku.’
19:14 Sarèhné rakyaté negara kono padha sengit marang panjenengané, mula padha nusuli kongkonan, padha dikon matur: ‘Kawula mboten purun dipun erèh tiyang menika.’
19:15 Sawisé priyayi luhur mau ditetepaké dadi ratu, nuli bali menyang negarané. Panjenengané nuli nimbali para abdiné sing biyèn padha dipasrahi dhuwit, didhawuhi sowan, awit panjenengané kepéngin pirsa bebathèné siji-sijiné.
19:16 Abdi sing kapisan sowan matur: ‘Ndara, kula sampun angsal bathi sedasa dinar saking arta ingkang kula tampi saking Panjenengan.’
19:17 Pangandikané bendarané: ‘Sukur, kowé abdi becik! Sarèhné kowé kena diprecaya tumrap prekara sing cilik, saiki kowé dakangkat ngerèh kutha sepuluh.’
19:18 Abdi sing kapindho sowan, aturé: ‘Ndara, saking arta mas sedinar, ingkang Panjenengan paringaken dhateng kula, kula sampun angsal bebathèn gangsal dinar.’
19:19 Bendarané nuli ngandika: ‘Sukur, saiki kowé bakal dakpasrahi ngerèh kutha lima.’
19:20 Abdi sing katelu sowan lan matur: ‘Ndara, menika arta Panjenengan, ingkang kula bundheli ing kacu lan kula simpen.
19:21 Kula ajrih dhateng Panjenengan, margi ngertos bilih Panjenengan menika priyantun ingkang kereng. Panjenengan mundhut barang ingkang sanès kagungan Panjenengan, sarta ngundhuh saking taneman ingkang mboten Panjenengan tanem.’
19:22 Bendara mau nuli ngandika marang wong mau: ‘Kowé abdi sing ala, kowé bakal dakukum miturut tembungmu dhéwé. Kowé wis ngerti yèn aku iki wong kereng, sing njupuk apa sing dudu duwèkku, lan sing ngundhuh tanduran sing ora daktandur.
19:23 Yèn nyata mengkono, yagéné dhuwit kuwi ora koksimpen ana ing bank, supaya sabaliku, aku bisa nampa dhuwitku saanakané?’
19:24 Banjur ngandika marang wong sing padha ana ing kono: ‘Dhuwit sing ana ing wong kuwi jupuken lan wènèhna marang wong sing wis nggawa sepuluh dinar mau.’
19:25 Wong-wong mau padha matur: ‘Ndara, tiyang menika rak sampun mbekta sedasa dinar?’
19:26 Wangsulané raja mau: ‘Élinga, wong sing ikhtiyar supaya duwé, bakal diwènèhi, nanging wong sing ora gelem ikhtiyar wong kuwi dalah barang sethithik sing diduwèni, bakal kajupuk.
19:27 Lan saiki, parakna mréné kabèh satru-satruku sing padha ora seneng yèn aku dadi ratuné. Wong-wong kuwi padha patènana ana ing ngarepku!’ ”
19:28 Sawisé Gusti Yésus ngandikakaké kuwi mau kabèh, Panjenengan nuli tindak ngrumiyini wong-wong mau menyang kutha.
19:29 Bareng wis tekan sacedhaké désa Bètfagé lan désa Bètani sing dunungé ana ing Gunung Zaitun, Gusti Yésus ngutus sekabaté loro ndhisiki tindaké.
19:30 Gusti Yésus dhawuh: “Kowé lungaa menyang désa ngarep kuwi. Kowé bakal weruh belo kuldi, sing dicencang. Belo kuwi durung tau ditunggangi wong. Belo mau uculana lan gawanen mréné.”
19:31 Yèn ana wong takon: ‘Yagéné kokkokuculi?’ wangsulana: ‘Gusti sing arep ngagem.’
19:32 Para sekabat loro sing diutus ndhisiki tindaké mau nuli padha mangkat. Lan apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus mau cocog karo kaanané.
19:33 Nalika para sekabat mau lagi padha nguculi taliné, sing duwé belo ngaruh-aruhi: “Yagéné belo kuwi kokuculi?”
19:34 Para sekabat nuli padha mangsuli: “Gusti ingkang ngersakaken ngagem.”
19:35 Belo mau banjur dituntun menyang ing ngarsané Gusti Yésus. Para sekabat mau nuli nyopot jubahé, banjur dilarapaké ana ing gegeré kuldi. Gusti Yésus nuli diangkat lan dilenggahaké ana ing kuldi mau.
19:36 Sawisé tindak, para sekabaté padha njèrèng jubahé ana ing dalan sing dilangkungi.
19:37 Bareng wis cedhak karo kutha Yérusalèm, ing dalan kang mudhun saka Gunung Zaitun, para muridé Gusti Yésus kabèh nuli padha giyak-giyak klawan sora, memuji Asmané Gusti Allah, merga saka sakèhing mujijat, sing padha dideleng.
19:38 Wong-wong mau padha nguwuh: “Binerkahana ratu ingkang rawuh ing Asmanipun Pangéran. Tentrem rahayu wonten ing swarga, lan kamulyan konjuk ing Allah!”
19:39 Wong Farisi sawetara sing ana ing antarané wong akèh mau nuli matur marang Gusti Yésus: “Guru, para murid menika mugi Panjenengan dhawuhi mèndel!”
19:40 Nanging pangandikané: “Yèn wong-wong kuwi meneng, watu-watu iki sing bakal giyak-giyak.”
19:41 Bareng Gusti Yésus tindaké saya cedhak karo kutha Yérusalèm lan pirsa kutha mau, Panjenengané muwun.
19:42 Pangandikané: “Adhuh, saiba beciké, yèn ing dina iki kowé nyumurupi apa sing sanyatané kokbutuhaké kanggo katentremanmu! Nanging tekan saiki kowé durung weruh.
19:43 Bakal tekan wektuné, mungsuhmu padha gawé jagragan pirang-pirang kanggo ngepung kowé lan nyerang kowé saka ing ngendi-endi.
19:44 Mungsuh-mungsuhmu kuwi bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah, bareng karo rakyatmu kabèh. Mungsuhmu bakal ora nglestarèkaké watu siji waé tumumpang ana ing watu liyané, sebab kowé ora nggatèkaké rawuhé Gusti Allah enggoné arep nylametaké kowé!”
19:45 Gusti Yésus banjur mlebu ing Pedalemané Allah lan nundhungi para wong sing padha dodolan ana ing kono.
19:46 Pangandikané: “Ing Kitab Suci ana tulisan: ‘Pedaleman-Ku kuwi omah pamujan,’ nanging panggonan suci iki kokdadèkaké susuhé maling.”
19:47 Gusti Yésus saben dina memulang ana ing Pedalemané Allah. Para pengareping imam, para ahli Torèt lan para panuntuning bangsa Yahudi padha golèk réka supaya olèh dhadhakan bisané nyédani Gusti Yésus.
19:48 Nanging wong-wong mau padha ora bisa tumindak apa-apa, sebab rakyat tansah padha kepéngin ngrungokaké piwulangé sarta padha kepranan banget marang Panjenengané.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s