Lukas 2


2:1 Nalika semana Kaisar Agustus paring dhawuh, supaya para kawulaning Krajan Rum kabèh padha nyathetaké jenengé, lan diétung cacahé.
2:2 Cacah jiwa sing kapisan kuwi ditindakaké nalika Kirénius dadi gubernur ing tanah Siria.
2:3 Wong kabèh banjur padha mangkat ndhaftaraké jenengé ing kutha asalé dhéwé-dhéwé.
2:4 Yusuf iya nuli mangkat saka kutha Nasarèt ing tanah Galiléa, menyang kutha Bètléhèm, ing tanah Yudéa. Bètléhèm kuwi kutha kelairané Sang Prabu Dawud. Mangka Yusuf kuwi tedhak-turuné Sang Prabu Dawud.
2:5 Lungané Yusuf mau bebarengan karo Maryam, pacangané, sing lagi ngandheg.
2:6 Nalika wong loro mau tekan ing kutha Bètléhèm, Maryam enggoné ngandheg wis tekan wektuné babaran.
2:7 Maryam nuli mbabar putra kakung, putra pembarep. Putra mau nuli digedhong, banjur disèlèhaké ana ing wadhah pakan kéwan, jalaran Yusuf lan Maryam padha ora olèh panggonan ana ing omah penginepan.
2:8 Ing daérah kono wengi kuwi ana pangon-pangon sing lagi padha nginep ana ing ara-ara, njaga wedhusé.
2:9 Dumadakan ana Malaékating Pangéran jumeneng ana ing sacedhaké, lan cahya kamulyaning Pangéran madhangi wong-wong mau, nganti padha wedi banget.
2:10 Nanging malaékat mau ngandika: “Aja wedi, sebab tekaku iki nggawa kabar becik kanggo kowé, lan sing bakal mbungahaké wong kabèh.
2:11 Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu ana ing kuthané Sang Prabu Dawud, yakuwi Sang Kristus kang jumeneng Gusti.
2:12 Déné tengerané mengkéné: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong, sumèlèh ana ing wadhah pakaning kéwan.”
2:13 Dumadakan mbarengi malaékat mau ana malaékat akèh banget, padha memuji marang Gusti Allah, tembungé:
2:14 “Pinujia Allah kang ana ing ngaluhur! Lan tentrem rahayu ana ing bumi tumrap wong sing dikasihi déning Gusti Allah!”
2:15 Sakonduré para malaékat mau menyang swarga, para pangon nuli padha rerasanan: “Ayo padha mangkat menyang kutha Bètléhèm lan ndeleng apa sing wis kelakon ana ing kana, kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah marang kita.”
2:16 Para pangon mau nuli énggal-énggal padha mangkat, lan ketemu Maryam lan Yusuf, sarta Sang Bayi, sing sumèlèh ana ing wadhah pakan kéwan.
2:17 Bareng weruh bayi kuwi, para pangon nuli padha nyritakaké apa sing dingandikakaké déning malaékat bab Sang Bayi mau.
2:18 Kabèh wong sing padha krungu critané para pangon mau padha gumun banget.
2:19 Nanging Maryam nyathet kuwi mau kabèh ana ing atiné, sarta dirasak-rasakaké, apa tegesé kuwi mau kabèh.
2:20 Para pangon mau nuli padha bali, sarta ngluhuraké Gusti Allah srana puji-pujian, sebab apa sing dirungu lan dideleng mau kabèh cocog banget karo sing dingandikakaké déning malaékat.
2:21 Sawisé umur wolung dina, Sang Bayi nuli ditetaki, lan ditetepaké asmané: Yésus, yakuwi jeneng sing dingandikakaké malaékat marang Maryam, sadurungé ngandheg Sang Bayi mau.
2:22 Bareng wis tekan wektuné, Yusuf lan Maryam nuli nindakaké upacara miturut prenataning agama sing kadhawuhaké déning Nabi Musa. Sang Bayi banjur digawa menyang Yérusalèm, arep disaosaké marang Pangéran.
2:23 Awit ana tulisan ing Kitab Suci, sing uniné mengkéné: “Kabèh anak lanang mbarep kudu kapiji kagem Gusti Allah.”
2:24 Déné enggoné Yusuf lan Maryam padha lunga menyang kutha Yérusalèm kuwi uga arep nyaosaké kurban, yakuwi manuk dara sajodho, utawa piyik dara loro, miturut dhawuh prenatané Allah ing Kitab Suci.
2:25 Nalika semana ing kutha Yérusalèm ana wong jeneng Siméon, wong mursid, sing ngabekti marang Pangéran, lan nganti-anti, mbésuk kapan Gusti Allah enggoné paring keslametan marang bangsa Israèl. Siméon kuwi wong sing kapenuhan ing Roh Suci,
2:26 lan kaparingan wangsit déning Roh Suci, yèn ora bakal mati, sadurungé weruh Sang Mèsiah, *Mèsiah: Mèsias, tegesipun “Kang Jinebadan.”* sing dijanjèkaké déning Pangéran.
2:27 Saka panuntuning Sang Roh Suci mau, Siméon mlebu ing Pedalemané Allah, nalika Yusuf lan Maryam nggawa Sang Bayi iya mlebu ing Pedalemané Allah arep disaosaké marang Pangéran, manut prenatané agama Yahudi.
2:28 Siméon banjur nyandhak Sang Bayi mau, dibopong klawan memuji marang Pangéran:
2:29 “Dhuh Pangéran, samenika Paduka sampun netepi janji. Keparenga samenika abdi Paduka tilar-donya klawan tentrem.
2:30 Awit mripat kawula sampun ningali piyambak Juru Wilujeng peparing Paduka.
2:31 Ingkang Paduka cawisaken kanggé kawilujenganipun sedaya bangsa:
2:32 kados pepadhang ingkang madhangi marginipun bangsa-bangsa sanès, supados sami sowan dhateng Paduka. Inggih menika pepadhang, ingkang njalari umat Paduka Israèl dipun urmati déning para bangsa.”
2:33 Yusuf lan Maryam padha gumun, krungu apa sing diucapaké déning Siméon bab Bayi mau.
2:34 Siméon nuli mberkahi Yusuf, Maryam lan Sang Bayi mau, lan kandha marang Maryam: “Bocah iki dikersakaké déning Pangéran, dadi jalarané tiba lan tanginé wong akèh ing Israèl, lan dadi pratandha saka Pangéran, sing bakal dibantah déning wong akèh.
2:35 Srana mengkono bakal kabukak wewadi-wewadi sing sumimpen ana ing atiné wong akèh. Kowé dhéwé bakal ngrasakaké sedhih, nganti atimu kaya tinuwek déning pedhang sing landhep.”
2:36 Ing kono uga ana nabi wadon sing wis tuwa banget, jenengé nabi mau Hanna, anaké Fanuèl, saka taler Asyèr. Sawisé kawin pitung taun lawasé,
2:37 Hanna mau dadi randha. Umuré saiki wis wolung puluh papat taun. Hanna presasat ora tau mingsed saka Pedalemané Allah. Ana ing kono Hanna mau rina wengi ngabekti marang Gusti Allah, klawan ndedonga lan pasa.
2:38 Nalika Hanna mau iya teka ing Pedalemané Allah, banjur memuji marang Gusti Allah, sarta nyritakaké bab Sang Bayi mau marang wong kabèh, sing uga padha nganti-anti mbésuk kapan Gusti Allah enggoné arep ngluwari kutha Yérusalèm.
2:39 Sawisé ngrampungaké sakèhing kuwajiban manut dhawuhé Gusti Allah, Yusuf lan Maryam nuli mulih menyang kutha Nasarèt, ing tanah Galiléa.
2:40 Sang Bayi saya mundhak gedhé lan rosa, dadi Putra sing wicaksana, sarta diberkahi déning Gusti Allah.
2:41 Rama lan ibuné Gusti Yésus saben taun padha menyang kutha Yérusalèm, prelu netepi prenatané Riaya Paskah.
2:42 Bareng Gusti Yésus wis yuswa rolas taun, Panjenengané uga diajak.
2:43 Sarampungé kraméan Paskah, Yusuf lan Maryam nuli mulih, nanging Gusti Yésus isih kantun ana ing kutha Yérusalèm. Wong tuwané padha ora ngerti,
2:44 jalaran Gusti Yésus dikira wis kondur dhisik, bareng karo wong-wong. Sawisé mlaku sedina muput, wong tuwané nuli nggolèki Gusti Yésus ana ing antarané sanak-kadang lan para tepungané.
2:45 Nanging meksa padha ora bisa nemokaké putrané. Mulané Yusuf lan Maryam banjur padha bali menèh menyang ing kutha Yérusalèm, karo terus nggolèki.
2:46 Sawisé enggoné nggolèki olèh telung dina, Sang Putra lagi ketemu, tibaké ana ing Pedalemané Allah, ana ing satengahé para alim-ulama, ngrungokaké piwulangé para alim-ulama mau lan ngajokaké pitakonan-pitakonan.
2:47 Kabèh wong sing padha krungu enggoné Gusti Yésus ngandika, padha gumun banget marang kapinterané sajroné mangsuli para alim-ulama.
2:48 Uga rama lan ibuné padha gumun banget. Maryam kandha: “Nggèr, yagéné kowé kokgawé répoté bapak lan ibumu? Olèhku padha nggolèki kowé nganti uwas atiku.”
2:49 Aturé Gusti Yésus: “Kénging menapa rama lan ibu madosi kula? Menapa mboten pirsa, bilih kula kedah wonten ing dalemipun Rama kula?”
2:50 Rama lan ibuné ora nyandhak tegesé wangsulané Gusti Yésus mau.
2:51 Sawisé kuwi Gusti Yésus ndhèrèk rama lan ibuné kondur menyang kutha Nasarèt. Panjenengané tansah mbangun-turut marang panggulawenthahé rama lan ibuné. Déné Maryam, ibuné, nyathet prekara kuwi mau kabèh ana ing atiné.
2:52 Gusti Yésus saya mundhak gedhé lan mundhak wicaksana. Semono uga saya kinasihan ing Allah lan manungsa.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s