Lukas 4


4:1 Nalika Gusti Yésus kondur saka Kali Yardèn, Panjenengané kapenuhan déning Sang Roh Suci. Saka panuntuning Sang Roh Suci mau Gusti Yésus nuli tindak menyang ara-ara samun.
4:2 Ana ing kono digodha déning Iblis lawasé patang puluh dina. Sajroné semono lawasé kuwi, Panjenengané siyam, ora dhahar apa-apa. Bareng wis kliwat wektuné siyam, Gusti Yésus kraos luwé.
4:3 Iblis banjur matur: “Sarèhning Panjenengan menika Putranipun Allah, sumangga séla menika Panjenengan sabdakaken dados roti.”
4:4 Gusti Yésus ngandika: “Ing Kitab Suci ana tulisan mengkéné: ‘Uripé manungsa kuwi ora mung saka roti waé!’ ”
4:5 Gusti Yésus banjur digawa déning Iblis, munggah ing papan sing dhuwur banget. Ing sajroning wektu sing suwéné mung sakedhèping mripat, Iblis banjur nedahaké marang Gusti Yésus sakèhing krajan sing ana ing jagad.
4:6 Aturé Iblis: “Sedaya pangwasa lan kamulyan menika badhé kula saosaken dhateng Panjenengan, awit menika sedaya sampun dados gadhahan kula, lan kula saged nyukakaken dhateng sinten kémawon sakajeng kula.
4:7 Pramila, sedaya menika badhé dados kagungan Panjenengan, menawi Panjenengan kersa nyembah sujud dhateng kula.”
4:8 Gusti Yésus ngandika: “Ing Kitab Suci ana tulisan: ‘Pangéran Allahmu kuwi sing wajib koksembah, lan mung Panjenengané piyambak sing wajib kokbektèni.’ ”
4:9 Sawisé kuwi Iblis banjur nggawa Gusti Yésus menyang kutha Yérusalèm lan mapanaké Panjenengané ana ing wuwunging Pedalemané Allah. Iblis nuli matur: “Sarèhning Panjenengan menika Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog ing siti.
4:10 Awit ing Kitab Suci wonten seratan mekaten: ‘Gusti Allah bakal ngutus para malaékaté ngreksa marang Kowé.’
4:11 Lan malih: ‘Kowé bakal ditadhahi nganggo tangané, supaya sikilmu aja kena ing watu.’ ”
4:12 Pangandikané Gusti Yésus: “Ing Kitab Suci uga ana tulisan: ‘Kowé aja nyoba marang Pangéran, Allahmu.’ ”
4:13 Sawisé rampung enggoné nggodha, Iblis banjur mundur saka ing ngarsané Gusti Yésus, arep golèk wektu sing becik.
4:14 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli kondur menyang tanah Galiléa. Panjenengané dikwaosi déning Sang Roh Suci. Pawartané sumebar ing satanah kono.
4:15 Gusti Yésus memulang ana ing sinagogé-sinagogé, *sinagogé: papan pangibadahipun tiyang Yahudi.* lan wong kabèh padha ngalembana Panjenengané.
4:16 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli tindak menyang kutha Nasarèt, kutha asalé Gusti Yésus piyambak. Ing dina Sabbat, Gusti Yésus kaya adat saben, tindak menyang sinagogé. Nalika jumeneng arep maos Kitab Suci,
4:17 Panjenengané dicaosi Kitab Yésaya. Bareng dibukak, manggih ayat sing uniné mengkéné:
4:18 “Sang Roh Suci dumunung ana ing Aku. Awit Pangéran wis milih Aku supaya ngabaraké. Injilé Allah marang wong miskin. Pangéran ngutus Aku mertakaké pangluwaran marang wong sing dikunjara, lan mulihaké pandelengé para wong wuta; sarta ngluwari wong sing ditindhes,
4:19 tuwin ngundhangaké bakal tekané jaman keslametan peparingé Pangéran marang umaté.”
4:20 Sawisé Kitab mau ditutup lan dibalèkaké marang wong sing mau ngaturaké, Gusti Yésus nuli lenggah. Wong kabèh sing ana ing sinagogé padha mandeng Panjenengané.
4:21 Gusti Yésus nuli ngandika mengkéné: “Ing dina iki, iya nalika kowé padha ngrungokaké enggon-Ku maca ayat-ayating Kitab Suci mau, isining tulisan kuwi mau wis kelakon.”
4:22 Wong-wong padha ngrungokaké temenan pangandikané Gusti Yésus, sarta padha kaéraman tumrap éndahing piwulangé. Wong-wong mau nuli padha muni: “Apa kuwi dudu anaké Yusuf?”
4:23 Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: “Kowé mesthi bakal ngetrapaké paribasan iki marang Aku: ‘Dhokter, warasna awakmu dhéwé. Prekara-prekara sing dakrungu koktindakaké ana ing kutha Kapèrnaum, kuwi saiki tindakna ana ing kéné, ing negara asalmu dhéwé.’ ”
4:24 Gusti Yésus banjur ngandika menèh: “Ngandela, ora ana nabi siji waé sing kajèn ana ing tanah asalé dhéwé.
4:25 Nanging kowé rak padha ngerti, dhèk jamané Nabi Élia, nalika ora ana udan telu setengah taun lawasé, nganti ana pailan gedhé ing sanegara kabèh, ing kono ana randha akèh ing tanah Israèl.
4:26 Éwasemono Gusti Allah ora ngutus Nabi Élia lunga niliki randha mau salah siji. Nanging Nabi Élia malah diutus marani randha ing kutha Sarfat, ing tanah Sidon.
4:27 Mengkono uga dhèk jamané Nabi Élisa. Nalika semana akèh wong sing padha lara kusta ana ing tanah Israèl, éwasemono ora ana siji waé sing diwarasaké, kejaba Naaman thok, wong Siria.”
4:28 Bareng krungu pangandikané Gusti Yésus sing mengkono kuwi, wong sasinagogé padha nepsu kabèh.
4:29 Wong-wong mau nuli padha ngadeg lan nyèrèd Gusti Yésus menyang sanjabané kutha, digawa menyang puncaking gunung, sing didegi kutha lan saka ing kono Panjenengané arep dicemplungaké ing jurang.
4:30 Nanging Gusti Yésus tindak nratas ing tengahé wong-wong mau, nuli jengkar saka ing kono.
4:31 Gusti Yésus nuli tindak menyang kutha Kapèrnaum, ing tanah Galiléa. Nalika mbeneri dina Sabbat, Panjenengané memulang ana ing sinagogé.
4:32 Wong-wong padha gumun bab carané memulang mau, awit tembung-tembung sing diucapaké kuwi gedhé banget kawibawané.
4:33 Ing sinagogé mau ana wong sing kepanjingan dhemit. Wong mau bengok-bengok:
4:34 “Gusti Yésus saking Nasarèt, kawula badhé Panjenengan menapakaken? Menapa Panjenengan badhé ngrisak kawula? Kawula mangertos sinten Panjenengan menika: Panjenengan menika tiyang suci! Utusanipun Gusti Allah!”
4:35 Dhemit mau tumuli disentak déning Gusti Yésus: “Meneng. Metua saka wong kuwi!” Dhemit nuli mbanting wong sing diangslupi mau ing ngarepé wong akèh, banjur metu tanpa gawé larané wong mau.
4:36 Wong kabèh padha éram, sarta padha rerasanan: “Wah, hébat banget piwulangé. Srana kawibawané lan pangwasané, wong kuwi nundhungi dhemit lan dhemit-dhemit mau iya banjur padha metu temenan.”
4:37 Kabar bab Gusti Yésus mau nuli sumebar ing satanah kono kabèh.
4:38 Gusti Yésus tindak saka ing sinagogé mau menyang omahé Simon. Ibuné maratuwa Simon lagi lara panas lan ana wong sing padha ngaturi pirsa bab kuwi marang Gusti Yésus.
4:39 Panjenengané nuli nyelaki peturoné sing lara mau, banjur ngusir lelarané. Wong mau dadi waras, nuli tangi sanalika lan ngladèni para tamuné.
4:40 Bareng wis surup, wong kabèh sing padha duwé sanak sedulur lara, padha nyowanaké sing lara mau ing ngarsané Gusti Yésus. Wong-wong lara mau genti-genti padha ditumpangi astané, temah padha mari.
4:41 Akèh wong kepanjingan sing dhemité ditundhungi, banjur metu karo jerit-jerit: “Kula sumerep, bilih Panjenengan menika Putranipun Allah!” Dhemit-dhemit mau didukani déning Gusti Yésus, ora diparengaké muni sing kaya mengkono, sebab dhemit-dhemit kuwi padha ngerti, yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus.
4:42 Bareng srengéngé wis mlethèk, Gusti Yésus nuli tindak saka ing kutha kono menyang panggonan sing sepi. Wong-wong banjur padha nggolèki. Bareng wis ketemu nuli padha nyuwun supaya Panjenengané aja jengkar saka ing kono.
4:43 Nanging Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: “Kabar kabungahan bab Kratoné Allah kuwi kudu Dakwartakaké uga ing kutha-kutha liyané, awit iya kuwi preluné enggon-Ku diutus.”
4:44 Panjenengané iya banjur memulang ana ing sinagogé-sinagogé ing tanah Yudéa.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s