Lukas 6


6:1 Nalika pinuju dina Sabbat, Gusti Yésus tindak ngliwati pategalan. Para sekabat padha nyethuti wulèn gandum. Wulèn mau dipusus *dipusus: dipun remet.* nganggo tangané, isiné nuli dipangan.
6:2 Mulané ana wong Farisi sawetara sing padha ngaruh-aruhi: “Yagéné kowé kokpadha nindakaké prekara sing manut prenataning agama ora kena ditindakaké ing dina Sabbat?”
6:3 Gusti Yésus ngandika: “Apa kowé padha ora tau maca sing ditindakaké déning Sénapati Dawud lan wong sing padha ndhèrèkaké, nalika lagi padha keluwèn?
6:4 Sénapati Dawud mlebu ing Pedalemané Allah, mundhut roti saosan, sing kagem Gusti Allah, nuli didhahar. Sawisé kuwi roti mau uga diparingaké marang para wong sing padha ndhèrèkaké. Mangka manut prenataning agama kita, rak mung para imam waé sing olèh mangan roti saosan mau? Wong liya rak ora kena?”
6:5 Gusti Yésus banjur ngandika: “Putrané Manungsa kuwi sing kagungan dina Sabbat.”
6:6 Pinuju ing dina Sabbat liyané Gusti Yésus memulang ana ing sinagogé. Ing kono ana wong sing tangané tengen céko.
6:7 Para ahli Torèt lan wong Farisi padha ngulataké apa Gusti Yésus bakal marasaké wong lara mau ing dina Sabbat, apa ora. Sebab wong-wong mau padha nggolèki kaluputané, arep dianggo dhadhakan nggugat Panjenengané.
6:8 Nanging Gusti Yésus pirsa karepé wong-wong mau, mulané ngandika marang wong sing tangané céko mau: “Mrénéa, ngadega ana ing ngarep kéné!” Wong mau nuli menyat lan ngadeg ana ing ngarsané.
6:9 Gusti Yésus nuli ngandika marang para ahli Torèt lan wong Farisi mau: “Aku arep takon: Apa sing didhawuhaké déning prenatané agama marang kita ana ing dina Sabbat? Gawé becik, apa gawé ala? Mitulungi apa ngrusak nyawa?”
6:10 Sawisé mirsani marang wong-wong mau, Gusti Yésus banjur ngandika marang wong sing céko: “Tanganmu athungna!” Sing didhawuhi iya nuli nindakaké mengkono. Tangané banjur waras, pulih kaya liyané.
6:11 Para imam lan wong Farisi padha nepsu banget, nuli padha rembugan bab apa sing bakal ditindakaké marang Gusti Yésus.
6:12 Nalika semana Gusti Yésus minggah ing gunung prelu ndedonga. Enggoné ndedonga nganti sawengi natas.
6:13 Bareng wis raina Gusti Yésus nimbali para muridé supaya marek. Panjenengané nuli milih wong rolas, sing padha disebut rasul.
6:14 Yakuwi: Simon (sing diparabi déning Gusti Yésus ‘Pétrus’) lan Andréas, seduluré. Yakobus lan Yohanes, Filipus lan Bartoloméus,
6:15 Matius lan Tomas, Yakobus anaké Alféus, lan Simon (sing karan wong kendel),
6:16 Yudas anaké Yakobus lan Yudas Iskariot, sing ing tembé ngulungaké Gusti Yésus.
6:17 Gusti Yésus nuli tedhak saka ing gunung kadhèrèkaké déning rasul rolas. Panjenengané kèndel jumeneng ana ing panggonan kang rata. Akèh wong sing padha nglumpuk ana ing kono, kejaba para murid, iya wong-wong liyané, sing padha teka saka ing satanah Yudéa, kutha Yérusalèm lan kutha-kutha Tirus lan Sidon, lan tanah sauruté pesisir.
6:18 Enggoné padha mrono kuwi merga kepéngin ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus, lan supaya padha kawarasaké lelarané. Uga wong sing padha kesurupan dhemit padha ditundhung dhemité.
6:19 Wong kabèh mau padha ngudi supaya bisa ndemèk Gusti Yésus, awit ana daya sing metu saka sarirané, sing marasaké wong-wong mau.
6:20 Gusti Yésus mirsani para muridé sarta ngandika: “Begja kowé wong sing padha mlarat; kowé kuwi umat sing duwé wewenang ana ing Kratoning Allah!
6:21 Begja kowé sing saiki padha keluwèn; kowé bakal padha diwaregi! Begja kowé sing saiki padha nangis; kowé bakal padha gumuyu.
6:22 Begja kowé menawa merga saka Putraning Manungsa, padha disengiti ing wong, disingkang-singkang, dicecamah, sarta diala-ala!
6:23 Yèn pinuju ngalami mengkono kowé padha bungah-bungaha lan giyak-giyaka, awit kowé bakal olèh ganjaran gedhé ana ing swarga. Para nabi dhèk jaman biyèn rak iya padha digawé mengkono déning para leluhuré wong-wong mau.
6:24 Nanging cilaka kowé, wong sing saiki padha sugih; awit saiki kowé wis padha ngrasakaké kanikmataning donya.
6:25 Cilaka kowé sing saiki padha wareg; awit kowé bakal keluwèn! Cilaka kowé sing saiki padha gumuyu; awit kowé bakal padha sedhih lan nangis!
6:26 Cilaka kowé menawa wong kabèh padha ngalem marang kowé; awit iya kaya mengkono kuwi penggawéné para leluhuré wong-wong mau marang para nabi palsu.”
6:27 “Nanging kowé sing padha ngrungokaké piwulang-Ku iki Dakkandhani: Padha tresnaa marang mungsuhmu; gawéa becik marang wong sing padha sengit marang kowé.
6:28 Wong sing nyupatani kowé, padha suwunna berkah. Wong sing sewenang-wenang marang kowé, padha dongakna slamet.
6:29 Wong sing napuk pipimu sing siji, ulungna pipimu sing sijiné. Wong sing ngrebut jasmu, wènèhana keméjamu pisan.
6:30 Wong sing njaluk apa-apa marang kowé, wènèhana. Lan yèn ana wong sing ngrebut barangmu, barang mau aja kokjaluk bali.
6:31 Apa sing kokkarepaké supaya ditindakaké déning wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong liya.
6:32 Yèn kowé mung nresnani wong sing padha tresna marang kowé, yagéné kowé kokngarep-arep opah? Wong dosa rak iya padha males tresna marang wong sing nresnani dhèwèké?
6:33 Lan menèh menawa kowé padha gawé becik marang wong sing mbeciki kowé, généya kowé ngarep-arep ganjaran? Wong dosa rak iya padha tumindak mengkono?
6:34 Mengkono menèh yèn kowé mung ngutangi marang wong, sing bisa nyaur, généa kowé kepéngin olèh pituwas? Wong dosa kuwi rak iya padha motangaké marang wong dosa, supaya nampa bali apa sing diutangaké mau!
6:35 Nanging kowé aja mengkono, padha nresnanana satrumu. Satrumu padha becikana lan padha utangana, tanpa mikir utang mau bakal disaur apa ora. Yèn mengkono gedhé ganjaranmu, lan kowé bakal padha dadi putrané Allah sing Mahaluhur. Awit Gusti Allah kuwi nindakaké kabecikan marang wong sing padha ora ngerti dibeciki lan marang wong-wong ala.
6:36 Mulané kowé padha duwéa ati welasan kaya déné Ramamu sing sipat Mahawelas.”
6:37 “Aja padha netepaké alaning wong, supaya Gusti Allah iya ora netepaké alamu. Aja padha ngadili wong liya, temah kowé dhéwé iya ora diadili déning Gusti Allah. Padha ngapuraa, temah kowé dhéwé iya bakal diapura.
6:38 Padha wèwèha, temah kowé iya bakal diparingi déning Gusti Allah. Kowé bakal nampani peparing sing lubèr, sing ditaker nganggo ditetel-tetel. Awit takeran sing kokenggo nakeraké wong liya, kuwi takeran sing diagem déning Gusti Allah kanggo nakeraké kowé.”
6:39 Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur paring pasemon mengkéné: “Wong picak apa bisa nuntun wong picak? Apa loro-loroné ora padha kacemplung ing kalèn?
6:40 Ora ana murid sing ngungkuli guruné. Nanging murid sing wis tamat pasinaoné, kuwi bakal padha karo guruné.
6:41 Yagéné kowé weruh tatal sing ana ing mripaté sedulurmu, mangka balok sing ana ing mripatmu dhéwé kowé ora weruh?
6:42 Kepriyé bisamu kandha marang sedulurmu: ‘Sedulur! Tatal sing ana ing mripatmu kuwi dakilangané’, mangka balok sing ana ing mripatmu dhéwé kowé ora weruh? Kowé dhasar wong lamis. Balok sing ana ing mripatmu kuwi ilangana dhisik, temah kowé bakal bisa ndeleng klawan cetha lan bisa ngilangi tatal sing ana ing mripaté sedulurmu.”
6:43 “Awit ora ana wit becik sing metokaké woh sing ala. Mengkono uga ora ana wit ala sing metokaké woh sing becik.
6:44 Sebab saben wit kuwi ketitik saka wohé. Ora ana woh ara dipethik saka rerungkudan, lan ora ana woh anggur dipethik saka thethukulan eri.
6:45 Wong becik kuwi metokaké saka simpenané atiné sing becik, déné wong ala metokaké saka simpenané atiné sing ala. Awit apa sing diucapaké wong kuwi asalé saka bludaging atiné.”
6:46 “Yagéné kowé nyebut Aku: ‘Gusti, Gusti!’ mangka kowé ora padha nglakoni piwulang-Ku?
6:47 Saben wong sing marani Aku lan ngrungokaké sarta nindakaké pitutur-Ku, kuwi arep Dakupamakaké apa? Kowé Dakkandhani:
6:48 Kuwi padhané kaya wong sing ngedegaké omah. Wong mau ngedhuk kalènan jero, lan pondhasiné omah dipasang ana ing lemah padhas. Bareng ana banjir lan banyuné lubèr nrajang omah mau, omah kuwi ora bisa rubuh, merga ngadeg ing padhasan.
6:49 Nanging wong sing ngrungokaké piwulang-Ku, mangka ora dilakoni, kuwi padhané wong sing ngedegaké omah tanpa dhasar. Bareng ana banjir nrejang omah mau, omahé rubuh, lan rusak banget.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s