Lukas 9


9:1 Gusti Yésus nimbali rasulé rolas, nuli diparingi kasektèn lan pangwasa nundhungi dhemit lan marasaké lelara.
9:2 Semono uga para rasul mau diutus nggiyaraké bab Kratoné Allah lan marasaké wong lara.
9:3 Pangandikané: “Aja padha sangu apa-apa ana ing dalan. Aja nggawa teken utawa kanthong kanggo nampani sedhekah, pangan, apa dhuwit; utawa sandhangan rangkep.
9:4 Menawa kowé wis ditampa ana sawijining omah, kowé tetepa ana ing kono, nganti kowé lunga saka ing kutha mau.
9:5 Déné menawa ana wong sing ora gelem nampa kowé, metua saka ing kutha kono, lan ketabna lebu sing ana ing sikilmu, supaya dadi piwelèh marang wong-wong ing kono.”
9:6 Para rasul nuli padha mangkat, nyebar pawarta Injil ana ing ngendi-endi, karo marasaké wong lara.
9:7 Sang Prabu Hérodès, sing dadi raja ana ing tanah Galiléa, bareng mireng sakèhing lelakon kuwi dadi bingung. Sebab ana wong sing kandha: “Nabi Yohanes Pembaptis wis urip menèh!”
9:8 Wong liya menèh kandha, yèn Nabi Élia jumedhul menèh. Wong liya menèh kandha, yèn salah sawijining nabi jaman kuna urip menèh.
9:9 Sang Prabu Hérodès ngunandika: “Yohanes wis daktigas guluné. Lha wong iki sapa? Aku krungu wartané yèn wis nindakaké prekara rupa-rupa.” Mulané Sang Prabu Hérodès tansah ngudi bisané ketemu karo Gusti Yésus.
9:10 Bareng para rasul wis padha bali saka enggoné diutus déning Gusti Yésus, nuli padha nglapuraké marang Panjenengané apa sing wis padha dilakoni. Gusti Yésus nuli ngajak para rasul nyingkir menyang kutha Bètsaida.
9:11 Nanging bareng wong akèh padha krungu yèn Gusti Yésus lan para rasul padha tindak mrana, nuli padha nututi. Wong kabèh mau padha ditampani déning Gusti Yésus lan padha diwulang bab Kratoné Allah. Déné sing padha nandhang lelara padha diwarasaké.
9:12 Bareng wis soré, para rasul rolas nuli padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus, sarta matur: “Gusti, menapa mboten prayogi menawi tiyang-tiyang menika Panjenengan dhawuhi késah kémawon, supados sami saged pados tetedhan lan pasipengan ing dhusun-dhusun sakiwa-tengen ngriki, awit ing ngriki panggènanipun sepen!”
9:13 Pangandikané Gusti Yésus: “Ora, kowé waé sing padha mènèhana mangan!” Aturé para rasul mau: “Kula namung sami gadhah roti gangsal sarta ulam kalih, kejawi menawi kula kautus tumbas tetedhan kanggé tiyang menika sedaya!”
9:14 (Sing ngumpul ana ing kono wongé lanang waé kira-kira ana limang èwu.) Gusti Yésus banjur ngandika marang para rasul mau: “Wong akèh kuwi konen lungguh sapantha-sapantha, sapanthané kira-kira wong sèket.”
9:15 Para rasul nuli nglakoni apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus. Wong kabèh padha dikon lungguh.
9:16 Gusti Yésus nuli mundhut roti lima lan iwak loro mau, banjur tumenga ing langit lan ngaturaké donga panuwun marang Gusti Allah. Roti-roti nuli dicuwil-cuwil, semono uga iwak loro mau, nuli diparingaké marang para rasul supaya diedumaké marang wong akèh.
9:17 Wong kabèh padha mangan nganti wareg. Para rasul ngumpulaké sisa sing ditinggal déning wong-wong akèhé rolas ténggok kebak.
9:18 Ing sawijining dina nalika Gusti Yésus lagi ndedonga piyambakan, para sekabaté padha sowan ing ngarsané. Nuli padha didangu: “Manut kandhané wong-wong, Aku iki sapa?”
9:19 Wangsulané para sekabat: “Wonten ingkang mastani Panjenengan menika Nabi Yohanes Pembaptis. Nanging wonten ugi ingkang sanjang, bilih Panjenengan menika Nabi Élia. Lajeng wonten malih tiyang ingkang criyos bilih Panjenengan menika salah setunggaling nabi ing jaman kina, ingkang wungu saking séda.”
9:20 Gusti Yésus ndangu menèh: “Lha, yèn kowé dhéwé, Aku iki sapa?” Wangsulané Pétrus: “Panjenengan menika Sang Kristus! Utusanipun Allah.”
9:21 Para sekabat padha diwanti-wanti mengkéné: “Aja pisan-pisan bab iki kokkandhakaké marang wong liya.
9:22 Putrané manungsa bakal nandhang sangsara lan ditampik déning para pinituwa, para pengareping imam, sarta para ahli Torèt. Panjenengané bakal disédani, nanging ing telung dinané bakal diwungokaké.”
9:23 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong kabèh: “Saben wong sing kepéngin dadi murid-Ku, padha nyingkura awaké dhéwé, saben dina mikul salibé, lan ngetutaké Aku.
9:24 Sebab sing sapa ngaya, ngudi golèk kepénaking uripé, kuwi bakal kélangan urip sing sejati. Nanging sapa sing ngurbanaké uripé krana Aku, kuwi sing bakal lestari urip.
9:25 Apa gunané wong bisa nduwèni donya iki kabèh, nanging rusak uripé, utawa kélangan nyawané?
9:26 Sapa sing isin ngaku dadi murid-Ku lan isin nganut piwulang-Ku ana ing ngareping wong, Putrané Manungsa uga bakal lingsem ngaku wong mau, mbésuk samasa rawuh ngagem kamulyané, lan kaluhurané Sang Rama, tuwin para malaékat suci.
9:27 Padha gatèkna kandha-Ku iki: ing antaramu ana sawetara sing bakal ora ngalami mati sadurungé Gusti Allah nindakaké Kratoné ana ing bumi.”
9:28 Kira-kira seminggu sawisé Gusti Yésus memulang bab prekara-prekara mau, Panjenengané minggah ing sawijining gunung prelu ndedonga, kadhèrèkaké déning Pétrus, Yohanes lan Yakobus.
9:29 Nalika lagi ndedonga, pasuryané malih lan agemané dadi putih mengkilap.
9:30 Ujug-ujug ana wong loro sing padha ngandikan karo Gusti Yésus, yakuwi Nabi Musa lan Nabi Élia.
9:31 Sakaroné padha ngagem kamulyaning swarga. Sing padha dirembug bab enggoné Gusti Yésus bakal nandhang sangsara lan séda ana ing kutha Yérusalèm sawetara dina menèh, murih kelakoné rancangané Pangéran.
9:32 Pétrus lan kanca-kancané padha turu pules. Bareng padha tangi nuli weruh kamulyané Gusti Yésus lan uga kamulyané wong loro sing ngadeg bebarengan mau.
9:33 Nalika wong loro kuwi arep lunga ninggal Gusti Yésus, Pétrus matur marang Gusti Yésus: “Gusti, kawula sami remen wonten ing ngriki. Prayogi menawi kawula sami ngedegaken tarub tiga, setunggal kagem Panjenengan, setunggal kagem Nabi Musa lan setunggalipun malih kagem Nabi Élia.” (Aturé Pétrus sing mengkono mau merga ora ngerti apa sing diucapaké.)
9:34 Nalika Pétrus isih caturan, ana méga teka nutupi Pétrus, Yohanes lan Yakobus. Para sekabat padha wedi banget.
9:35 Tumuli ana swara saka ing méga mau, sing ngandika mengkéné: “Iki Putra-Ku sing wis Dakpilih, padha èstokna dhawuhé!”
9:36 Bareng swara mau meneng, sing katon ana ing kono mung Gusti Yésus piyambak. Nabi Musa lan Nabi Élia wis ora ana. Para sekabaté Gusti Yésus ora tau nyritakaké lelakon mau marang sapa waé.
9:37 Ésuké, Gusti Yésus lan para sekabaté padha mudhun saka gunung. Akèh wong sing nuli sowan ing ngarsané.
9:38 Ing satengahé wong akèh mau ana wong lanang sing matur: “Guru, nyuwun tulung, mugi kersa mirsani anak kula. Anak kula namung menika!
9:39 Piyambakipun sering dipun surupi dhemit, lajeng dadakan jerit-jerit. Larénipun lajeng kaken, sarta cangkemipun muruh, mesakaken sanget. Dhemit menika enggènipun nyiksa mboten kèndel-kèndel, sarta mèh mboten naté ngeculaken.
9:40 Kula sampun nyuwun tulung dhateng para sekabat Panjenengan, supados nundhung dhemit wau, nanging sami mboten saged.”
9:41 Gusti Yésus ngandika: “Kowé pancèn kebangeten enggonmu ora precaya marang Gusti Allah. Kudu pira lawasé enggon-Ku ana ing tengahmu lan nyabari kowé? Wis, bocahé gawanen mréné!”
9:42 Nalika bocahé lagi mlaku marani Gusti Yésus, bocah mau dibanting déning dhemité lan awaké dadi kaku. Nanging Gusti Yésus nuli nyentak dhemit mau lan marasaké bocahé. Bocah mau nuli dipasrahaké marang bapakné.
9:43a Wong kabèh padha kaéraman weruh kwasané Gusti Allah sing semono gedhéné.
9:43b Nalika wong akèh isih durung mari olèhé kaéraman tumrap sakèhé lelakon mau, Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté:
9:44 “Padha rungokna tembung-Ku iki: Putrané Manungsa bakal diulungaké marang pangwasané wong.”
9:45 Nanging para sekabat mau ora padha ngerti, apa tegesé pangandikané Gusti Yésus mau. Prekara kuwi pancèn digawé wadi ing ngatasé para sekabat, karebèn padha ora ngerti tegesé pangandikané Gusti Yésus mau, nanging para sekabat padha ora wani nyuwun pirsa.
9:46 Ing antarané para sekabaté Gusti Yésus ana dredah bab sapa sing pinunjul dhéwé.
9:47 Gusti Yésus pirsa apa sing lagi padha dipikir. Mulané nuli nimbali bocah cilik siji, didhawuhi ngadeg ana ing sandhingé.
9:48 Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabat: “Sing sapa nampani bocah cilik iki atas saka jeneng-Ku, kuwi Aku sing ditampani; lan sing sapa nampani Aku, kuwi dadi uga nampani sing ngutus Aku. Awit sapa sing cilik dhéwé ing antaramu kabèh, kuwi sing gedhé dhéwé!”
9:49 Rasul Yohanes matur marang Gusti Yésus: “Guru, kawula sumerep tiyang nundhung dhemit atas Asma Panjenengan, lajeng kula penging, awit tiyang wau sanès patunggilan kita.”
9:50 Gusti Yésus ngandika: “Aja kokpenging. Sebab sapa sing ora nglawan marang kowé, kuwi nyarujuki!”
9:51 Bareng wis cedhak dina enggoné Gusti Yésus bakal kondur menyang ing swarga, Panjenengané menggalih arep tindak menyang kutha Yérusalèm.
9:52 Nuli ngutus wong sawetara, ndhisiki tindaké; wong-wong mau banjur padha mangkat, lan mlebu ing salah sawijining désa ing tanah Samaria. Ana ing kono para utusan mau arep padha nyawisaké samubarang kagem Gustiné.
9:53 Nanging wong-wong ing désa kono padha ora gelem nampani rawuhé Gusti Yésus, sebab cetha yèn tindaké Gusti Yésus lan para sekabaté kuwi arep menyang kutha Yérusalèm.
9:54 Nalika sekabat loro, Yakobus lan Yohanes, weruh sing mengkono mau, nuli matur marang Gusti Yésus: “Gusti, menapa kepareng kawula sami nyuwun, supados tiyang-tiyang menika dipun samber bledhèg, kajengipun sirna?”
9:55 Nanging Gusti Yésus nolèh marang sekabat-sekabat mau sarta padha didukani.
9:56 Gusti Yésus lan para sekabaté nuli nglajengaké tindaké menyang désa liya.
9:57 Nalika padha mbacutaké lakuné menyang désa liyané mau, ana wong matur marang Gusti Yésus mengkéné: “Guru, kawula badhé ndhèrèk dhateng pundi kémawon tindak Panjenengan!”
9:58 Pangandikané Gusti Yésus: “Asu ajag padha duwé rong lan manuk padha duwé susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kanggo nyèlèhaké mestakané.”
9:59 Gusti Yésus banjur ngandika marang wong liyané: “Mèlua Aku.” Nanging wong mau mangsuli: “Gusti, keparenga kawula késah rumiyin, ngubur bapak kawula.”
9:60 Pangandikané Gusti Yésus: “Wis bèn wong mati padha ngubur pepadhané wong mati, nanging kowé kuwi lungaa lan martakna Injil, yèn Kratoné Allah wis wiwit ditindakaké.”
9:61 Lan ana menèh wong sing matur marang Gusti Yésus: “Guru, kawula badhé ndhèrèk Panjenengan, nanging keparenga kawula wangsul pamitan rumiyin kaliyan brayat kawula.”
9:62 Nanging Gusti Yésus ngandika: “Wong sing wiwit mluku, mangka nolèh ndeleng sing ana ing mburi, wong kuwi ora pantes ana ing Kratoné Allah.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 42 Lukas

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s