Markus 10


10:1 Saka kutha Kapèrnaum Gusti Yésus banjur tindak menyang tanah Yudéa, lan banjur nyabrang Kali Yardèn. Kaya sabené, akèh wong sing padha teka, ngrubung Gusti Yésus. Wong-wong mau nuli padha diwulang.
10:2 Wong Farisi sawetara padha teka, arep nyoba Gusti Yésus, padha matur mengkéné: “Miturut Torèt, tiyang jaler menapa kénging megat sémahipun?”
10:3 Gusti Yésus ngandika karo genti ndangu: “Dhawuhé Nabi Musa marang kowé kepriyé?”
10:4 Wong-wong Farisi mau padha mangsuli: “Manut prenatanipun Nabi Musa, tiyang jaler kénging megat sémahipun, angger nyukani serat pegat.”
10:5 Gusti Yésus banjur ngandika menèh marang wong-wong Farisi mau: “Enggoné Nabi Musa gawé prenatan sing mengkono kuwi merga saka wangkoting atimu!”
10:6 Ing sekawit, nalika Gusti Allah nitahaké manungsa, ana pangandika mengkéné: “Gusti Allah nitahaké manungsa lanang lan wadon.
10:7 Mulané wong lanang bakal ninggal bapa lan biyungé, banjur dadi siji karo bojoné.
10:8 Sing loro kuwi wis dadi siji. Dadi wong-wong mau wis ora loro, nanging mung siji.
10:9 Mulané manungsa ora olèh misahaké wong-wong sing wis didadèkaké siji déning Gusti Allah.”
10:10 Bareng wis padha ana ing omah menèh, para rasul banjur padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus bab prakara mau.
10:11 Dhawuhé: “Sing sapa megat bojoné, banjur kawin karo wong wadon liyané, kuwi laku jina, sèdhèng tumrap bojoné sing dipegat mau.
10:12 Semono uga wong wadon sing megat bojoné, banjur kawin karo wong lanang liyané, kuwi iya laku jina.”
10:13 Wong-wong padha nyowanaké anak-anaké ana ing ngarsané Gusti Yésus, supaya padha diberkahi. Nanging wong-wong mau padha disrengeni déning para rasul.
10:14 Pirsa mengkono mau Gusti Yésus banjur duka karo para rasul, dhawuhé: “Karebèn bocah-bocah marani Aku, aja padha kokalang-alangi, awit wong sing kaya bocah-bocah kuwi sing padha dadi umat ing Kratoné Allah.
10:15 Élinga, wong sing ora nampani Kratoning Allah kaya patrapé bocah, ora bakal ngrasakaké kanikmataning Kratoné Allah mau.”
10:16 Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur ngrangkuli bocah-bocah mau, tumuli siji-siji ditumpangi asta lan diberkahi.
10:17 Nalika Gusti Yésus nglajengaké tindaké, ana wong nututi karo mlayu. Wong mau banjur sujud ing ngarsané, karo matur: “Rama Guru, ingkang utami. Kula kedah nglampahi menapa, supados angsal gesang ingkang sejatos?”
10:18 Gusti Yésus ngandika: “Yagéné kowé kokngarani Aku utama? Ora ana wong sing utama. Sing utama kuwi mung Gusti Allah piyambak.
10:19 Mesthiné kowé wis ngerti angger-anggeré Gusti Allah, yakuwi: ‘Kowé aja matèni wong, aja laku jina, aja nyolong, aja goroh, aja ngapusi, ngajènana bapakmu lan ibumu.’ ”
10:20 Wong mau nuli matur menèh: “Rama Guru, angger-anggeripun Gusti Allah menika wau sampun kula lampahi sedaya, wiwit kula taksih laré.”
10:21 Gusti Yésus mirsani wong mau kanthi kebak ing katresnan, tumuli ngandika: “Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.”
10:22 Bareng krungu dhawuhé Gusti Yésus mengkono kuwi, wong mau gela banget. Mula banjur mundur saka ngarsané Gusti Yésus klawan ati sedhih, sebab bandhané akèh banget.
10:23 Gusti Yésus banjur mirsani marang para rasul kabèh. Nuli ngandika: “Angèl temen wong sugih dadi umat ana ing Kratoné Allah.”
10:24 Para rasul padha dheleg-dheleg, gumun ngrungokaké ngandikané Gusti Yésus mau. Gusti Yésus banjur ngambali ngandika: “Mlebu ana ing Kratoné Allah kuwi pancèn angèl banget.
10:25 Luwih gampang unta mlebu ing bolonganing dom, tinimbang karo wong sugih mlebu dadi umat ana ing Kratoné Allah.”
10:26 Krungu pangandika mau para rasul saya kagèt, banjur padha takon-tinakon: “Yèn mengkono, banjur sapa sing bisa olèh keslametan!”
10:27 Gusti Yésus banjur mirsani para rasul kabèh, tumuli ngandika: “Tumrapé manungsa kuwi mau kabèh mokal. Nanging ing ngatasé Gusti Allah, ora ana barang sing mokal!”
10:28 Rasul Pétrus banjur matur: “Kawula sedaya menika rak ugi sampun nilar samukawis, lajeng ndhèrèk Panjenengan.”
10:29 Gusti Yésus ngandika: “Iya, mulané padha éling-élingen! Saben wong sing ninggal brayaté, ninggal seduluré lanang lan seduluré wadon, ninggal bapakné, ninggal ibuné, utawa ninggal anak-anaké lan ninggal palemahané merga saka Aku lan merga Injilé Gusti Allah,
10:30 wong kuwi mesthi bakal tampa luwih akèh menèh. Bakal tampa tikel satus, ya omah, ya sedulur lanang, ya sedulur wadon, ya ibu, ya anak-anak, ya palemahan, senajan wong mau ora luput saka panganiaya. Lan mbésuk ing akérat wong mau bakal tampa urip sing sejati.
10:31 Nanging akèh wong sing saiki ana ing ngarep, bakal tiba mburi. Lan akèh wong sing saiki ana ing mburi, bakal tiba ngarep.”
10:32 Gusti Yésus lan para rasul lagi padha menyang kutha Yérusalèm. Gusti Yésus tindaké ana ing ngarepé para rasul sing durung padha mari kagèté. Lan wong-wong sing padha ndhèrèkaké padha wedi. Gusti Yésus banjur nimbali para rasul rolas menèh dhèwèkan, lan banjur ngandikani apa sing bakal dialami déning Panjenengané, ngandikané:
10:33 “Padha rungokna, kita saiki lagi padha menyang kutha Yérusalèm. Ana ing kana Putraning Manungsa bakal diulungaké marang para pengareping imam lan para ahli Torèt, diadili lan diukum pati. Panjenengané bakal dipasrahaké marang wong-wong dudu Yahudi.
10:34 Wong-wong kuwi bakal padha moyoki, ngidoni, nyiksa, lan wekasané nyalib Panjenengané. Nanging ing telung dinané Putraning Manungsa mau bakal wungu saka ing séda.”
10:35 Rasul Yakobus lan Rasul Yohanes, loro-loroné anaké Zébedéus, padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus, banjur padha matur: “Rama Guru, keparenga kula sami nyuwun pirsa.”
10:36 Pangandikané Gusti Yésus: “Iya, arep nyuwun pirsa apa?”
10:37 Wangsulané wong loro mau: “Mbénjing samangsa Panjenengan sampun ngasta pangwasa wonten ing Kratonipun Allah, keparenga kula sami linggih jèjèr Panjenengan, setunggal ing tengen, setunggal ing kiwa Panjenengan.”
10:38 Pangandikané Gusti Yésus: “Kowé ora ngerti apa sing padha koksuwun. Apa kowé wani ngombé saka ing tuwung kasangsaran sing bakal Dakombé? Apa kowé saguh ngalami kasangsaran sing bakal Dakalami?”
10:39 Wangsulané: “Inggih, sagah!” Gusti Yésus ngandika menèh: “Pancèn, kowé bakal padha ngombé saka ing tuwung kasangsaran sing bakal Dakombé, lan kowé bakal ngalami kasangsaran sing bakal Dakalami,
10:40 nanging netepaké lungguh ing tengen-Ku utawa ing kiwa-Ku, kuwi dudu wewenang-Ku; Gusti Allah piyambak sing netepaké sapa sing bakal lungguh ana ing tengen-Ku lan ing kiwa-Ku.”
10:41 Bareng para rasul sepuluh liyané padha krungu aturé Rasul Yakobus lan Rasul Yohanes marang Gusti Yésus mau, nuli padha nepsu marang wong loro mau.
10:42 Nanging para rasul kabèh banjur padha ditimbali déning Gusti Yésus, nuli dingandikani: “Kowé rak padha ngerti apa sing padha dilakoni déning wong-wong sing padha nyekel pangwasa, yaiku ngerèh rakyaté. Para penggedhé mau padha nindhes marang rakyaté.
10:43 Nanging kowé ora kena padha nglakoni sing mengkono kuwi. Malah kosok baliné, sapa sing kepéngin dadi gedhé dhéwé ana ing antaramu, kuwi kudu dadi baturmu.
10:44 Lan sapa sing kepéngin dadi kwasa dhéwé, kuwi kudu gelem dadi batur-tukon tumrap kowé kabèh.
10:45 Sebab Putraning Manungsa kuwi rawuhé ora mundhut diladèni, nanging malah ngladèni, lan masrahaké nyawané, kanggo ngluwari wong akèh.”
10:46 Tindaké Gusti Yésus lan para muridé wis tekan ing kutha Yérikho. Bareng arep metu saka kutha kono, kadhèrèkaké déning wong sapirang-pirang, dumadakan ing sapinggiring dalan ana wong wuta ngemis, jenengé Bartiméus, anaké Timéus.
10:47 Bareng krungu, yèn sing langkung ing dalan kono kuwi Yésus saka kutha Nasarèt, Bartiméus banjur nguwuh: “Gusti Yésus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi welas dhateng kawula.”
10:48 Wong-wong padha ngélikaké Bartiméus, dikon meneng. Nanging malah saya seru panguwuhé: “Putranipun Sang Prabu Dawud, mugi Panjenengan welas dhateng kawula!”
10:49 Gusti Yésus banjur mandheg lan ngandika marang wong-wong sing ana ing kono: “Wong kuwi undangen mréné.” Wongé wuta mau nuli diparani, lan wong akèh padha ngandhani Bartiméus: “Wis menenga! Kowé ditimbali Guru, ngadega!”
10:50 Bartiméus banjur énggal-énggal nguculi jubahé, lan banjur rerikatan marani Gusti Yésus.
10:51 Gusti Yésus banjur ndangu marang Bartiméus: “Aku kokkon apa? Kepriyé karepmu?” Bartiméus mangsuli: “Kula kepéngin saged sumerep, Gusti!”
10:52 Gusti Yésus banjur ngandika: “Ya, wis mundura. Precayamu sing mitulungi kowé.” Sanalika Bartiméus bisa ndeleng, sarta banjur ndhèrèkaké Gusti Yésus.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 41 Markus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s