Markus 11


11:1 Tindaké Gusti Yésus lan wong akèh mau wis mèh tekan kutha Yérusalèm. Nuli padha mampir ana ing désa Bètfagé lan désa Bètani, ing sacedhaké Gunung Zaitun. Gusti Yésus banjur utusan muridé loro ndhisiki tindaké,
11:2 dhawuhé: “Kowé padha menyanga ing désa ngarep kuwi. Salebumu ing désa kono, kowé bakal padha weruh belo dicencang. Belo mau durung tau ana sing nunggangi. Uculana, banjur gawanen mréné.
11:3 Yèn ana wong nakoni kowé, apa sebabé belo mau kokuculi, wangsulana: ‘Gusti sing arep nitih kuldi iki. Mengko yèn uwis, arep énggal dibalèkaké menèh.’ ”
11:4 Murid loro mau nuli padha mangkat lan nemu beloné, kacencang ing gapuraning désa, ana ing pinggir dalan. Belo mau banjur padha diuculi.
11:5 Ana wong sawetara sing padha ana ing kono ngaruh-aruhi: “Lho! Beloné kokkokuculi?”
11:6 Murid-murid mau padha mangsuli kaya sapiwelingé Gusti Yésus. Wong-wong mau banjur padha meneng waé.
11:7 Beloné nuli dituntun menyang ngarsané Gusti Yésus. Murid-murid banjur nguculi jubahé, dilèmèkaké ing gegeré belo, Gusti Yésus banjur nitih.
11:8 Wong akèh banjur padha nggelar jubahé ana ing dalan sing dilangkungi déning Gusti Yésus. Uga ana wong-wong sing padha nyoklèki pang-pang sing isih ijo ana ing pategalan, padha dijèrèng ana ing dalan sing dilangkungi déning Gusti Yésus.
11:9 Wong-wong sing padha mlaku ana ing sangarepé lan samburiné Gusti Yésus kabèh padha nguwuh: “Pinujia Pangéran.
11:10 Binerkahana sing rawuh atas asmané Gusti Allah. Langgenga kratoné Sang Prabu Dawud, leluhur kita! Pinujia asmané Gusti Allah!”
11:11 Gusti Yésus banjur mlebet ing kutha Yérusalèm, tindak menyang Pedalemané Allah. Panjenengané mirsani samubarang sing ana ing kono. Nanging sarèhné wis surup, Gusti Yésus banjur tindak menyang désa Bètani, kadhèrèkaké déning para muridé rolas.
11:12 Ésuké Gusti Yésus lan murid-muridé padha tindak menèh saka séda Bètani. Gusti Yésus kraos luwé.
11:13 Saka kadohan Panjenengané pirsa ana wit anjir sing godhongé ketel banget. Gusti Yésus marani wit mau, mirsani mbokmenawa ana wohé. Nanging bareng wis tekan ing kono, mung manggih godhong thok, ora ana wohé siji-sijia, sebab pancèn durung ungsumé.
11:14 Gusti Yésus banjur ngandika: “Wiwit saiki bakal ora ana wong sing mangan wohmu menèh ing selawas-lawasé!” Para muridé padha krungu pangandika kuwi mau.
11:15 Bareng wis padha tekan ing kutha Yérusalèm, Gusti Yésus banjur tindak mlebu ing Pedalemané Allah. Wong-wong sing padha dol-tinuku ing Pedaleman kono nuli padha didhawuhi metu. Méja-méjané tukang ngijoli dhuwit, semono uga bangku-bangkuné wong-wong sing adol dara, padha diglimpangaké.
11:16 Wong-wong sing padha teka nggawa dagangané arep mlebu ing papan pangibadah, padha dicegah.
11:17 Wong-wong mau padha dingandikani: “Apa kowé padha ora ngerti yèn ana tulisan mengkéné: ‘Omah-Ku bakal disebut papan pangibadahé sakèhing para umat.’ Nanging saiki malah kokdadèkaké papan pandhelikané maling-maling.”
11:18 Bareng para pengareping imam lan para ahli Torèt padha krungu pangandikané Gusti Yésus mau, banjur padha golèk dalan bisané nyédani Panjenengané. Wong-wong mau padha wedi karo Gusti Yésus, merga wong kabèh padha kepranan karo piwulangé.
11:19 Bareng wis soré Gusti Yésus lan para muridé padha tindak menèh, metu saka kutha kono.
11:20 Ésuké Gusti Yésus lan para muridé padha tindak, ing dalan pirsa wit anjir sing winginé disupatani Gusti Yésus. Wit kuwi jebul wis mati, nganti tekan oyodé pisan.
11:21 Rasul Pétrus banjur kèlingan lelakoné wit anjir mau, nuli matur: “Guru, wit anjir ingkang Panjenengan supaosi menika sampun pejah.”
11:22 Gusti Yésus ngandika: “Padha ngandela! Menawa kowé precaya marang Gusti Allah,
11:23 kowé padha bisa akon punthuk kuwi, ‘mumbula lan ambyura ing segara’, kuwi mesthi bakal kelakon, angger ora mangu-mangu. Menawa precaya temenan, apa sing kokkandhakaké mau mesthi bakal kelakon.
11:24 Mulané kowé padha Dakkandhani: Menawa kowé ndedonga nyuwun apa-apa, padha precayaa, yèn apa sing koksuwun kuwi wis diparingaké. Dadi apa waé sing koksuwun bakal ketutugan.
11:25 Menawa kowé lagi ndedonga, apuranen kabèh wong sing duwé keluputan karo kowé, supaya Ramamu ing swarga iya ngapura keluputan-keluputanmu.
11:26 [Menawa kowé ora padha ngapura keluputaning liyan, Ramamu ing swarga uga ora bakal ngapura keluputan-keluputanmu.]”
11:27 Gusti Yésus lan para muridé padha tekan kutha Yérusalèm menèh. Bareng Gusti Yésus tindak-tindak ana ing Pedalemané Allah, para pengareping imam, para ahli Torèt, tuwin para pinituwa, banjur padha marani.
11:28 Wong-wong mau padha matur marang Gusti Yésus: “Panjenengan nindakaken prekawis-prekawis menika adhedhasar pangwaos menapa? Sinten ingkang nyukani wewenang dhateng Panjenengan nindakaken menika sedaya?”
11:29 Gusti Yésus ngandika: “Aku arep takon karo kowé saprakara waé. Menawa pitakon-Ku wis kokwangsuli, kowé bakal gentèn Dakkandhani bab wewenang-Ku nindakaké prekara-prekara mau kabèh.
11:30 Coba wangsulana, Nabi Yohanes kuwi enggoné mbaptis olèh wewenang saka sapa. Saka Gusti Allah, apa saka manungsa?”
11:31 Para pengareping imam, para ahli Torèt lan para pinituwa mau banjur padha rembugan dhéwé: “Yèn awaké dhéwé kandha: ‘Saka Gusti Allah’, dhèwèké mesthi bakal takon: ‘Kena apa kowé kokpadha ora precaya marang Nabi Yohanes?’
11:32 Yèn awaké dhéwé kandha: ‘Saka manungsa’, kuwi ora bisa.” (Wong-wong mau padha wedi marang wong akèh, sebab kabèh padha yakin, yèn Yohanes kuwi nabi.)
11:33 Mulané wong-wong mau banjur padha matur marang Gusti Yésus: “Kula sami mboten mangertos.” Gusti Yésus banjur ngandika: “Yèn ngono Aku uga ora bakal ngandhakaké marang kowé, saka ngendi asalé pangwasa-Ku nindakaké kuwi mau kabèh.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 41 Markus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s