Markus 12


12:1 Gusti Yésus banjur wiwit mulang wong akèh mau nganggo pasemon. Pangandikané: “Ana wong mbangun pakebonan anggur. Pakebonan mau dipageri mubeng. Nuli ngedhuk jugangan kanggo meres angguré, lan gawé panggung penjagan. Pakebonan mau banjur diséwakaké marang wong-wong tani. Sawisé mengkono wong mau lunga menyang manca negara.
12:2 Bareng wis mangsané panèn, wong mau utusan abdiné, supaya njaluk bagéaning panèn marang wong-wong sing padha nyéwa mau.
12:3 Nanging abdi mau dicekel déning wong-wong sing padha nyéwa, banjur digebugi. Sawisé digebugi banjur dikon bali nglenthung.
12:4 Sing duwé pakebonan anggur banjur utusan abdi liyané. Nanging abdi kuwi uga dipenthungi sirahé lan digawé sawenang-wenang.
12:5 Wong sing duwé pakebonan anggur banjur utusan abdi liyané menèh. Nanging abdi mau malah dipatèni. Mengkono uga akèh abdi-abdi liyané menèh sing padha disiksa déning sing padha nyéwa pakebonan anggur mau. Ana sing digebugi lan ana sing dipatèni.
12:6 Saiki mung kari siji sing kena diutus, yakuwi anaké dhéwé, anak sing ditresnani. Anaké mau banjur diutus, pikirané: ‘Wong-wong kuwi mesthi padha éring karo anakku dhéwé.’
12:7 Nanging wong-wong sing padha nyéwa mau malah padha rerasanan: ‘Lha kaé, anaké sing duwé pakebonan. Ayo padha dipatèni waé, supaya pakebonané iki dadi duwèké awaké dhéwé!’
12:8 Anaké sing duwé pakebonan mau banjur dicekel lan dipatèni; layoné diuncalaké ing sanjabané pakebonan anggur.”
12:9 Pendanguné Gusti Yésus: “Apa sing bakal ditindakaké déning wong sing duwé pakebonan anggur mau? Wong mau bakal mangkat dhéwé. Sing padha nyéwa bakal padha dipatèni. Banjur pakebonané diséwakaké marang wong-wong liya.
12:10 Kowé rak wis tau maca sing mengkéné: ‘Watu sing ditampik déning ahli gawé omah, jebul watu kuwi sing malah gedhé dhéwé gunané.
12:11 Kuwi pakaryané Gusti Allah; sing nggumunaké banget.’ ”
12:12 Para pengarepé bangsa Yahudi mau ngudi bisané nyekel Gusti Yésus, sebab padha ngerti yèn sing disemoni Gusti Yésus kuwi dhèwèké. Nanging wong-wong mau padha wedi karo wong akèh. Mulané Gusti Yésus banjur dietogaké waé, nuli padha lunga.
12:13 Para pengareping imam lan ahli-ahli Torèt sarta para pinituwa mau banjur kongkonan wong Farisi sawetara lan wong-wong saka golongan Hérodès, padha sowan marang Gusti Yésus, padha arep nyengkolong *nyengkolong: menjebak (bhs. Ind.).* Panjenengané nganggo pitakonan-pitakonan.
12:14 Ana ing ngarsané Gusti Yésus wong-wong mau banjur padha matur: “Guru, kula sami mangertos, bilih Panjenengan menika tiyang ingkang jujur, mboten mreduli dhateng penganggepipun tiyang-tiyang. Panjenengan memulang bab kersanipun Gusti Allah menapa wontenipun, lan mboten saged dipun pengaruhi déning sinten kémawon. Samenika pitakènan kula: Miturut prenataning agami kita, mbayar pajeg dhateng Kaisar Rum, menika kénging menapa mboten?”
12:15 Gusti Yésus pirsa pikirané wong-wong mau, mulané banjur ngandika: “Apa sebabé kowé kokpadha arep nyengkolong Aku? Aku tuduhana dhuwit pérak!”
12:16 Gusti Yésus banjur diaturi dhuwit pérak siji. Banjur ndangu marang wong-wong mau: “Coba, iki gambaré sapa, lan capé sapa iki?” “Gambaripun Sang Kaisar lan capipun Sang Kaisar,” wangsulané wong-wong mau.
12:17 Gusti Yésus banjur ngandika: “Yèn mengkono, Sang Kaisar aturana sing dadi kagungané Sang Kaisar, lan Gusti Allah saosana sing dadi kagungané Gusti Allah.”
12:18 Ana wong Saduki sawetara padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus (wong Saduki kuwi wong sing padha ora ngandel yèn wong mati bakal tangi menèh).
12:19 Wong-wong mau padha matur marang Gusti Yésus: “Guru, Nabi Musa sampun damel prenatan kanggé kula sedaya mekaten: Samangsa wonten tiyang jaler ingkang pejah, nilar randha nanging mboten gadhah anak, sedhèrèkipun jaler tiyang ingkang pejah menika kedah mendhet randha wau dados sémahipun, supados nglestantunaken turuné sedhèrèkipun jaler ingkang sampun pejah wau.
12:20 Lah, samangké wonten tiyang jaler pitu sasedhèrèk. Ingkang mbajeng émah-émah, nanging lajeng pejah tanpa nilar anak.
12:21 Adhinipun lajeng mendhet randha wau dados sémahipun. Nanging piyambakipun ugi lajeng pejah tanpa nilar anak. Mekaten ugi lelampahanipun sedhèrèk ingkang nomer tiga, nomer sekawan ngantos dumugi pitu.
12:22 Tiyang-tiyang wau sedaya sampun naté sesémahan kaliyan tiyang èstri menika tanpa gadhah anak. Tiyang èstri wau akiripun inggih lajeng pejah.
12:23 Samenika pitakèn kula dhateng Panjenengan: ‘Mbénjing, ing mangsanipun tiyang pejah sami katangèkaken déning Gusti Allah, tiyang èstri wau badhé dados sémahipun sinten? Awit sedaya sedhèrèk jaler pitu wau sampun naté mendhet tiyang èstri wau dados sémahipun.’ ”
12:24 Gusti Yésus banjur ngandika: “Kowé kuwi klèru banget, awit padha ora ngerti surasané Kitab Suci, lan ora ngerti marang pangwasané Gusti Allah.
12:25 Sebab yèn wong mati mbésuk katangèkaké, wong-wong mau ora bakal omah-omah menèh, nanging bakal padha urip kaya malaékat ing swarga.
12:26 Lan bab tanginé wong mati, apa kowé ora tau maca Kitabé Nabi Musa, bab grumbul eri sing murub? Ing ayat-ayat mau ana tulisan, yèn Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: ‘Aku iki Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub!’
12:27 Apa Gusti Allah kuwi dudu Allahé wong urip? Kuwi ateges yèn wong sing ngabekti marang Gusti Allah kuwi wong-wong sing urip, dudu wong sing mati.”
12:28 Ana para ahli Torèt sing ngrungokaké wawancarané wong-wong Saduki karo Gusti Yésus kuwi. Para ahli Torèt mau ngarani, yèn ngandikané Gusti Yésus bener banget. Dhèwèké banjur matur marang Gusti Yésus: “Angger-angger ingkang wigatos piyambak menika ingkang pundi?”
12:29 Gusti Yésus ngandika: “Dhawuh sing gedhé dhéwé kuwi mengkéné: ‘Wong Israèl, padha rungokna! Ora ana Allah liyané kejaba mung Allah sing kita bektèni.
12:30 Kowé padha tresnaa marang Gusti Allah kanthi gemblenging atimu lan gemblenging jiwa ragamu, kanthi sakèhing kapinteranmu lan sakatoging kekuwatanmu.’
12:31 Déné dhawuh sing nomer loro: ‘Kowé padha tresnaa marang sapepadhamu kaya enggonmu tresna marang awakmu dhéwé.’ Ora ana angger-angger liyané menèh sing gedhéné ngungkuli angger-angger loro mau.”
12:32 Ahli Torèt mau banjur nyambungi: “Menika leres sanget. Kasinggihan menapa ingkang Panjenengan ngandikakaken. Ingkang jumeneng Allah mboten wonten sanèsipun kejawi Gusti Allah piyambak.
12:33 Lan manungsa kedah tresna dhateng Gusti Allah kanthi gemblenging manahipun, kanthi sekathahing pikiranipun, kanthi sakatoging kekiyatanipun, sarta tresna dhateng sesami kados enggènipun nresnani dhateng badanipun piyambak; menika langkung wigatos tinimbang ngurbanaken kéwan lan sanès-sanèsipun dhateng Gusti Allah.”
12:34 Saka wangsulané ahli Torèt mau Gusti Yésus pirsa yèn dhèwèké kuwi wong sing wicaksana. Mulané Gusti Yésus banjur ngandika: “Kowé wis wiwit nyandhak kepriyé carané dadi umat ing Kratoné Allah.” Sabanjuré ora ana menèh wong sing wani takon apa-apa marang Gusti Yésus.
12:35 Nalika Gusti Yésus memulang ana ing Pedalemané Allah, Panjenengané mundhut pirsa: “Kepriyé nalaré, kokpara ahli Torèt padha ngandhakaké, yèn Sang Kristus kuwi turuné Sang Prabu Dawud?
12:36 Mangka Sang Prabu Dawud dhéwé, kanthi panuntuné Roh Suci, ngandika: ‘Gusti Allah wis ngandika marang Gustiku: Lungguha ana ing tengen-Ku nganti Aku nelukaké mungsuh-mungsuhmu ana ing tlapakané sikilmu.’
12:37a Sang Prabu Dawud dhéwé nyebut Sang Kristus: ‘Gusti’, kepriyé déné Panjenengané kokturuné Sang Prabu Dawud?”
12:37b Wong akèh sing padha ana ing Pedalemané Allah mau padha seneng ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus.
12:38 Nalika Gusti Yésus mulang marang wong akèh mau, Panjenengané paring pitutur mengkéné: “Padha dingati-ati karo para ahli Torèt. Para ahli Torèt kuwi padha seneng nganggo jubah dawa, lan seneng diurmati déning wong ing pasar-pasar.
12:39 Ana ing papan-papan pangibadah lan ana ing pésta-pésta, senengé padha milih panggonan sing ngarep dhéwé.
12:40 Nanging wong-wong mau padha seneng mblithuki lan ngrampas omahé randha-randha, banjur padha éthok-éthok ndedonga kang suwé kanggo nutupi pialané. Wong-wong sing mengkono kuwi bakal abot paukumané!”
12:41 Nalika Gusti Yésus pinarak ing sangareping pethi pisungsung ing Pedalemané Allah, Panjenengané migatosaké wong-wong enggoné padha saos pisungsung. Akèh wong sugih-sugih sing padha saos pisungsung dhuwit akèh.
12:42 Banjur ana randha mlarat teka, nglebokaké dhuwit rong gobang, dhuwit sing cilik dhéwé ajiné.
12:43 Gusti Yésus banjur nimbali murid-muridé, sarta ngandika: “Kowé padha Dakkandhani: randha mlarat kuwi enggoné nglebokaké dhuwit ana ing pethi pisungsung luwih akèh tinimbang karo wong-wong liyané kabèh.
12:44 Sebab dhuwit sing padha dilebokaké ing pethi pisungsung mau saka kaluwihané. Nanging randha miskin kuwi wis nglebokaké dhuwité kabèh sing diduwèni, sing dibutuhaké kanggo nyambung uripé.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 41 Markus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s