Markus 2


2:1 Sawisé sawetara dina Gusti Yésus rawuh menèh ing kutha Kapèrnaum. Wong akèh padha krungu, yèn Panjenengané ana ing ndalem,
2:2 mula akèh wong sing padha teka mrono. Saking akèhé wong sing padha ngumpul ana ing kono, nganti ora ana panggonan sing sela. Malah ngarep lawang waé uga kebak wong. Gusti Yésus nuli mulangaké dhawuhé Gusti Allah.
2:3 Satengahé memulang, dumadakan ana wong lumpuh arep disowanaké. Wong mau digotong wong papat.
2:4 Nanging saking akèhé wong, wong lumpuh mau ora bisa digawa menyang ngarsané Gusti Yésus. Mulané wong-wong sing padha nggotong nuli padha mbukak payoning omah, pas sandhuwuré panggonan sing dilenggahi Gusti Yésus. Sawisé kuwi wong sing lumpuh mau nuli diudhunaké ana ing ngarsané Gusti Yésus, gumléthak ing peturon lambaran klasa. *lambaran klasa: karo klasané.*
2:5 Bareng Gusti Yésus mirsa gedhéning pengandelé wong-wong mau, Panjenengané nuli ngandika marang wong sing lumpuh mau: “Anak-Ku, dosa-dosamu wis diapura.”
2:6 Nalika semono ana para ahli Torèt sawetara sing uga padha lungguh ana ing kono. Wong-wong mau padha mbatin:
2:7 “Wong kuwi kokwani-waniné nyenyamah marang Gusti Allah kaya mengkono. Awit mung siji sing bisa ngapura dosa, yakuwi Gusti Allah piyambak!”
2:8 Sanalika iku uga Gusti Yésus pirsa apa sing dibatin déning para ahli Torèt mau. Mulané nuli ngandika: “Yagéné kowé padha duwé pikiran mengkono?
2:9 Luwih gampang endi, muni marang wong lumpuh iki ‘Dosamu wis diapura,’ karo muni ‘Tangia, peturonmu angkaten lan mlakua?’
2:10 Aku kepéngin nuduhaké marang kowé yèn Putraning Manungsa kwasa ngapura dosa ana ing bumi kéné.” Gusti Yésus nuli ngandika marang sing lumpuh mau,
2:11 “Dhawuh-Ku marang kowé, tangia, peturonmu angkaten lan muliha!”
2:12 Ana ing sangarepé wong akèh wong sing lumpuh mau ngadeg maknyat, ngangkat peturoné, banjur lunga. Wong kabèh padha kaéraman lan memuji marang Gusti Allah. Wong-wong mau padha muni: “Lelakon kaya ngéné iki kita durung tau ngalami.”
2:13 Sawisé lelakon mau Gusti Yésus tindak menèh menyang sapinggiring Tlaga Galiléa. Akèh wong sing padha marani. Gusti Yésus banjur mulang wong-wong mau.
2:14 Nalika lagi tindak Gusti Yésus pirsa pegawé pajeg, jenengé Lèwi anaké Alféus, lagi lungguh ana ing kantoré. Gusti Yésus nimbali wong mau: “Lèwi, mèlua Aku.” Lèwi nuli ngadeg lan ndhèrèk Gusti Yésus.
2:15 Sawisé kuwi Gusti Yésus diaturi dhahar ana ing omahé Lèwi. Nalika semana pinuju akèh pegawé pajeg lan wong-wong sing dianggep ala déning masarakat, padha ndhèrèkaké Gusti Yésus. Ing antarané wong-wong mau akèh sing mangan tunggal saméja karo Gusti Yésus lan para muridé.
2:16 Ana para ahli Torèt sawetara, saka golongané wong Farisi, weruh Gusti Yésus dhahar bebarengan karo pegawé pajeg lan wong-wong sing dianggep ala déning masarakat mau. Mulané para ahli Torèt mau nuli padha takon marang para muridé: “Yagéné Gurumu kokdhahar bebarengan karo pegawé pajeg lan wong-wong ala kuwi?”
2:17 Mireng pitakoné para ahli Torèt mau Gusti Yésus nuli ngandika: “Wong sing waras mono ora mbutuhaké dhokter; mung wong sing lara waé. Teka-Ku ora nimbali wong sampurna, nanging wong dosa.”
2:18 Nalika semono para muridé Nabi Yohanes Pembaptis lan para wong Farisi lagi padha pasa. Nuli ana wong sawetara padha sowan marang Gusti Yésus lan nyuwun pirsa: “Menapa sebabipun déné murid-muridipun Nabi Yohanes Pembaptis lan para muridipun tiyang Farisi sami siyam, nanging para murid Panjenengan kokmboten?”
2:19 Gusti Yésus ngandika: “Apa kowé tau tumon ana tamu ing panggonané wong mantu padha pasa? Sajroné pengantèn lanang isih nemoni tamuné, para tamu mesthi padha mangan.
2:20 Nanging samangsa pengantèn lanang mau dibedhol lan ninggal tamu-tamuné, lagi para tamu mau padha ora mangan.
2:21 Ora ana wong sing nambal klambi lawas nganggo bakal sing anyar. Awit saupama mengkono, bakal anyar kuwi malah bakal nyuwèkaké klambi sing lawas mau. Dadi suwèké malah saya amba.
2:22 Mengkono uga ora ana wong madhahi anggur anyar ana ing impes lulang sing wis lawas. Awit saupama mengkono, anggur anyar mau bakal ngrusakaké impes sing lawas. Temahan loro-loroné ora kanggo nggawé. Anggur anyar kuduné diwadhahi ing impes sing uga anyar!”
2:23 Pinuju dina Sabbat Gusti Yésus tindak ngliwati sawah gandum, kadhèrèkaké déning para sekabat. Para sekabat mau karo mlaku padha nyethuti wulèn gandum.
2:24 Wong-wong Farisi nuli padha matur marang Gusti Yésus: “Panjenengan pirsani, para sekabat Panjenengan sami nerak prenataning agami kita; sami nindakaken prekawis ingkang dipun awisi ing dinten Sabbat!”
2:25 Gusti Yésus ngandika: “Apa kowé durung tau maca bab apa sing ditindakaké déning Sénapati Dawud, nalika panjenengané lan para prejurité padha keluwèn, mangka ora duwé apa-apa sing kena dipangan?
2:26 Sénapati Dawud banjur mlebu ing Pedalemané Allah, lan dhahar roti cecaosan, sing mesthiné mung kena dipangan déning para imam thok. Nalika semono sing dadi Imam Agung Abyatar. Roti cecaosan mau didhahar, malah para prejurité uga diparingi.”
2:27 Gusti Yésus mbacutaké pangandikané: “Dina Sabbat kuwi gunané kanggo manungsa, ora kokmanungsa kanggo dina Sabbat.
2:28 Mula Putraning Manungsa kuwi uga kwasa ing ngatasé dina Sabbat.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 41 Markus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s