Markus 4


4:1 Gusti Yésus mulang wong-wong menèh ana ing sapinggiré Tlaga Galiléa. Akèh banget wong-wong sing padha ngrubung Panjenengané. Mulané Panjenengané kepeksa munggah ana ing prau, sing ana ing tlaga, lan wong akèh mau padha ngadeg ana ing gisik.
4:2 Akèh banget prekara-prekara sing diwulangaké déning Gusti Yésus marang wong-wong mau. Enggoné mulang nganggo pasemon-pasemon.
4:3 Pangandikané Gusti Yésus mengkéné: “Padha rungokna! Ana wong nyebar wiji.
4:4 Nalika nyebar mau ana wiji sing tiba ing pinggir dalan. Wiji mau nuli dicucuki manuk nganti entèk.
4:5 Wiji liyané ana sing tiba ing padhasan, sing lemahé tipis banget. Wiji mau pancèn gelis thukul,
4:6 nanging bareng srengéngéné wis dhuwur, wiji mau kepanasen, nuli alum lan dadi garing, merga oyodé ora jero lan lemahé mung sethithik.
4:7 Wiji liyané menèh tiba ing panggonan sing akèh eriné. Eriné iya thukul lan bareng eri mau saya gedhé, suwé-suwé banjur ngesuk wiji sing wis thukul mau, nganti wiji mau ora bisa metokaké woh.
4:8 Nanging uga ana wiji sing tiba ing lemah sing subur. Wiji mau thukul, dadi gedhé, nuli metokaké woh akèh: Ana sing tikel telung puluh, ana sing tikel sewidak, lan ana sing tikel satus.”
4:9 Gusti Yésus mungkasi pasemon mau srana ngandika: “Rungokna sing temenan, yèn kupingmu isih kena kanggo ngrungokaké!”
4:10 Nalika Gusti Yésus piyambakan, ana wong sawetara sing mèlu ngrungokaké pangandikané mau padha sowan, bebarengan karo para rasul rolas, padha nyuwun marang Gusti Yésus kersaa nerangaké karepé pasemon mau.
4:11 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: “Kowé wis padha diwulang bab wewadining Kratoné Allah, nanging tumrap wong-wong njaba, prekara kuwi diwulangaké nganggo pasemon.
4:12 Sing mengkono kuwi wis dadi kersané Gusti Allah, supaya: ‘Wong-wong mau senajan terus ndeleng, nanging ora weruh, terus ngrungokaké, nanging ora ngerti, sebab yèn wong-wong mau weruh lan ngerti, bisa uga wong mau nuli padha mratobat lan padha diapura dosané.’ ”
4:13 Gusti Yésus nuli ndangu marang wong-wong mau: “Menawa kowé padha ora ngerti isiné pasemon kuwi, apa kowé ngerti tegesé pasemon-pasemon liyané?
4:14 Wong nyebar kuwi ibaraté wong sing nyebaraké pangandikané Gusti Allah.
4:15 Ana kalané pangandika mau tiba ing pinggir-pinggir dalan. Kuwi ibaraté wong-wong sing padha ngrungu pangandika mau, nanging ora suwé Iblis nuli teka lan mbuwang pangandika sing dirungu mau saka atiné.
4:16 Wiji sing tiba ana ing padhasan kuwi ibaraté wong-wong sing padha krungu pangandika mau lan nampa klawan bungahing ati.
4:17 Nanging pangandika mau ora nganti ngoyod ana ing atiné. Mulané ora tahan suwé ana ing kono. Bareng ana panindhes lan panganiaya marang wong sing padha precaya marang pangandikané Gusti Allah mau, wong-wong kuwi banjur padha murtad.
4:18 Déné wiji sing tiba ana ing panggonan eri, kuwi ibaraté wong-wong sing padha ngrungokaké pangandika kuwi,
4:19 nanging dayané pangandika mau didhesek déning rasa kuwatir tumrap panguripan kadonyan. Sebab wong-wong mau padha kepéngin dadi wong sugih lan keburu nepsu tumrap prekara rupa-rupa, nganti pungkasané pangandikané Gusti Allah mau ora ndayani wong mau menèh, satemah pangandika kuwi ora metokaké woh.
4:20 Pangandika sing disebar ana ing tanah subur kuwi ibaraté wong-wong sing padha krungu, nuli nampani pangandika mau klawan precaya, satemah metu wohé, ana sing tikel telung puluh, ana sing tikel sewidak lan ana sing tikel satus.”
4:21 Gusti Yésus nglajengaké ngandika: “Apa ana wong sing nyumed lampu, nuli ditutupi tompo, utawa disèlèhaké ana ing longan? Apa lampu mau ora malah disèlèhaké ana ing ajug-ajug?
4:22 Sabarang kang kesidhem bakal kelair. Lan sabarang kang winadi bakal kawiyak.
4:23 Mulané rungokna sing temenan, yèn kupingmu isih bisa ngrungokaké.”
4:24 Pangandikané Gusti Yésus saterusé: “Titènana apa sing saiki kokrungu! Ukuran-ukuran sing kokenggo ngadili wong liya, ya ukuran kuwi sing diagem déning Gusti Allah kanggo ngadili kowé, malah luwih abot menèh!
4:25 Sapa sing duwé, bakal diwuwuhi, nanging sapa sing ora duwé, dalasan barang sethithik sing diduwèni kuwi bakal kapundhut.”
4:26 Gusti Yésus nglajengaké ngandika mengkéné: “Kratoné Allah kuwi kena diupamakaké kaya wong sing nyebar wiji ana ing pategalané.
4:27 Wong mau ing wayah wengi turu, ésuké tangi. Déné wiji-wiji mau thukul terus lan dadi gedhé. Nanging kepriyé carané wiji-wiji mau thukul, wong mau dhéwé ora ngerti.
4:28 Lemah kuwi dhéwé sing marakaké wiji mau thukul lan metu gandumé; sing dhisik dhéwé pucuké, banjur gagangé kembang; nuli wulèné.
4:29 Samangsa gandum mau wis tuwa, wong mau banjur ngenèni, awit wis tekan wayahé panèn.”
4:30 Gusti Yésus ndangu menèh: “Kratoné Allah kuwi kena diupamakaké apa? Apa sing kena kita enggo conto kanggo nerangaké?
4:31 Kratoné Allah kuwi kaya wiji sawi, wiji sing cilik dhéwé sajagad.
4:32 Menawa ditandur, nuli thukul lan dadi gedhé, ngungkuli tanduran-tanduran jejanganan liyané. Pang-pangé ketel, nganti manuk-manuk bisa padha méncok lan gawé susuh ana ing pang-pang mau.”
4:33 Mengkono Gusti Yésus enggoné mulangaké pangandikané Gusti Allah marang wong-wong, yakuwi ngagem pasemon, sing gampang dingertèni.
4:34 Gusti Yésus enggoné mulang wong-wong mesthi ngagem pasemon. Mung samangsa Panjenengané piyambakan karo para muridé, lagi kabèh piwulangé mau diterangaké.
4:35 Ing dina kuwi uga, bareng wis soré, Gusti Yésus ngandika marang para muridé: “Ayo padha menyang sabrangé tlaga.”
4:36 Gusti Yésus wis ana sajroning prau; para rasul nusul, banjur padha mangkat menyang sabrangé tlaga. Wong-wong liyané sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus padha ditinggal ana ing sapinggiring tlaga kono. Kejaba prau sing dititihi Gusti Yésus, isih ana prau-prau liyané.
4:37 Dumadakan ana prahara, njalari ombaké uga dadi gedhé, nganti banyuné ambyuk mlebu ing prau. Suwé-suwé prauné dadi kebak banyu.
4:38 Nalika semono Gusti Yésus lagi saré ana ing mburitan, ngagem bantal. Para murid banjur padha mungu, aturé: “Guru, menapa Panjenengan mboten menggalih? Kita sami badhé kèrem!”
4:39 Gusti Yésus banjur wungu; anginé didhawuhi: “Sirep!”, lan ombaké dingandikani: “Lerema!” Anginé banjur sirep, lan tlagané dadi lerem.
4:40 Gusti Yésus banjur ndangu marang para muridé: “Yagéné kowé padha wedi? Apa seprana-sepréné kowé durung precaya?”
4:41 Para rasul mau padha wedi, sarta padha takon-tinakon: “Sapa ta Panjenengané kuwi, kokdalasan angin lan ombak padha manut marang dhawuhé?”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 41 Markus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s